suluk wujil

Rabu, 05 Januari 2022

(1). dyan waṙṇnanĕn sira ta pun wujil, amatur sirèᶇ saṅadinira, ratu wahdat paṅérané, sumuṅkĕmanèᶇ ḷĕbu, tĕlapakan saᶇ maha muni, saṅaḍĕkahiᶇ bénaᶇ, maṅké yatur bĕndu, sawitnya nĕḍa jinaṙwwan, sapratiṅkahiṅagama kaᶇ sinĕlir, tĕka hiᶇ rahsa puṙbba. 

(2). sadaśa waṙṣa sira pun wujil, aṅastu pada saṅadinira, tanantuk wara ndikané, ri kawijilanipun, ira wujiliᶇ mahoṣpahit, amĕṅamĕṅanira, natèᶇ majalaṅu, tĕlas sandiniṅakṣara, pun wujil matur mariᶇ saṅadi gusti, anuhun paṅatpada. 

(3). pun wujil byaktèᶇ kaṅanuhun siḥ, hiᶇ talapakan saᶇ jati wĕnaᶇ, pĕjaḥ gĕsaᶇ katur maṅké, sampun manuḥ pamuruk, sastrowarab paduka waṙtti, wĕkasané yaṅladraᶇ, aṅgĕṅamoᶇ kayun, sabran dina rarakĕtan, malaḥ bosĕn kawula kaṅaṅludrugi, ginawé yalanalan. 

(4). ya paṅéraniᶇ saṅadi gusti, jaṙwwaniᶇ wisikakṣara tuṅgal, paṅiwa lan panĕṅĕné, nora na bédanipun, déné makṣihatata gĕṇḍiᶇ, makṣihucapucapan, karoné puniku, datan pulihaṅgĕᶇ méndra, atilar tṛêṣṇa saka riᶇ majapahit, nora hantukusada. 

(5). ya maṙmma luṅa ṅikisiᶇ wĕṅgi, aṅulati sarahsyaniᶇ tuṅgal, sampuṙṇnaniᶇ lampaḥ kabèḥ, siᶇ paṇḍita sun dunuᶇ, aṅulati sariniṅurip, wĕkasiᶇ jati wĕnaᶇ, wĕkasiᶇ lor kidul, surupiᶇ raditya wulan, ṛĕmiᶇ nĕta kalawan surupiᶇ pati, wĕkasiṅ hana ora. 

(6). saᶇ ratu wahdat mèsĕmiᶇ laṭi, hiḥ ra wujil kapo kamakara, tan samanya maṅucapé, ḷĕwihanuhun bĕndu, atinira taha nanagiḥ, déniᶇ gĕṅiᶇ swakaṙyya, kaᶇ sampun kaḷĕbu, tan paṇḍitané woᶇ dunya, yènadol waṙŧa tuku waṙŧaniᶇ tulis, aṅuraja wahdata. 

(7). kaṅadol waṙttowatuku waṙtti, kumisun kaya kaya wĕruha, maṅké ki yaṇḍé yaṇḍéné, awaṙṇna kadi kuntul, hana tapa sajroniᶇ wariḥ, mĕnĕᶇ tan kĕna hobaḥ, tiṅalipun tĕrus, ambĕk sadu wanon maṅsa, lirantĕlu putihé putihiᶇ jawi, hiᶇ jro kaworan rakta. 

(8). surupiṅaṙkkowaganti wĕṅi, pun wujilanuntumakĕn wṛêkṣa, baḍiyaṅanèᶇ dagané, patapané saᶇ wiku, ujuᶇ tĕpiniᶇ wahudadi, aran ḍĕkahiᶇ bénaᶇ, saha sunya samun, aṅgayaᶇ tan hana pala, bogawaṅiᶇ jrakiᶇ sagara nĕmpuhi, paraᶇ roṅasiluman. 

(9). saᶇ ratu wahdat liṅirowaris, hiḥ ra wujil maṛĕṅké dèn éṅgal, trus dèn cĕkĕl kukuciré, saṙwwi dènĕlusĕlus, tiniban sihiᶇ sabda wadi, ra wujil ruṅokĕna, sasmita katèᶇ sun, lamun sira kaḷĕbuwa, hiᶇ naraka hiṅsun ḍèwèkaṅḷĕboni, aja kaᶇ kaya sira. 

(10). sigra pun wujilatur subakti, matur sira hiᶇ guru wadimulya, sakalaṅkuᶇ panuwuné, sampun ṛĕkèḥ pukulun, ḷĕhĕᶇ dasiḥ ṛĕkèḥ pun wujil, mañjiṅa hiᶇ naraka, pun wujil sawéguᶇ, pan sami wruhiᶇ kaliṅa, guru lan siswa tanasalayaḥ kapti, kapti sahékapraya. 

(11). pèṅĕtisuniᶇ sira ra wujil, dèn yatna huripira nèᶇ dunya, ywa sumabaranèᶇ gawé, kawruhana dènèstu, sariranta pan dudu jati, kaᶇ jati dudu sira, siᶇ sapa puniku, wĕruḥ ṛĕkèḥ hiᶇ sarira, maṅka sasat wruḥ sira mariᶇ hyaᶇ widi, iku maṙgga hutama. 

(12). utamané sarira puniki, aṅawruhana jatiniᶇ salat, sĕmbaḥ lawan pamujiné, jatiniᶇ salatiku, dudu ṅisa tuwin magrib, sĕmbahyaṅaranika, wĕnaṅé puniku, lamunora nana salat, pan minaṅka kĕkĕmbaṅiᶇ salat dahim, iṅaran tatakrama. 

(13). ĕndi hiṅaran sĕmbaḥ sajati, aja nĕmbaḥ yèn tan katiṅalan, tĕmahé kasor kulané, yèn sira nora wĕruḥ, kaᶇ sinĕmbahiᶇ dunya hiki, kadi yanulup kaga, puṅluné dèn sawur, manuké maṅsa kĕnowa, awĕkasanamaṅéranadam saṙppin, sĕmbahé siya siya. 

