Amiwiti lakuning carita, Nalika samana ing paséwakan agung nagara
Ngastina Sang Prabu Duryudana lagya kahaḍêp para sentana myang nayaka
kang tininḍihan Rêkyana Patih Sangkuni. Uga rawuh jroning parêpatan
Panḍita Sokalima Bagawan Drona, Naréndra Ngangga Sang Basukarna miwah
ingkang Rama Mara Sêpuh nênggih Naréndra Mandaraka Sang Prabu Salya.
Wusnya sauntara kèndêl datan ngandika, suwé- suwé Sang Nata alon
ngandika kang kaya-kaya mung wujud gumrêmêng ora katujokaké sapa-sapa.
Wosing gremengan anutuh dhiri ya gene Nagara Ngastina tansaya dina
tansaya katon surêm prabané, saya susut kuncarané, malah jroning ngasta
panguwasa minangka raja, sang Nata tansah binayangan rasa uwas lan
kuwatir sawanci-wanci bakal kalèngsèraké déning kahanan. Lan isih akèh
manèh pangunêg-unêgé sang Prabu kang kasok lumantar pangunandika kang
wujud grênêngan ijèn.
Sumurup kahanan kang kaya mangkono mau para
kang ana ing sitinggil paḍa kêḍèp-kêḍèpan sapaḍaning rowang, nanging
siji baé ora ana kang wani ngandika nanggapi panganandikané Sang Nata.
Amung bareng wus rada akèh kang kaucapaké déning sang Duryudana,
Naréndra Mandaraka dadi ilang sabaré tumuli ngandika mêḍot
panganandikané Prabu Duryudana :
“Nuwun sèwu Nggèr” ngêndikané Prabu
Salya klawan njêjêgagé lênggahé “Sadèrèngipun kèng Bapa nyuwun pangaksami
déné paripaksa matur tanpa kadangu déning Anak Prabu Duryudana, sapisan
malih pun bapa nyuwun pangapuntên lho nggèr!”.
“Ya jagad Dewa
baṭara, Rama Prabu” groyok èsmu kagèt Sang Suyudana gurawalan nanggapi
pangandikane Naréndra Mandaraka iku “mugi rama Prabu ingkang karsa
nglunturakên sih pangaksami ḍatêng ingkang putra, awit saking jibêg
saha bingunging manah kula satêmah kula babasan sampun ndêlêming ing
salêbêbting paséwakan, ḍuh rama Prabu kula nyuwun pangaksami saha
ngaturakên panuwun déné paduka sampun kaparêng paring pémut ḍumatêng
kula”.
“Inggih nggèr, botên dados punapa, botên langkung ḍawah
sami-sami” wangsulané Prabu Salya karo mèsêm “yêktosipun wontên punapa
ta nggèr? Punapa ingkang andadosaken panggalihanipun anak Prabu? mBok
inggih manawi botên ngêmu wawados ingkang mbêbayani yênta kauningan ing
liyan, bok inggiha kaparêng blaka ḍatêng pun Bapa nggèr”.
“Ḍuh
Rama Jimat pêpunḍèn kawula, èstunipun lingsêm jroning manah manawi
namung babagan makatên kémawon kêdah sambat ḍatêng pêpunḍèn, nanging
ganḍèng kêng putra ngrumaosi cubluk ing sasêrapan raos lingsêm kêdah
kula bucal sawatawis murih sagêd pajaring swasana”.
“Nuwun inggih nggèr, mangga énggala paring ḍawuh bok manawi kêng bapa sagêd atur pamrayogi”.
“Ngaturakên
sèwu gunging panuwun Rama Prabu, nanging ganḍèng ing mriki ugi rawuh
para nayaka myang pangêmbating praja sanèsipun, mugi Rama Prabu
kasakécakna nggèn paduka lênggah, kula baḍé wawan rêmbang kaliyan
para-para ingkang sami rawuh langkung rumiyin bok bilih ing mangké
wontên bab-bab ingkang kirang trêp mugi Rama Prabu ing Mandaraka karsaa
paring papajar”.
“Ha dala….. harak ya ngono bênêré, nggih nggèr mangga kêng Bapa baḍé mirêngakên wawan sabda paduka”.
“Paman Patih Harya Suman…….”.
“Kawula
wontên ḍawuh Sinuwun” atur wangsulané Patih Sangkuni karo nyêmbah
“Padukéndra paring sabda pun patik ing kapatihan sampun sawêga ing ḍiri
baḍé nampi dhawuh timbalan paduka Sri Naréndra”.
“Paman Harya iya,
mêsṭinê ndika ingkang lênggahipun paling cakêt kaliyan kula ndika
mêsṭi wus uninga apa kang ana ing panggalih manira”.
“Kawula nuwun
Sinuwun, lêpat mugi diagungna ing pangaksami paduka, pamirênging pun
patik ing kapatihan sakalangkung sampun kirang cêṭa labêt saking sampun
kaṭahing umur, awit saking punika ajrih salêbêting manah tumrap kula
manawi baḍé damêl dudutan mênggah pangandikan paduka ingkang namung
capêt-capêt kula pirêng, inggih awit saking punika mugi kaparênga
Kanjêng Sinuwun keparêng paring ḍawuh malih ingkang cêṭa wondéné kula
baḍé mirêngakên sadaya ḍawuh pangandika paduka nggèr anak Prabu”.
“Paman Harya, samêngko diagé piyarsakna manira arsa paring pangandika”.
Kèndêl
sauntara Sang Prabu Suyudana, amung nétrané mubêng mirsani kabèh kang
mapan anèng sitinggil , pranyata kabèh paḍa tumungkul nunggu-nunggu apa
kang bakal kaḍawuhake déning Sri Naréndra. Mongkog jroning tyas sang
Suyudana déné kabèh maksih paḍa migatèkaké marang kawibawané minangka
naréndra kang gung binaṭara.
