ménak jaminambar

Senin, 04 Oktober 2021

miturut babon yasanipun suwaṙggi radèn ṅabèhi yasadipura ⅰ iᶇ surakaṙŧa.

1. caṇḍakipunumaṙmmaya maṅgihi praƀu sadaṙṣalam. 

1. ḍaṇḍaᶇgula 
1. sami sami~agami~ibrahim, agĕᶇ lanalit pantĕsaséba, maṅgihi gusti tĕgĕsé, nadyan sami wusanut, mriᶇ jĕᶇ nabi duta~ibrahim, jĕr kantuniṅkaᶇ tĕḍak, woṅaguᶇ puniku, trahibrahim lahir mĕkaḥ, akĕkuṭa kupaṙmman prawirèᶇ jurit, pantĕsiᶇ jamintoran.
2. asébowa nèᶇ tĕba maṅgihi, naṅiᶇ kawula sandéya kakaᶇ, dèrèᶇ yĕkti pawaṙttiné, déné piᶇ kalihipun, iṅkaᶇ putra wontĕniᶇ ṅriki, dèrèṅaturuniṅa, ataḍaḥ bĕbĕndu, iṅgiḥ dèrèᶇ maṅgiḥ ḍaṅan, sakiᶇ tĕtĕraṅan pan đađanan budđi, iᶇ maṅké kaṭukulan.
3. prāptanipun kakaṅađipati, iṅgiḥ kawula taḍaḥ duduka, ki~umaṙmmaya~aturé, sāmpun susaḥ saᶇ praƀu, aprakawis kawula prāpti, déné raka pāduka, iṅgiḥ kaṅaṅutus, mariṅa~iᶇ jamintoran, tan makotĕn panamuᶇ kinèn ṅulati, ḍatĕᶇ putra pāduka.
4. iᶇ tĕkiyar kawula pribadi, aṅosakasikujum pratapan, iᶇ wukir paṇḍita~akèḥ, punika kaṅatuduḥ, yèn ki putra wontĕniᶇ ṅriki, déné saᶇ rāja salsal, lan gulaṅgé sāmpun, pratéla kilèn talataḥ, sāmpun wontĕniṅkaṅagami~ibrahim, ratu gĕᶇ binaṭara.
5. jamintoran praƀu ñakrawati, sadaṙṣalam ratu binaṭara, lèr kilèn tanaḥ prajané, iṅkaᶇ sabraṅan lahut, iᶇ ḍaratanipun sawaṙṣi, woṅaguᶇ duk miyaṙṣa, sukur sukèᶇ kalbu, tan kadi grahita tuwan, dadya suka tyasnya praƀu ñakrawati, ƀaṭāra jamintoran.
6. lajĕᶇ luwaran dènya tinaṅkil, umaṙmmaya ƀinĕkta mriᶇ pura, laṅkuᶇ sakiᶇ gĕᶇ kuṙmmaté, sasat tamiyan guru, suᶇ nugraha saṅađipati, kasmaran jro waṙddaya, gupuhira praƀu, sahéṅga kadaᶇ lan bapa, iṅaṅgĕpé~aḍahar saré tinuṅgil, đipati tasikwaja.
7. pan ginanti gènira~aguliᶇ, anèᶇ kaᶇ putra paṅéran kélan, nuntĕn jro pura~ĕṅgèné, iᶇ sabĕnari maṅguᶇ, pakumpulan saguᶇ ƀupati, drawina saha bala, suka suka nutug, maṅkana sawiji dina, umaṙmmaya nuju pinaṅgiḥ pribadi, lan praƀu jamintoran.
8. nèᶇ panĕpèn matur ki đipati, sāmpun lami~iᶇ lampaḥ kawula, yĕkti paṅajĕṅajĕṅé, raka pāduka praƀu, kula jaṙwwa tuwan pribadi, mĕṅgaḥ raka pāduka, kadi lajĕᶇ ṅlurug, ḍatĕᶇ nagri jaminambar, déné mĕṅgaḥ panuwuné putranèki, kadi sāmpuniṅapraᶇ.
9. yèn salamĕt kadi wruhiᶇ maṙggi, yèn tan ḍatĕṅa sayĕkti śīṙṇna, iᶇ jaminambar ḍatĕṅé, saᶇ nāŧa dukaṅruṅu, laḥ puniku kakaᶇ đipati, wontĕn maras kawula, kalamun woṅaguᶇ, ṅalurugiᶇ jaminambar, ratu~aguᶇ nagri sawatĕsiᶇ laṅit, kilèn nuṅkul sadaya.
10. maraᶇ ratu rabusamawati, kaṅaṅaku saᶇ hyaṅamisésa, datan wontĕn ratu malèḥ, kaṅagĕᶇ muᶇ puniku, nagri kilèn watĕsiᶇ laṅit, muᶇ ratu jaminambar, kaᶇ ḍèwèki~aguᶇ, prakosa sugiḥ praᶇ kĕmat, umaṙmmaya~umatur kadi tan kĕni, upami~iṅaṇḍĕga.
11. yĕkti raka pāduka~iᶇ béñjiᶇ, wuṅu dukané yèn tumiṅala, sahésalam jéjéṅgoté, anèḥ lan para ratu, kaᶇ sinulam ṛĕtna~iṅaṅgit, sotya jumĕrut miraḥ, mutyara lan yakut, aṅliᶇ rāja jamintoran, sakiᶇ pundi mulata jéjéṅgotnèki, iᶇ praƀu jaminambar.
12. kajawi béñjiᶇ tĕmpuhiᶇ jurit, ki đipati tasikwaja tuṙnya, hèḥ saᶇ nāŧa sāmpunagé, witniᶇ saᶇ rājasunu, putra tuwan ta botĕn kĕni, amiṙṣa muṅsuhawrat, pan lajĕᶇ puniku, kabapanambĕk mriᶇ mĕṅsaḥ, sajatiné saᶇ nāŧa kula mariki, sakiṅiᶇ jaminambar.
13. jéjéṅgoté kaᶇ kula maliṅi, laḥ puniki winĕdalkĕn śīǥra, sakiṅiᶇ jro kakasaṅé, maṙmmaya gya rinaṅkul, ahib tĕmĕn paṅgawé~iki, kakaṅaja ta walaᶇ @, driya nora tutur, manira mariᶇ ki putra, sun kawruhi tĕtĕkoné~anak mami, jĕr ratu jaminambar.
14. taha tinaha lawaniᶇ ṅriki, aṅlurugi tan wani mariᶇwaᶇ, miwaḥ tanamriḥ nuṅkulé, iya ṅoᶇ maṅkanèku, nora wani yènaṅlurugi, dadi taha tinaha, iku lawaniṅsun, paḍa tékad sowaᶇ sowaᶇ, déné maṅké woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, kaᶇ duwé pagawéyan.
15. iṅkaᶇ wajibaṅradiniᶇ jurit, wusakaṇṭi~iya rāja salsal, lawan naṙppati gulaṅgé, paniku ratu~aguᶇ, iᶇ baᶇ kilèn timbaṅan mami, katri~iᶇ jaminambar, iᶇ maṅké wusuṅsum, prāpta woṅaguᶇ baᶇ wétan, rāja~arab sayĕkti~aṙṣa muṅkasi, dènya ṅrata~agama.
16. luluhuré~agama~ibrahim, wajibiṅsuniki bélanana, iᶇ papa miwahaṙjjané, maturumaṙmmayèku, yèn makotĕn śrī narapati, kula~éñjiṅamaṅkat, ṛĕmbag sabiyantu, iᶇ lahir batin wus nuṅgal, kunĕᶇ dalu ya ta kawuwusa~éñjiᶇ, đipati tasikwaja.
17. mriṅĕṅgoné~iᶇ putranirèki, paṅéran kélan ki~adipatya, tasikwaja~andikané, kulupumaṅkatiṅsun, baraᶇ ṛĕmbugiku wus dadi, déné paniṅkahira, pañjalukirèku, tĕkané woᶇ tuwanira, iku~iṅoṅiṅkaᶇ saguhaṅaturi, prāptané jamintoran.
18. ramanira nora wandé prāpti, naṅiᶇ ta lawas kalawanéṅgal, luwiḥ kaṙṣané hyaᶇ maṅké, déné sapuṅkuriṅsun, aja sira muraṅiᶇ kapti, kaṙṣané ramanira, iᶇ kéné saᶇ praƀu, maṅsa ta~aṅarahapa, iya~uwis prasasat ramanirèki, woṅaguᶇ kakuṅiṅrat.
19. sakaṙṣané laḥ turutĕn gusti, dènaƀĕkti maraṅiᶇ woᶇ tuwa, bĕgja wusagama kéné, kalawan ratu~aguᶇ, śrī ƀaṭāra~añakrawati, saᶇ praƀu jamintoran, ambĕkira~alus, rahaṙjja tur satya budya, yĕkti wajib tinurut sakaṙṣanèki, kaᶇ putra tur sandika.
20. tan winuwus roroñcèniᶇ pikir, pan cinĕṇḍak wahu lampahira, đipati maṙmmaya maṅké, wus pamitiᶇ saᶇ praƀu, miwaḥ maraᶇ putranirèki, mĕsat sakiᶇ nāgara, jamintoran dulu, lampahé ki tasikwaja, prāptèᶇ jawi kiṭa saṙwwi nampèl wĕntis, lir kilat pĕsatira.
21. saḍĕpa dènya tan ṅambaḥ siti, sapamanaḥ dadi sajaṅkahan, daṅu saṅśaya rikaté, roᶇ pamanaḥ panantuk, sajaṅkahan lumpatirèki, wusaṅidakiᶇ wana, iᶇ sawulanipun, linampahan kaliḥ dina, luwihipun ki đipati guritwĕsi, tambuhiᶇ lampahira.

2. praƀu sadaṙṣalam ḍawuḥ mĕpak bala. 

2. gambuḥ
1. kunĕᶇ ta kaᶇ lumaku, sira đipati~iᶇ silahulun, kaṅiᶇ wuri wahu gantya kaᶇ winaṙṇni, lir tinĕbakiᶇ moᶇ luput, iᶇ jamintoran saᶇ katoᶇ.
2. kya patiḥ jahansirun, kaṅiṅandikan maraᶇ saᶇ praƀu, miwaḥ sira paṅéran kélan kaᶇ prāpti, nèᶇ ṅaṙṣané rama praƀu, gunĕm sajroniᶇ kaḍaton.
3~aṅandika saᶇ praƀu, maraᶇ kyana patiḥ jahansirun, aṅĕriga hèhapatiḥ pra đipati, mañcaprāja para ratu, kabèḥ woᶇ tatampiṅiṅoᶇ.
4. sakapraƀoniᶇ pupuḥ, karaṇa ta maṅsané woṅaguᶇ, iᶇ kupaṙmman ṅaṙṣakakĕn ṅrata ƀumi, bokana paréntahipun, mariᶇ sun sok wisasahos.
5. nadyan tanana~iku, paréntahira wajibabantu, witniᶇ paḍa~iya~agama~ibrahim, ṅawakana ḍéwé patut, aṅlabuhi praṅé popor.
6. lawaniᶇ kalihipun, kaᶇ putra~anèᶇ nāgaraniṅsun, yèn mĕnĕṅa bahé tanpa ṅrasa mami, hèḥ patiḥ maṅkono~iṅsun, paran ṛĕmbugira kono.
7. déné ta putraniṅsun, ki putra kélaniṅkaṅatuṅgu, jamintoraniṅsun nora~aṅawruhi, pracaya maraᶇ sutèṅsun, laḥ patiḥ sira kaṅamoᶇ.
8. déné ta lamun kuntuᶇ, para ratu roᶇ duman kaᶇ milu, kaᶇ sadumaniku tuṅgu putra mami, kyana patiḥ jahansirun, matur ḷĕṛĕs kaṙṣa katoᶇ.
9. ṅuṇḍaṅi para ratu, miwaḥ satriya puṅgawa~aguᶇ, iṅuṇḍaṅanasahos kapraƀon jurit, sapakaṙttiné woᶇ ṅlurug, wus pacak barisiᶇ katoᶇ.
10. ubĕkan saprāja guᶇ, ‍élur tan kèndĕl wadya lumĕbu, iṅkaᶇ sakiᶇ pasisir mañcanagari, sadina dina gumuruḥ, siyaga praᶇ para katoᶇ.
11. kunĕᶇ maliḥ winuwus, ki~ađipati~iṅkaᶇ winuwus, sāmpun duṅkapiṅĕṅgoné punaᶇ kaki, tanaḥ jaminiṅrab sāmpun, maṙmmaya lampahira lon.
12. amor talatahipun, lan tanaḥ rokamasṛêp tyasipun, kèndĕlariṅiᶇ munara gèniᶇ bèji, ṅayĕmayĕm salirèku, iᶇ dalu~aṙṣa~añĕrot.
13. wusnya~asalat gupuḥ, saṅađipati~anĕbaḥ pupu, nampèl wĕntis pĕsatira kadi ṭaṭit, aṅantĕp dènira mampruᶇ, sadalu~éñjiᶇ wusañjog.
14. prāptané nagarésuk, nuju tinaṅkil sira woṅaguᶇ, aglar saguᶇ para nata ṅaṙṣa~amir, salsal gulaṅgé lamdahur, woᶇ paraᶇtéja tanadoḥ.
15. kéwusnéndar tamtanus, tasaṅsulṅalam maliyat kustur, barikahar johanpiṙmman banuwaṙlli, kalbujèr lawan dukyanus, maṙmmadi sakadaᶇ katoᶇ.
16. yusupadi nèᶇ ṅayun, saṙkkab saṙṣabaniskaliskalun, kémar kadarisman śrī darundiyèki, supĕnuḥ pra ratu ratu, woṅaguᶇ ṅandika~alon.
17. yayi paraᶇtéjèku, pira lawasé~iᶇ késahipun, kakaṅira kaᶇ đipati guritwĕsi, aṙyya maktal nĕmbaḥ matur, pan sāmpun tigaᶇ pañcoroᶇ.
18. wus matur nolèḥ puṅkur, maraᶇ gulaṅgé nambuṅi wuwus, sāmpun ḷĕṛĕsiᶇ pétaṅaṅgèr pan sami, ya ta ṅandika woṅaguᶇ, yèn koṅsiya lèḥ sĕmono.
19. yĕkti doḥ tĕbanipun, kaya yènantuk lakon satahun, yèn lakuné si kakaᶇ tasikwajèki, baya ta duruᶇ katĕmu, ki putra~ilaṅé~adoḥ.
20. nĕṅgak waspa woṅaguᶇ, saguᶇ tumiṅal sami tumuṅkul, tanantara kĕṭap kĕṭap pan kahèkṣi, prāpta mañjiṅalunalun, lampahé makṣiḥ mañcolot.
21. wus mañjiᶇ tarubaguᶇ, ṅuluki salam jinawab gupuḥ, gapyuk samya~arasiṅaras jaṅgèki, wus ḷĕṅgahumaṙmmayèku, kumrubut kaᶇ para katoᶇ.
22. gugup pandaṅunipun, kaya ta paran lakunirèku, śīǥra maturađipati guritwĕsi, iṅgiḥ kapaṅgiḥ pukulun, putra pāduka saṅanom.

