sĕrat babad dipanagaran

Jumat, 14 Februari 2020

 ꧁ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦧꦧꦢ꧀ꦢꦶꦥꦤꦼꦓꦫꦤ꧀꧂

 

꧃ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦏꦩꦭ꧀ꦩꦺꦴꦁꦏꦧꦸꦧꦸꦏꦏꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ

 

ꦟꦫꦫꦗꦏꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦥ꧀ꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦪꦺ꧈ꦏ꧈ꦠ꧈

 

ꦱꦁꦮꦶꦫꦱ꧀ꦠꦶꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦤꦼꦓꦫꦤꦸꦁꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸ

 

ꦤ꧀ꦱꦽꦢ꧀ꦢꦩꦺꦚꦼꦠ꧀ꦠꦶꦭꦏ꧀ꦗꦤ꧀ꦥꦿꦶꦧꦢꦶ

 

ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦺꦉꦩ꧀ꦩꦶꦫꦫꦶꦁꦫꦺꦃꦲꦶꦁꦄꦒꦩ

 

꧃ ꦟ꧀ꦢꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦺꦪꦁꦧꦸꦪꦸꦢ꧀ꦢꦶꦗꦼꦁꦫꦡꦸꦄꦒꦼꦁꦮꦶꦤꦂꦟꦶ


ꦝꦼꦝꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦠꦼꦒꦭ꧀ꦉꦗꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀


ꦩꦫꦁꦫꦺꦃꦲꦶꦁꦄꦒꦩꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦢꦾꦂꦰꦔꦗꦺꦴꦩ꧀ꦩꦶ


ꦱꦢꦪꦤꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦏꦁꦠꦾꦱ꧀ꦫꦲꦂꦗ


꧃ꦧꦪꦮꦸꦱ꧀ꦏꦂꦰꦤꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦤꦼꦓꦫꦶ


ꦏꦼꦢꦃꦩꦸꦩꦸꦂꦫꦶꦏꦁꦌꦪꦁꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦩꦥꦤ꧀ꦏꦂꦰꦤꦺꦏꦶ


ꦏꦉꦩ꧀ꦩꦫꦁꦄꦒꦩꦶꦢꦢꦾꦱꦸꦭꦪꦥꦸꦤꦶꦏꦸ


ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦌꦪꦁꦗꦼꦁꦱꦸꦭ꧀ꦡꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦨꦸꦮꦤ


ꦢꦢꦾꦲꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦤꦺꦏꦶ


ꦩꦸꦁꦒꦉꦧꦼꦒ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦁꦩꦼꦰ꧀ꦛꦶꦲꦤ


꧃ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦼꦢꦃꦩꦼꦏ꧀ꦱꦔꦭꦥ꧀ꦢꦺꦴꦱꦲꦒꦼꦁ

ꦲꦶꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦠꦤꦥꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦶꦢꦂꦩꦶ
ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦩꦸꦁꦄꦒꦩꦶꦏꦉꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦩꦁꦏꦤꦠꦼꦒꦭ꧀ꦲꦂꦗꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦸꦏ꧀ꦏꦁꦌꦪꦁꦱ꧀ꦮꦂꦓꦶ
ꦏꦁꦔꦶꦧꦢꦃꦠꦤꦥꦶꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ
꧃ꦩꦶꦮꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦮꦔꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀
ꦱꦢꦪꦲꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦭꦶꦤ꧀
ꦏꦁꦗꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦩꦤꦶꦫ
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦭꦭꦤꦲꦶꦏꦶ
ꦤꦼꦁꦱꦶꦃꦯꦾꦺꦃꦔꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀ꦫꦃꦏꦶꦩ꧀
 ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦤꦺꦁꦥꦿꦗꦒꦸꦁ
ꦥꦁꦔꦿꦤ꧀ꦢꦶꦥꦤꦼꦓꦫ
ꦢꦢꦾꦲꦤꦩꦏꦏꦭꦶꦃ
ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦱ꧀ꦮꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦢꦱꦮꦂꦰ
꧃ ꦤꦩꦸꦁꦥꦼꦏꦶꦂꦏꦉꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦚ
ꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶ
ꦩꦁꦏꦤꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦁꦢꦿꦶꦪ
ꦲꦶꦁꦱꦶꦪꦁꦏꦭꦮꦤ꧀ꦫꦠꦿꦶ
ꦱꦥꦶꦫꦤꦺꦁꦢꦸꦚ꧀ꦗꦺꦏꦶ
ꦢꦢꦾꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦩꦫꦻꦒ꧀ꦥꦸꦂꦨꦤꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ
ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦔꦫꦭ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃ
ꦲꦱꦿꦶꦁꦏꦺꦔꦶꦁꦒꦶꦤꦺꦴꦝꦮꦤꦺꦴꦢꦾ  
꧃ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦭꦲꦔꦼꦠ꧀ꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦫ
ꦩꦫꦁꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦸꦩꦢꦶ
ꦤꦸꦭ꧀ꦗꦏꦺꦱꦃꦲꦭꦭꦤ
ꦲꦚ꧀ꦗꦗꦃꦱꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦩꦰ꧀ꦗꦶꦢ꧀
ꦲꦥꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦿꦶ
ꦏꦁꦏꦛꦃꦏꦛꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦩꦠꦶꦫꦒ
ꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦏꦁꦱꦂꦮꦒꦻꦧ꧀
ꦩꦂꦩꦤꦶꦫꦲꦮꦶꦱ꧀ꦏꦁꦗꦤ꧀ꦩꦲꦸꦤꦶꦔ
꧃ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦢꦼꦔꦔꦤ꧀
ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦱꦤ꧀ꦠꦿꦶ
ꦯꦾꦺꦃꦢꦸꦫꦃꦏꦶꦩ꧀ꦤꦸꦭ꧀ꦪꦏꦺꦱꦃ
ꦤꦩꦸꦁꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦏꦉꦩꦼꦤ꧀ꦤꦶ
ꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦭꦶꦠ꧀
ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦱꦩꦾꦤꦶꦰ꧀ꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦤꦺꦁꦥꦩꦺꦴꦟ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀
ꦩꦂꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦭꦶꦃꦔꦭꦶꦃ
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦥꦱꦤ꧀ꦠꦿꦺꦤ꧀ꦔꦭꦶꦃꦩꦿꦶꦁꦮꦤ
꧃ꦒꦸꦤꦸꦁꦗꦸꦫꦁꦥꦫꦁꦒꦸꦮ
ꦠꦽꦏꦝꦁꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦱꦶꦂ
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀
ꦔꦸꦗꦭꦠ꧀ꦒꦸꦮꦏꦁꦱꦼꦥꦶ
ꦩꦁꦏꦤꦏꦁꦮꦶꦤꦂꦟꦶ
ꦲꦤꦺꦁꦱꦺꦴꦂꦏꦩꦭ꧀ꦥꦤꦸꦗꦸ
ꦯꦾꦺꦃꦢꦸꦭ꧀ꦫꦃꦏꦶꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ
ꦊꦁꦒꦃꦤꦺꦁꦗꦿꦺꦴꦒꦸꦮꦱꦼꦥꦶ
ꦭꦶꦁꦱꦶꦂ   
9. Gunung djurang parang guwa trëkadang urut pasisir kalamun wulan Ramëlan ngudjalat guwa kang sëpi mangkana kang winarni aneng Sor Kamal panudju Seh Durahkim punika lënggah neng djro guwa sëpi lingsir dalu tjoba ning Hjang nulja prapta.


Sêrat Babad Dipanêgaran

1. Ron kamal mongka bubuka
baku ning sëdya ngluluri kakarangan ing Nararja kang kontap satanah Djawi je ka ta Sang Wirasti Pangran Dipanagara nung, denira sampun srëdda mengëti lakjan pribadi, wiwit kerëmira ring reh ing agama.