“Paman Patih Harya Suman” wasana bali
paring sabda Sang Naranata “mesṭiné paman uning kahanan sajroning praja
Ngastina kari-kari iki, cêṭané wusing klakon Para Panḍawa babat alas
Wanamarta, sing mauné nalika bocah-bocah Panḍawa buḍal miwiti babat
alas, paman ngandika jaré Panḍawa mesṭi bakal bali mung kari aran
kabaḍog angkrring Wanamarta, nanging pranyata pangirané si Paman kang
wus kadung kabacut diprêcaya déning kabèh kadang Korawa babar pisan ora
nyata. Malah kapara prasasat mung sakêḍèping nétra Wanamarta kang
mauné wujud alas gung liwang –liwung samêngko wus dadi kuṭa kang rêja
kinêpung pasawahan lan pakêbonan kang subur, nganti ngungkuli kaénḍahan
sarta kasuburaning bumi Ngastina. Kang mangkono mau aran ora nggumunaké
yèn akèh para kawula Ngastina kang milih paḍa rangkat buḍal mênyang
Ngamarta milih mapan lan omah-omah ing kuṭa anyar iku. Kang mangkono
iku, yèn ditêrus-têrusaké ora mokal lamun saya dina kawibawan Ngastina
bakal ngalih mênyang Ngamarta lan iku atêgês bakal angucêmaké
asmaningsun minangka Ratu ing bumi Ngastina iki”.
Kèndêl manèh sang
Suyudana nggone ngandika, malah banjur unjal ambêgan lanḍung lan nétra
nrawang adoh mbuh mênyang ngêndi parané arahing pandulu. nDilu kang
mangkono mau Patih Sangkuni banjur nyêmbah karo matur anoraga :
“Ḍuh Sinuwun, lêpat nyuwun pangapuntên kaparênga kêng abdi matur”.
“Paman Patih arêp matur apa?”
“Pétangan
kula rikala samantên pranyata mlèsèt, punika botên awit saking
klintuning pétang, nanging namung inggih awit saking juligipun para
Panḍawa. Liripun, miturut pétang kula nalika samantên Panḍawa babat
Wanamarta atêgês baḍé abên ajêng kaliyan para lêlêmbat ingkang
mBaurêksa saha angaḍaton ing Wanamarta. Manawi nitik konḍangipun para
Panḍawa punika satriya ingkang prawira mangka tan wurunga baḍé pêrang
tangkêp jaja kantaran bau kaliyan para ingkang angḍaton ing ngriku,
lan manawi kalampahan makatên tamtu Panḍawa baḍé lêbur tanpa dadi.
Nanging, gandheng pranyata Pandhawa punika julik, para-para ingkang mbau
rêksa Wanamarta kabujuk lan kabaliṭuk mawi têmbung manis saêemah Para
Gandarwa myang para Drubiksa ingkang maksih ajiwa lugu, kapilut déning
pambujukipun para Panḍawa têmah botên ganggu damêl malah kapara sami
rêréncang anggènipun Para panḍawa babat wanamarta lan kasêmbadan yasa
Kaḍaton saha damêl kuṭa ingkang kados samangké punika. Nanging, prêlu
kauningan bilih anggènipun Para Panḍawa sagêd yasa kraton saha mBangun
kiṭa punika botên awit kaprawiran nanging wohing laku culika”.
“Dadi kaya mangkono Paman?”.
“Kawula
nuwun inggih Sinuwun” atur wangsulané Sangkuni karo rada ngingêr
lungguhé “botên namung dugi samantên kajulikanipun para Panḍawa,
lumantar para bok bakul para Panḍawa nyêbar wara-wara ḍatêng kawula
ing Ngastina, ingkang ngabarakên bilih Ngamarta punika papan ingkang
gêmah ripah mila kaṭah para kawula Ngastina ingkang kapincut pawarta
ngayawara kasebat têmah sami milih rangkat ngalih ḍatêng Ngamarta kados
ingkang Paduka ḍawuhaken ing ngajêng”.
“Jagad Dewa Baṭara, sabanjuré kapiyé Paman?”.
“Nuwun
Inggih Sinuwun, ganḍèng têtéla cêṭa bilih para Kadang Paduka Para
Panḍawa punika saèstu julik lan kajulikanipun sampun adamêl
kapitunaning kawibawan Padukéndra, punika kêdah kaptrapan pidana ingkang
murwat timbang kaliyan kapitunan ingkang sampun Paduka sanḍang”.
“Ya
Jagad Dewa Baṭara” ngandika sarwi nggêgêt waja Prabu Suyudana dupi
miḍangêt aturé Patih Sangkuni “Nyata yèn Panḍawa tan wêruh ing
kabêcikan, bisa yasa kaḍaton ing Ngamarta iku harak awit saka
kamurahané Rama Adipati Ḍêstrarastra kang wus ngaparêngaké Panḍawa babat Wanamarta, éwa samono ora ngèlingi kabêcikan kang ditampa malah
ambudidaya murih ringkihé Nagara Ngastina…..hm….hm”.
“Nuwun sèwu
Nggèr” Prabu Salya kang mauné kèndêl baé dumadakan sumêla atur “punapa
sakintênipun kêng Bapa kaparêngakên matur ing ngarsa Paduka Anak Prabu
ingkang magêpokan kaliyan ḍawuh paduka miwah aturipun Sang Rêkyana
Patih Sangkuni?”.
“Mangga Rama Prabu, kula aturi Paring ḍawuh” wangsulané Prabu Duryudana.