(14). lanĕndi kaṅiṅaranan puji, samyowamuji dalu lan siyaᶇ, yènora saṙŧa wisiké, tan sampuṙṇna kaᶇ laku, yèn siraṙṣa wĕruhiᶇ puji, dèn ñata hiᶇ sarira, pañjiᶇ wĕtunipun, kaṅatuduh hana niᶇ hyaᶇ, pañjiᶇ wĕtuniᶇ napas yogya kawruhi, sukṣma catur prakara. 

(15). catur prakara hana siṙṇnèki, bumi g‍ĕni yaṅiniku toya, samana duk panapĕlé, sipaté yiku catur, kahar jalal jamal lan kamil, katrapan sipatiᶇ hyaᶇ, wowolu kèhipun, lampahé punaᶇ sarira, mañjiᶇ mĕtu yèn mĕtu ndi paranèki, yèn mañjiᶇ ndi pṛênaḥña. 

(16). tuwowanom kaṅ hana sir bumi, lakuné puniku kawruhana, yènatuwa ndi yĕnomé, lamunanom puniku, pundi ṛĕkèḥ tuwanirèki, hana sir gĕni hika, apĕs kuwatipun, yèn kuwatĕndi yap‍ĕsnya, lamunapĕs pundi ṅgèné kuwatnèki, tan sampun kasapĕkṣa. 

(17). miwaḥ ta ṛĕkèh hana siraṅin, lakuné yiku hana lanora, yènora pundi hana né, lamun hana puniku, anèṅèndi yoraninèki, iṅkaṅ hana sir toya, pĕjaḥ gĕsaṅipun, yènurip pundi patinya, lamun mati ndi parané yuripnèki, sasar yènora wruha. 

(18). kawruhana tataliniṅurip, iṅkaṅaniṅali hiᶇ sarira, kaᶇ tan pĕgat pamujiné, ĕndi pinaṅkanipun, kaṅamuji lan kaᶇ pinuji, sampun ta kasapĕkṣa, maṙmmaniᶇ woṅaguᶇ, poḍowaṅluru sarira, dipun ñata hiṅuripira sajati, uripira nèᶇ duña. 

(19). dipun wĕruhiṅurip sajati, lir kuruṅan raraga sadaya, bĕcik dèn wruhi manuké, rusak yèn sira tan wruḥ, hiḥ ra wujil salakunèki, iku maṅsa dadiya, yèn sira yun wĕruḥ, bĕcikana kaᶇ sarira, awismowa hiṅĕṅgon punaṅasĕpi, sampun kacakrabawa. 

(20). aja doḥ dĕra ṅulati kawi, kawi hiku ñata hiᶇ sarira, punaᶇ rat wusanèᶇ kéné, kaᶇ minaṅka pandulu, tṛêṣṇa jati sariranèki, siyaᶇ dalu dènawas, pandulunirèku, punapa ṛĕkèḥ pracihna, kaᶇ ñatèᶇ sarira sakabèhé yiki, sakiᶇ sipat pakaṙyya. 

(21). mapan rusak kajatinirèki, dadiné lawan ka haṙṣanira, kaᶇ tan rusak dèn wruḥ maṅké, sampuṙṇnaniᶇ pandulu, kaᶇ tan rusak hana né yiki, minaṅka tuduhiᶇ hyaᶇ, siᶇ wruhiᶇ hyaṅiku, maṅka sĕmbaḥ pujinira, mapanawis kaᶇ wruha hujar puniki, dahat sipi nugraha. 

(22). sayogyané maṅké sira wajil, dèn ñata sirèᶇ sariranira, yĕktyowaṅayaᶇ tĕmahé, raraganira hiku, lamun wujil dĕra lalisi, kaᶇ ñata hiᶇ sarira, solahé dèn bĕsur, amuraᶇ raraganira, kaᶇ dadi tiṅalaṅiᶇ kahinanèki, kaᶇ dèn liliᶇ nityasa. 

(23). wujil kawruhiᶇ sariranèki, iya hiku ñataniᶇ paṅéran, tanaṅliᶇ yèn tan hana wadiné, déné wasitanipun, hana maliḥ kaṅaṅyaktĕni, samya luruḥ sarira, sabdané tanpa suᶇ, amojok sakiᶇ susanta, tanpa suᶇ kaliru sakiᶇ pṛênaḥ nèki, iku kaṅaran lampaḥ. 

(24). pan ñata hana niᶇ hyaṅanèᶇ siḥ, ĕniᶇ kasuciyaniᶇ paṅéran, hana ṅaku kaᶇ wruḥ maṅké, lakṣanané tananut, raga sastra tan dèn gugoni, aṅlalisi subrata, kaᶇ sampun yĕkti wruḥ, hana ṅkṛêti punaᶇ raga, paniṅalé dèn woᶇ woᶇ rahina wĕṅi, tanpa suṅaguliṅa. 

(25). iku tapakané hi ra wujil, tan bisa sira matèni raga, aja muṅaṅruṅu bahé, dèn sayĕkti hiᶇ laku, ayun saṙŧa lawan pandĕliᶇ, yèn karoné wus ñata, pañjiᶇ wĕtunipun, tan hana pakèwuhira, tikĕliᶇ pikulan saros saminèki, bĕnèḥ kaᶇ duruᶇ wikan. 

(26). kasompokan dènira niṅali, karané tan katon pan kaliwat, tanpa raharaḥ rupané, tuwin si hana nipun, mapan waṙŧaniᶇ kaṅutami, yèn ta hora hĕṅgona, pĕgat tiṅalipun, tiṅal jati kaᶇ sampuṙṇna, aniṅali nakiraḥ yakti dumĕliᶇ, kaᶇ sajatiniᶇ rupa. 