3. woṅaguᶇ ṅlurug ḍatĕᶇ jaminambar. 

3. sinom 
1. wontĕn nagri jamintoran, tĕbihé sakiṅiᶇ ṅriki, lalayaran tigaᶇ wulan, ḍaratanipun sawaṙṣi, ratu gĕᶇ ñakrawati, ṅawulakkĕn para ratu, prakosa sugiḥ bala, sāmpunagama~ibrahim, sadaṙṣalam binaṭara jamintoran.
2. ratu~ambĕk santa budya, paramaṙŧa sihiᶇ dasiḥ, śrī ƀupati jamintoran, bagus pidĕkṣa ṛĕspati, yèn tinonulat liriᶇ, rayi pāduka pukulun, woṅaguᶇ paraᶇtéja, babahon wadana sami, kahot kĕḍikagĕᶇ nāŧèᶇ jamintoran.
3. kaᶇ rayi jalu satuṅgal, mirit ratu~iᶇ yunani, nama radèn sadaṙkkola, pĕkik prawīra ṅajurit, déniᶇ namaniᶇ patiḥ, sira patiḥ jahansirun, blĕg nata darundiya, kahoté~antĕᶇ ki patiḥ, jahansirun prawīra mantĕp jatmika.
4. puniku kaᶇ dadi pikat, bisané~añuwitani, maraᶇ ki putra~iᶇ kélan, kacaṇḍĕt sahatuṙnèki, déné puṙwwané ṅuni, iᶇ ṅrika kapaṅgihipun, iṅgihiᶇ jaminiṅrab, apan tumut ṅrokam ṅriki, wontĕn tabĕt karamat sultaniskandar.
5. bèji kalawan munara, piᶇ tiga saré~iᶇ maṙggi, sabĕn sabĕn palérénan, sadina piᶇ tiga maṅgiḥ, munara saṙŧa bèji, caritanira rumuhun, kala sultaniskandar, aṅlurugi laraᶇ wariḥ, milanipunamĕdalakĕn karamat.
6. munara bèji wiwitan, punika sitiné putiḥ, sadaya sitiné~abaᶇ, muᶇ satuṅgil siti putiḥ, paṅruwat baraᶇ sakit, puniku taman si ḍukun, putri~iᶇ jamintoran, ṛĕtna juluᶇ sulasikin, kaᶇ suwaṙṇna kadi gambar sakiᶇ swaṙgga.
7. punika gĕraḥ tatamba, siram taman siti putiḥ, sapaṅat sultaniskandar, waluyané rājaputri, ƀĕkta woᶇ pituᶇ kĕṭi, tiṇḍiḥ patiḥ jahansirun, lanaṙyya sadaṙkkola, kaᶇ ṅantĕr saᶇ rājaputri, pacak baris prajurité jamintoran.
8. nuli kaki putra kélan, ambujuᶇ mañjaṅan wilis, tinut kalantur kasasar, iᶇ barisé rājaputri, śīṙṇna mañjaṅan wilis, kadrojogiᶇ barisaguᶇ, ki putra mèḥ karampas, lajĕṅamuṙwwèṅajurit, apraᶇ ramé kasoran woᶇ jamintoran.
9. déné pĕtaké ki putra, susumbaré~iṅajurit, miyaṙṣa woᶇ jamintoran, sadaṙkkola lan ki matiḥ, mara baruṇḍul kaliḥ, asraḥ pati batinipun, luntur tyasé ki putra, pinaṅgiḥ pakuwon nĕṅgiḥ, paḷĕṅgahan lawan putri jamintoran.
10. nuntĕn maturiᶇ ki putra, ṛĕtna juluᶇ sulasikin, woṅaguṅanilakrama, iṅgiḥ sāmpunagé runtik, tan wontĕn kaṅudani, lamun pāduka woṅaguᶇ, dosané wadyaniᶇwaᶇ, kawula~anaṅgalaṅi, pan sumaṅga~iᶇ kukumé naṙppaputra.
11. wahu kalané tumiṅal, mriᶇ ni juluᶇ sulasikin, kagyatañana kaᶇ gaṙwwa, kadaṙwwati~anèᶇ bèji, daṅu daṅu katawis, ragi sĕpuḥ gaṙwwanipun, upama kinacèka, umur kadi tigaᶇ waṙṣi, pacacahé~iᶇ waṙṇna~ĕblĕg sadaya.
12. lawan dĕdĕgé watara, dĕstun kacèk tĕluᶇ ñari, aṇḍap putri jamintoran, ki~umaṙmmaya~anoliḥ, maraᶇ rāja kubaṙṣi, lahiya maliyat kustur, kĕmbar lan kadaṅira, yèn matiya salaḥ siji, sira maṛĕm mulat putri jamintoran.
13. yayi masiᶇ paraᶇtéja, sira kaᶇ niyaya~iki, atmajané duk pasihan, tĕka dèn pisaḥ sahiki, ya dumèhaṅlurugi, gajimandalika~uktur, déné nora pirowa, laraṅan gawa pawèstri, milanipun kapĕjĕᶇ kaṅĕn kaᶇ gaṙwwa.
14. kantaka ṅĕṅgon ki putra, śīǥra juluᶇ sulasikin, paréntaḥ maraᶇ ki patya, ginuluᶇ rahadèn mantri, ṅiṅgahakĕn palwa glis, tan kari sakudanipun, prajurit jamintoran, bĕḍol numpakiᶇ jaladri, ḍahut jaṅkar kaᶇ palwa~ababar layar.
15. ki putra lajĕᶇ ƀinĕkta, saprāptanira ki mantri, iᶇ nagari jamintoran, kinaṙyya tumbaliᶇ jurit, saᶇ nāŧa laṅkuṅasiḥ, iṅaṅkat putra pambayun, kaṙṣa pinaṅgihĕna, lan dyaḥ juluᶇ sulasikin, pamoponé ki putra wontĕn tinĕḍa.
16. iṅgiḥ prāptané kaᶇ rama, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, iᶇ nagari jamintoran, lan kaᶇ gaṙwwa kadaṙwwati, manira kaᶇ naṅgupi, ki putra pañjalukipun, jinĕnĕṅana ṅrama, paniᶇ kahélan saᶇ putri, laḥ puniku~aluré puṙwwa waṣaṇa.
17. ṅuṅun kaᶇ samya miyaṙṣa, wus paṅuñcaṅiᶇ hyaᶇ widđi, milané kala~amiṙṣa, maṅsuli~ika ta maṅsit, woṅaguᶇ śīǥra noliḥ, maraᶇ gulaṅgé wotsantun, iṅgihiᶇ ƀumi rokam, iᶇ jaminiṅrab wanadri, tamat tabĕt karamat sultaniskandar.
18. woṅaguṅalon ṅandika, kaki praƀu paraṅakik, bĕciké sira ṅujuṅa, iᶇ labĕt luluhuṙnèki, kaᶇ putra~awotsari, umaṙmmaya maliḥ matur, saṙwwi mĕdalkĕniṅkaᶇ, jéṅgot rabusamawati, sakiᶇ kasaᶇ pañjaṅipun limaṅasta.
19. iṅaṅgit lawan mutyara, jumĕrut nila widuri, mirahintĕn pira pira, maṙkkut maṙkkap kaᶇ sinuji, ciṅakiṅkaᶇ niṅali, saguᶇ para ratu ratu, woṅaguṅaṅandika, sapa duwé jéṅgotiki, maturalon saᶇ đipati tasikwaja.
20. saᶇ nāŧa~iᶇ jaminambar, iṅkaṅaṅaku hyaᶇ widđi, sahésalam kaᶇ paparab, rāja rabusamawati, paṅéran pituᶇ laṅit, walaṙlli paṅéranipun, pituᶇ ƀumi punika, nora kapalaṅiᶇ kapti, sahésalam dènya~aṅaku hyaᶇ sukṣma.
21. akaṙyya laṅit kasapta, sawaṙgga naraka kaṙddi, widadari malahékat, rosané kĕpati pati, wahu dukamiyaṙṣi, jajanira latu latu, wadana dadi woᶇwa, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, asupata sinĕsèkkĕn para nata.
22. hèḥ sakèhé para nata, paḍa sĕkṣènana mami, noragé kapaṅgihiᶇwaᶇ, iya lawan putra mami, ki putra kahélani, lamuniṅsun duruᶇ gĕmpur, ratu dubilaḥ sétan, kaᶇ ṅaku hyaᶇ maha suci, lamun tiwas matiya nèᶇ jaminambar.
23. hèḥ yayi gulaṅgé mara, nuduha wadyanirèki, paṅirid panuduḥ maṙgga, mriᶇ jaminambar nagari, uṇḍaᶇna~umaṙmmadi, iṅsun buḍal bésukésuk, gitik mriᶇ jaminambar, manawa salamĕturip, iku wĕruhiᶇ nāgara jamintoran.
24. lami nèᶇ nagari rokam, añaṇḍaᶇ lara gĕᶇ kiṅkin, icalé paṅéran kélan, sāmpunamamriṅasĕpi, kakayon sanagari, sami putiḥ sĕmunipun, ñĕñĕt samaṅké waras, kantĕnan gèné dyan mantri, malaḥ duka woṅaguᶇ kala miyaṙṣa.
25. déné ratu jaminambar, tĕka~aṅaku hyaᶇ widđi, jéṅgoté wus kamaliṅan, mriᶇ đipati guritwĕsi, tinalèkakĕn béñjiᶇ, nèᶇ sukuné~askaṙddiyu, yènugi tĕmpuhiᶇ praᶇ, maṅkana rokam nagari, kadi guntur swarané gumraḥ wurahan.
26. déné kaᶇ sami siyaga, sakapraƀoniṅajurit, baranaᶇ gumraḥ sumriṅaḥ, sabaraᶇ sĕmuné~abrit, kagawa bigarati, maṅkana kaᶇ para ratu, samakta saha bala, gulaṅgé prajuritnèki, pituᶇ yuta pataᶇ kĕṭi kaᶇ paṅaṙṣa.
27. balané roᶇ puluḥ yuta, punika~iṅkaᶇ kinĕrig, ƀinĕkta mriᶇ jaminambar, kajawi wadya para ji, ḍomasiṅkaᶇ paṅaṙṣi, wadanané para ratu, ratu pamburi kaṭaḥ, kaᶇ tinudiᶇ ṅirid baris, ambaṛĕpi~anuntun gagamanarab.
28. sakawan ratu prakosa, añayuta wadyanèki, ṅṛêdadi rāja subĕrham, rāja gṛêgawamĕntari, rāja dṛêkuma nĕṅgiḥ, iᶇ buntara ratu~aguᶇ, lan rāja banuwalkap, nagriné barañjĕmadri, juru nuntun maṙgga mriᶇ gagaman ṅarab.
29. kunĕᶇ samaktaniᶇ bala, kikirab gagaman ƀumi, tata sajawiniᶇ kiṭa, lawan bala~iᶇ kohkarib, iṅkaᶇ sami ṅriyini, sakiᶇ kiṭa wĕdalipun, lawan bala~iᶇ sélan, lan kalakodrat kaᶇ mijil, tan kawaṙṇna~iᶇ dalu~ari kawuntat.

4. patiḥ ƀaktiyar kalihanunuk maṙddawan wawadul ḍatĕᶇ praƀu rabusamawati. 