“Inggih
nggèr, inggih sadèrèngipun kêng Bapa Nyuwun pangapuntên, awit bok
bilih atur kula mangké têbih kaliyan pamanggihipun Patih Sangkuni
minggahipun kaliyan pamangggih paduka anak Prabu” Prabu Salya njêjêgaké
lênggahé tumuli nêrusaké pangandikané “miturut warta ingkang kula tampi
saha kasunyatan ingkang sampun kalampahan, Panḍawa anggènipun sagêd babat Wanamarta lan yasa Kaḍaton ingkang sakalangkung éndah, mangun
kiṭa ingkang kaliwat rêja, punika botên awit kajulikanipun, nanging
awit kaprawiranipun para kadang-kadang Paduka Para Panḍawa ingkang
linanḍêsan kandêling panêmbah ḍumatêng Gusti Ingkang Maha Agung,
kawiyosaken kaliyan pakarti lampah utami têmah para Gandarwa myang para
Drubiksa ingkang suwaunipun nêdya baḍé ganggu damêl ḍumatêng lêkasipun
Parapanḍawa, rumaos kasoran ing rèh kautamèn satêmah para
têtungguling Para Gandarwa lan Drubiksa ingkang tininḍihan Prabu
Yuḍistira sami nyêngkuyung lêkasing para Panḍawa malah kaapara kaparêng
nunggal sajiwa kaliyan para Panḍawa”.
“Kok saged makaten Rama?”.
“Inggih
nggèr, lakar kasunyatanipun makatên, manawi lêrês aturipun Patih
Sangkuni yèn Panḍawa julik èsmu licik, mokal para Gandarwa lan para
Drubiksa purun nunggal sajiwa kaliyan Para Panḍawa awit nadyan Para
Gandarwa punika kalêbêt badan alus nanging tansah gandrung kaliyan
lampah utami. Salajêngipun Nggèr, mila lêrês ḍawuh paduka nggèr anak
Prabu lêkasipun para Panḍawa babat Wanamarta punika mila awit saking
palilah saha ḍawuhipun kêng rama Adipati Ḍrêstrarastra, nanging mugi
kaémutan anggènipun kêng rama kaparêng paring palilah saha ḍawuh murih
Panêawa yasa kaḍaton ing Wanamarta punika inggih awit kanggé
nglêstantunakên Paduka anggār jumênêng Nata ing purayagung Ngastina
punika, paduka mêsṭi émut bilih saupami Panḍawa botên kakintên sampun
kobong rikala sêsukan ing Balé sigala-gala tamtu ingkang kawisuda
minangka Prabu Anom ing Ngastina mêsṭinipun sanès Paduka nggèr anak
Prabu, nanging Anak Prabu Darmakusuma”.
BAMBANG KUMALASÊKTI (2)
“Lajêng karsanipun Rama Prabu Kadospundi?”.
“Kula
kintên kanggé mangsulakên kawibawan dalêm Anggèr Sinuwun, sampun
ngantos Paduka nggêga aturipun Patih Sangkuni ingkang tansah namung
madosi awoning para Pandhawa, nanging langkung prayogi manawi Paduka
kersa niru lekasipun para Pandhawa ingkang tansah nengenaken lampah
utami, rinten lan dalu tansah mbudidaya murih wewah raharjaning para
kawula”.
Kumlanthang pindha slaka tiba ing pajubinan pangandikane
Narendra Mandaraka kang asung pamrayoga marang ingkang putra mantu.
Dhasar pangandikan kang diucapake kebak pitutur luhur, kang ngucapake
tuhu Narendra kang sinung kawibawan, mula wus gawe tintriming kahanan.
Resi Drona myang Narpati Ngawangga katon manggut-manggut angalembana
sarta banget nayogyani marang iguh lan pratikele Narendra Mandaraka.
Patih Sangkuni myang Prabu Kurupati nadyan ing penggalih babar pisan ora
kasdu nampa pamrayogane Prabu Salya, nanging bawane kalah perbawa,
sakecap datan bisa ngunggahi rembug . Temah pasamuwan dadi sepi tintrim
tan ana suwara apa-apa, temah mlebu wetune napas kang padha ambegan
padha keprungu cetha.
Nanging kahanan kang tintrim iku dumadakan dadi
kosek, awit ing paseban jaba ana gara-gara, Gajah Antipura ingon-ingon
praja Ngastina kang yegtine isih kaprenah turune Prabu Gajahoya, kang
yegtine wus dadi pusaka pangreksane Dhampar Keprabon lenggahane Narendra
Ngastina, ngobrak-abrik kang padha seba lakune ngener tumuju sitinggil.
Para prajurit lan para wira kang sumurup kahanan kang kaya mangkono iku
gya maju yasa barisan arsa ngendheg lakune Gajah Antipura. Nanging
lekase para prajurit lan para wira, pranyata gawe nesune gajah Pusaka
iku, mula para kang nyedhak mesthi banjur tinrajang wani dadi mawut
gelaring baris akeh para wira lan prajurit kang nandhang kanin. Terus
maju Gajah Antipura ngener pernahe Prabu Suyudana. Prayitna Adipati
Ngawangga, gya mencolot ngadhang lakune Antipura, nanging during nganti
sapanginang suwene ratu Ngawangga iku wus nglumpruk babak bundhas kanggo
dolanan Gajah Antipura, temah ngalumpruk tanpa daya.
nDulu kahanan
kang nganeh-anehi mangkono iku, Begawan Drona gya sedahakep saluku juga
ngeningake cipta, nyawijekne cipta, rasa, budi lan karya, nyoba nyambung
lan rasane Gajah Antipura. Eloking kahanan, Gajah Antipura kang maune
sajak nesu mau dumadakan banjur katon aring, ngadeg jejer nyawang
pernahe Resi Kumbayana. Lan luwih elok maneh, nalika dumadakan Gajah iku
tumuli bisa tata jalma tan prabeda lan manungsa
“Heh Resi Drona,
Prabu Salya, Ratu Ngangga sarta Raden Duryudana” pangucape Gajah
Antipura karo netra manther nyawang pernahe dhampar papan lenggahe Prabu
Suyudana “padha sumurupa, temene ngono nggonku teka ing papan iki awit
saka ora kuwate atiku ngempet ndulu lelakon kang ora samesthine kelakon
ing sitinggil praja Ngastina iki”.
“Lole-lole…….soma lole soma rante,
hong tete, siwah buja, bujane buja darma, darmane darma rahayu, ”
Begawan Drona sumaur nanggapi ucape Gajah Antipura “mengko dhisik
Antipura, jeneng sira ngarani ing sitinggil praja Ngastina ana lelakon
kang ora samesthine iki mapan ana ing ngendi? Coba kandhakna kanthi
trawaca!”.