(27). mapan tan hana bédané wujil, déniᶇ kaliṇḍiḥ solahé yika, bédané tan sèᶇ puṙbbané, wujil sampun tanèmut, lamunaṅguᶇ tinutur wujil, nora na kawusannya, siyaᶇ lawan dalu, dèn rasani woṅakaṭaḥ, kitabipunupama pṛêkututadi, asriᶇ dèn kaṙyya pikat. 

(28). ra hosana hiᶇ rahina wĕṅi, yènora lawan wisikutama, mapanora na gawéné, ḷĕwiḥ woᶇ mĕnĕṅiku, yèn kumĕdal liḍahirèki, uninipun punapa, pan sa hosikipun, hiᶇ kalbu ñatèṅakṣinya, wĕḍariᶇ nétra sara widya nampani, mĕnĕᶇ muni dèn wikan. 

(29). dèn wruḥ surupiᶇ mĕnĕᶇ lan muni, yèn tan wruha hiku tanpa pala, sampun tan mĕsi yĕnĕṅé, yèn muni yawayumuᶇ, kokila nèᶇ kanigara ñjrit, puniku saminira, nora tĕgĕsipun, yènujar kaᶇ ginĕḍoṅan, sira wujilaja kaya bisowaṅliᶇ, liṅira kaᶇ sampuṙṇnan. 

(30). ndi rupané woᶇ mĕlèkiᶇ wĕṅi, sampun kadi yaṇḍa tiṅalira, karonèku tanpa gawé, yènora lan tinuntun, hiᶇ paniṅaliᶇ hakul yakin, paran maṙggané wruha, hiᶇ sariranipun, paṅruṅunisun sakiṅa, salé sampuṙṇna hiku kalawan muni, tanpa suᶇ yèn mĕnĕṅa. 

(31). ora mĕnĕṅora muni wujil, hiḥ ra wujilatakona sira, kaṅatèki tèki kabèḥ, sĕmbaḥ puji dèn wĕruḥ, sĕmbahakèḥ waṙṇnané maliḥ, liṅira saṅutama, woṅamuji hiku, sanalika kèḥ sawabnya, paḍa lan woṅasĕ‍mbahyaᶇ satus riris, yèn wĕruḥ parantiña. 

(32). kaᶇ sampun wĕruḥ parantinèki, pujinipuniku nora pĕgat, nora kalawan wĕ‍ktuné, woṅaguᶇ lyanamuwus, paḍa lawan sawidak waṙṣi, pan sampunamaṙddika, puṙṇna raganipun, hiᶇ waktu tan kabandana, kapradana solahé yanèᶇ jro maśjid, apiṇḍaḥ manuk baka. 

(33). tan kĕna pinahido ra wujil, wuwusiᶇ nayaka dipaniᶇ rat, wujilatakĕna maṅké, hana muji hiᶇ dalu, hiᶇ rahina guᶇ sawabnèki, kalamun kĕna tata, hiᶇ sasaminipun, paḍa lan rowĕlas waṙṣa, yogya wĕnaᶇ ra wujilataki taki, sampun tan kapaṅgiha. 

(34). hana maliḥ kaᶇ woṅaṅabĕkti, sanalika guᶇ sawabé yika, yèn wikana hiᶇ tuduhé, paḍa rowĕlas taṅsu, iṅaranan tafakkuriki, yèn mĕnĕᶇ ndi parannya, takokĕna hiku, sapa kaṅatuduhika, uṅgaḥ turuniᶇ mĕnĕᶇ kalawan muni, iku dipun waṣpada. 

(35). hiḥ ra wujiliᶇ woᶇ mĕnĕᶇ ḷĕwiḥ, iku sĕmbayaᶇ tanpa pĕgatan, iku nora na waktuné, sampuṙṇna ta woṅiku, raragané nora na kari, tĕkèᶇ purisa turas, satuhuniᶇ laku, pagurokĕna dèn ñata, hiᶇ sira saᶇ kawi man sampuṙṇnèᶇ jati, wĕkasiᶇ duta tama. 

(36). aja ñĕmbaḥ hiḥ sira wujil, yèniku nora katon sawaḥnya, sĕmbaḥ puji tanpa gawé, pan kaᶇ sinĕmbahiku, anèᶇ ṅaṙṣa wahya dumĕliᶇ, hana nta minaṅkowa, nanira kaṅaguᶇ, hana niᶇ ḍawak pan sunya, iya hiku wĕnĕṅé hiᶇ woṅamuji, ñata kaᶇ sadya puṙbba. 

(37). lawanatakona sura maliḥ, mapanawis kaᶇ sayaktanira, sakwèḥniᶇ punaᶇ puṅgawé, yèn taniṅulahiku, pundi ṛĕkèḥ ṅgéné kapaṅgiḥ, kaṅꜷlaḥ tan ḷĕpyan, iku wusatuduḥ, nugrahaniᶇ jati wĕnaᶇ, kaᶇ tan molahatuduḥ dosanirèki, kĕnèᶇ papa cétraka. 

(38). lawan maliḥ sira ta ra wujil, atakona sajaniniᶇ niyat, aja muṅakĕn ciptané, kaṅañiptowanĕbut, dudu wiku niyat sajati, éwuḥ kaṅaran niyat, sĕmbaḥ puji hiku, tan wruᶇ punan paṅurakan, kaṅatampa ḍĕṇḍa kisas lawan jilid, ramya padu giliran. 

(39). paṅabaktiné yikaṅutami, nora lan waktu sasolahira, punika maṅka sĕmbahé, mĕnĕᶇ muni punika, sasolahé raganirèki, tan simpaᶇ dadi sĕmbaḥ, tĕkèᶇ wulunipun, tiñja turas dadi sĕmbaḥ, iku wiṅaranan niyat kaᶇ sĕjati, puji tanpa pĕgatan. 

