꧁ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦝꦪꦠ꧀ꦗꦠꦶ꧂
SERAT HIDAYAT JATI
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧑꧇ꦲꦤꦤꦶꦁꦢ꦳ꦠ꧀
꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦲꦫꦲꦤꦲꦥꦲꦥꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦮꦁ
ꦲꦸꦮꦸꦁꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦤꦱꦮꦶꦗꦶꦮꦶꦗꦶ꧈ꦏꦁꦲꦤꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦱꦼ
ꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶꦲꦁꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦢ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦲ
ꦩꦂꦡꦤꦶꦲꦶꦁꦄꦱ꧀ꦩꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦩꦿꦠꦟ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦶꦲꦶꦁꦄꦥ꧀ꦔꦭ꧀ꦆꦱꦸꦤ꧀
Wêjangan ke-1 Ananing Dat.
Sajatiné ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatiné kang maha suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧒꧇ꦮꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢ꦳ꦠ꧀
꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦏꦁꦲꦩꦸꦂꦨꦲꦩꦶꦰꦺꦱꦏꦁꦏꦮꦱꦲꦤꦶ
ꦠꦃꦲꦏꦺꦱꦮꦶꦗꦶꦮꦶꦗꦶ꧈ꦢꦢꦶꦱꦤꦭꦶꦏ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦟꦱꦏ
ꦏꦺꦴꦢꦿꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦸꦱ꧀ꦏꦚꦠꦤ꧀ꦥꦿꦠꦟ꧀ꦝ
ꦤꦶꦁꦄꦥ꧀ꦔꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦧꦼꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦆꦫꦢꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦏꦁꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦺꦏꦪꦸꦄꦫꦺꦤ꧀ꦱꦗꦫ
ꦠꦸꦭ꧀ꦪꦐꦶꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦄꦭꦩ꧀ꦔꦢꦩ꧀ꦩꦏ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦄꦗꦭꦶ
ꦄꦧꦝꦶ꧉ꦤꦸꦭꦶꦕꦃꦪꦲꦫꦤ꧀ꦤꦸꦂꦩꦸꦲ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀
ꦤꦸꦭꦶꦏꦕꦲꦫꦤ꧀ꦩꦶꦂꦲ꦳ꦠꦸꦭ꧀ꦏꦪꦻ꧈ꦤꦸꦭꦶꦚꦮꦲꦫꦤ꧀ꦫꦺꦴꦃ
ꦆꦭꦥꦶ꧈ꦤꦸꦭꦶꦢꦩꦂꦲꦫꦤ꧀ꦏꦟ꧀ꦝꦶꦭ꧀ ꦤꦸꦭꦶꦱꦼꦱꦺꦴꦠꦾꦲ
ꦫꦤ꧀ꦢꦫꦃ꧈ꦤꦸꦭꦶꦝꦶꦟ꧀ꦝꦶꦁꦗꦗꦭ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦏꦶꦗꦧ꧀ ꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁ
ꦏꦮꦫꦤꦤꦶꦁꦏꦭꦫꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
Wêjangan ke-2 Wahananing Dat.
sajatiné Ingsun dat kang amurba amiṣésa kang kawasa anitahaké sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratanḍaning apngalIngsun kang minangka bêbukaning iradatIngsun, kang dhingin Ingsun anitahaké kayu aran sajaratul yakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli ḍinḍng jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalaratIngsun.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧓꧇ꦏꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢ꦳ꦠ꧀
꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦶꦏꦸꦫꦃꦰꦤ꧀ꦤꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦫꦃ
ꦰꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦏꦫꦤꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦺꦄꦢꦩ꧀ꦱꦏ
ꦄꦤꦱꦶꦂꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫ꧈ꦧꦸꦩꦶ꧈ꦒꦼꦤꦶ꧈ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦧꦚꦸ꧉ꦲꦶꦏꦸ
ꦏꦁꦢꦢꦶꦏꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦤꦶꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦆꦁꦱꦸ
ꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦩꦸꦢꦃꦭꦶꦩꦁꦥꦿꦏꦫ꧈ꦟꦸꦂ꧈ꦫꦃꦰ꧈ꦫꦺꦴꦃ꧈ꦤꦥ꧀ꦰꦸ꧈
ꦧꦸꦢꦶ꧉ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦮꦫꦤꦤꦶꦁꦮꦗꦃꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧉
Wêjangan ke-3 Kahananing Dat.