4. paṅkur 
1. ‍éñjiᶇ tĕṅara gumĕraḥ, tĕtĕgéwon bèri guṙṇnaᶇ ṭoᶇṭoṅgrit, gumĕraḥ sajuru juru, saguᶇ para naréndra, buḍal sakiᶇ jro kiṭa rokam kadya rug, prakĕmpa wukir sayuta, aṅlir bĕḍaḥ ƀumi goñjiᶇ.
2. dahut sakiᶇ jawi kiṭa, para ratu~iṅkaᶇ baṛĕpi baris, subĕrham lan rāja baṙkkum, gṛêgawan lan banulkap, kapat sami piyañjurandĕliᶇ kéwuḥ, prajurit kawaniᶇ rokam, kaᶇ taté ṅuwisi kaṙddi.
3. balanira~añaḷĕkṣa, sinambuṅan prajuritiᶇ kohkarib, para ratu pataᶇ puluḥ, gumṛêgut saha bala, tiṅkaḥ kadya~aṅañarañari ṅlurug, alami nèᶇ nagri rokam, kèndĕlé tanana jurit.
4. wuriné bala maṙmmađya, balanira lamdahuranambuṅi, sakuswa kaᶇ para ratu, wuri balané salsal, iᶇ wuriné balané maliyat kustur, lan balané kéwusnéndar, para ratu kaᶇ nambuṅi.
5. nulya kalbujèr balanya, banuwaṙlli balané kaᶇ nambuṅi, lan balané nāŧèᶇ kuljum, anulya balanira, sadat kadarisman woᶇ ṅabĕsi ñuṇḍul, wuri balanipun saṙkkap, tuṙkki~iṅkaṅanambuṅi.
6. balané~iskaliskalan, nulya~ukman balané~anambuṅi, nulya balané tamtanus, jaṅkĕpiᶇ tigaᶇ dina, nulya bala~iᶇ kahosiṅkaᶇ sumuṇḍul, praƀu sayidibnu ṅumar, lan bala~iᶇ samasrawi.
7. nulya sumuṇḍul barisnya, sultananomadi danurusamsi, bala kodrat samadikun, sumuṇḍulanèᶇ wuntat, balanira jayusman murijalsamsu, kahaṙkkusmèn balanira, nulya balané dukyanis.
8. nulya para ratu kélan, kaᶇ kinaṙyya~aniṇḍihi~iᶇ baris, iᶇ wuri~iṅkaᶇ sumuṇḍul, bala~iᶇ paraᶇtéja, guṅiᶇ bala kaṅgo tigaṅarinipun, nulya balané maṙmmaya, kaᶇ muṅgèᶇ ṅaṙṣanira mir.
9. sumambuᶇ wadya paṅaṙṣa, kaᶇ sayuta wuri saᶇ jayèᶇmuṙtti, iᶇ wuri pra kadaṅipun, goloᶇ kaᶇ pra santana, bala~amiraṅgili~iṅkaᶇ sumambuᶇ, balané baris balabar, bala bas lan ṅabdulsamsi.
10. kabèḥ bala para kadaᶇ, kaliḥ wĕlas prasamya~anambuṅi, miwaḥ tuṅgul payuṅipun, kabèḥ bandéra pĕṭak, rontèk pĕṭak maḷĕtuk lirudan kapuk, wuri kaṭaḥ para nata, mor bala~iᶇ ṅalabani.
11. cinatur wolulas dina, antarané tĕlasé kaᶇ prajurit, wus datan kĕna cinatur, guṅé bala kupaṙmman, wuwuḥ wuwuḥ kèhé tan kĕna winuwus, prasasat samodra wutaḥ, anĕsĕki kaᶇ wanadri.
12. kunĕᶇ maliḥ kaᶇ winaṙṇna, sira~unuk maṙddawan lanapatiḥ, ƀaktiyar tétéla sāmpun, atas dènya miyaṙṣa, yèn buḍalé sakiṅiᶇ rokam woṅaguᶇ, kalana surayèᶇ jagat, mriᶇ jaminambaraṅgitik.
13. ƀaktiyarunuk maṙddawan, nĕḍa~atĕr mriᶇ balané kotaltil, kotaltil balané maṅkrub, maṅkrub luraḥ malékat, tukaᶇ bañu miṅkahil namané maṅkrub, ƀaktiyar maṙddawan buḍal, sakiᶇ prajané kotaltil.
14. iᶇ siyaᶇ dalu lumampaḥ, tan winaṙṇna~iᶇ maṙgga sāmpun prāpti, iᶇ jaminambar kuṭa guᶇ, maṙddawan lan ƀaktiyar, dutanira kotaltilañjujug maṅkrub, ṅirid maṙddawan ƀaktiyar, wus paṅgiḥ lawan miṅkahil.
15. katur mula bukanira, yèn ƀaktiyar papatihiᶇ mĕdayin, maṙddawan saduluripun, ṅuni~unuk maṙjjaban, ṅambaṙkkawit mantuné gulaṅgé praƀu, dadi buburon kaliḥnya, prāptané punika ṅuṅsi.
16. maṙddawan ƀaktiyar samya, wus ƀinĕkta miṅgaḥ maraṅiᶇ laṅit, winĕliᶇ pratiṅkahipun, umarakiᶇ hyaᶇ sukṣma, rabusamawati~aṅaku hyaṅaguᶇ, sabaraᶇ pratiṅkahira, kadi~amamak hyaᶇ widđi.
17. sira maṙddawan ƀaktiyar, akĕkiṇṭil maraᶇ mlékat miṅkahil, miṅgahiᶇ laṅit kapitu, prāpta~iᶇ balé ṅaras, ṅoyog kori malékat miṅkahil maṅkrub, jabrahil surakal mĕdal, lawan duljalal ṅijrahil.
18. lawanisrapil sapaṙddan, kumpul papat malékat mukarabin, sami marakiᶇ hyaṅaguᶇ, pinarak balé ṅaras, muṅgèᶇ siṅasana~iᶇ yakut jumĕrut, widadari kaṅaṅayap, wontĕn kalihatus sisiḥ.
19. sujud malékat sakawan, woᶇ kakaliḥ tumut maṙddawan patiḥ, kalihé tumutasujud, muṅgèṅiᶇ wurinira, iṅkaᶇ papat kinèn taṅi sakiᶇ sujud, jabrahil ṅijrahil samya, miṅkahil ṅisrapil taṅi.
20. kantun ƀaktiyar maṙddawan, makṣiḥ sujud saᶇ rabusamawati, ṅandika maraṅiᶇ maṅkrub, hèḥ miṅkahil ta sapa, ya kawulaniṅsun sira gawa maṅsuk, maṅkrub miṅkahil tur sĕmbaḥ, giḥ kawulaniᶇ hyaᶇ widđi.
21. satuṅgilaran ƀaktiyar, ṅuni mapan papatihiᶇ mĕdayin, maṙddawan satuṅgalipun, ṅambaṙkkawitiᶇ rokam, kadaṅunuk maṙjjaban kalihé katur, dadya buburon punika, mila ṅuṅsi~iᶇ hyaᶇ widđi.
22. amƀĕkta~atur punika, mila gupuhumarakiᶇ hyaᶇ widđi, aṅandika rāja rabus, hèḥ ƀaktiyar ta~iya, karo pisan sumĕdya~apuraniṅsun, pan sira kawulaniᶇwaᶇ, nora wuruᶇ sun tuluṅi.
23. ƀaktiyar taṅi kalawan, saᶇ maṙddawan ƀaktiyar turirèki, ḍuḥ tuwan kaᶇ maha luhur, kaᶇ misésèᶇ kawula, iṅkaᶇ luwiḥ wikan ḍatĕᶇ maklukipun, kaṅanitaḥ bĕcikala, amba ṅaturi~udani.
24. wontĕn tĕraḥ kinawasa, iṅgiḥ tĕraḥ sakiᶇ nabi~ismaṅil, mĕkaḥ kalahiranipun, prakosa mandraguna, ṅawulakkĕnaḷĕkṣan kaᶇ para ratu, akĕkuṭa~iᶇ kupaṙmman, balané kadi jaladri.
25. iᶇ maṅké wontĕniᶇ rokam, pan kinĕrig baᶇ wétaniᶇ para ji, mila gulaṅgé pukulun, datan kuwawi nambak, miwaḥ salsal pukulun sami~anuṅkul, rāja gajimandalika, ukturanaḍahi jurit.
26. tumpĕs datanpa kukuban, sabalané bĕsmi sami wor siti, gajimandalika~uktur, dadyawu kunaṙppanya, nagariné dèn śīṙṇnakkĕn labĕtipun, sāmpun dadi~ara~ara, iᶇ praᶇ kurugan papati.
27. iṅkaᶇ sāmpunatétéla, iᶇ baᶇ wétan wiṅrin para naṙppati, tĕmaḥ suwita sumuyut, ratu gĕṅagĕᶇ samya, pira pira kaᶇ kasaban ḍamparipun, kumaluṅkuṅanèᶇ jagat, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi.
28. iᶇ maṅké sāmpun kikirab, sakiᶇ rokam nĕdya gitik mariki, wadya kadya lun gumuluᶇ, kaṭaḥ ratu misésa, iṅkaᶇ sami~abĕbala para ratu, kaᶇ sami sudibyèᶇ yudđa, tanpa wilis kaᶇ para ji.
29. para putrané sadaya, anĕracak samya prawirèᶇ jurit, tur sami~umadĕg ratu, anagri sowaᶇ sowaᶇ, sabaṇḍoyot mandraguna~iᶇ praᶇ pupuḥ, sagaṙwwané sami digbya, prawīra mucuṅiᶇ jurit.

5. untabipun prajurit jaminambar kalihan prajurit kupaṙmman. 

5. pocuᶇ 
1. panaṅgugukaṅakakaṅĕmbat pupu, wahu duk miyaṙṣa, rāja rabusamawati, iṅaturé ṛĕkyana patiḥ ƀaktiyar.
2. hèḥ woṅiku~iya patihiᶇ mĕdayun, aṛĕp sraḥ palastra, yèku si surayèᶇ ƀumi, apa dèn go~aṅalaḥna maraṅiᶇwaᶇ.
3. balaniṅsun kadi ṛĕṇḍĕᶇ maṅsa jawuḥ, miwaḥ sugihiᶇwaᶇ, iku~iṅsun kaṙṣa laṅit, laṅitĕmas sèwu yuta ḍacinana.
4. jĕmbaripun sadina~iṅkaᶇ maṅidul, aṅétan sadina, maṅulon maṅalor sami, añadina paniku lakuniᶇ jaran.
5. salaka guᶇ suwasa pan laṅitiṅsun, tĕmbaga kuniṅan, paruṅgu kalawan wĕsi, sapa kĕlar woᶇ maṅkono ṅalam donya.
6. laḥ ta~iku balaniṅsun para ratu, pan tanpa wilaṅan, miwaḥ satriya đipati, kadya bañjir baṅawan tiba sawaṅan.
7. ṅandika sru mriᶇ malékat papatipun, paḍa~aṅĕriga, rikatĕna sĕlak prāpti, muṅsuhira wutahati kaduk śūra.
8. bĕcikana jaban kuṭa lor lan kidul, iṅkaᶇ wétanika, pamédaniᶇ kanan kèri, cawisané baḍéné muṅsuḥ kaᶇ prāpti.
9. balanipun saratu sajuru juru, anèᶇ kèri kanan, kaᶇ baḍé naḍahi taṇḍiᶇ, taṇḍiᶇ wĕndra yuta bara muṅsuhapa.
10. duwé~aturiya kaya balaniṅsun, lir tibaniṅudan, ḷĕbur sunurugi pati, apa kĕlar woᶇ wétananimbaṅana.
11. tan cinatur sadina dina kaᶇ rawuḥ, bala sakiᶇ mañca @, nāgara miwaḥ pasisir, kadi guntur prahara kaᶇ mañjiᶇ kiṭa.
12. ana ratu kalihatus lagi rawuḥ, sakiᶇ jaminasar, saᶇ rāja katil mukatil, iku ratu kĕmbar kalihatus pisan.
13. wontĕn ratu~iṅkaᶇ prāpta tigaṅatus, sakiᶇ jaminurat, lor kulon watĕsiᶇ laṅit, sami ratu bala nata lir hèr nawa.
14. wontĕn ratu prāpta maliḥ kawanatus, sakiṅujuṅlukar, poñcot laṅiturut wukir, rāja jaṅkuᶇ rāja jaṅkaᶇ rāja jaṅkar.
15. rāja kabul rāja kabut rāja maṙbbut, rāja pulaᶇ nawaᶇ, ratu~andĕliṅajurit, rāja bulbul rāja bulkuᶇ rāja waṅkaᶇ.
16. wontĕn ratu rawuḥ sakiṅujuṅkuwuk, ratu pituᶇ daśa, sami~urutiᶇ pasisir, wontĕn maliḥ ratu sakiᶇ paraᶇkĕmbaᶇ.
17. pituṅatus sami ratu~aguṅaguᶇ, paṅaṙṣaniᶇ nata, nĕṅgiḥ rāja gunturapi, rāja jĕkèk lawan rāja gajimawar.
18. rāja~unuᶇ rāja wagal rāja jĕmur, rāja~ujuᶇwijaᶇ, rāja baka rāja bindi, balanipun kabèḥ lir samodra bĕna.
19. rāja katuᶇ rāja bunu rāja kadrus, rāja jalismuraḥ, akaṭaḥ lamun winaṙṇni, lir suṅapan samodra ratu kaᶇ prāpta.
20. wontĕn ratu prāpta maliḥ kalihatus, pan kadya hèr nawa, ratu sakiᶇ jaminuḍis, paṅagĕṅé rāja~abraḥ rāja buṙṣam.
21. rāja nujmul rāja kibri rāja butnu, rāja pilaṅkuraḥ, rāja guṙṇnut rāja kiṙttin, datan kĕna cinatur kèhiᶇ kaᶇ bala.
22. ratu ratu kĕriganiṅkaᶇ jinujug, wadanané~ana, kaᶇ sami wismèᶇ nagari, sosorané ratu malékat sakawan.
23. ratu~aguᶇ rāja tuṙṣina puniku, lawan rāja pulkan, rāja kamti tri sĕṅadi, mrāja kantil kaᶇ sami~anèᶇ nāgara.
24. rāja bandun sĕṅadi puniku~aguᶇ, ratu kaᶇ malékat, sakawanagĕᶇ pribadi, sasat patiḥ malékat papat muꝁaram.
25. kunĕᶇ wahu kaᶇ ṅumpulkĕn para ratu, nāŧèᶇ jaminambar, rāja rabusamawati, bala kadya sayuta wukir samodra.
26. ratu wutuḥ dèrèᶇ kambaḥ kambaḥ muṅsuḥ, lagi sapunika, ana wani~aṅlurugi, sajĕg jĕgé baᶇ kulon kĕkĕs sadaya.
27. kaᶇ winuwus gantya bala kaᶇ lumaku, sakiᶇ nagri rokam, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, balakuswa kadi wutahiᶇ samodra.
28. para ratu tanpa wilisaguṅaguᶇ, prāpta lampahira, ‍‌ĕṅgèné munara ṅuni, bèji~iṅkaᶇ karamat sultaniskandar.
29. sami dulu tilasé pamañcalipun, paṅéraniᶇ kélan, duk ƀinĕkta~iᶇ saᶇ putri, juluᶇ sulasikin putri jamintoran.
30. sami ṅuṅun saguᶇ kaᶇ samya~andulu, patilasanira, rājaputra kahélani, kaᶇ ṅrasani pinikat sakiṅiᶇ kĕmat.
31. kaᶇ wadya guᶇ sami~ayĕmiᶇ tyasipun, nèᶇ tamaniskandar, wana jaminiṅrab nĕṅgiḥ, kaṭaḥ palakiṙṇna di~adi~iᶇ wana.
32. kaliḥ taṅsu maṙgga sadina piᶇ tĕlu, gèn bèji munara, punika kaᶇ dèn sipĕṅi, wananipun kèḥ palakiṙṇna tur rata.
33. laminipun lampahiᶇ kaᶇ para ratu, sāmpun kaliḥ candra, cucuk sakawan para ji, rāja daṙkkup kalawan praƀu sudirham.
34. katrinipun rāja bṛêgawan dibya nuᶇ, lan rāja banukap, gĕgĕḍug ratu prajurit, nagri rokam kapat maṅgalaniṅapraᶇ.
35. lampahipuniᶇ maṙgga datan winuwus, ratu kaᶇ sakawan, kaᶇ sami~anuntun maṙggi, wusaṅidak talatahiᶇ jaminambar.
36. ḍusun ḍusun wawatĕs kaᶇ sami tumut, ƀumi jaminambar, ginĕmpur dipun bahaki, awurahan gègèr giris woᶇ tampiṅan.

6. woṅaguᶇ noñjok sĕrat panantaᶇ. 