(40). hiḥ ra wujil niyatiku luwiḥ, sakiṅamalé punaṅakaṭaḥ, nora basa swara ṛĕké, niyatiᶇ piṅiliku, kaᶇ gumĕlar ñananirèki, sajatiné kaᶇ niyat, nora niyatipun, ñataniᶇ piṅil gumĕlar, niyatiᶇ sĕmbahyaᶇ nora bĕdanèki, lan niyatambĕbĕgal. 

(41). hiḥ ra wujil maṙmmané woᶇ sirik, kufur kinufurakĕniᶇ lafal, aguṅguṅan sa hĕlmuné, pijĕt pinijĕtiku, akṣarané yasru dèn pidi, sawusiṅasĕmbayaᶇ, magĕrib punika, ramé samya kabaraṅan, awĕkasan malik kĕbyok lan kulambi, ḍastarakuḷĕwĕran. 

(42). kĕpĕt kinĕpĕtakĕniᶇ maśjid, awĕkasan paḍa pĕpurikan, asĕmbahyaᶇ ḍĕwĕk ḍĕwĕk, puniku palanipun, sirik gugonujariᶇ tulis, tan wruḥ jatiniᶇ niyat, palaniᶇ woᶇ biṅuᶇ, lanaᶇ wadon paḍa ṅraraḥ, aṅulati niyat kaᶇ sĕjati jati, tan wruhiᶇ dĕdalanña. 

(43). aniṅsĕtana raganirèki, hiḥ ra wujil yèn wus kabandana, aywahkèhiṅucap maṅké, ujar ṅĕdohkĕn kayun, aṅiyakĕn kaṙṣa pribadi, iku maṙgganiᶇ sasar, ñanané kaᶇ dèn guᶇ, aṅaguṅakĕn tṛĕbaṅan, tan wandé yèn tṛĕbaṅan dèn gawé yuṇḍi, dadi yababagĕlan. 

(44). mèḥ rahina hyaṅaruna mijil, tatas wétan ndan saᶇ ratu wahdat, aṅliᶇ pun wujil kinĕṅkĕn, hahiḥ ra wujil sunutus, mara sira ta dènagĕlis, mara hèᶇ pawadonan, si satpada hiku, aglis kĕnĕn maṛĕṅkĕya, pun wujil maṅkat lampahirowagĕlis, prapta mriᶇ pawadonan. 

(45). liᶇ pun wujil hiḥ manira nini, iṅutusaṅundaᶇ marèᶇ tuwan, dĕniᶇ saṅadi kaṅakĕn, kĕn satpada hamuwus, hiḥ ra wujil punapa wadi, dĕniṅĕñjiᶇ ṅandikan, marasatiniṅsun, tan wikan wadiniᶇ lampaḥ, laḥ maṅkata satpada dipunagĕlis, hyun hyunĕn kaᶇ sinĕmbaḥ. 

(46). maṅkat saṙttpada dèn tatakoni, hiḥ ra wujilaja salaḥ tampa, ki wujil sunatatakĕn, punapa maṙgganipun, olèharan para ki wujil, pun wujilaṅliṅiᶇ tyas, iki woṅasĕmu, patakonipun basaja, wadiniᶇ basojowanopakiᶇ wuri, liyèn sun yèn wruhi. 

(47). karané yisunarané wujil, nĕṅgiḥ kaṅaran kalawan rupa, datan hana prabĕdané, tanamiṇḍoni laku, nĕm prakara rasaniᶇ jati, pan wus kajalajahan, dĕniᶇ sun pukulun, pun satpada smu kĕmĕṅan, hiḥ ra wujil dudu wijilé woᶇ maṅkin, wijiliᶇ wilatikta. 

(48). sigra pun wujil satpada prapti, aluṅuhiᶇ ṅaṙṣowaṅabiwada, iṅkaᶇ sudibyowatakĕn, paran waṙŧaniṛĕku, hé satpada duk prapta wiṅi, sira sakiᶇ jawana, pun satpada matur, dĕniᶇ rayi pakanira, sèḥ maloyowaṅrakĕt wontĕniᶇ pati, laminé sapta dina. 

(49). saᶇ ratu wahdataṅandikani, hiḥ ra wujil sira glisamĕta, satapatra dipĕnagé, tan kawaṙṇna glis rawuḥ, satapatra maṅké tinulis, lawĕnipun sadaya, iṅisĕn jronipun, rambuyut sinĕrèᶇ laya, atuṛĕna satapatra hiku wujil, hiᶇ yayi sèḥ malaya. 

(50). iki susumpiṅé woṅacĕṙmmin, woṅaṅrakĕt pantĕsaṅaṅgĕya, pun wujil glis maṅkat maṅké, amit saha wotsantun, lampahira ḍatèṅiᶇ pati, tan kawaṙṇnahèᶇ maṙgga, prapta lampahipun, atatakĕniᶇ para dĕsa, lamun hana woṅaṅgagambuḥ linuwiḥ, aran ki sé malaya. 

(51). kaᶇ tinañan taṅgap hana huri, siṅgiḥ wontĕn aran sèḥ malaya, lagyowaṅrakĕtiᶇ maṅké, dĕsa wasana kidul, akèḥ punaṅaniniṅali, pun wujil lampahira, tanasarag rawuḥ, sèḥ malaya sampun wusan, dénya ṅrakĕt pun wujil prapta wotsari, aṅaturakĕn patra. 

(52). satapatra tinampan tumuli, winĕḍariᶇ jro mĕsi kusuma, suṛĕṅpati paṅgalaṅé, sèḥ malaya hamuwus, mara sira hiᶇ punaᶇ wujil, dahat dénya muṙwwĕndaḥ, kaᶇ sĕkarambuyut, sinuṛĕṅpati winiṅan, wohiᶇ saga rinawid lawan malaṭi, laṅkuᶇ siḥ saᶇ sinĕmbaḥ. 