“Sang Begawan” wangsulane Antipura sajak disareh-sarehake
“Pantes yen ndika durung uninga iya labet andika kalebu durung pirsa
sejarah sarta wewadine sitinggil Ngastina iki. Sumurupa Sang Resi,
dhampar keprabon kang minangka papan palenggahane Narendra Ngastina iku
dadi rereksanku wiwit jaman Sinuwun Prabu Parasara maksih sugeng sawuse
leluhurku Prabu Gajahoya manunggal klawan Prabu Parasara. Nalika samana
Prabu Parasara paring paweling marang jeneng ingsun supaya njaga
kawibawane dhampar dhenta, lire ora saben manungsa kalilan nglungguhi
dhampar dhenta iku kajaba kang wenang lan kasinungan wahyu kraton praja
Ngastina. Kamangka sasurute Prabu Pandhu wahyu Kraton Ngastina durung
kepareng manunggal marang sapa-sapa wae. Samengko lha kok Si Suyudana
wani lanyo-lanyo nglungguhi dhampar dhenta, kang mangkono iku cetha yen
Duryudana wus tumindak kang murang tata……..”.
“Mengko dhisik
Antipura” Begawan Drona sumela “Sira mesthine uga pana, sapa lan apa
jejere Anak Prabu Suyudana ing nagara Ngastina, sasurute Gustiku Prabu
Pandhu kang nilar para putra kang durung diwasa, kanggo ngreksa murih
tetep lumakune reh paprentahan praja Ngastina, para pepundhen lan para
sepuh jejed-jejeging praja Ngastina wus kepareng miji Sinuwun
Dhretrarastra kinen ngasta pusaraning adil nagara Ngastina, sanadyan
nuwun sewu Gusti Dhrestrarastra kasinungan cacat ing paningal, samengko
gandheng putra dalem Sri Dhretrarastra kang pambayun ya Anak Prabu
Duryudana wis diwasa, mangka ora aran luput yen Anak Prabu Duryudana
nyulihi ingkang rama ngayahi wajib paring pangayoman marang para kawula
ing Ngastina iki”.
“Begawan Drona, yen apa kang ndika ngendikakne
kuwi kabeh jumbuh kalawan kang samesthine, mangka ora ana barang kang
luput. Kuciwane, apa kang andika dhawuhake iku mau kabeh mung bener
aneng tatacara, lire kang lumaku adoh klawan kang tinulis, ketitik mokal
yen andika ora pirsa, Adipati Dhrestrarastra iku mung dhapur ratu wakil
lan nalika Raden Jakapitana winisuda nalika samana uga mung dhapur
Prabu Anom utawa Prabu wakil, nanging ya gene Prabu Anom Jakapitana
banjur kumawani nglenggahi dhampar dhenta pusaka tilarane Sawargi Prabu
Parasara ? Mula dina iki uga Prabu Duryudana kudu mudhun saka dhampar,
lan salawase ora kepareng nglungguhi dhampar pusaka nagara Ngastina. Yen
Prabu Anom Jakapitana kersa nggugu ucapku mangka bakal rahayu sugenge,
nanging yen ora nggugu padha titenana ana kedadeyan apa sapungkurku saka
papan iki? Wis Sang Resi, mongsa bodhowa nggon ndika nuturi siswa-siswa
ndika, aku bakal lunga ngupadi sapa kang pantes lan wenang nglenggahi
dhampar dhenta praja Ngastina iki”.
Tanpa ngenteni wangsulan Gajah Antipura tumuli lunga ninggalne pasewakan.
Kabeh
kaya wong kamitenggengen, krungu tembung-tembung sing diucapne Gajah
Antipura, malah nalika Gajah Pusaka iku lunga ninggalne papan kono,
kabeh mung bisa nyawang tanpa ana kang bisa saulu, kalebu Begawan Drona
kang mau dadi lawan rembugane Gajah Antipura. Nanging dumadakan
pasewakan bali kosek maneh, awit tan weruh sangkan paraning bilahi
dumadakan ana gebyaring kilat kesusul jumedhering suwara bledheg kang
nyamber Prabu Suyudana, temah Sang Prabu kontal mencelat saka dhampar
kang den lenggahi. Para kang padha seba gurawalan atur pangupakara,
wusnya sauntara wus pulih kahanane Prabu Suyudana. Bali kepengin
nglenggahi dhampar dhenta, nanging eloking kahanan saben-saben lagi arep
mapan lenggah mesthi keplorot, cocok karo apa kang diucapne Gajah
Antipura sadurunge lunga mau. Mula para sesepuh, kalebu Prabu Salya lan
Begawan Drona gya mrayogakake supaya Prabu Duryudana ora nglenggahi
dhampar dhenta iku dhisik. Minangka gantine wus ana dhampar liya kang
dipapanake ing sacedhake Dhampar Pusaka, yaiku dhampar palenggahane
Adipati Dhrestrarastra dhuk jumeneng minangka Prabu Wakil Nagara
Ngastina.
Lagi wae Prabu Duryudana mapan lenggah ing dhampar
palenggahane Prabu Wakil, dumadakan ana pawongan kang miyak kang lagi
padha seba bablas munggah sitinggil. Kang mangkono mau ora mokal lamun
wus ndadekne Prabu Suyudana kejot ing penggalih. Mula ora sranta tumuli
manabda ndangu kang lagya prapta :
“Ya Jagad Dewa Bathara, iki dina
kok manira nemoni lelakon kang nganeh-anehi, wusing katekan kewan kang
murang tata, saiki ana paraga kang ora duwe duga. Tanpa palilahingsun
wus wani munggah ing sitinggil praja Ngastina. Mangko dhisik heh paraga
kang nembe prapta, yen nyawang sandhang panganggomu mesthine sira iku
kalebu golonganing para satriya, nanging ya gene sira kumawani ninggal
suba sita miwah tatakramane wong kang lagya mratamu, sira iku sapa lan
ngendi mungguh sangkan dunungmu?”.