Sajatiné manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahaké adam asal saka anasir patang prakara, bumi, gêni, angin, banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing wajah Ingsun kang maha suci.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧔꧇ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦠꦠꦩꦭꦶꦒ꧀ꦒꦺꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦠꦭ꧀ꦩꦏ꧀ꦩꦸꦂ꧈
꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦠꦩꦭꦶꦒ꧀ꦒꦺꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦺ
ꦠꦭ꧀ꦩꦏ꧀ꦩꦸꦂ꧈ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦩꦃꦲꦼꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦤꦱꦶꦫꦃꦲꦶꦁꦄꦢꦩ꧀ ꦏꦁꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦶꦫꦃꦲꦶꦏꦸ
ꦢꦶꦩꦏ꧀ ꦪꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦠꦼꦒ꧀ ꦏꦁꦲꦤꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺꦲꦸꦠꦼꦒ꧀ꦲꦶ
ꦏꦸꦩꦤꦶꦏ꧀ ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦩꦤꦶꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦧꦸꦢꦶ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦸꦢꦶ
ꦲꦶꦏꦸꦤꦥꦰꦸ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦤꦥꦰꦸꦲꦶꦏꦸꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁ
ꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦲꦶꦏꦸꦫꦃꦰ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦃꦰꦲꦶꦏꦸꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫ
ꦲꦤꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦔꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦢ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦤꦤꦤ꧀ꦗꦠꦶ꧉
Wêjangan
ke-4 Pambukaning tata maligé ing dalêm bétalmakmur.
sajatiné Ingsun anata maligé ana sajroning bétalmakmur, iku omah enggoning paraméyanIngsun, jumênêng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utêk, kang ana antaraning utêk iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangéran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kaanan jati.
sajatiné Ingsun anata maligé ana sajroning bétalmakmur, iku omah enggoning paraméyanIngsun, jumênêng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utêk, kang ana antaraning utêk iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangéran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kaanan jati.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧕꧇ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦠꦠꦩꦭꦶꦒ꧀ꦒꦺꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦠꦭ꧀ꦩꦸꦏꦂꦫꦺꦴꦩ꧀
꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦠꦩꦭꦶꦒ꧀ꦒꦺꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦺꦠꦭ꧀ꦩꦸ
ꦏꦂꦫꦺꦴꦩ꧀ ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦩꦃꦲꦼꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦭꦫꦁꦔꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦝꦝꦤꦶꦁꦄꦢꦩ꧀ ꦏꦁꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦝꦝꦲꦶ
ꦏꦸꦄꦠꦶ꧈ꦏꦁꦲꦤꦲꦤꦠꦫꦤꦶꦁꦄꦠꦶꦲꦶꦏꦸꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴ
ꦤꦶꦁꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁꦲꦶꦏꦸꦧꦸꦢꦶ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦸꦢꦶꦲꦶꦏꦸꦗꦶꦤꦼꦩ꧀ ꦗꦲꦶꦏꦸ
ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧈
ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦲꦶꦏꦸꦫꦃꦰ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦃꦰꦲꦶꦏꦸꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦔꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦏꦁꦲꦁꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦢ꧀ꦢꦶꦏꦲꦤꦤ꧀ꦗꦠꦶ
Wêjangan ke-5 Pambuka tata maligé ing dalêm bétalmukarram.
sajatiné Ingsun anata maligé sajroning bétalmukarram, iku omah ênggoning lalaranganIngsun, jumênêng ana ing ḍaḍaningg adam. Kang ana sajroning ḍaḍa iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinêm , yaiku angên-angên, sajroning angên-angên iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangéran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧖꧇ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦠꦠꦩꦭꦶꦒ꧀ꦒꦺꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦠꦭ꧀ꦩꦸꦏꦢꦱ꧀
꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦠꦩꦭꦶꦒ꧀ꦒꦺꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦺ
ꦠꦭ꧀ꦩꦸꦏꦢꦱ꧀ ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦩꦃꦲꦼꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦱꦸꦕꦺꦤ꧀ꦆꦁ
ꦱꦸꦤ꧀ ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦟ꧀ꦛꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶꦁꦄꦢꦩ꧀ ꦏꦁꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴ
ꦤꦶꦁꦏꦺꦴꦟ꧀ꦛꦺꦴꦭ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦿꦶꦱꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ ꦏꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁ
ꦥꦿꦶꦁꦱꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦤꦸꦠ꧀ꦥꦃ꧈ꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦤꦶ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦩꦤꦶꦲꦶ
ꦏꦸꦩꦢꦶ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦩꦢꦶꦲꦶꦏꦸꦮꦢꦶ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦮꦢꦶꦲꦶꦏꦸꦩ
ꦤꦶꦏꦼꦩ꧀ ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦩꦤꦶꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦫꦃꦰ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦃꦰ
ꦲꦶꦏꦸꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦔꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦏꦁꦲ
ꦔ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦢ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦗꦠꦶ꧈ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦤꦸꦏꦠ꧀ꦒꦆꦧ꧀ ꦠꦸꦩꦸ
ꦫꦸꦤ꧀ꦢꦢꦶꦗꦺꦴꦲꦂꦄꦮꦭ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦲꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦄꦭꦩ꧀ꦲ
ꦏꦢꦶꦪꦠ꧀ ꦮꦃꦢꦠ꧀ ꦮꦏꦶꦢꦶꦪꦠ꧀ ꦄꦭꦩ꧀ꦲꦂꦮꦃ꧈ꦄ
ꦭꦩ꧀ꦩꦶꦱꦭ꧀ ꦄꦭꦩ꧀ꦄꦗ꧀ꦱꦩ꧀ ꦄꦭꦩ꧀ꦆꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦩꦶꦭ꧀
ꦢꦢꦶꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦟꦲꦶꦏꦸꦱꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
Wêjangan ke-6 Pambuka tata maligé ing dalêm bétalmukadas.