(53). punapa waḍiniᶇ suṛĕṅpati, awoḥ saga kunèᶇ satapatra, ra wujil paran kaṙṣané, pun wujilawotsantun, matur gusti nora sawĕkṣi, sèḥ malaya liṅira, hiḥ ra wujil sĕmu, né saᶇ sinuhuniᶇ muṙyya, sagawé yaso kataratĕyan pati, ĕntiṅniᶇ panarima. 

(54). punaᶇ taraté yiṅiliṅiliᶇ, winaca sira sinukṣmèᶇ driya, punaᶇ ṭika sawiyosé, tyas rukṣowaṅga tṛĕñuḥ, rujit dĕniᶇ ra hosiᶇ tulis, aglar punaᶇ sasmita, wirasanaṙjja lus, winĕlan waḷĕn winaca, rarasiᶇ ṭika munya paḍa kakawin, kiduᶇ wĕkasiᶇ patra. 

(55). irikowacwalalita ta saᶇ sumitra ri sĕdèᶇ, mahas tĕkapikaᶇ suwĕśma siwaya, taki taki tèᶇ tutur kwa huniṅan, ku masku rari yan kaka katawĕṅan, pilihalupa hiᶇ sĕpĕt rari baliknya, haṙjja katutuṙnya sĕwaka tular, tṛĕna lata rupa jar kwari sĕḍèᶇ, katiga wara dibya nuṅsuṅiṅudan. 

(56). kadi puṣpitowasèhĕn sari, ḍuḥ sumitraniṅoᶇ, iwir bramaṛĕṅsun tan poliḥ rumé, wontĕn puṣpitowasèhĕn sari, bramara ṅṛêṛĕṅiḥ, aṙṣa wruhiᶇ santun. 

(57). punaᶇ taraté sampun winuniᶇ, maṅké sinalaḥ punaᶇ puṣpita, mĕnĕṅaṅgrahitèᶇ twasé, pun wujilawotsantun, paran maṙmma mĕnĕᶇ tanpa ṅliᶇ, kawula ṙṣa mihaṙṣa, wuwus kaᶇ minaṅun, sadaḷĕmniᶇ walapatra, wiyosiᶇ liᶇ kaᶇ siniwi hiᶇ ki wujil, donisun mariᶇ mĕkaḥ. 

(58) pun wujil sigra binakta muliḥ, mantuk sirèᶇ ḍĕkĕḥ pagambiran, punaᶇ raṇḍa tumut kabèḥ, pun wujil tan sèᶇ puṅkur, tan kawaṙṇnèᶇ sopana prapti, wusadan kukuṛĕṇan, pun wujiliṅutus, hana ñjak paṛĕṅakaṭaḥ, wusiṅ hana ñjak linorod mariᶇ puri, sampun sami yaṅinaᶇ. 

(59). surupiṅaṙkka sèḥ malaya ṅliᶇ, ra wujil mbĕñjaᶇ yèn sira pulaᶇ, matura saliṅku maṅké, sampun ṛĕkèḥ kadulu, ḍapur sabda tuturirèki, satutur tuturiṅwaᶇ, dèn katur punika, dipun katon sakiᶇ sira, aja katon sabda sakiṅisun wujil, sa kabisowanira. 

(60). karaniṅsun ra wujilawali, mariᶇ mĕkaḥ waṅsuliᶇ malaka, guru wawaṅsuliᶇ pasé, maṙmmané kaᶇ sinuhun, waṅsulira kinĕnabali, mara hiᶇ nusa jawa, kaṅakonawaṅsul, nĕṅgiḥ pawoᶇ sanakira, paṅéran molana hiku maghribi, kaṅakonawaṅsula. 

(61). samana ṅliᶇ molana maghribi, siṅgiḥ pakanirowawaṅsula, norana hiᶇ mĕkaḥ ṛĕkèḥ, hiᶇ mĕkaḥ kuloniku, mĕkaḥ tiron wastanirèki, watu wiṅkaᶇ kinaṙyya, paṅaḍĕpanipun, nabi hibrahimakaṙyya, nusa jawa yèn tuwan tiṅgala kapir, lan tuwanawaṅsula. 

(62). norana wĕruhiᶇ mĕkahiki, alit mila tĕka hiṅawayaḥ, maṅsa tĕkahèᶇ parané, yèn hana saṅunipun, tĕkèᶇ mĕkaḥ tur dadi wali, saṅunipunalaraᶇ, dahat dĕniṅĕwuḥ, dudu sṛĕpi dudu dinar, saṅunipun kaᶇ sura ḷĕgawèᶇ pati, sabar lila hiᶇ duña. 

(63). maśjidiᶇ mĕkaḥ tulya ṅidĕri, kabatullaḥ punika nèᶇ tĕṅaḥ, gumantuᶇ tanpa cacaṇṭĕl, dinulu sakuᶇ ruhur, laṅit katoniᶇ ṅaṇḍapiki, dinulu sakiᶇ ṅaṇḍap, bumi yanèᶇ ruhur, tinon kulon katon wétan, tinon wétan katon kuloniku siṅgiḥ, tiṅalnya hawaḷĕsan. 

(64). tinon kidul katon loraṅrawit, tinon lor katon kidulasinèᶇ, pĕpĕlokiᶇ mrak saminé, kabatullaḥ puniku, lamun hana sĕmbahyaᶇ siji, aṅiᶇ kawrat satuṅgal, yèn roro tĕtĕlu, aṅiᶇ samonoambanya, yadyan woᶇ salakṣa kawratiku siṅgiḥ, tuṅkĕp rat pan kawawa. 

(65). iku tuturiṅsun hiḥ ra wujil, tutur wujil mariᶇ kaᶇ sinĕmbaḥ, katona sakiṅawaké, aja katon yènisun, yènatakon saᶇ mahamuni, maturé : sahur sĕmbaḥ, sĕmbahiṅkaᶇ katur, pun wujilaṅabiwada, kĕras sakiᶇ ṅaṙṣanira santri wujil, lampaḥnya garawalan. 