6. girisa 
1. gègèr samya biluluṅan, déśa tampiṅan kèḥ bubar, girisé lamun woᶇ lanaᶇ, kinèn numpĕsi sadaya, lamun wadon binoyoṅan, sanadyan cilik yèn lanaᶇ, yĕkti pinatèn paniṅkaᶇ, paréntaḥ gulaṅgé rāja.
2. mriᶇ ratu sakawan ṅaṙṣa, kaṅiṅajanan saᶇ nāŧa, yèn woᶇ jaminambariya, nora patuturipana, ratuné ṅaku hyaᶇ sukṣma, nadyan sato patènana, aja si jalma manuṣa, gulaṅgé paréntahira.
3. dadya woᶇ kohkarib milya, woᶇ rokam sapolahira, bahak boboyoṅi samya, gĕmpuran saguᶇ woᶇ déśa, patiᶇ paliṅuk sadaya, dèrèᶇ taté muṅsuḥ prāpta, katur maraᶇ ratunira, yèn mĕṅsaḥ prāpta cucuknya.
4. ratu sakawan balanya, praƀu gulaṅgé~iᶇ rokam, agulaguliᶇ papraṅan, paṅirid rāja subĕrham, banulkap rāja bṛêgawan, rāja daṙkkum sakawannya, balané kalaṅkuᶇ ṛĕsaḥ, ambĕboyoṅaṅṛêrayaḥ.
5. sipat lanaᶇ tinumpĕsan, maṅkana maṅkrub malékat, matur mriᶇ paṅéranira, rāja rabusamawatya, yèn cucukiᶇ mĕṅsaḥ prāpta, woᶇ tampiᶇ gĕmpur sadaya, mĕṅsaḥ laṅkuᶇ ṛĕsahira, ambĕboyoᶇ kaṙyya pĕjaḥ.
6. rāja rabus laṅkuᶇ duka, samawati duk miyaṙṣa, yèn cucuké mĕṅsaḥ prāpta, balané praƀu gulaṅgya, kaᶇ dadya panuntunira, paṅañjur bala maṙmmađya, aṅlir kaᶇ samodra bĕna, aṅĕlèbi~ara~ara.
7. lir gunuᶇ guntur sawĕndra, untabé kaᶇ wadyabala, aṅĕbĕki wanapriṅga, rāja rabusamawatya, ṅuṇḍaṅi saguᶇ balanya, kaᶇ salawé~atus prāpta, iṅkaᶇ pinacak puṅgawa, nèᶇ jaminambar kuṭanya.
8. punika ratu wadana, karèhiᶇ malékat papat, jabarahilé surakal, ṅijrahilipun duljalal, israhilipun sapaṙddan, rāja maṅkrub miṅkahilan, malékat papat punika, lir papatiḥ tĕgĕsira.
9. aparéntaḥ nambutkaṙyya, anèᶇ laṅit catur tuṇḍa, baḍéné paṅgénanira, rāja rabusamawatya, dènñaṙṣa dulu prāptaña, bala kupaṙmman sadaya, gumawaᶇ laṅkuᶇ tétéla, sakiᶇ laṅit catur tuṇḍa.
10. ubĕkan sadina dina, polahé woᶇ nambutkaṙyya, tiᶇ biluluᶇ solahira, woᶇ gĕḍé gĕḍé sadaya, tiᶇ kaḷĕsik paranika, woᶇ wétan luwiḥ prawīra, ṅlurugi~allaḥ manira, kudu~aṅajap duraka.
11. apa baya tinĕmuwa, baya ta kudu cilaka, manuṣa wani hyaᶇ sukṣma, sawĕnèḥ paṅucapira, jĕrika nora kabala, mulané wani punika, muᶇ lagi woᶇ kéné~iya, kaᶇ paḍa ṅaku hyaᶇ sukṣma.
12. lamun woᶇ kupaṙmmanika, tan sudi ṅaku hyaᶇ sukṣma, iya maraṅallahira, amuᶇ woṅiᶇ kéné paḍa, tanana tutur carita, mulané gugu kéwala, laḥ ta~iya rasakĕna, woᶇ kabèḥ kĕna duraka.
13. manira~olèḥ carita, wĕcané woᶇ kuna kuna, rusaké woᶇ jaminambar, yèn muṅsuḥ woṅaguᶇ wétan, ‍éliṅéliᶇ babo paḍa, iya ta maṅsa wuruṅa, nāgaramu bakal rusak, naṅiᶇ dènaṅirit paḍa.
14. tatarubé sāmpun dadya, muṅgèᶇ laṅit catur tuṇḍa, rāja rabusamawatya, siᶇ balé ṅaras tĕḍaknya, nèᶇ laṅit piᶇ pat sinéba, dènya jĕnĕṅi ṅayudđa, lèr kiṭa lan kidul kiṭa, gèniᶇ barisiᶇ kaᶇ bala.
15. ya ta wahu kaᶇ winaṙṇna, laminé~ana~iᶇ maṙgga, gagaman kupaṙmman prāpta, woᶇ rokam kaᶇ tuduḥ maṙgga, paṅirid muṅgèṅiᶇ ṅaṙṣa, panutané lampahira, dupi mèḥ ṅambaḥ nāgara, maṅgiḥ raratan nāgara.
16. woᶇ rokam kaṅanèᶇ ṅaṙṣa, maṙmmadi paréntahira, ratu sakawan punika, kinèn sami~amiréya, baliya wor kañcanira, muᶇ woᶇ kohkarib kéwala, wus ṅambaḥ ratan nāgara, maṅsa ta ṅaraḥ biṅuṅa.
17. saṅśaya sru kagégéran, polahé woᶇ sanāgara, lumayu~asalaᶇ tuñjaᶇ, ṅili mriᶇ jro laṅit samya, sadaya gumyur tyasira, kasub prāptaniᶇ kaᶇ mĕṅsaḥ, cucuké prāpta nāgara, praƀu maṙmmadi kaᶇ nama.
18. oṛĕg saprāja gumĕraḥ, déné wantĕré kaᶇ mĕṅsaḥ, bañjur tanana tinaha, muᶇ lèrèn koriniᶇ kiṭa, bañjur kaṙyya pamoṇḍokan, ayĕmiᶇ sasolahira, tanana~iṅkaᶇ tinaha, muᶇ gajul brubul prāptaña.
19. lawan carakané prāpta, satriya kaliḥ dinuta, satuṅgal tan mawi bala, jaṅgiri titihanira, putra ṅabĕsi yujana, kahaṙkkusmèn lawan sira, dyan samadikun sĕmbada, amuṇḍi tuṅgul panantaᶇ.
20. lor kidul koriniᶇ kiṭa, akĕbak wus binarisan, pan lalakon limaᶇ dina, jĕjĕl baris maṅulonnya, miwaḥ kaṅĕlor maṅkana, baris lir mĕṇḍuᶇ sinawaᶇ, iᶇ lalakon tĕluᶇ dina, tĕḍak tanana sumĕla.
21. gumrudug prāpta puṅgawa, mriᶇ kori sakèṭèᶇ wétan, déné~ana katiṅalan, kaᶇ prāpta kadya dinuta, satriya loro balaka, pan saṙwwi~amuṇḍi layaᶇ, pra đipati~iṅkaᶇ taña, woṅiᶇ ṅĕndi~iṅkaᶇ prāpta.
22. rupamu paḍa maṅkana, ambĕgmu guᶇ kumasura, sumahur kaᶇ tinakonan, iṅsuniki rāja duta, iṅutus mriᶇ gustiniᶇwaᶇ, atuṙna mriᶇ ratunira, duta woṅaguᶇ kupaṙmman, gawa surat prāptaniᶇwaᶇ.
23. ana woᶇ jabarahilan, śīǥra dènira lumaywa, muṅgaḥ mriᶇ laṅit kapiᶇ pat, maturiᶇ saᶇ hyaᶇ wisésa, pukulun kaᶇ kinawasa, maraṅiᶇ sakèhiṅumat, iᶇ jawi wontĕn woᶇ prāpta, iṅgiḥ carakaniᶇ mĕṅsaḥ.
24. mawi sĕrat prāptanira, saṙwwi sujudaturira, ṅandika hyaᶇ kaᶇ wisésa, rāja rabusamawatya, maraᶇ kaᶇ malékat papat, jabrahil ṅijrahil lawan, israpil miṅkahil paran, prāptané caraka~ika.
25. apa bĕcik sunuṇḍaṅa, apa layaṅé kéwala, pradondi~iṅaturira, pra malahékat mukarab, ana matur nimbalana, ana matur pinuṇḍuta, iṅgiḥ layaṅé kéwala, dadya~utusan muṇḍuta.
26. iṅgiḥ maraᶇ suratira, duta kariya nèᶇ jaba, ywa milu muṅgaḥ ṅakasa, malékat kaliḥ dinuta, muṇḍut suratiᶇ caraka, radèn kahaṙkkusmèn ñĕntak, macicil saṙwwi~amulat, mriᶇ samadikun sasmita.
27. lahiku tataniṅapa, ṅĕndi~ana woᶇ dinuta, tan wruhiṅkaᶇ pinaranan, yèn caraniᶇ gustiniᶇwaᶇ, sun palahur muliharan, aṅur sun piliḥ matiya, kalawan sinĕbut tiwas, aṅilaṅilaᶇ darajat.
28. ṅosikakĕn pĕḍaṅira, radèn samadikun taṅgap, malékat waṅsul caṅkélak, matur maraᶇ gustinira, rāja rabusamawatya, sujud prāpta~iᶇ ṅajĕṅan, taṅis sujudaturira, ḍuḥ gusti saᶇ maha mulya.
29. surat pinuṇḍut tanaṅsal, duta macicil kaᶇ nétra, saṙwwi molahakĕn pĕḍaᶇ, caṇṭula ṅucap dĕkṣura, sun palahur muliharan, aṅuṙmmati ṅamuk mĕṅsaḥ, makatĕn paṅucapira, duta kakaliḥ taruṇa.

7. prajurit jaminambar sagaḥ ñiṙṇnakakĕn prajurit kupaṙmman. 

7. sinom 
1. anari malékat papat, rāja rabusamawati, paranika kaṛĕpira, cinĕkĕl koṅkonaniki, mata karo cinukil, lawan kupiṅé pinĕruᶇ, déné liwat dĕkṣura, matur nĕmbaḥ jabarahil, ḍuḥ pukulun kaṅaguṅiṅkaᶇ misésa.
2. lamun tuwan makatĕna, animbaṅi laré cilik, laṅkuᶇ niṣṭa lokiᶇ jagat, tan wontĕnutusan mati, nadyan prāptaniᶇ sakit, dèrèᶇ wontĕnadatipun, malaḥ maṅgiḥ gañjaran, lampahé ratu linuwiḥ, pan pāduka gustiné kaᶇ rāja raja.
3. laṅkuᶇ dènira ṅṛêṛĕpa, jabrahil surakalarib, dadya kèndĕl duk miyaṙṣa, rāja rabusamawati, mĕnĕᶇ daṅu tanaṅliᶇ, iṅkaṅaṅaku hyaṅaguᶇ, ya ta ṅandika taña, sapa rané duta kaliḥ, nĕmbaḥ matur mukarabiṅkaᶇ dinuta.
4. satuṅgil putra yujana, radèn kahaṙkkusmèn pĕkik, déné ta~iṅkaᶇ satuṅgal, putrané rājèᶇ ṅabĕsi, sami nom pĕkik pĕkik, nama kodrat samadikun, anèḥ kaᶇ tinitihan, awak macan siraḥ sapi, kadya gagak cĕmĕṅé mĕḷĕs kalintaᶇ.
5. ya ta malihaṅandika, rāja rabusamawati, nĕṅgihiṅkaᶇ tinakonan, déniᶇ malikus walaṙlli, nalika~iku patiḥ, ƀaktiyar wontĕniᶇ ṅriku, winĕnaṅanuṅgala, lawan malékat miṅkahil, ya ta matur sira ki patiḥ ƀaktiyar.
6. pukulun kaᶇ tinitihan, caraka kaliḥ kaᶇ prāpti, nama jĕṅgiri punika, rikat ƀinĕkta ṅajurit, sakiᶇ ḍayak nagari, aṅsalé kala rumuhun, saᶇ praƀu jaminambar, ṅandika mriᶇ jabarahil, wĕtonana caraka ṅantiya~iᶇwaᶇ.
7. papakĕn kaᶇ para nata, sakapraƀoniᶇ naṙppati, paḍa naṅkila sadaya, saguᶇ malékatiᶇ laṅit, paḍa mĕḍuna sami, muᶇ kariya~iṅkaᶇ tuṅguk, kaᶇ mubĕᶇ mubĕᶇ paḍa, ṅrasuk būṣaṇa naṙppati, ṅébatébat kaᶇ rinasuk būṣaṇanya.
8. daḷĕdĕg kaᶇ para nata, sabūṣaṇaniṅajurit, miwaḥ saguṅiᶇ malékat, aṅgili kaᶇ sakiᶇ laṅit, būṣaṇa waṙṇni waṙṇni, tanantara tĕḍakipun, naṙppati sahésalam, ginaṛĕbĕg widadari, para putri tawan kalihèwu ḍomas.
9. supĕnuḥ kaᶇ para nata, ḍuné rabusamawati, sakiṅiᶇ laṅit kapiᶇ pat, nalikanira kahèkṣi, saguᶇ woᶇ pañcaniti, añjirap sadaya sujud, déné para malékat, iṅkaᶇ muṅgèᶇ kanan kériᶇ, pan sadaya ṛĕbaḥ sujudiᶇ pratala.
10. amuᶇ malékat sakawan, aṅadĕg saṙwwi~amaṇḍi, gada wrat roṅèwu ḍomas, ṅijrahil lawan miṅkahil, lawan gulaṅgé sami, duljalal kalawan maṅkrub, déné kaliḥ punika, jabarahil lan ṅisrapil, tan patyagĕᶇ sami lawan rāja salsal.
11. surakal lawan sapaṙddan, maṅka rabusamawati, muṅgèᶇ siṅaṅsana ṛĕtna, gawok rājaputra kaliḥ, kahaṙkkusmèn niṅali, lawan kodrat samadikun, déné ṛĕbaḥ balasaḥ, tanana jaṅgèlèk siji, panaṅanti paṅatagé ratunira.
12. gumlĕgĕr dènya ṅandika, rāja rabusamawati, hèḥ kabèḥ manuṅsaniᶇwaᶇ, gĕḍé cilikaja kèri, iya paréntaḥ mami, ataṅiya sakiᶇ sujud, śīǥra taṅi sadaya, iya kaᶇ caraka kaliḥ, sinahosaniya kaᶇ kuṙṣi kañcana.
13. caraka kaliḥ wus ḷĕṅgaḥ, jabarahilamarani, alon wahu wuwusira, hèḥ duta surayèᶇ ƀumi, ywa dadi tyasirèki, duta woṅaguᶇ pinuñjul, sabara~iᶇ pratiṅkaḥ, sun jaluk suratirèki, aja susahiṅsuniṅkaᶇ ñahosĕna.
14. apan ratuniᶇ minulya, kaṅaṅutusiᶇ sirèki, paṅgonan para~utama, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, sĕmbada kaᶇ tinudiᶇ, pra~atmaja bagus bagus, yĕkti sugihapura, sakĕḍikéḍaᶇ ṅlumuhi, tĕtĕkoné~iᶇ nāgara sowaᶇ sowaᶇ.
15. yèn nora~aṅlumuhana, sayĕkti cacadiᶇ ƀumi, tan susaḥ sunucapĕna, aran wusagĕmirèki, woṅaguᶇ wétan luwiḥ, iya sakiṅamotipun, ñabari maraᶇ mĕṅsaḥ, liliḥ tyas satriya kaliḥ, sinuṅakĕn surat saṙŧa wuwusira.
`16. ywa liya sira ṅatuṙṇna, naṅiᶇ paṇḍinĕn puniki, ṅuṅkulana sirahira, mèsĕm sira jabarahil, sun papak lawan kupiᶇ, sĕḍĕᶇ siḍaᶇ siriṅipun, mèsĕm duta kaliḥnya, iya sakaṙṣanirèki, nulya maṅkat maraᶇ ṅaṙṣané saᶇ nāŧa.
17. prāpta ṅaturakĕn surat, rāja rabusamawati, pan sāmpun nampani surat, winahos sinukṣmèᶇ galiḥ, bubukaniᶇ kaᶇ tulis, pupuji maraᶇ hyaṅaguᶇ, iṅkaṅakaṙyya jagat, kaᶇ sayĕkti maha suci, kapiᶇ kaliḥ mriᶇ nabi~ibrahim duta.
18. sawusnya muji kaliḥnya, hèḥ saᶇ rabusamawati, wruhanira prāptaniᶇwaᶇ, maraṅiᶇ kuṭanirèki, aṅantĕpiᶇ sirèki, atobata~iᶇ hyaṅaguᶇ, aja~aṅaku~allaḥ, cilaka gĕᶇ kaᶇ pinaṅgiḥ, marènana~aja~agawé malékat.
19. yèn sira~iku~amampaᶇ, nora sĕdya mamarèni, gonira~aṅaku~allaḥ, iya sun kaᶇ bilahèni, ratu ṅudubilahi, sahésalam sira~iku, paṣṭi~aṅajap rusak, aṅgĕgawa woᶇ sa ƀumi, lamuniya mari kabèḥ tiṅkahira.
20. nuruti paréntahiᶇwaᶇ, agama nabi~ibrahim, tulusa karatonira, iṅsun nora~aṅowahi, makṣiha sira~ugi, sinĕmbaḥ samaniᶇ ratu, hèḥ ratu jaminambar, ‍éliṅéliᶇ dèn pakéliᶇ, lamun makṣiḥ maṅkono pratiṅkahira.
21. nora wuruᶇ mati rusak, gadaniṅsunusamadi, kaṅamĕcat ñawanira, nora suwé wadya mami, bojod laṅitirèki, dèn karuwan sĕsaṅgupmu, hèḥ ratu jaminambar, dèn pratéla dènatiti, ambuwaṅa polaḥ tiṅaḥ nora kapraḥ.
22. sira gawé lalaṅitan, apa paṅrasanirèki, agawé~ébatiᶇ jagat, sapa sugiḥ kaya mami, laṅitapa ta~iki, muᶇ nĕm dina jĕmbaripun, agawé malahékat, paḍa ṅisiṅakĕn tahi, maṅan roti nora maṅan subꝁanalaḥ.
23. yèn ratu baᶇ kulon paḍa, aṅguṅguᶇ polaḥmu~iki, paḍa woᶇ jaban warana, adoḥ patrapan kaᶇ bĕcik, patut nāgara piṅgir, gawé polaḥ nora patut, luwiḥ paṅrasanira, yèn muṅguḥ woᶇ pusĕr ƀumi, tanaḥ tĕṅaḥ gèné tata gèniᶇ krama.
24. goniᶇ papantĕs lan nora, dulu tiṅkaḥmu tan sudi, yèn muṅguḥ woᶇ tanaḥ tĕṅaḥ, ṅlakoni maṅkono~isin, gawé laṅit nĕm bĕṅi, jĕmbaré nadyan satahun, nora pantĕs tinimbaᶇ, lawan laṅitiᶇ hyaᶇ widđi, liwat sakiᶇ tanpa ṅrasa polahira.
25. iku pakaṙttiné bocaḥ, iya sakiᶇ tanapikir, kuraᶇ pituturiᶇ kitab, milané saṙwwa ñĕñĕṅit, kira tanana wani, iku ṅaku saᶇ hyaṅaguᶇ, laṅitmu muᶇ sacĕṅkaᶇ, jĕgiṅgis bĕtahiṅisin, allahapa jéṅgoté kĕna pinaras.
26. cinukur maliṅaguna, baṭuk kĕna cinaliriᶇ, tinulis cinaloréṅan, lagi sĕmono nĕmahi, hèḥ rabusamawati, kaguṅaniᶇ hyaᶇ kaᶇ nèṅsun, kuṭaniṅsun kupaṙmman, gawéya kaya sirèki, tĕluᶇ kaya maṅkono sayĕkti bisa.
27. sakiᶇ paṅguṅguṅiᶇ sukṣma, kèhé bala kaᶇ para ji, lan kèhé kaguṅaniᶇ hyaᶇ, kaᶇ sinampirakĕn mami, nanarika mās mami, maraᶇ saguᶇ para ratu, suwasa lan salaka, nuli~iṅsun kaṙyya laṅit, baya dadi lalakon sapuluḥ dina.
28. ṅalor ṅulon ṅidul ṅétan, lalakon ñapuluḥ wĕṅi, maṅsa kaya polahira, niṣṭa kusut bĕtahisin, laṅitira muᶇ kĕḍik, sadina ṅétanaṅidul, ṅulon ṅalor sadina, kumaruk ṅaku hyaᶇ widđi, déné déné pĕpaka dandananira.
29. ‍émanĕn karatonira, sira ratu piṅgir laṅit, garobohadoḥ prayoga, pira pira kaᶇ para ji, gonĕn ƀĕkti hyaᶇ widđi, méndaḥ ta luhurirèku, kaᶇ para ratu dunya, tanana kadya sirèki, sugiḥ bala para ratu sugiḥ donya.
30. dèrèᶇ tutug mahos sĕrat, astané katiṅal makṣiḥ, añĕkĕl layaᶇ winaca, astanira~iṅkaᶇ kèri, kikipat dènya runtik, sĕlan dariji kumukus, gègèr sami~aṅiwa, kaṅanaṅkilanèᶇ kèri, mĕtu~api~astanira sahésalam.
31. tutug dènya mahos sĕrat, aṅliᶇ rabusamawati, hèḥ hèḥ woṅiᶇ jaminambar, wruhanira layaṅiki, yèn masa~awak mami, sakĕṭi ḍacin wratipun, mĕṅko prāpta woᶇ wétan, muᶇ dènarani satahil, mās tampikan satahiliku mās mĕntaḥ.
32. mās kaᶇ mĕntaḥ kaya nanaḥ, pan nora~aji sabitiᶇ, kaya pa paṅrasanira, sakèhé manuṅsa mami, kaᶇ paḍa duwé gusti, apa lila ta sirèku, matur kaᶇ para nata, kula béñjiᶇ kaᶇ mĕjahi, mriᶇ woṅaguᶇ kalana surayèᶇ jagat.
33. akaṭaḥ kaᶇ samudana, mula béñjiᶇ kaᶇ ñuñuwir, kulité sultan kupaṙmman, balané kula tumpĕsi, dèn sāmpun wontĕn kari, kaṅadol saṅgup gumuruḥ, duta putra yujana, miwaḥ putra~iᶇ ṅabĕsi, wus ginañjar kalihé kinèn mantuka.
34. matura~iᶇ gustinira, sun nĕdya ṅadu para ji, ṛĕṛĕmpon paniṅsun sĕdya, agawé samodra gĕtiḥ, balaniṅsun para ji, kabèhataṇḍiᶇ praᶇ pupuḥ, pragola ṅadu yasa, lawan si surayèᶇ ƀumi, aṅĕriga kabèḥ ratuné woᶇ wétan.
35. taṇḍĕsa pasisir pisasan, nora sĕdya sun giṅgaṅi, apraᶇ lan sultan kupaṙmman, ḷĕbura~amoriᶇ siti, paḍa ṅantĕpiᶇ jurit, wus taṇḍiṅé lawaniṅsun, iya si kakuṅiṅrat, iᶇ baᶇ wétan tanpa taṇḍiᶇ, iya~iṅsuniᶇ baᶇ kulon tanpa lawan.
36. pamit duta kalihira, saprāptanira~iᶇ jawi, taratag saṛĕᶇ gènira, sami~anitiḥ jĕṅgiri, nandĕr sahéṅga ṭaṭit, ciṅak doṅoᶇ kaṅandulu, umĕsat kadi kilat, wahu ta satriya kaliḥ, kiṭa jaminambar pan sāmpun kawuntat.