“Iya ta iya, heh punggawa kang
mapanake dhiri minangka pangwasa Ngastina, sepisan aku njaluk
pangapuramu dene aku ora nyebut andika kanthi sebutan Prabu Suyudana,
Awit ora samesthine ndika nganggo sebutan Prabu, ndika ngono mung sak
drajate Prabu Anom kang bisane lungguh awit saka kegedhening rasa
percayane sudarmamu marang pangojok-ojok sarta culika para kang mung
manembah marang hawa-nafsune wae. Kaping pindho, aku iki teka ora ijen
nanging karo para sedulurku kang ngranti ana jaba kana, aku iki embane
ngono meh padha karo andika, yaiku wong-wong sing kepengin mukti lan
kuwasa nanging durung antuk papan kanggo mukti lan lan kanggo kuwasa,
mula aku ya padha andika aku nyebut jenengku kanthi sesebutan Prabu,
yaiku Prabu Rengganisura. Kaping telune, tekaku ing papan iki, kaya sing
tak ucapne ing ngarep aku butuh dadi ratu lan butuh mukti, mula aku
kepengin Mukti lan Kuwasa ing Negara Ngastina kene, nggenteni
kalenggahan andika minangka Prabu wakil, mung wae aku ora bakal suwe
nglungguhi Prabu wakil, mengko yen sing kagungan wis kepareng jumeneng
praja Ngastina bakal tak pasrahake lan aku trima dadi abdi kang setya
marang Narendra kang wenang nglenggahi dhampar keprabon Negara
Ngastina”.
Pindha sinamber gelap luput tinubruk ing mong tuna, Prabu
Suyudana krungu ucape tamu kang aran Prabu Rengganisura kang banget
ngabangake kuping mau. Saupama tekane tamu kang kanggep murang tata iku
ora mbrancuh-mbrancuh klawan anane lelakon tindake Gajah Antipura kaya
mau, kira-kira ora nganti kaya iki judhege Prabu Suyudana. Mula Prabu
Suyudana mung bisa legeg-legeg, sakecap datan bisa ngandika, mung wajane
gathik kemrutug swarane, wadane mbrabak abang kaya kembang wura-wari
abang, meh sadhepa papan sakiwa tengene Prabu Suyudana krasa kaya umub,
panas sumelet, mracihnani lamun Sang Suyudana temen-temen lagi ngempet
dukane.
BAMBANG KUMALASEKTI (3)
JAYA BAYA 30 MINGGU IV MARET 2013.
nDulu
kahan kang kaya mangkana, kanggo ngreksa katentremaning sitihinggil
Prabu Salya tanpa sranta gya ngendika kanthi suwara kang
disareh-sarehake :
“Mangko ta Ki Sanak Prabu Rengganisura,
ditepungake wae aku iki kalebu kulawangsangne para Pandhawa uga Para
Kurawa, jejulukku Prabu Salyapati Mandaraka negaraku. Kanggo mangsuli
apa kang ndika aturake ing ngarsane Anak Prabu Suyudana iku mau, Ingsun
kepareng asung wangsulan marang ndika, sing wangsulanku mengko mesthi
disarujuki dening Anak Prabu Kurupati”.
“Ngaturaken sewu gunging
panuwun Sinuwun” wangsulane Prabu Rengganisura banget anoraga, beda karo
nalika rembugan marang Prabu Suyudana mau “manawi makaten mugi Sinuwun
Prabu Salya ingkang tuhu Narendra gung wicaksana, kepareng enggal paring
pepajar dhumateng kula, murih kula sakadang saged enggal tata-tata
punapa ingkang kedah badhe kula lampahi”.
“Prabu Rengganisura iya”
wangsulane Prabu Salya sansaya sareh awit dayane tembunge Prabu
Rengganisura kang anoraga “supaya luwih cetha dhawuh kawicaksanan saka
Prabu Suyudana ndika sakadang dak aturi nunggu ing tapel watesing kutha
sisih lor, mengko bakal ana cundhaka kang bakal ngaturake wangsulan kang
cetha marang Prabu Rengganisura lan kadang-kadange”.
“Terang trawaca
dhawuh paduka Sang Madraspati, samangke kaparenga kula ngrantu rawuhing
cundhaka ing tapel watesing kitha sisih ler, boten langkung kula nyuwun
tambahing pangestu”. Prabu Rengganisura marang Prabu Salya lan tabik
marang liyane, terus balik ninggalake sitinggil Ngastina.
Sapungkure
Prabu Rengganisura, Prabu Suyudana tanpa ngucap apa-apa mlorot saka
palenggahan mrepegi palenggahanne Prabu Salya nubruk ingkang Rama
Marasepuh, ungkep-ungkep aneng pangkon muwun sesenggrukan. Kang padha
sumurup dadi bingung, malah siji loro ana kang katut melu sesenggrukan
ana uga kang melu nangis gero-gero. Prabu Karna kang padatan pidegsa lan
tatag ngadhepi kehing perkara kang remit, suprandene ing wektu iku
katon melu alum ponang netra melu kekembeng waspa. Patih Sangkuni
sentrap-sentrup tanpa guneman apa-apa, Raden Kartawarma wus lali marang
pakaryane minangka panyitraning pasewakan, dlancang kang isi seratan wis
ora kena kawaca awit kebanjiran luh kang tan kena binendung wetune.
Mung Pandhita Drona kang kendel, nutup socane, lathi umak-umik kahiring
obahing driji muter tesbehe, jroning cipta nyuwun pituduh marang Hyang
Latahuljiwa. Prabu Salya banjur alon-alon ngangkat astane Prabu Suyudana
katuntun bali marang papan palenggahane kanthi sinartan sabda pitutur
murih pajaring swasana :
“Dhuh Anak Prabu, keng Bapa babar pisan
boten maiben manawi Paduka angger sanget sungkawa wor raos jibeg ingkang
tanpa upami, inggih labet wontening prakawis ingkang aeng lan
matumpa-tumpa punika. Nanging, gandheng Paduka punika trahing kusuma
rembesing madu, turasing andana-warih, tedhaking wong maratapa, langkung
malih Paduka punika saka guru miwah pangayomaning para kawula dasih
ingkang ngaup ing sangandhaping langit Ngastinapura, pramila lekas
paduka angger muwun kados kala wau tuhu babar pisan boten prayogi.