2. Derek ejang-bujutira Djëng Ratu Agëng winarni dëdëkah ing Tëgalardja surud ing bujut lëstari neng Tëgalardja maksih Pangeran sangsaja mungkul marang reh ing agama: kang sinëdyarsa ngajomi sadaja ning kawula kang tyas raharja.  

3. Baja wus karsa ning Suksma Pangeran Dipanagari këdah mumuri kang ejangbujut mapan karsaneki karëm marang agami dadya sulaja puniku lan kang ejang Djëng Sultan Hamengkubuwana II dadya awis sowaneki mung garëbëg punika kang mësti ana.

4. Suprandene këdah mëksa ngalap dosa agëng iki saking djrih datëng kang ejang tanapi datëng sudarmi nanging ing tyas pribadi mung agami karëmipun mangkana Tëgalardja langkung duk kang ejang swargi kang ibadah tanapi katah ing tijang.

5. Miwah ingkang wawangunan sadaja apan wus salin Kangdjëng Pangran namanira lamun alalana iki nënggih Seh Ngabdurahkim kalamun aneng pradja gung Pangran Dipanagara dadya anama kakalih ingkang juswa sampun kalih dasa warsa.

6. Namung pëkir karëmanja wau ingkang denlampahi mangkana tjiptaning drija ing sijang kalawan ratri sapira neng dunjeki dadya karëm ing tyasipun maraiig Purba Ning Suksma nanging sipat ngaral maksih asring kenging ginoda datëng wanodya.

7. Jen kala engët tyasira marang wëkasan dumadi nul ja kesah alalana andjadjah sagung ing masdjid apan nunggal lan santri kang katah-katah puniku langkung amati raga angagëm kang sarwa gaib marmanira awis kang djanma uninga.

8. Lamun iku kadëngangan dumatëng guru ning santri Seh Durahkim nul ja kesah namung kang denkarëmëni tunggal lan santri alit lan kang samja nistanipun lamun neng pamondokan marmanipun ngalih-ngalih jen wus bosën pasantren ngalih mring wana.

9. Gunung djurang parang guwa trëkadang urut pasisir kalamun wulan Ramëlan ngudjalat guwa kang sëpi mangkana kang winarni aneng Sor Kamal panudju Seh Durahkim punika lënggah neng djro guwa sëpi lingsir dalu tjoba ning Hjang nulja prapta.

10. Kalangkung awarna-warna tjoba ingkang andatëngi Seh Ngabdurahkim samana wus tan darbe tingal kalih namung marang Hjang Widdi tjoba wus musna sadarum nulja ana kang prapta djumënëng ngarsanireki djanma prija tjahjanja sa wang purnama.

11. Awasta Hjang Djatimulja sajëktinja Sunan Kali Seh Ngabdurahkim samana tjëngëng denira ningali nulja ngandika aris eh Ngabdurahkim sireku wus pinasti Hjang Suksma lamun sira iku bendjing dadi Ratu Ngerang-erang nuli musna.

12. Samusnanja Sang Pandita pungun-pungun Ngabdurahkim kalangkung gëgëtunira dene tan ngantos ngabëkti endjing nulja lumaris lampahnja andjudjur gunung tan ngetang pringga baja sarira wus tan katolih kang kaesti amung sihira Hjang Suksma.

13. Nusup-nusup lampahira mudun djurang munggah ngardi tan ana ingkang sinëdya langkung wujung ing tyasneki lamun sajah lumaris sare sagen-ënggenipun samana sampun prapta ing Bëngkung Seh Ngabdurahkim ladjëng kendël ngantos angsal pitung dina.

14. Seh Ngabdurahkim was tëdak dumatëng masdjid Magiri pan arsa salat Djumungah apanudju samja prapti sagung kang djuru kuntji pan arsa salat sadarum kagjat samja tumingal tanpa ngling mring Gustinéki pan kumrubut samja tur salam sadaja.