8. praƀu rabusamawati mrikṣani ḍatĕṅipun prajurit kupaṙmman. 

8. paṅkur 
1. kunĕᶇ sapuṅkuriᶇ duta, saṅapraƀu jĕṅkar miṅgahiᶇ laṅit, iṅkaᶇ kantun para ratu, dèrèᶇ wontĕn bubaran, sami tutur tinuturan balanipun, kaṭaḥ sami ḍinéḍélan, déniᶇ woᶇ wétan kaᶇ prāpti.
2. sikĕp kaᶇ dandan poṇḍokan, woᶇ baruṇḍul wani ḍèḍèli mantri, lamunana woᶇ lalaku, sikĕp papat lilima, kapapaga kalawan mantri sapuluḥ, dèn rayaḥ kari tĕlañjaᶇ, tanana wani ṅukuhi.
3. cinĕgaḥ mĕkṣa kéwala, ginĕbugan mĕṛĕm mĕkṣa ḍèḍèli, aṇḍĕṇḍa paṅucapipun, ratumu ṅaku~allaḥ, paṣṭi loma sira~añjaluka liru, tĕluṅané ratunira, nora miṅkĕdaṅlurugi.
4. mariᶇ nāgara baᶇ wétan, dadak dadi gawé ratumu~iki, dèn lurugi gustiniṅsun, mulané mĕṅko sira, iya paḍa~asoka ḍĕṇḍa mariṅsun, aṙṣa mĕḍaṅamĕḍaṅa, tan wuruᶇ sun palècèti.
5. woṅa satus kaᶇ lalampaḥ, yèn kapapag woᶇ sapuluḥ ḍèḍèli, paḍa magilan woᶇ bruṇḍul, aṅrampas woᶇ bĕraṅgaḥ, gawokakĕn woᶇ baᶇ wétan wantĕripun, woᶇ wusaṅañcik nāgara, tĕka makṣihaṅrayahi.
6. kunĕᶇ wahu~antukira, putra kaliḥ yujana lan ṅabĕsi, prāpta pasaṅgrahanaguᶇ, lajĕᶇ mariᶇ ṅayunan, matur solahiᶇ lampahira~iṅutus, ṅantĕp ratu jaminambar, sayĕkti~amapag jurit.
7. ‍èstu yèn datanpa sama, ratu jaminambar sugiḥ bala ji, wondéné~iṅagĕṅipun, kadi botĕn kahota, kaliḥ praƀu gulaṅgé myaṅiṅgilipun, naṅiᶇ kĕrasambĕg gaṅgas, rāja rabusamawati.
8. suka woṅaguᶇ miyaṙṣa, guṅiᶇ bala tan wontĕn kaᶇ nimbaṅi, tanpa wilis para ratu, śīǥra dènya sasmita, mriᶇ kaᶇ rayi sultan paraᶇtéja sāmpun, aṅlampahakĕn paréntaḥ, buḍala kaᶇ ṅrakit baris.
9. lampahiᶇ caraka prāpta, kaᶇ pakuwon saᶇ praƀu~iᶇ kohkarib, wus tampi paréntaḥ laju, lajĕᶇ nĕtĕg tĕṅara, gumaṛĕgut saprajurit para ratu, amparan mutyara ṅaṙṣa, wasiyat suléman nabi.
10. prāptané sakiᶇ ṅajĕrak, sasédané saᶇ praƀu~iᶇ mĕdayin, kinintunakĕn puniku, mariᶇ nagri kupaṙmman, winatara nadyan tanumadĕg ratu, pan rinatu para rāja, sanadyan ta~iṅkaᶇ rayi.
11. woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, pan rinatu ratu~iᶇ para~aji, tan kĕna sélakiᶇ sĕbut, sinĕbutiṅakaṭaḥ, mila kinintunanamparan jumĕrut, iṅkaᶇ susuku mutyara, winawatonan hèr ṭaṭit.
12. punika~iṅkaṅamparan, jĕᶇ suléman kala siniwèṅĕjin, amparan kadya~andaru, naṅiᶇ saᶇ kakuṅiṅrat, ajriḥ taklim tanaṙṣa pinarak ṅriku, muᶇ pinusaka kéwala, amparan suléman nabi.
13. iṅambil sawab baṙkkaḥnya, maṙmmanira ginotoᶇ muṅgwèᶇ ṅaṙṣi, sinoṅsoṅan pituᶇ puluḥ, maṅkana lampahira, ratu kadaᶇ kohkarib kaᶇ muṅgèᶇ ṅayun, wontĕn kuda pituᶇ ḷĕkṣa, lan rāja kañjir mukañjir.
14. lan baritma maliritma, rāja jaṙjjas kalawan rāja jaṙjjis, rāja jankura jajankuᶇ, lan jéras malijéras, tuṅgulabaᶇ biru roṅatus nèᶇ ṅayun, wontĕn kuda pituᶇ ḷĕkṣa, tigaᶇ ḷĕkṣa nitihèṣṭi.
15. iṅkaᶇ gaṛĕbĕgamparan, muṅgwèᶇ cucuk datan kawaṙṇnèᶇ maṙggi, prāptaniᶇ nāgara~ésuk, ṅañcik kikisiᶇ kiṭa, gègèrotĕr turaṅga kadya susuluᶇ, mantri kaṅaturuniṅa, yèn cucukiᶇ mĕṅsaḥ prāpti.
16. kadya wukiralalampaḥ, katur maraᶇ śrī rabusamawati, oṛĕg para ratu ratu, sami sahos paréntaḥ, kyana patiḥ ƀaktiyar ṅandikan sāmpun, miṅgahiᶇ laṅit kapiᶇ pat, aṅliᶇ rabusamawati.
17. ƀaktiyariṅsun tuduḥna, para ratu ṅarab kaᶇ samya prāpti, dupara wĕruḥ mariṅsun, iṅsuniṅkaᶇ waspada, nora wĕruḥ yèniᶇ kéné pṛênahiṅsun, dulu prāptané woᶇ wétan, prajurit samĕkta sami.
18. tanantara prāptanira, saṙŧa swara ḷĕbu ṅampakampaki, kambahiṅkaᶇ turaṅga guᶇ, lawanèṣṭi~aḷĕkṣan, blĕgĕdaba bihal mèmrèᶇ kuldi sĕnuk, awor kĕṇḍaᶇ goᶇ lan gubar, bèri guṙṇnaᶇ lan ṭoᶇṭoṅgrit.
19. kumĕpyur sami tyasira, kapiyaṙṣa tanadaṅu kahèkṣi, papaṇḍèn kaᶇ kalihatus, tuṅgulasri biru baᶇ, aṅandika hèḥ ƀaktiyar sapa~iku, iṅkaᶇ maṅkono woṅarab, patiḥ ƀaktiyar wotsari.
20. pukuluniṅkaᶇ misésa, botĕnéwaḥ woṅarab yèn lumaris, baṛĕpi baris panamuᶇ, naréndra kawan daśa, ratu kĕmbarumaṙmmadi kadaṅipun, katon kaᶇ gawa~amparan, kadya sūṙyya maṅsa katri.
21. anawĕṅi diwaṅkara, sru ṅandika śrī rabusamawati, hèḥ ƀaktiyarapa~iku, kaᶇ katon gĕbyar gĕbyar, ginaṛĕbĕgiᶇ kuda dipaṅga~aguᶇ, sinoṅsoṅan pituᶇ daśa, uladiᶇ baskara~asri.
22. umatur patiḥ ƀaktiyar, panamparan risaᶇ surayèᶇ ƀumi, paḷĕṅgahané puniku, kikintuné kaᶇ rama, iᶇ ṅajĕrak déné kaᶇ daṙbbé rumuhun, jĕᶇ nabi rāja suléman, suléman ratu~iᶇ ƀumi.
23. rāja kuskaliṅandikan, prāptèᶇ ṅaṙṣa saᶇ rabusamawati, paṅandikanira~asru, maraᶇ saᶇ rāja kuskal, hèḥ puṇḍutĕnamparan kaguṅaniṅsun, lan prajurit pituᶇ yuta, kalihatus kaᶇ para ji.
24. kaᶇ ratu kĕmbar sadaya, muṅsuhira baya kaᶇ prāpta~iki, ratu kĕmbar pataᶇ puluḥ, poma kuskal dèn kĕna, kaṅamparan jumĕrut kaguṅaniṅsun, tur sandika rāja kuskal, ya~urugana papati.
25. manĕmbaḥ saᶇ rāja kuskal, sāmpun marasamparan maṅké kĕni, śīǥra dènira tumurun, sakiᶇ laṅit kapiᶇ pat, prāptèᶇ ṅaṇḍap tĕṅaroṛĕg balanipun, sumahapumagutiᶇ praᶇ, kadya guntur bañjir wukir.
26. paṅaṙṣa kaᶇ para rāja, ratu papatiṅkaᶇ nĕmbuᶇ wus prāpti, hèḥ woṅarab tuṙna~iku, ya~iṅkaᶇ sira gawa, kaṅamparan jumĕrut kaguṅanipun, maha praƀu jaminambar, kaᶇ ṅayap kaᶇ dèn ḍawuhi.
27. ratu sakawan tanaṅsal, pan kapoṇṭal poṇṭal wus dèn gitiki, si~édanacula culu, śīǥra saᶇ rāja kuskal, ṅaṅsahakĕn prajurit saṛĕṅumagut, prakampita saṛĕᶇ maṅsaḥ, ambyuk kagèt woᶇ kohkarib.
28. wrin lamun taṅkĕp maṅkana, saṛĕᶇ tandaᶇ prajuritiᶇ kohkarib, prawīra saṛĕᶇ tumanduk, prajurit kaᶇ turaṅga, gĕlar sabĕn pamuké saṛĕᶇ kumrutug, sawusnya tĕmpuḥ mratiga, gĕlaré sulupiyatin.
29. mĕṅsaḥ yutan kawĕratan, paṛĕᶇ ṅamuk gègèré bala kapir, barisayutanañjumbul, samya kaṅgénan mĕṅsaḥ, mĕmĕḍaṅi~aṅgada miwaḥ ñalukun, kuwur kapapaniᶇ mĕṅsaḥ, wruhira wus mĕmĕḍaṅi.
30. gègèr balanira kuskal, wus kaḷĕbon gĕlar sulupiyatin, kĕḍik maratani muṅsuḥ, biṅuᶇ praṅé wus rusak, woᶇ kohkaribana mĕḍaṅana mupuḥ, muṅsuhé patiᶇ galigap, kaṭahiṅkaᶇ wus ṅĕmasi.
31. wuri saṅśaya kèḥ prāpta, balanira kuskal kadya jaladri, woᶇ kohkarib wuri sāmpun, nandĕriṅkaᶇ turaṅga, lajĕᶇ nĕmpuhaṭuké kaᶇ para ratu, saṙwwi~amĕwahi gĕlar, iṅkaṅaṙbbaṅupiyatin.
32. wuri malihana prāpta, wuwuḥ gĕlar ran ꝁamisupiyatin, ubĕkan woᶇ kapir biṅuᶇ, akèhĕṅgoné mĕṅsaḥ, karusakanakaṭaḥ papatinipun, tumpĕsé woᶇ jaminambar, paḍa kumpruṅiṅajurit.
33. praƀu maṙmmadi miyaṙṣa, yèn kadaṅé kaᶇ mambaṛĕpi baris, pinĕṭukiᶇ praᶇ garubuḥ, sāmpun kaṭaḥ kaᶇ pĕjaḥ, laṅkuᶇ duka maṙmmadi ṅatagiᶇ puṅkur, kinèn maṅlaṅgar mriᶇ ṅaṙṣa, sĕrotĕnaja ṅunduri.