Sadaya prakawis ingkang angel boten ateges boten saged dipun udhari,
sadaya prakawis ingkang awrat boten kedah dipun tegesi boten kiyat dipun
angkat. Sampun, samangke Paduka lerem sawantawis nulya dipuna rembag
sareng-sareng kaliyan para parampara myang kadang Santana Ngastina
kanthi alon-alon lan ngatos-atos, kula pitados mesthi badhe wonten
dudutan ingkang saged kinarya ngudhari ruwet-renteng ingkang nembe
nutupi langit praja Ngastina wekdal punika”.
Wusnya ngandika mangkana
Prabu Salya bali mapan lenggah ing papane sakawit, kang nuli ditututi
klawan sambat sebute Prabu Suyudana :
“Rama Prabu Paduka Dewa kula
ing madya-pada punika, Samanten awratipun lelampahan ingkang kedah kula
sandhang, upamia boten wonten paduka Rama Prabu pasti sampun kukud
jagadipun Prabu Duryudana. Gandheng paduka ingkang langkung kathah
manggih prakawis ing salamining sugeng paduka, kula suwun paduka ingkang
miwiti paring rerigen ing babagan punika, nembe ing mangke Kakang
Narpati Basukarna, Bapa Durna miwah Paman Sangkuni ugi kula suwun paring
eguh pratikel ingkang magepokan kaliyan petenging swasana punika”.
“Inggih
ngger, saderengipun keng Bapa nyuwun pangaksami, ingkang badhe kula
aturaken mangke namung dhapur pamanggih kula pribadi, pramila inggih
saged katampi lan saged ugi boten. Wondene pamanggih kula nuwun inggih
makaten : manawi kula gagas punapa ingkang dados pangucapipun Gajah
Antipura sarta tembungipun Rengganisura punika kala wau, wosipun sami.
Inggih punika sami-sami boten sarujuk manawi Paduka Angger Anak Prabu
ingkang jumeneng nata ing praja Ngastina punika. Namung bentenipun,
manawi Gajah Antipura boten gadhah melik ngendhih kalenggahan Paduka
minangka Prabu wakil , kosok wangsulipun manawi Prabu Rengganisura,
kajawi boten rujuk manawi Paduka jumeneng Nata ing Ngastina, ugi boten
rujuk manawi kalenggahan Prabu Wakil kaasta dening paduka ngger Anak
Prabu. Manawi nitik kawontenan saha clereting paningal, nyata manawi
Rengganisura ketingal lamun satriya ingkang nggadhahi kalangkungan ing
reh kanuragan. Awit saking punika ngger, pun Bapa nggadhahi pamrayogi
ngiras pantes ngrantos wangsulipun Gajah Antipura, prayogi manawi angger
sinuwun mangun kekadangan kaliyan Rengganisura, kalilanana Rengganisura
sakadang ndherek mukti ing Ngastina kaparingana kalenggahan minangka
wakil Paduka Angger Anak Prabu, dene manawi Gajah Antipura sampun
wangsul lan saged nganthi Nalendra ingkang wenang jumeneng nata ing
Ngastina, kaparenga angger sinuwun kula dherekaken kondur dhateng
Mandaraka, mugi kalenggahana dhampar keprabon Mandaraka kalenggahana,
pun Bapa badhe lengser kaprabon madeg pandhita nulad lekasipun keng
eyang Maharsi Wiyasa”.
“Samanten soking katresnan paduka Rama Prabu
dhumateng kula” atur wangsulane Prabu Duryudana “sanaosa dhawuh paduka
samendhang datan wonten ingkang karempit sadaya kula nalar boten wonten
cedhaninipun, nanging nyuwun pangapunten rama dhawuh paduka badhe kula
jumbuhaken kaliyan rerigenipun para pepundhen sanesipun langkung
rumiyin”.
“Inggih ngger boten dados punapa, malah kula kinten langkung prayogi makaten”.
“Manawi rerigen paduka kados pundi bapa Begawan ing Sukalima?”.
“O
Lole…lole, soma lole Hong tete siwah buja, bujane buja darmane darma
rahayu” wangsulane Begawan Drona, kang durung wae atur panemu wis disaut
dening Patih Sangkuni karo gumuyu klecon :
“Sebute kok diganti ngono? Gek kulakan teka ngendi sebut anyar iki?”
“Adhi Suni ki ngomong apa? Ngregon-regoni nggonku arep munjuk atur ing ngersa dalem wae……” wangsulane Begawan Durna sengol.
“Jane
ngono ya ora niat arep regon-regon, bareng krungu tembung sebute wae
wis ora kaya padatan, kapeksa ora bisa ngampet, mung nek sajake mung
arep menggaris bawahi dhawuh pangandikane Sinuwun Mandaraka harak luwih
becik ora usah ndadak nganggo sebut sing dawa-dawa, cukup kula ndherek
punapa ingkang sampun kadhawuhaken keng Rama ing Mandaraka…….”
“Paman
Sengkuni menenga dhisik, sira durung Ingsun keparengake udhu panemu”
Prabu Suyudana ngendika karo mencereng “mangga Bapa Drona kalajengna
anggen paduka badhe ngandika”.
“O, inggih ngger, nyuwun pangapunten
awit pun Bapa klecon kaliyan tiyang agung ing kepatihan punika, Ngaten
inggih ngger , manawi kula mirengaken dhawuh pangandikanipun Sinuwun ing
Mandaraka sadaya boten wonten ingkang lepat, namung mugi kaemutan bilih
yegtosipun taksih wonten ingkang paling pana ing babagan
uda-negaranipun praja Ngastina punika, nuwun inggih panjenenganipun sang
Mahatma Bisma inggih Sang Maharsi Dewa Brata ingkang ing titi
kalenggahan punika nembe murca saking Pratapan Talkandha. Awit saking
punika, kangge ngudhari reruweting prakawis punika prayogi kasumenekna
sawantawis, mangke manawi Sang Maharsi Bisma sampun timbul, sadaya
tartamtu badhe dados wangsul padhang lan gamblang”.