sajatiné Ingsun anata maligé ana sajroning bétalmukadas, iku omah ênggoning pasucènIngsun, jumênêng ana ing konṭoling adam. Kang ana sajroning konṭol iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan ikku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikêm, sajroning manikrm iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangéran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumênêng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧗꧇ꦥꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤꦶꦁꦆꦩꦤ꧀꧈
꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦱꦠꦸꦲꦸꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲ
ꦔꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦭꦤ꧀ꦲꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦱꦠꦸꦲꦸꦤꦺꦩꦸꦲ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ꦲꦶꦏꦸ
ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
Wêjangan ke-7 Panêtêp santosaning iman.
Ingsun anêksèni satuhuné ora ana Pangéran anging Ingsun lan anêksèni Ingsun satuhuné muhammad iku utusan Ingsun.
꧋ꦮꦼꦗꦁꦔꦤ꧀꧇꧘꧇ꦱꦱꦲꦶꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
꧋ꦲꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦢ꦳ꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧈ꦱꦠꦸꦲꦸꦤꦺꦲꦫꦲꦤꦥꦔꦺ
ꦫꦤ꧀ꦲꦔꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦭꦤ꧀ꦲꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱ
ꦠꦸꦲꦸꦤꦺꦩꦸꦲ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦪꦱꦼ
ꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦤ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦏꦸꦧꦢꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦫꦱꦸ
ꦭ꧀ꦲꦶꦏꦸꦫꦃꦰꦟꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦩꦸꦲ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ꦲꦶꦏꦸꦕꦃꦪꦟꦶꦁꦢꦸꦤ꧀
ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦥꦠꦶ꧈ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦌꦭꦶꦁꦠ
ꦤ꧀ꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦭꦭꦶ꧈ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦭꦁꦒꦼꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦲꦺꦴꦮꦃ
ꦒꦶꦁꦱꦶꦂꦲꦶꦁꦏꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦗꦠꦶ꧈ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦮꦱ꧀ꦏꦶꦛ꧈ꦲꦺꦴꦫꦏꦱ
ꦩꦂꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦶꦗꦶꦮꦶꦗꦶ꧉ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦲꦩꦸꦂꦨꦲꦩꦶꦰꦱ꧈ꦏꦁ
ꦏꦮꦱꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦺꦴꦫꦏꦏꦸꦫꦁꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦏꦼꦂꦡꦶ꧈ꦧꦾꦂꦱ
ꦩ꧀ꦥꦸꦂꦟꦥꦝꦁꦠꦼꦫꦮꦁꦔꦤ꧀ ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦱꦲꦥꦲꦥ꧈
ꦲꦺꦴꦫꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦥꦲꦥ꧈ꦲꦩꦸꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦁꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦢ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁ
ꦄꦭꦩ꧀ꦏꦧꦺꦃꦏꦭꦮꦤ꧀ꦏꦺꦴꦢꦿꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦢꦺꦤꦶꦁ꧇ꦫ꧉ꦔꦨꦺꦲꦶꦬꦺꦴꦁꦒꦮꦂꦰꦶꦠ
Wêjangan ke-8 Sasahidan Ingsun.
anêksèni ing DatIngsun ḍéwé, satuhuné ora ana Pangéran anging Ingsun, lan anêksèni Ingsun satuhuné muhammad iku utusanIngsun. Iya sejatiné kan aran Allah iku badanIngsun, rasul iku rahsaNingsun, muhammad iku cahayaNingsun. Iya Ingsun kang urip tan kêna ing pati, iya Ingsun kang éling tan kêna ing lali, iya Ingsun kang langgêng ora kêna owah gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun kang waskiṭa, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba amiṣésa, kang kawasa wicaksana ora kekurangan ing pakêrṭi, byar sampurna paḍang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kodratIngsun.
Déning
:R Ngabèhi Ranggawarsita