9. prajurit jaminambar tutumpĕsan. 

9. duṙmma 
1. rāja~aṙjjanaṙddikapi lanaṙddiman, ṅiridiṅkaᶇ prajurit, kaᶇ sami turaṅga, nandĕr sakiṅiᶇ kanan, sapaliḥ kaᶇ sakiᶇ kériᶇ, nĕmpuḥ nĕmbalaᶇ, gĕlar sablupiyatin.
2. wusaṅrusak kumrutuganumpĕs mĕṅsaḥ, kadya babad buᶇ paciᶇ, anacaḥ sĕmaṅka, aṅobrakabrik mĕṅsaḥ, wontĕn pataᶇ jam kaᶇ jurit, balané kuskal, sakĕṭi~iṅkaᶇ mati.
3. para ratu mati tĕluᶇ puluḥ saṅa, nĕmatus pra đipati, mantri kaᶇ saḷĕkṣa, woᶇ kohkarib kaᶇ pĕjaḥ, muᶇ tĕluṅatus gĕlintiᶇ, woᶇ jaminambar, kambaḥ kosik katitiḥ.
4. woṅé wĕndran yutan praṅé tanpa guṇa, woᶇ kohkarib sakĕḍik, naṅiᶇ praṅé bisa, gĕlaré tuṇḍa tuṇḍa, woᶇ sapuluḥ dèn muṅsuhi, roṅatus bébas, kaᶇ sapuluḥ basuki.
5. iṅkaᶇ satus muṅsuhé roṅèwu bébas, iṅkaᶇ satus basuki, kaᶇ sèwu~amĕṅsaḥ, roᶇ ḷĕkṣa śīṙṇna gĕmpaᶇ, kaᶇ sèwu samya basuki, saḷĕkṣa mĕṅsaḥ, prajurit kaᶇ roᶇ kĕṭi.
6. kaᶇ roᶇ kĕṭi tumpĕsan ṛĕbaḥ bĕlasaḥ, kaᶇ saḷĕkṣa basuki, kaᶇ sakĕṭi mĕṅsaḥ, kalawan woᶇ roᶇ yuta, woᶇ roᶇ yuta tumpĕs tapis, sakĕṭi waras, prajuritiᶇ kohkarib.
7. naté~apraṅaṅamuk prajuritarab, bisa praᶇ maṅun wèṣṭi, anraᶇ priṅgabaya, gĕlaraṅituᶇ paṇṭan, maju nĕṅaḥ mĕcaḥ maliḥ, kaᶇ kĕna gĕlar, tiᶇ paliṅukiᶇ jurit.
8. iṅkaṅanon sakiṅiᶇ laṅit kapiᶇ pat, saᶇ rabusamawati, taña mriᶇ ƀaktiyar, kapriyé praṅé~ika, amparan mahu nèᶇ piṅgir, maṅkya nèᶇ tĕṅaḥ, ‍‌ĕndi kaṅasoriki.
9. śīǥra sami matur malékat mukarab, wadya tuwaniᶇ ṅriki, punika kasoran, iṅgiḥ malékat nukma, kĕṭèn wadya tuwan mati, ratu satriya, pra đipati kèḥ mati.
10. mĕṅsaḥ laṅkuᶇ kĕḍik punika kaᶇ pĕjaḥ, saᶇ rabusamawati, agoyaᶇ kĕpala, tiwas tĕmĕn si kuskal, sĕsaṅgupé tan pinaṅgiḥ, wus karusakan, balané~akèḥ mati.
11. ika~apa gègèré ṅulon sadaya, tanana ṅétan siji, muᶇ ṅulon sadaya, bisa praṅé si~arab, wontĕn prāpta sakiᶇ wuri, rāja nahiman, ƀĕkta duta sakĕṭi.
12. ririkatan tuṅgul lalayu bandéra, sami ṅiṅgil turaṅgi, linĕḷĕt sadaya, sapaliḥ kaᶇ kumĕlab, tuluṅiᶇ nāŧèᶇ kohkarib, nandĕr sadaya, nĕmpuḥ mañjiṅiᶇ baris.
13. lajĕᶇ mĕcaḥ balané rājèᶇ nahiman, dadya sabṅupiyatin, gègèrapuyĕṅan, saṅkinawuwuḥ risak, rāja kuskal wadyanèki, duk katiṅalan, mriᶇ rabusamawati.
14. hèḥ ƀaktiyar sapa ratu~anom prāpta, rikat mañjiᶇ jro baris, prajurit turaṅga, siji tanana ḍarat, patiḥ ƀaktiyar wotsari, kaᶇ kaponakan, iṅgiḥ rājèᶇ kohkarib.
15. arinipun punika~iṅkaᶇ puputra, iṅgiḥ rāja muntalir, ariné muntalar, punika madĕg rāja, wontĕniᶇ nagri badasir, rāja nahiman, bantu~iṅuwa~aji.
16. apan sāmpun kawĕca~iᶇ praᶇ turaṅga, wagĕd prawirèᶇ jurit, mrāja sahésalam, ṅatag sawiji rāja, kaᶇ taté~apraᶇ turaṅgi, sabalanira, sira saᶇ rāja gaṙṣim.
17. atutuluᶇ répoté saᶇ rāja kuskal, maṅsaḥ saᶇ rāja gaṙṣim, sakĕṭi balanya, tur kaᶇ sami turaṅga, tĕmpuḥ praᶇ sami turaṅgi, rāja nahiman, mĕṭukkĕn rāja gaṙṣim.
18. bayak goloᶇ prajurit gaṙṣimaṅsaḥnya, pritnĕba~iṅajurit, balané nahiman, kari sapaṇṭa pĕcaḥ, dadi pataᶇ paṇṭa maliḥ, narajaᶇ tĕṅaḥ, mĕtu~iᶇ kanan kèri.
19. carukuwor nahimanaṅikal pĕḍaᶇ, turaṅga cinamĕṭi, nandĕr kadya milar, pĕḍaᶇ kadya kitiran, mobat mabit ṅanan ṅériᶇ, ṅrampĕdaṅrampas, rāja gaṙṣim kababit.
20. turaṅgané sirahé kĕna sasigar, kuda ṅlumba jĕmpalik, rāja gaṙṣim tiba, lajĕᶇ sinabĕt pĕḍaᶇ, sirahé timpal sapaliḥ, piniḍo pĕgat, tugĕl saᶇ rāja gaṙṣim.
21. balanira katĕrakiᶇ pamuk bubar, lir baṇṭèᶇ naṇḍaᶇ kanin, saᶇ rāja nahiman, wuru dènira~apraᶇ, balané~aṅobrakabrik, anumpĕs mĕṅsaḥ, prajuritiᶇ badasir.
22. kadya nacahiwak loḥ babadi gĕḍaᶇ, prajuritiᶇ badasir, saᶇ rāja nahiman, taruṇa wirèᶇ laga, wasis ṅadu praᶇ turaṅgi, matĕṅiᶇ gĕlar, baṅkat tisṅuꝑiyatin.
23. dadi tisṅuꝑiyat dadi ṅisruꝑiyat, amĕcaḥ ṅumpul maliḥ, balané nahiman, sami kinèn rumĕkṣa, mriᶇ para pamanirèki, lan para~uwa, sami ṅawaki jurit.
24. ratu kĕmbar kawan daśa kaᶇ sadaśa, nĕṅgiḥ kaᶇ raka sami, iṅkaᶇ tigaᶇ daśa, punika~arinira, rāja muntalar muntalir, rāja nahiman, pambajĕṅé muntalir.
25. duk praᶇ samasrawi kinaṙyya naréndra, mriᶇ saᶇ surayèᶇ ƀumi, badasir nāgara, paṅiridiᶇ praᶇ kuda, kaponakané maṙmmadi, rāja nahiman, prawīra śūra śĕkti.
26. kadya ditya sayuta sĕḍĕᶇ mriḥ maṅsa, prajuritiᶇ badasir, kadya jijimbluṅan, baris kĕtĕl dènirat, iᶇ gĕlar tisṅuꝑiyatin, tumpĕs karampas, kèndĕl kasaput wĕṅi.
27. amakuwon maṙmmadi sakadaṅira, samya~umaṛĕgaglis, ṅumpul para kadaᶇ, aglariᶇ ṅaṙṣanira, miwaḥ pupulunan prāpti, rāja nahiman, dinaṅu dukiᶇ jurit.
28. yèn wus kaṭaḥ matèni ratu prawīra, puṅgawa pra đipati, agoyaᶇ kapala, praƀu maṙmmadi mojar, praṅé~aṅudubilahi, woᶇ jaminambar, aṅurugi papati.
29. yèn maṅkono taṅkĕpé woᶇ jaminambar, yudđané datanapik, bĕcik turuniṅa, iki mriᶇ gustinira, yèniṅsuniki wus jurit, hèḥ sutaniᶇwaᶇ, sira nāŧèᶇ badasir.
30. ṅiras pantĕs sunutusapan ta sira, milu ṅawaki jurit, wusakèḥ kaᶇ pĕjaḥ, sadina baṭĕṭĕt praᶇ, duk prāptané wadya mami, woᶇ jaminambar, bañjur mijilamraṅi.
31. nora tata polaḥ tiṅkahiṅayudđa, lawan sira nak mami, mampira barisnya, iᶇ pamanira sélan, kaᶇ prāpta~iᶇ béñjiṅéñjiᶇ, ya pamanira, yayi smara sĕrandil.

10. praƀu lamdahur ṅaṅsahakĕn bala. 