JAYA BAYA 31 MINGGU V Maret 2013
BAMBANG KUMALA SEKTI (4)
dening : Ibnu Marwah.
“Lajeng
kangge paring wangsulan dhateng si Rengganisura, punapa ingkang kedah
kula lampahi bapa?, mangka boten ateges kula miris, nanging punapa
sakintenipun kadang sata kurawa kuwawa manawi wonten krodhanipun
Rengganisura sakadang?”.
“Kawula Nuwun, yayi Prabu” narpati Ngawangga
kang wiwit mau mung kendel dumadakan nyaru wuwus “manawi nitik glagat
ingkang kula raos, lekasipun Prabu Rengganisura ingkang nedya damel
dadakan pasulayan punika tartamtu sampun langkung rumiyin nata
kekiyatan, nanging sampun Paduka yayi Prabu kagungan raos uwas, pun
kakang sagah minangka bebantening praja Ngastina kangge ngluhuraken asma
paduka Yayi Prabu. Awit saking punika kaparengna pun kakang nganti para
wira Ngastina badhe nundhung Rengganisura saking bumi Ngastina punika”.
“Adhuh
kakang Narpati pangayoman kula” wangsulane Prabu Duryudana kanthi
suwara monggkog mratandhani lagi kalegan jroning penggalih awit
pangandikane narpati Ngawangga “dhawuh paduka ingkang makaten kala wau
ingkang tansah kula anti-anti, samangke borong kasugenganing praja
Ngastina kula pasrahaken dhumateng paduka kakang Narpati, makaten ugi
babagan katundhung, kabanda utawi kaperjayanipun Rengganisura sakadang
ugi dados wewenang paduka sawetahipun”.
“Trawaca dhawuh paduka yayi
Prabu, samangke kaparengna pun kakang nyuwun pamit daya-daya nindakaken
wajib mugi-mugi sageda lebda ing karya”. Narpati Ngawangga pamit banjur
budhal arep nindakake wajib minangka senopati bebetenging nagara.
Sabanjure wis ora akeh bab-bab kang dirembug, pasewakan uga banjur
bubaran, kabeh padha tata-tata arep nindakne gaweyane dhewe-dhewe. Dene
Narendra Mandaraka, Prabu Salya uga banjur tata-tata arep kondur mring
Mandaraka. Sigeg.
Gantya mbaleni caritane Prabu Rengganisura kang
ngenteni wangsulan ing tepis wiring lor praja Ngastina. Milih papan kang
rada bawera, pranyata Prabu Rengganisura kajaba kadherekne kadang telu,
siji kang raka sing jejuluk Arya Rengganipati, loro ingkang ari yeku
Raden Jangkarsamodra lan Raden Wirakusuma, uga kadherekne para wadyabala
jangkep lan para wira lan nayaka, kaya dene Patih Prabandaru, Parampara
Sang Begawan Sapuangin lan isih akeh maneh yekti tan kena kawilang
siji-siji. Manekawarna prajurit pandhereke Sang Prabu Reggganisura, ana
prajurit manungsa wantah, ana kang rupa raseksa lan ana maneh bala
Bacingah yeku setengah manungsa setengah yaksa. Nadyanta mangkono
wadyabalane Prabu Rengganisura nyata wus luhur amerdi budaya, katitik
kabeh katon guyup lan rukun ing ngendi-endi tansah nggedhekne rasa
pasaduluran marang sok sapaa wae, mula tan nggumunake lamun tekane
prajurit lan barisan saka manca iku ora agawe kekesing lan koseking para
kawula Ngastina, malah kepara suwalike akeh nekakne rejeki marang para
kawula Ngastina.
Ing papan kang rada bawera iku Sang Prabu
Rengganisura yasa Pasanggrahan prasaja kanggo lerem lan para pandherek
sasuwene ngranti wangsulan saka Prabu Suyudana. Nalika samana mapan ing
tengahing pasanggrahan Prabu Rengganisura lagya lenggah sajagong kalawan
para kadang myang Paramparaning Negara Begawan Sapuangin sarta Patih
Prabandaru. Ora ana prakara liya kang dadi pirembugan kajaba anggone wis
sawantara nunggu wangsulan saka Prabu Suyudana suprandene durung
teka-teka.
“Kakangmas” dhawuh pangandikane Prabu Rengganisura
katujokne ingkang raka Arya Rengganipati “wusing sawatawis karanti
parandene wangsulan saking Prabu Suyudana maksa dereng wonten, punika
ndadosaken ing salebet manah kraos boten sakeca, miturut pamawas paduka
Kakangmas saenipun kados pundi?”.
“Yayi Prabu” wangsulane Arya
Rengganipati karo mesem “pangrasane yayi Prabu tak kira ora beda klawan
pangrasane pun Kakang, yaiku jroning dhadha ana rasa kusung-kusung semu
kemrungsung, pancen wis dadi adat kang kalumrah aboting pangrasa iku ora
kaya rasane wong kang lagi ngenteni. Nanging yayi Prabu, ing nguni
nalikane si adhi adu arep klawan Prabu Suyudana ing nguni, katone piye
tanggapane Prabu Suyudana jroning nampa rawuh sarta pangandikane si
Adhi? Lha, kanthi tanggap iki mau bisa kena kanggo titikan mungguh apa
kang mengkone bakal kelakon”.
“Nuwun inggih kakangmas” wangsulane
Prabu Rengganisura “nalika samanten Prabu Suyudana katingal kejot, lan
duka yayah sinipi suprandene boten kawedal klimahipun dhumateng kula.