(66). dataᶇ kawaṙṇnahèᶇ maṙgga prapti, saᶇ kaya lagya piṇḍa niskala, aliṅgiḥ majèᶇ maṅiḷĕn, pun wujil wruhiᶇ sĕmu, nora matur tĕkowaliṅgiḥ, prayanti kaᶇ sinaptan, pun wujil wusĕmut, ĕmutasĕwakèᶇ nata, akit milowaṅawulèᶇ sri bupati, nora bĕda maṅkana. 

(67). tṛĕhiᶇ kaṙṣa sinapa ra wujil, bagya ra wujilasarag prapta, stutinira matur maṅké, sakṣana glisumatur, tanpa ṅgosṭi saᶇ pinaran liᶇ, atur sĕmbaḥ kĕwala, sudibyowanuhun, sawĕkasé sèḥ malaya, kaṅakṣama dĕnira saᶇ maha muni, wruḥ wĕkasiᶇ wasita. 

(68). wruhanira hiku hiḥ ra wujil, pawoᶇ sanakku ki sèḥ malaya, sakiᶇ malaka waṅsulé, hiᶇ garagé kadunuᶇ, amaṅun rèhamantiᶇ ragi, iṅaran kalijaga, ṅgĕnira maṅun kuᶇ, laminipun limaᶇ waṙṣa, pinoṇḍoṅan dĕnira natèᶇ ṅawaṅgi, maṙgganira nèᶇ dĕmak. 

(69). wontĕn putrané yilaᶇ sasiki, lanaᶇ sudi (bya) maṅgèhiᶇ tapa, aṅiraṅi paṅan kulé, yayaḥ ṛĕṇa hana pu, sampun gĕgé makṣiḥ taruni, dadya rujit tyasira, maṙmma tibra ṅlamuᶇ, putra luṅa tan sjaṙwwa, manaḥ lampus luṅowaṅiṅkisiᶇ wĕṅi, ṛĕṇa dadya suṅkawa. 

(70). maṙmmané pawoᶇ sanakku wujil, asalin tapukararakĕtan, wĕtniᶇ tṛêṣṇa hiṅ hana ké, maṙggané yaṅgambuḥ, siṅa dĕsa kaᶇ dèn ḷĕboni, tanĕtaᶇ saṇḍaᶇ paṅan, wiraᶇ tan tinutur, hiḥ ra wujiliṅagĕsaᶇ, mapanĕwuḥ mati sajroniṅahurip, awis kaᶇ lumabuha. 

(71). pati patitisiṅaṅabakti, nora hĕtaᶇ wujil wiwilaṅan, pan muliḥ mariᶇ jatiné, yèn hana kĕtaᶇ kĕtuᶇ, yĕkti sira tanapapuṅgiḥ, kalawan kaᶇ sinadya, yèn siraṙṣa tĕmu, siṙṇnakĕna raganira, yèn sira wusatĕmu wakaron kapti, kapti yanuṅgal kaṙṣa. 

(72). tuṅgal rupa sa hosé namanèki, tuṅgal rasa sa hos rupanira, tinuṅgal saṙwwi saṙwwiné, sampuné tuṅgaliku, saha satya pati sahurip, laraṅané tan hana, saṇḍaᶇ paṅaniku, sakaṙṣané tuṅgal kaṙṣa, woᶇ sinihan tan kĕnowandumamiliḥ, cihna tinuṅgal kaṙṣa. 

(73). punaᶇ kaᶇ sinuṅandumamiliḥ, iya hiku woᶇ kaṅanèᶇ jaba, nora wĕruhiᶇ jĕroné, sĕmbahipun dèn sawur, tan wruḥ ṛĕkèhiᶇ daḷĕm puri, aṅiᶇ waṙŧa kĕwala, kaᶇ kĕtaᶇ kaḍatun, aja sira humuᶇ waṙŧa, waṙŧa hiku hana sarakĕn sajati, yèn sira sisip tampa. 

(74) hi satpodowaglisamĕt cĕṙmmin, maṅkatpun satpodowaglis prapta, punaᶇ cĕṙmmin katur maṅké, saᶇ guru liᶇnya muwus, saṇḍakĕna hiᶇ kayu taṅi, wujil satpada paḍa, aṅilowa hiku, maṅkat karo kaṅinaṅyan, pun satpodowaṅliᶇ kaca hiki wujil, ambané yaṇḍap sira. 

(75). kawan kilanambané kaᶇ cĕṙmmin, paran dĕné yamba punaᶇ kaca, ra wujil lawan dĕdĕgé, punaᶇ wujiliṅutus, aṅadĕga hiḥ ra wujil, saᶇ kinon sampun maṅkat, pun wujil kadulu, kakar sakukuñcitira, kadi raré wĕdonowañjĕruk waṅi, dĕniᶇ sampunatuwa.

(76). pun satpodowaṅliᶇ hiḥ ra wujil, sirowaṅadĕgisunasila, paran dĕné paḍa maṅké, lir raré yèn dinulu, wadanané yañjĕruk waṅi, mĕsĕm saṅadigaṙwwa, ra wujil siṛĕku, amaḷĕsa dipunĕṅgal, uni yĕñjiᶇ kawula lagi dèn sapiḥ, dĕniᶇ pun ra satpada. 

(77). pun satpada ṅliṅaṅaḷĕsani, guguyoné ra wujil kakaṙṣa, atutug pabañolé, saᶇ sinuhunamuwus, siswa kaliḥ sinuṅan tudiᶇ, ra wujilawasĕna, jroniᶇ kaca hiku, karo sira si satpada, liᶇ pun wujil puniki rupa kakaliḥ, tan saḥ tinuṅgal kaṙṣa. 

(78). pun satpada ṅliᶇ hiḥ kaki wujil, kaṙṣaniṅsun lawan kaṙṣanira, punĕndi ṛĕkèḥ tuṅgalé, sira kalawanisun, mapan jalu kalawanistri, pundi tuṅgalé yika, pun wujilamuwus, nora bĕda hiᶇ jalu ka, lawanistri pan sira tinuṅgal cĕṙmmin, lir rupa naᶇ papṛĕman. 

