Déwi Srênggana-Srênggini nyimpen ilmu sêjatining lanang-wadon

Jumat, 01 Maret 2013

Déwi Srênggana-Srênggini nyimpen ilmu sêjatining lanang-wadon
Déwi Srênggana dan Déwi Srênggini iku anaké kêmbar Rêsi Badawanganala ing pêrtapan Sumur Upas lan sisihané sing jênêngé Déwi Srunggagini. Ing jagad pêḍalangan putri loro kêmbar iki sinêbut Déwi Srêngganawati lan Dewi Srêngginiwati. Déwi Srêngganawati ḍaup lan Naluka, nurunaké Déwi Sritanjung. Déwi Srêngginiwati ḍaup lan Sahadéwa, nurunaké Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon ḍaupé Nakula Sahadéwa dicritakaké saka kawitan malih rumapé Baṭari Durga dadi Déwi Kunṭi.
Baṭari Durga sing njilma wujud Déwi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sêjatining lanang, sêjatining wadon kalawan Sahadéwa. Sawisé dibabar kabèh, Déwi Kunṭi dadèn-dadèn iku banjur njaluk sarêsmi kalawan Sahadéwa. Ananging Sahadéwa nampik pêpénginané Déwi Kunṭi dadèn-dadèn iku amarga kèlingan yèn Déwi Kunṭi iku ibuné. Déwi Kunti dadèn-dadèn têtêp mêksa pèngin sarêsmi kalawan Sahadéwa, ananging Sahadéwa milih mlayu ninggalaké. Déwi Kunti dadèn-dadèn banjur nyuwèk sanḍangané lan wadul marang Wêrkudara.
Bima dadi lan nêsuné nalika wêruh kaanané Déwi Kunṭi (dadèn-dadèn iku). Luwih-luwih sawisé ngêrti yèn suwèké sanḍangané iku amarga pokalé Sahadéwa. Tanpa suka kaloḍangan tumrap Sahadewa kanggo njlèntrèhaké apa sing kêdadèn satêmêné, Bima banjur ngajar Sahadéwa sakkatogé. Sahadéwa uga banjur diguwang ing Sumur Upas éngga nêmahi pati. Sawijining dina, Déwi Srênggana dan Déwi Srênggini ngimpi dadi sisihané ragile Panḍawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadéwa. Sahadewa sing ditêmokaké mati banjur diuripake manèh déning Rêsi Badawanganala.
Sawisé takon tinakokan kalawan Sahadéwa, Rêsi Badawanganala banjur nêmokaké Sahadéwa kalawan anaké wadon. Sahadewa arêp dijoḍokaké kalawan salah sijiné anaké kêmbar iku. Putri kêmbar anaké Badawanganala ora kabotan waton Sahadéwa bisa napsiraké ilmu sêjatining lanang, sêjatining wadon. Wusana Sahadéwa kasil nḍuḍah lan napsiraké ilmu kasêbut. Putri loro kêmbar iku déning Rêsi Badawanganala banjur dipasrahaké marang Sahadéwa, sabanjuré diboyong tumuju Amarta utawa Amêrta.
Satêkané ing Éndraprasta, Sahadéwa lan Nakula bisa malês tumindaké Déwi Kunti dadèn-dadèn lumantar pitulungané Sêmar. Déwi Kunṭi banjur badar manèh ing wujud sakawit, yaiku Baṭari Durga. Baṭari Durga banjur sumingkir tumuju Krêndayana ing pasétran Ganda Umayi utawa Gandamayit. Wusana, Déwi Srênggana utawa Sêngganawati ḍaup lan Nakula, déné Déwi Srênggini utawa Srêngginiwati têtêp dadi sisihané Sahadéwa.
Share this article :