10. asmaradana 
1. matura pamanirèki, lamuniṅsun wusayudđa, woᶇ jaminambar polahé, nora tata nora lumraḥ, bañjurumagutapraᶇ, woṅiṅsun makṣiḥ lalaku, tinĕmpuḥ pinagutiᶇ praᶇ.
2. rāja nahiman wotsari, mriṅuwa lajĕṅumĕsat, dalu lawan sabalané, winĕliᶇ sabĕn maṅgala, wadana para rāja, kajawinira lamdahur, kinèn ṅaturi pawaṙŧa.
3. yèn saru taṅkĕpiᶇ jurit, arusuḥ woᶇ jaminambar, nĕmpuḥ praᶇ woᶇ duruᶇ moṇḍok, baris lalaku tinĕrak, pinagutiṅayudđa, saᶇ rāja nahiman laju, prāpta pukul kaliḥ wĕlas.
4. iᶇ pakuwoné sĕrandil, wadya tinilariᶇ jaba, saᶇ nāŧa lajĕᶇ mañjiᶇ jro, lamdahur makṣiḥ sinéba, ḷĕṅgaḥ lan rāja salsal, saᶇ rāja nahiman laju, aglar satriya nèᶇ ṅaṙṣa.
5. prāptané rājèᶇ badasir, dumarojog lajĕᶇ nĕmbaḥ, saᶇ praƀu lamdahur kagèt, ṅliᶇ sira kulup kaᶇ prāpta, bĕṅi bĕṅi~ana pa, mrāja nahiman wotsantun, iṅutus raka pāduka.
6. mriᶇ pāduka turudani, punuwa wiṅi sāmpun praᶇ, pinĕṭuk dèrèṅé moṇḍok, laṅkuᶇ raméniṅayudđa, iṅurugan pĕpĕjaḥ, woᶇ jaminambar pukulun, lamdahur goyaᶇ kapala.
7. makṣiḥ maṅgut maṅgutaṅliᶇ, kulup paran ta wakira, si ḍéḍuk salamĕt bahé, umaturiṅgiḥ rahaṙjja, raka pāduka~uwa, muᶇ prajurit tigaṅatus, lanulubalaᶇ sadaya.
8. mĕṅsaḥ wontĕn kaliḥ kĕṭi, cinacahan kaᶇ makuṭa, tigaᶇ daśa saṅa katoᶇ, nĕmatus kaᶇ pra dipatya, mantri wontĕn saḷĕkṣa, aṅuṅun praƀu lamdahur, dalu~aṅuṇḍaṅi bala.
9. warata bala sĕrandil, paréntaḥ lakuwa wak praᶇ, yèn muṅsuḥ rusuḥ tatané, sira saᶇ rāja nahiman, sāmpun kinènaḍahar, ṅandika praƀu lamdahur, katujuné~ana sira.
10. kaᶇ muḍĕṅapraᶇ turaṅgi, lamun sira tan praptowa, sayĕkti wakamu répot, sawusnya naḍaḥ tur sĕmbaḥ, lajĕᶇ praƀu nahiman, kèndĕl pakuwon tamtanus, sawusé ṅaturan wikan.
11. miwaḥ pakuwonirèki, śrī ƀupati kéwusnéndar, sawusé ṅaturan wĕroḥ, miwaḥ pakuwon gulaṅgya, sadaya para rāja, miwaḥ para rājasunu, kaᶇ samya~añĕkĕl kaṙyya.
12. miwaḥ rājèᶇ burudaṅin, saᶇ praƀu tasaṅsulṅalam, maliyat kustur wusdéné, praƀu sĕmakun gumiwaᶇ, uṙmmus sinuṅan piṙṣa, iᶇ maṙgga datan winuwus, lampahé rāja nahiman.
13. prāptèᶇ pakuwonirèki, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, wus paṅgiḥ lajĕᶇ lampahé, ƀinĕkta mariᶇ ṅajĕṅan, đipati tasikwaja, lawan gulaṅgé katri wus, muṅguhiᶇ ṅajĕṅan prāpta.
14. wus katuraturirèki, sira saᶇ rāja nahiman, laṅkuᶇ sakiᶇ paṅuṅuné, rusuhé woᶇ jaminambar, nahiman wus ginañjar, uṇḍaṅan warata sāmpun, prayitna~asalin gĕlar.
15. wahu saᶇ nāŧèᶇ badasir, kinèn waṅsul mariᶇ ṅaṙṣa, maṅkana baraᶇ gunĕmé, iᶇ dalu waṙṇnanĕnéñjaᶇ, kikirab wadya sélan, aṙyya maktal wusanuduḥ, rāja kalbujèranukma.
16. sakiᶇ kuwatiriᶇ batin, maraᶇ saᶇ praƀu~iᶇ sélan, milané rāja kalbujèr, sawadya kaṅapraᶇ kĕmat, kinènaṅayĕṅana, maraᶇ saᶇ praƀu lamdahur, iᶇ siyaᶇ dalu lumampaḥ.
17. nĕṅgiḥ kawan wĕlasari, tĕbihé baris paṅaṙṣa, jĕjĕl tanpa sĕla gĕbèl, kanan kériᶇ tĕbanira, sami~amituᶇ dina, wana kambaḥ gĕmpur gĕmpur, añjĕblak kadya raratan.
18. rāja kalbujèr wus paṅgiḥ, lawan saᶇ praƀu~iᶇ sélan, mèsĕm kaduga kaṙṣané, sakiṅiṅkaᶇ palimiṙmma, woṅaguᶇ paraᶇtéja, đipati tasikwajèku, maṅkana barisiᶇ sélan.
19. gumuruḥ buḍalirèki, tanowaḥ paṅañjurira, suratisdaham malihé, sira praƀu diwaṅkara, miwaḥ saᶇ rāja ṅalam, sumṛêg lampahé wadya guᶇ, kadya giréndra sayuta.
20. tuṅgul kalihatus ṅaṙṣi, miwaḥ papaṇḍèn daludag, lalayu bandéra rontèk, prayitna~iᶇ lampahira, cucuk jawiniᶇ kiṭa, wus katiṅal laṅitipun, mubyar kaᶇ ṅiṅgil kañcana.
21. rāja rabusamawati, soré miṅgaḥ balé ṅaras, yèn rina tumurunagé, mriᶇ tarub laṅit kapiᶇ pat, niṅali muṅsuḥ prāpta, lawanaṅatagumagut, sadina dina maṅkana.
22. siniwèᶇ ratu prajurit, saguᶇ malèt mukarab, aglar nèᶇ ṅaṙṣa saᶇ katoᶇ, panaṅirasaḍĕḍaran, nayub para malékat, patiḥ ƀaktiyar tan kantun, sahosañjawab patañan.
23. maṅkana muṅsuḥ kaᶇ prāpti, tabaḥ tabahan myaᶇ surak, gumuruḥ wuwuḥ gĕlaré, daḷĕdĕg kaᶇ pra dipatya, tataña sahésalam, para ratu prāpta~iku, gumṛêgut surak gumĕraḥ.
24. lampahé baris sĕrandil, para ratu ṅumpul samya, nèᶇ wuri tuṅgal gustiné, ṅaṙṣa ƀupati kéwala, prāptané baris sélan, prajurit dipaṅga ṅayun, iᶇ wuri~upacara bra.
25. kinalaᶇ kalaᶇ saṅaji, déniᶇ satriya puṅgawa, binabar kabèḥ soṅsoṅé, ampilan parisé gada, kaᶇ sami sinoṅsoṅan, kabèḥ gagamaniᶇ pupuḥ, mila soᶇsoᶇ woluᶇ daśa.
26. kagyat rabusamawati, hèḥ ƀaktiyarika sapa, ḍĕḍĕgapĕtĕᶇ barisé, upacarané kawaṙṇna, ratuné nèᶇ dipaṅga, sinoṅsoṅan woluᶇ puluḥ, aguṅaluhur sĕmbada.
27. baya si surayèᶇ ƀumi, kaṅiṅayap para rāja, bala baṅĕt rumĕkṣané, umatur patiḥ ƀaktiyar, déné sultan kupaṙmman, puniku praƀu lamdahur, kaᶇ putra rāja sadalsaḥ.
28. ratu~aguṅiᶇ sĕrandil, aṅrèḥ pulo kaliḥ ḷĕkṣa, babala saminiᶇ katoᶇ, apa mulané kabala, ƀaktiyar matur nĕmbaḥ, iṅgiḥ kasoriᶇ praᶇ pupuḥ, binantiṅiᶇ ranaṅgana.
29. duka rabusamawati, nuduḥ ratu gĕᶇ prakosa, satus roᶇ puluḥ dĕdĕgé, ‍‌ĕgas turasugiḥ bala, rāja suhaṙddi nama, hèḥ maṅkata sabalamu, papagna lamdahurika.
30. cĕkĕḷĕnatuṙna mami, yènabaṅga patènana, siṅa lamdahur dosané, tiwas ñuṛĕmkĕn nāgara, wèḥ jaḷĕbudiᶇ praja, rāja suhaṙddi wotsantun, tĕḍak siᶇ laṅit kapiᶇ pat.
31. saprāptanira~iᶇ jawi, oṛĕg barisira~obaḥ, anĕmbaᶇ tĕṅara bĕḍol, umagut baris kaᶇ prāpta, sira rāja suhaṙddya, nitiḥ dipaṅganira guᶇ, maṅsahanṛêgagĕn bala.
32. sayuta rāja suhaṙddi, prajuritira kinudaᶇ, kumrutug lir wukir bĕḍol, bala maṅsaḥ ṅamahamaḥ, lir pagutiᶇ samodra, paṅgaḥ balané lamdahur, tan nĕdya munduriṅapraᶇ.

11. prajuritipun praƀu lamdahuruṅgul yudanipun. 

11. duṙmma 
1. paṛĕᶇ nĕmpuḥ maṅsaḥ suhaṙddi balanya, sayuta~aṅĕbyuki, woᶇ sĕrandil paṅgaḥ, naḍahi pra dipatya, miwaḥ kaᶇ para naṙppati, bala~iᶇ sélan, kaᶇ sami nitihèṣṭi.
2. gumaluḍug gumṛêdĕg gṛêdĕgiᶇ gajaḥ, karapyakiᶇ turaṅgi, gumuruḥ wurahan, aṅamuk pra dipatya, lir danawa~andon dagiᶇ, prajurit sélan, liwuṅawuru gĕtiḥ.
3. kaṅasikĕp gada~aṅgada galasaḥ, muṅsuḥ kaᶇ nitihèṣṭi, akèḥ kasulayaḥ, miwaḥ kaᶇ nĕḍa pĕḍaᶇ, amuké bala sĕrandil, kuda dipaṅga, ṛĕmpu katiban bindi.
4. kadya guntur wukir sayuta prakĕmpa, oṛĕg kagiri giri, solahiᶇ dipaṅga, pragol ƀantala kambaḥ, mĕlak dipaṅga naṙppati, lamdahur kroḍa, santana pra đipati.
5. gajaḥ kĕṭèn woᶇ sélan paṅamukira, ṛĕmpĕkaṅobrakabrik, atusan kaᶇ pĕjaḥ, para ratu satriya, balané rāja suhaṙddi, ṛĕbaḥ kahambaḥ, kèḷĕs koṅkiḥ katitiḥ.
6. riwutiᶇ praᶇ jĕmpariᶇ pan kadya~udan, laṅkuᶇ raméniᶇ jurit, pĕḍut kadya gĕlap, kèḥ swara tanpa ruṅyan, rāja kalbujèr ṅampiṅi, saᶇ rājèᶇ sélan, ‍éca dènya gadani.
7. ‍éwoniṅkaᶇ prajurit muṅgwiᶇ turaṅga, balasaḥ bosaḥ basiḥ, prajurit kaᶇ ḍarat, aḷĕkṣan kasulayaḥ, amuké bala sĕrandil, lali~iᶇ gĕlar, sakiᶇ wuruniᶇ jurit.
8. ṅiwat ṅiwut saᶇ rāja suratisdaham, gada gĕᶇ ṅobrakabrik, praƀu diwaṅkara, tajĕm lan rāja ṅalam, kadya~aṅgadani kuciᶇ, lawan camĕra, tan bisa mamaḷĕsi.
9. pan katutuḥ prāpta tutuluᶇ kaᶇ putra, sira praƀu pirṅadi, gajaḥ tigaᶇ ḷĕkṣa, sakĕṭi nitiḥ kuda, prajuritiᶇ samasrawi, lajĕᶇ nĕmbalaᶇ, aṅgĕmpurakĕn baris.
10. kawistara déniᶇ rāja sahésalam, kahé sapa kaᶇ prāpti, tanana kaᶇ ḍarat, bala kuda dipaṅga, tuṅgul tuṅgul dèn ḷĕḷĕti, bañjurumasaḥ, kotƀuta~iṅajurit.
11. kadya ṅrampĕd ṅrampĕd tĕgal pajaguṅan, prajuritiᶇ sĕrandil, aṅṛêmpakaṅidak, ṅiḷĕsiḷĕsiṅapraᶇ, biṅuᶇ kuwur poṭar paṭir, woᶇ jaminambar, kèṭèr dènya naḍahi.
12. karépotan wus sakĕṭi kaᶇ bĕlasaḥ, ṛĕbaḥ tinumpĕs tapis, tiwas pamukiᶇ praᶇ, śrī suhaṙddi tan bisa, bantuwa satus pra~aji, paḍa gowoha, prajurité ñakĕṭi.
13. urugana papati~iku woᶇ sélan, kabèḥ woᶇ jaminuḍik, satus ratu maṅsaḥ, sapaṙddan wus paréntaḥ, kumrutug kuwur ṅĕbyuki, akèḥ kaḷĕṅgak, kĕnèᶇ pupuṭon sami.
14. baṅun maliḥ kaṅapraᶇ ramé wurahan, saᶇ rabusamawati, ika mahu sapa, balané rājèᶇ sélan, ƀaktiyar matur wotsari, punika putra @, nira nāŧèᶇ sĕrandil.
15. saṅapraƀu pirṅadi gagaḥ prakosa, saᶇ rājèᶇ samasrawi, agoyaᶇ kapala, saᶇ praƀu sahésalam, gawok sun woᶇ wétaniki, paḍa naracak, balèg balègiᶇ jurit.
16. saṙwwi mulatiᶇ raméné kaṅayudđa, bantu kaᶇ satus kĕṭi, katulak kaᶇ prāpta, sira radèn suptandar, kalawan radèn dukyanis, putra kaliḥnya, iᶇ kébar kaṅkan nĕṅgiḥ.
17. ƀĕkta kuda ñakĕṭi masukiᶇ gĕlar, kaᶇ sadisupiyatin, rājaputra kaṅkan, gĕlaré putra kébar, nĕṅgiḥ sabiṅupiyatin, sāmpun kawratan, muṅsuḥ kaᶇ satus kĕṭi.
18. papaṇṭané ṅumpul mĕṅsaḥ ṅrampĕd mĕṅsaḥ, biṅuᶇ woᶇ jaminuḍik, kawur mawurahan, kadya sĕsapu wuḍar, ‍éca dènira ṅamuki, gĕmpur tumpĕsan, prajurit jaminuḍik.
19. katupikṣa maliḥ mriᶇ saᶇ sahésalam, ana kaᶇ prāpta maliḥ, tanaṅaṅgé ḍarat, solaharikat rikat, satuṅgulupacara śrī, nèᶇ luhur kuda, mèmpĕr mahu kaᶇ prāpti.
20. ika~apa kaṅambiṅuṅakĕn rowaᶇ, ƀaktiyarawotsari, rājaputra kébar, nama radèn suptandar, kalawan radèn dukyanis, putra~iᶇ kaṅkan, wasis praṅé turaṅgi.
21. gèḍèg gèḍèg sira praƀu sahésalam, ṅatag prajurit maliḥ, kakalihumaṅsaḥ, radèn saṅat lan suṅat, amƀĕkta bala ñakĕṭi, tan wontĕn ḍarat, putra~iᶇ jaminurin.
22. dadya laṅkuᶇ raméné kaᶇ bandayudđa, abaṅun wanti wanti, aworaputĕran, pratiwi kadya bĕlaḥ, gĕñjot makĕtugiᶇ wukir, paṇḍola ṅambak, wuru~aworiᶇ jurit.
23. rubuḥ kabarubuḥ bṛêg ṛĕbahiᶇ gajaḥ, gapruk tibaniᶇ bindi, kumĕmpraᶇ kaᶇ pĕḍaᶇ, ṅaᶇ ṅĕᶇ swaraniᶇ panaḥ, woᶇ jaminambar kaᶇ mati, aparanĕman, lawan bala sĕrandil.
24. tĕluᶇ kĕṭi~upama woᶇ jaminambar, limaᶇ ḷĕkṣa sĕrandil, pra santananira, lamdahur wuru~iᶇ praᶇ, kaᶇ nitiḥ turaṅga~èṣṭi, tajĕmabayak, kotƀuta~iṅajurit.
25. lawan praƀu kalbujèr tan kĕna tĕbaḥ, lan praƀu~iᶇ sĕrandil, rumĕkṣa~iᶇ bala, pakolèḥ gĕlarira, muṅsuḥ kaᶇ kahaṙṣa tapis, akèḥ kaḷĕṅgak, para ratu đipati.
26. sinambĕran puṭon mās lan puṭon waja, muṅsuhiᶇ kanan kériᶇ, ṛĕbaḥ kasulayaḥ, sakiṅiᶇ pamukira, para ratu pra đipati, satriyanira, saᶇ praƀu~iᶇ sĕrandil.
27. riwutiᶇ praᶇ siwat siwut tiᶇ kaḷĕprak, kabruk pambĕkiṅèṣṭi, kaᶇ kĕna~iᶇ gada, pĕjahiṅkaṅanuṅgaᶇ, gadanira mobat mabit, rinaṅkĕp ṛĕmpak, saṛĕᶇ pĕjahirèki.
28. katupikṣa sakiṅiᶇ laṅit kapiᶇ pat, saᶇ rabusamawati, hèḥ ƀaktiyar sapa, kaᶇ ṅamuk bisa~apraᶇ, ramé~iki lawan wiṅi, matur ƀaktiyar, amuᶇ praƀu sĕrandil.
29. ratu baṇḍa baṇḍu~asugiḥ santana, para putra sinĕkti, kaᶇ wus madĕg nata, sami prawirèᶇ laga, tur sami~asugiḥ kaṇṭi, kunĕᶇ kaṅapraᶇ, bubar kasaput wĕṅi.
31. prāpta malahékat kaᶇ jampaṅi~iᶇ praᶇ, ṅliᶇ rabusamawati, paran waṙŧanira, sujud ponaᶇ malékat, taṅiniᶇ sujud wotsari, pukulun tiwas, laṅkuᶇ risakiᶇ jurit.
32. śrī naréndra suhaṙddi kasambutiᶇ praᶇ, satusiṅkaᶇ para ji, sèwu pra dipatya, pĕjaḥ dintĕn punika, tigaᶇ ḷĕkṣa para mantri, wadya lit kaṭaḥ, kĕṭèniṅkaᶇ ṅĕmasi.
33. laṅkuṅawrat yudđané lamdahur sélan, balané bĕcik bĕcik, asugiḥ santana, rumĕkṣèᶇ pamukira, gadané numpĕs prajurit, saboṅkotiᶇ tal, gilapé baskara tis.
34. sru ṅandika maṅkéné guṇané~apraᶇ, iya woᶇ wétaniki, naṅiṅiku masa, iya~animbaṅana, lawan kèhé wadya mami, nadyan kaloṅa, pataᶇ yuta sahari.
35. tan karasa yèn muṅsuḥ woᶇ jaminambar, antèkna~iya béñjiᶇ, masa karosowa, sunurugi pĕpĕjaḥ, wus bubar muṅgahiᶇ laṅit, mriᶇ balé ṅaras, lan saguᶇ mukarabin.
36. kawuwusa kaᶇ mĕntas sami~ayudđa, sayaḥ tanana ƀukti, wadya jaminambar, miwaḥ prajurit sélan, bubar praᶇ kadya~aṅipi, anĕmu gĕsaᶇ, dènya ṅuṅuniᶇ jurit.
37. pan sadalu ḍĕḍĕp muṅsuḥ lawan rowaᶇ, ṅrahoskĕn sayaḥnèki, iṅkaᶇ riris prāpta, dalu maruta mandra, kadya taṅisé kaᶇ ƀumi, milu sĕmpĕlaḥ, gĕtĕr patĕr lan taṅis.
38. kadya taṅisiᶇ wĕṅi milu kaḷĕsyan, lawéyanakèḥ prāpti, aṅokopi~ĕraḥ, drubikṣa sakiᶇ wana, patiᶇ galidraḥ kaᶇ prāpti, maṅsa babaṭaᶇ, suka suka milihi.
39. miwaḥ bahuᶇ loḍoḥ ṭoṅsot lawan gidraḥ, lodrèḥ lanulirulir, diḷĕp piḍir baṅkak, prāpta maṅsa babaṭaᶇ, kabèḥ ṛĕsṛêsiᶇ wanadri, ṛĕsṛêsiṅaṙgga, jujuraᶇ sami prāpti.
40. pan sadalu gumriwis maṅsa babaṭaᶇ, kumrisik mimilihi, aṅrogoḥ jĕrowan, nutug sasukanira, yèn mèḥ rahina gumriwis, patiᶇ barisat, wĕdi mbokana janmi.
41. byar rahina baris ṅarabatĕṅara, prandéné tan katawis, kaloṅiᶇ babaṭaᶇ, dèn maṅsa~iᶇ drubikṣa, sakiᶇ guṅiᶇ woᶇ ṅĕmasi, kaᶇ kawuwusa, barisiṅkaᶇ lumaris.
42. sāmpun buḍal sakiᶇ pasaṅgrahanira, gumuruḥ kaᶇ prajurit, bala~iṅambaṙjjaḥ, buḍalasri kaᶇ bala, daḷĕdĕg datanpa wilis, kuda dipaṅga, sĕnuk mèmrèᶇ kaṛĕṇḍi.
43. bala jaminambar wusaglariᶇ papan, kaᶇ sahosiṅajurit, umèbaliwĕran, kadya samodra bĕna, rāja rabusamawati, ‍éñjiᶇ tumĕḍak, lan saguᶇ mukarabin.
44. wusatata ḷĕṅgaḥ nèᶇ laṅit kapiᶇ pat, siniwi~iᶇ para ji, kaᶇ sahos mapag praᶇ, yudđané muṅsuḥ prāpta, balané rāja bawadi, prāpta malatar, sahupacara~asri.
45. tuṅgul kalihatus kaᶇ muṅguhiᶇ ṅaṙṣa, tabaḥ tabahan wuri, gumṛêgut kaᶇ bala, kadya~andaka siṅat, ratuné muṅguhiṅèṣṭi, palana lawak, soᶇsoᶇ sawidak ṅapit.
46. rāja rabusamawati~atataña, ƀaktiyar sapa~iki, ratu~iṅkaᶇ prāpta, matur patiḥ ƀaktiyar, punika rāja bawadi, ratu prakosya, iṅambaṙjjaḥ kaᶇ nagri.
47. pan punika putrané rāja badarham, trahiᶇ prawīra jurit, bawadi prakosa, śīǥra śrī sahésalam, aṅatag ratu prajurit, mapagna~iᶇ praᶇ, rāja guntur wawaṅi.
48. ratu jaminasar rolasiṅkaᶇ mapag, bala ñalawé kĕṭi, kumrab balanira, kadya hèr nawa bĕna, kaᶇ muṅgiᶇ wahana~èṣṭi, blĕgdaba bihal, sĕnuk kuda kaṛĕṇḍi.
49. kaṅaḍarat gumuluᶇ tanpa wilaṅan, umuᶇ kĕṇḍaᶇ goᶇ bèri, gumuruḥ kaᶇ surak, gĕlarira prit nĕba, aṅgĕgila~amriḥ miris, iᶇ musuhira, wus gambuhiṅajurit.