(79). pun satpada nora wruḥ tumuli, pundi tuṅgalé gusti kawula, ra wujil sasariḍĕpé, pun wujil glis sumahur, nora bĕda jalu myaṅistri, kaṅanèᶇ jro pahĕsan, tuṅgal rupanipun, lanaᶇ wadon yèn wus tuṅgal, hiᶇ pahĕsan tan kocap jalu myaṅistri, paniku rasa tuṅgal. 

(80). pun satpada sirowaglisaris, kaliṅané wujilañjajawat, lir woṅawulus rupané, ra wujil glis sumahur, nora ñana hujar puniki, pan sira salaḥ tampa, mĕsĕm saᶇ sinuhun, laḥ wujil sira mĕnĕṅa, awasĕna rupa kanfanèᶇ jro cĕṙmmin, tĕka luṅaniᶇ rupa. 

(81). rupa kaṅanèᶇ sajroniᶇ cĕṙmmin, lamun mañjiᶇ punĕndi yĕṅgĕnya, yèn luṅa hĕndi parané, hiḥ ra wujil siṛĕku, aṅĕrana wuriniᶇ cĕṙmmin, ra satpada wasĕna, rupa roroiku, rupané si wujilika, iṅkaṅ hana hiᶇ cĕṙmmin ĕṅgĕné maṅkin, kĕn satpada kĕmĕṅan. 

(82). siṅgiḥ pukulun rupa sawiji, pun wujil wontĕn wuriniᶇ kaca, nora katiṅal rupané, kaᶇ katiṅal pukulun, aṅiᶇ rupa kawula siṅgiḥ, ra satpada luṅaha, aṅgonana hiku, ĕṅgoné si wujilika, hiḥ ra wujil, mĕtuwa sira dènaglis, dulunĕn rupanira. 

(83). rupané pun wujil dèn tiṅali, si satpada wujil hana ora, rupané yiku samaṅké, ndan pun wujilumatur, botĕn wontĕn rupaniṅistĕri, aṅiᶇ rupa kahula, punuwika pukulun, anèᶇ ṅĕndi si satpada, hiᶇ rupané pun wujil maturabakti, suhun sĕmbaḥ kahula. 

(84). pun wujil maturasahur bakti, paṅgrahitaniᶇ kawula miṇḍa, tuṅgaliᶇ roro kaṙṣané, orané hana nipun, hana nipunoranirèki, saᶇ guru wadi liṅira, uṅgahé liṅiku, pun wujilasahur sĕmbaḥ, tan kĕna muṅgaḥ ra hos kadi yuniki, anuhun paṅandika. 

(85). saᶇ ratu wahdat liṅirowaris, hiḥ ra wujil bĕnĕrujanira, samĕné yiku huṅgahé, la_ilaha puniku, amotitsbat kalawan nafi, jatiné hana ora, iku tĕgĕsipun, paṅéranasipatora, iṅ rané samputawit hana nèki, hana nĕku nakiraḥ. 

(86). nafi nakiraḥ lan nafi jinis, mapaniku jinisiᶇ paṅéran, kaᶇ nafi ñatèṅitsbaté, nafi lanitsbatiku, nora pisaḥ panora tuṅgil, nafi kalawanitsbat, nafi karoni pun, nafi roro winaḷĕran, diniṅilla karoné tan kĕna mañjiᶇ, mariᶇ lafalillallaḥ. 

(87). hiḥ ra wujil kawruhana maliḥ, kaṅitsbatiku ṛĕkèḥ dèn ñata, atuduḥ maraᶇ mutsbaté, dalil kalawan mad lul, iki ṛĕkèḥ saminirèki, iṅkaᶇ lafalillallaḥ, mutsbataranipun, mutlakiku wismullaḥ, tan kĕna liyanĕna paṅéran kaliḥ, aṅiᶇ lafalillallaḥ. 

(88). hiḥ ra wujilĕwèhujariki, mapanĕwèḥ ṛĕkèhiᶇ panarima, panĕwèḥ lalabuhané, maṙmmané woᶇ puniku, kudon kudonujuṅan liriᶇ, sami yamijĕt lafal, taṙttibé dèn ḷĕmbut, bayan mani lawan saraf, nahwu dèn gulaᶇ gulaᶇ rahina wĕṅi, kawruḥ kaṇḍĕgiᶇ lafal. 

(89). mèḥ sumurup maṅké saᶇ hyaᶇ rawi, awatara tuṅgaṅiṅacala, matur pun wujil ndan liṅé, siṅgiḥ ṛĕkèḥ pukulun, wontĕn ṛĕkèḥ ṅaturi riṅgit, wĕśma hiᶇ panaṅguṅan, wastané pun santun, tilikana paṅguṅira, gĕbogané yènala wujil salini, noli konĕnaḷĕkṣa. 

(90). mantukiᶇ gĕḍoᶇ saᶇ mahamuni, sampunatatalu kaṅawayaᶇ, saha nitir gĕgĕmbiṅé, tanaṅaṅgé pupucuk, ḍalaᶇ sari tumulyowaṅriṅgit, aṅaṅgé bratayudđa, hiᶇ kawitanipun, bikṣĕka saᶇ natèᶇ daha, kalaniṅamuja ṅglar palané dadi, ra aji jayaƀaya. 

(91). panĕrus tiṅgal tataniᶇ nabi (tahun 1529), sasaṅkala kawitanaṅripta, babakané pawayaṅé, duk jawata tumurun, saᶇ narada janaka nadwu, bagawan parasu kaᶇ, tumutiᶇ salaku, laku saᶇ naraṙyya kṛêṣṇa, sigra mijil sakiᶇ gĕḍoᶇ kaᶇ siniwi, glis sèḥ malaya tĕka. 