15. Sabakdanira Djumungah sagung ingkang djuru kuntji apan samja ladjëng kurmat ing sagada’h-gadahneki dadya njare sawëngi neng masdjid Djimatan iku endjing anulja pangkat Seh Ngabdurahkim lumaris turut Iepen ika ladjëng munggah ngarga.

16. Prapta ing Guwa Siluman ladjëng anjare sawëngi endjingnja nulja lumampah nut irah-irah [arah-arah?] ing ardi samana sampun prapti Seh Ngabdurahkim puniku Guwa Sagala-gala anulja dipunlëbëti kalih dalu njare neng Sagala-gala.

17. Endjing anulja lumampah ladjëng andëdër kang wukir Guwa Langse. kang sinëdja dirgama wus tan kaesti samana sampun prapti Guwa Langse lampahipun Seh Ngabdurahkim nulja nengriku amati ragi awatara neng guwa satëngah tjondra.

18. Ngëningakën ingkang tjipta wus sirna sagung kaeksi Seh Ngabdurahkim samana mung kantun rumëkseng urip urip rumëkseng diri diri wangsul urip sampun kang urip kaja-kaja sampun tan këna wiharni. kawarnaha ingkang ngadaton samodra.

19. Djëng Ratu Kidul was prapta neng ngarsa Seh Ngabdurahkim mapan padang djro ning guwa nging Djëng Ratu wus udani lamun Seh Ngabdurahkim lagi suwung tjiptanipun datan kenging ginoda dadya umatur ubanggi lamun bendjing tëkeng mongsa bade prapta.

20. Nanging Seh Ngabdurahkim mijarsa datan ningali Ratu Kidul sampun musna mangkana Seh Ngabdurahkim wus utjul tingalneki man tuk bongsarijahipun endjing nulja tumëdak dumatëng Parang Taritis ladjëng siram anjare Parang Kusuma.

21. Pitëkur sesenden sela lajap-lajap duk mijarsi suwara mapan mangkana efh hja ta Seh Ngabdurahkim ngaliha araneki Ngabdulkamit ta sireku lan maneh ingsun warah kurang tëlung taun iki ing bubrahe ija nagara Ngajogja.

22. Apan wus karsa ning Suksma wiwit bubrah Tanah Djawi ija iku tëlung warsa lamun sira iku bendjing apan ija pinasti dadi lalakon ing besuk ingsun aweh pratonda marang sira Ngabdurahkim panah Sarotama iki siranggowa.

23. Lan maneh wëwëkas ingwang lawan sira Ngabdulkamit lah poma sira denjitna lamun luput iku bendjing ramanira tan dadi ananging ta wëkas ingsun Ngabdulkamit mring sira jwa gëlëm sira kinardi ja Pangeran Dipati marang Walonda.

24. Mapan wus pasti duraka nanging ta ramanireki Ngabdulkamit djaganana ënggone djumënëng Adji tan ana malih-malih mung sira sarananipun mapan iku tan dawa namung kinarja luluri Ngabdulkamit wus poma sira muliha.

25. Bjar wungu padang tingalnja tan ana djanma kang angling ladjëng tumëngeng gagana wontën tjumlorot lir tatit tiba ngarsanireki tumantjëb ing sela iku nënggih Ki Sarotama sigra pinundut tumuli bjar rahina Seh Ngabdulkamit lumampah.

26. Kinandut Ki Sarotama pan ladjëng urut gigisik kendël ana ing Sawangan sakëdap nulja lumaris prapta Lipura iki ing Sela Gilang puniku njare sadulu nulja endjing pan ladjëng lumaris prapteng Guwa Sëtjang kendël Djëng Pangeran.

27. Anjare sadalu ika endjing pan ladjëng lumaris kondur marang Tëgalardja samana pan sampun prapti ladjëng denbusanani Ki Sarotama puniku rineka tjundrik ika.
Share this article :