Malah ingkang paring wangsulan supados kula ngrantu wonten mriki punika
nuwun inggih Narendra Mandaraka Prabu Salyapati ingkang nanggel bilih
dhawuhipun mesthi kasarujukan dening Prabu Suyudana”.
“Yen mangkono,
yekti kena digrayahi yen kang dumadi mengko katone bakal perang, awit
tangeh para Kurawa nglilakne nglepeh kamukten tumrap nagara Ngastina.
Yen mung kudu perang wae, pun kakang seneng-seneng wae malah kepara
luwih cepet bisa ngrampungi Kurawa pun kakang bakal luwih seneng,
nanging kapan? Apa timbang kesuwen ngenteni ing papan kene iki, apa ora
ora luwih becik yen awake dhewe sing ngangseg mlebu kutha dhimas?”.
“Kakang
Arya kula aturi sabar sawatawis, cobi kados pundi pamanggihipun Siwa
Begawan Sapuangin ingkang langkung pana ing babagan punika. Kados pundi
Wa Begawan manawi miturut pamanggih paduka Wa Begawan Sapuangin?”
“Inggih,
ngger miturut keng wa, prayogi karantia sawatawis dene manawi karanti
boten wonten karampunganipun boten wonten awonipun manawi awakipun
piyambak ingkang ngangseg dhateng kitharaja, nanging sampun ngantos
damel rerisak minggahipun damel pisakit dhateng kawula alit”.
“Inggih
wa, tuhu wicaksana ingkang Wa Begawan dhawuhaken……..” Prabu
Rengganisura wurung nerusake pangandikane awit saka kadohan keprungu
suwarane surak-surak ambata rubuh saut-sutan kalayan suwrane tambur
myang terompet tengaraning yuda.
“Kakang Arya midhanget suwanten punapa punika?” Prabu Rengganisura ndangu keng raka.
“Iya
yayi, iki harak suwarane wadya budhal mring payudan? Katone iki
minangka wangsulane Prabu Suyudana marang awake dhewe yayi, mula apa ora
luwih prayoga dipapagake wae?”.
“Inggih Kakangmas, mangga kula dherekaken mapag dugining wadya Ngastina ingkang badhe ngajak gojegan mawi siyunge Bathara Kala”.
Mangka sigra budhal Prabu Rengganisura sapendhereke arep mapag tekane wadya Ngastina kang wus komplit klawan pirantining perang.
Paprangan
antarane Prabu Rengganisura sawadya lumawan para Kurawa wis ora kena
diendhani maneh. Ananging ora mangan wektu suwe, awit nyata yen Prabu
Rengganisura sakadang satriya kang wudu ing tanding, sekti mandraguna
kang sugih guna kaluwihan. mBaka siji tetunggule para Kurawa wus dadi
bandan lan kagiring mlebu pakunjaran Negara Ngastina. Kocapa Prabu
Suyudana kang kari ana kadhaton, sakala kejot bareng nyumurupi kabeh
gegedhuging praja Ngastina wus kinunjara. Sakala duka yayah sinipi,
Prabu Rengganisura linabrak wani. Nanging paksa tan mangga puliha,
bebasan ora nganti sapanginang Prabu Suyudana uga wis klakon dadi bandan
kaglandhang mlebu pakunjaran nusul para sedulur lan andel-andele. Mung
Patih Sangkuni kang bisa lolos ninggalne payudan, jroning cipta arsa
minta sraya lan pangayoman marang para Pandhawa ing praja Ngamarta.
Pandhita Drona babar pisan ora disikara dening Prabu Rengganisura, malah
tetep kalenggahake minangka tetuwaning para paranpara.
“Dhuh Sang
Begawan Drona” pangandikane Prabu Rengganisura kang wus lenggah ing
pendhapa praja Ngastina “paduka kula aturi pitados, bilih kula sakadang
wadya punika boten badhe damel rerisak ing Praja Ngastina lan ugi boten
badhe ngrebat panguwaos kalenggahane Prabu Duryudana”.
“Inggih
sinuwun” wangsulane Begawan Drona, kang sinusul pitakon “lha kanthi
sampun dadosing lelampahan kados punika, lajeng kersa paduka kados
pundi?”.
“Sang Panembahan mesthinipun sampun pana menggah sedya kula,
kados ingkang sampun kula aturaken dhuk rikala kula minggah sitinggil
nalika samanten, nuwun inggih kula kepengin dhampar keprabon nagari
Ngastina sageda kalenggahan dening ingkang nggadhuh wahyu kraton ingkang
saestu”.
“Nuwun inggih ngger, salajengipun kados pundi menggah tata rakit lumampahing paprentahan nagari Ngastina?”.
“Babar
pisan boten wonten ewah-ewahan, kajawi namung ingkang manggen ing
pusering praja Panembahan. Ugi babagan kayuwananing tamansari nenggih
kasugenganipun Ratu Banowati lan para putri boten badhe wonten ingkang
kumawantun angganggu kasugenganipun, para wira badhe amageri taman
kangge njagi kawibawanipun para putri”.
Sinigeg kang ana praja
Ngastina, gantya mbaleni critane Gajah Antipura kang ninggal praja
Ngastina arsa ngupadi paraga kang bakal kalenggahake ing dhampar
keprabon Negara Ngastina. Nalika samana lakune Gajah Antisura wus teka
papan pacandhene para leluhure, gya leren sawantara ing kono tumuli
mangun Samadhi nyenyuwun pituduhe Hyang Suksma Kawekas kudu menyang
ngendi nggone ngupadi lan nganggo cara apa supaya bisa manggih kang
wenang kalenggahake ing dhampar keprabon Praja Ngastina. Wusnya
sawantara maneges marang pangwasane Bathara, mangka pituduhing Hyang
Suksma wus katampa yaiku rupa sanepa dhawuh supaya Gajah Antipura
puruita marang Resi Hangganasura kang madhepok ing pratapan
Punthukpundhen, ing telenging alas Kaniyasa. Wusnya nampa pituduh kang
mangkono mau daya-daya Gajah Antipura budhal. Sigeg.