(92). sisya kakalihiṅkaṅumiriᶇ, kĕn lawuṅsalawé wanakaṙŧa, katur saṅadi tĕkané, iṅaturan glis rawuḥ, sami sira sarèṅaliṅgiḥ, iṅaturanaḍahar, tanaṙṣa saᶇ tamu, saᶇ guru wadi yawasita, sun parikṣa sampun tĕkèᶇ mĕkaḥ yayi, siṅgiḥ sampun paṅéran. 

(93). kahula duk tĕkaᶇ mĕkaḥ siṅgiḥ, amaṅun rèḥ dukiᶇ kalijaga, hiᶇ mĕkaḥ liwat rusité, ombakiᶇ sagara guᶇ, jukuᶇ ṛĕkèḥ kaᶇ sun titihi, maṙggané mariᶇ mĕkaḥ, toyané sumurup, palwa sumurupiᶇ toya, mariᶇ bumi pandoman malim tan kari, malim sakiᶇ jĕṅira. 

(94). sampun liwat sakiᶇ toyawasin, praptèᶇ sagara wĕdyowawalikan, lir rat saṅara hombaké, gĕk gra ṅguṙṇnita guntur, liṇḍu sayat bĕlaḥ kahiriᶇ, wukir patiᶇ gulimpaᶇ, umumbul mriᶇ ḍuwur, ataruṅiṅawaṅawaᶇ, suṙyya wulan tan hana cahyanirèki, kaᶇ lintaᶇ sumamburat. 

(95). duk liwat sakiᶇ sagara wĕḍi, sagara gĕni moṅkowanduṅkap, kadi ndaru wombaké, siṇḍuᶇ wukir kaguntur, agni rupa muntap lir ṭaṭit, kukusnyowawalikan, gaṇḍanya misaruᶇ, ambuné kadi sundawa, lir waliraᶇ sumukiᶇ gĕni yawalik, lir gĕlap śasra lakṣa. 

(96). aṅin malim sakiᶇ jĕṅirèki, datan saḥ kacĕkĕlanèᶇ taṅan, lulusiᶇ lampaḥ tĕkané, liwat sakiṅiriku, dénya ṅaji bosowalami, ĕwahiᶇ basa mĕkaḥ, tan sasaminipun, nora mambu tutulisan, maṙmmanipun woᶇ ṅaji yakèḥ kabali, piliḥ woᶇ wruhèᶇ mĕkaḥ. 

(97). punaṅawayaᶇ babakannèki, kalané tĕka hiᶇ jajabĕlan, kinonawusana maṅké, sèḥ malaya winuwus, sigra maṅké hiṅajak muliḥ, mariᶇ gĕḍoᶇ pasuñan, sisyané tan kantun, lawuṅsalawé kalawan, wanakaṙŧa katiga lawan ra wujil, sami yababar babar. 

(98). sasampunira sami yaliṅgiḥ, hiḥ yayi malaya nĕḍa paḍa, winicara hiki maṅké, punaṅawayaᶇ wahu, lalakoné punaṅaṅriṅgit, aṅaṅgé kṛêṣṇa duta, sĕmuné ki yĕmpu, nĕḍa sami winicara, sinĕmoké yagama hislam puniki, paḍa turuna sabda. 

(99). sèḥ malaya sahur sĕmbahaṅliᶇ, datan wikan patĕmoniᶇ basa, arab kalawan jawané, akṣara rab pukulun, botĕn bisa sisya kakaliḥ, tanasawala kaṙṣa, iṅaturiṛĕku, saᶇ ratu wahdat liṅira, pasĕmoné nafi hisbatiku yayi, wayaᶇ tĕṅĕn lan kiwa. 

(100). kaᶇ kiwa puniku mariᶇ nafi, kaᶇ tĕṅĕn puniku mariṅitsbat, paṇḍawa mariᶇ nafiné, itsbat karowa hikut, itsbatiku panasal nafi, nafi panasalitsbat, mutsbat kaᶇ dèn ṛĕbut, kṛêṣṇa kaᶇ dadi pahĕsan, kṛêṣṇa kaca pahĕsaniᶇ riṅgit kaliḥ, kalaḥ mĕnaṅiᶇ kaca. 

(101). mulanèku waṛĕbat nagari, iya mutsbatiku kaᶇ dèn ṛĕbat, mulané pĕraᶇ dadiné, nagara kaᶇ dèn ṛĕbat, korawandra ṛĕbut nagari, lan jĕnĕṅiᶇ paṇḍawa, iku sĕmunipun, mulané woṅasawala, nafi hitsbat kaᶇ dèn ṛĕbutiku yayi, hiᶇ maṅké tĕkèᶇ kina. 

(102). mapanaṅèliṅujar puniku, nora kĕna ṅukuhi yakṣara, kaṅakṣara kadadiné, dadiniᶇ ñana hiku, ñana nora hamuᶇ sawiji, ñana hawaṙṇna waṙṇna, dadiné kapahuᶇ, akèhañĕmbahiᶇ ñana, pakṣa hṛêsṭi sarira bisowaṅaji, ujaré ñananira. 

(103). yèn sira yun yayi wruhiᶇ wadi, ujariku wanduluwa suṙyya, hiḥ yayi paran rupané, sampun ta kakduk sĕmu, paḍa pisan dényowaniṅali, atiniᶇ wuluḥ wuṅwaᶇ, ilir gigiriᶇ puṅlu, sanépa purusiṅayam, kuda ṅrapiᶇ pandĕṅan punika yayi, kĕmbaᶇ lo tanpa wigar. 

(104). mĕrénéya yayi dènagĕlis, isun kaṅĕn yayi mariᶇ sira, apépékulan karoné, susu wadu lan susu, nĕkétra kaṙṇna graṇa pan sami, suku lan suku paḍa, saᶇ ratu wamuwus, mariᶇ sira sèḥ malaya, paḍa mĕṛĕmaja na winalaṅati, sakĕḍap tĕkèᶇ mĕkaḥ. 

Share this article :