12. balanipun rāja bawadi campuḥ lan balanipun rāja bragĕdun. 

12. gambuḥ
1. kagyat dènira dulu, rajèṅambaṙjjaḥ prāptaniᶇ muṅsuḥ, sologoṭo ṅuṭuḥ waṅuniṅajurit, ṅur patinira paṅañjur, iṅandikan mriᶇ saᶇ katoᶇ.
2. rahadènabaṙddikum, lawananané radèn baṙjjakum, pan puniku rayiné rāja bawadi, kĕmbar sinatriya bagus, sami prawirèᶇ palugon.
3. rāja bawadi muwus, yayi baṙddikum yayi baṙjjakum, wis maṅkéné taṅkĕbé muṅsuhirèki, kaᶇ rayi kaliḥ wotsantun, iṅgiḥ makatĕn tanpandon.
4. nabda bawadi praƀu, paḍa salina gĕlar sirèku, amaṅuna gĕlar kamsatupiyatin, sapaṇṭa bahé mariṅsun, aṙbbaṅu kari dèn pandon.
5. sunaṙṣa~adṛêᶇ wĕruḥ, maraᶇ ratuné saᶇ rāja rabus @, samawati walaṙlli sun balaᶇ tulis, darapon mapaga~iṅsun, ataṇḍiṅa~iᶇ palugon.
6. tur sĕmbaḥ paṛĕᶇ mundur, anata gĕlar prajuritipun, wusarakit naḍahi kamsupiyatin, kumĕṇḍuᶇ prajuritipun, pĕṅkuḥ tan kĕna sinorok.
7. kakaliḥ ḍaḍanipun, nĕṅgiḥ sakawan paṅawatipun, ya ta wahu waskiṭa rāja bawadi, sahésalamĕṅgènipun, nèᶇ laṅit kapiᶇ pat katon.
8. muṅgwiᶇ laṅit mās murub, ṅadĕgiᶇ luhur palana praƀu, sĕratira tinalèkakĕn jĕmpariᶇ, śīǥra mĕṇṭaᶇ laṅkapipun, gĕrèt lumĕpas cumlorot.
9. ṅayuḥ jĕmpariᶇ muluk, mriᶇ laṅit mās prāptané cumuṇḍuk, iṅampilan pĕḍaṅé śrī narapati, sumĕlèt suwaranipun, kagyatandaṅu saᶇ katoᶇ.
10. pinuṇḍut suratipun, kumaṇṭilanèᶇ jĕmpariᶇ ṅriku, muni lamun suraté rāja bawadi, hèḥ sahésalam sirèku, mĕtuwa mariᶇ palugon.
11. supaya nuli tĕmpuḥ, sira~apraᶇ taṇḍiᶇ lawaniṅsun, iṅsun rajèṅambaṙjjaḥ rāja bawadi, bisa sun mocok muṙddamu, anèᶇ mađyané palugon.
12. iki prajurit puñjul, ratu baᶇ wétan kasusra wuḍu, panandĕlé woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, sira ṅaku saᶇ hyaṅaguᶇ, payo praᶇ nuli sun poṭol.
13. iya~utamaṅgamu, laṅkuᶇ bramatya déniᶇ sratiku, gro mawĕṅis sira rabusamawati, ṅatag prajurit kaᶇ bantu, rāja bragĕdun praᶇ taṅgon.
14. prakosa guṅaluhur, taté~aṅuwisi~iᶇ praᶇ pupuḥ, yèku gogoloṅan malékat ṅijrahil, balané kabèḥ dibya nuᶇ, sayuta pilihan kahot.
15. hèḥ ta rāja bragĕdun, gé pocokĕn ḍas woṅarabiku, kaṅapĕkṣa lañcaᶇ si rāja bawadi, tur sĕmbaḥ śīǥra~amundur, bragĕdun wus mĕḍunañjog.
16. paṅgiḥ lan balanipun, tĕṅara muntab prajuritipun, wadya jaminukar tĕṅara goᶇ bèri, bantu mriᶇ saᶇ rāja guntur, kaᶇ wus ramé praᶇ ṛĕṛĕmpon.
17. yudđané rāja guntur, prajuritira~iᶇ praᶇ kawaṅsul, prajurité~ambaṙjjaḥ bakuḥ ṅukuhi, iṅukihukihabakuḥ, baris tan kĕna cinorok.
18. dadya ramé praṅipun, katutuḥ prāptané śrī bragĕdun, gora goḍa prajurité dènabani, aṅidakanuñjaᶇ purun, gumrahumaṅsaḥ kumroyok.
19. kaᶇ pra dipatyanipun, satriyanira rāja bragĕdun, lirandaka sakĕṭi~atawan kanin, prajuritambaṙjjaḥ gapyuk, aṅrok tan kĕna cinorok.
20. caruk pupuḥ pinupuḥ, lir riris panaḥ patiᶇ paḷĕcut, raméniᶇ praᶇ papati tumpaṅatiṇḍiḥ, kaᶇ ṅukihi ṅidak purun, iṅkaᶇ dènukihataṅgon.
21. iᶇ wuri kadya layuᶇ, prajuritira rāja bragĕdun, miwaḥ rāja guntur sami~aṅawaki, ambyuk kadya prawata rug, alun dṛês gumuluᶇ goloᶇ.
22. wahu ta kaᶇ cinatur, rāja bawadi prajurit puñjul, apan daṙbbé kaluwihaniṅajurit, kaṅanèḥ lan para ratu, ṅuculkĕn panaḥ sahéṇḍoᶇ.
23. ḷĕpasira maḷĕdug, sumawuré~anibani muṅsuḥ, wusahéwon praméya~iṅkaᶇ ṅĕmasi, sahéṇḍoᶇ maliḥ sumusul, wuri maliḥ pituṅéṇḍoᶇ.
24. sapuluhéṇḍoᶇ nusul, roᶇ puluhéṇḍoᶇ nulya tumutur, pan wuséwon tibané~apiṇḍa riris, akèḥ prajurit kacuṇḍuk, babaṙjji jĕmpariṅampoḥ.
25. kalulunakèḥ lampus, késisan bala rāja bragĕdun, muṅgiᶇ limanaṅégla~agĕṅahiṅgil, nĕṛĕgkĕn dipaṅganipun, maṅsaḥ ṅuṅkuṙkĕn punaᶇ woᶇ.

13. rāja bawadi kapupu~iᶇ praᶇ. 

13. paṅkur 
1. iᶇ papraṅanapuyĕṅan, sira rāja bragĕdun ṅamuk ṅuṅkiḥ, mobat mabit gadanipun, kèḥ ṛĕbaḥ kasulayaḥ, rāja guntur kaᶇ ṅimpun bala nèᶇ puṅkur, wahu satriya ṅambaṙjjaḥ, radyan baṙddikum naḍahi.
2. suraké prajuritira, wusapaṅgiḥ cuṇḍuk yun yunan jurit, aṅgada rāja bragĕdun, datan mawi~ataña, ṅrusak tata~iᶇ praṅé satriya ratu, radèn baṙddikum ginada, sapisan kuwat naḍahi.
3. ginada piᶇ kaliḥ pĕjaḥ, katiṅalan déniᶇ rāja bawadi, gĕrèt mĕṇṭaᶇ laṅkapipun, si laknat tambuhiᶇ praᶇ, linĕpasan jĕmpariṅira cumuṇḍuk, bragĕdun jaṅgané pagas, tibèᶇ palana gumlintiᶇ.
4. tĕḍak sakiṅiᶇ dipaṅga, aṅiṅgahi bragĕduniṅkaṅèṣṭi, cinaṇḍak mastakanipun, ñaṇḍak panaḥ dor śīǥra, kaᶇ kinaṙyya buwaᶇ muṙdda rāja brandun, mumbulaṅayuḥ gagana, pinriḥ tibowa~iᶇ laṅit.
5. laṅité woᶇ jaminambar, kaᶇ laṅit mās gèn rabusamawati, gumĕbrug siraḥ bragĕdun, anibani ḍaḍaran, kapaḷĕsat tibèᶇ doḥ kĕṇḍi jumĕrut, utamaṅga kawistara, bragĕdun sirèhirèki.
6. ‍éram dènira tumiṅal, goyaᶇ muka śrī rabusamawati, walaṙlli sugalamuwus, mriᶇ luraḥ malahékat, jabarahil miṅkahilisrapiliku, ṅijrahiliṅkaᶇ kinaṙyya, prasamya ratu linuwiḥ.
7. rāja makrub gya~iṅatag, kaᶇ kinaṙyya malahékat mikahil, satus kĕṭi balanipun, kaᶇ wus sahosiᶇ ṅaṇḍap, kaṅaṇḍèrèk sakiᶇ laṅit tĕḍakipun, pra đipati kaᶇ kinaṙyya, mukarabira ṅijrahil.
8. sakĕṭi saṛĕṅuḍunnya, sakiᶇ laṅit kapiᶇ patandalidir, mikahil saᶇ rāja makrub, saprāptanirèᶇ ṅaṇḍap, atĕṅara wus nitiḥ dipaṅganipun, gada wrat sèwu kati mās, tinon tuhu~aṅajrihi.
9. muntab balané wurahan, anaḍahi pamuk rāja bawadi, kaᶇ wus pĕjaḥ rāja guntur, lan ratu tigaᶇ daśa, déné rāja bawadi yudđané~ampuḥ, kaṅambuñcaṅakĕn muṙdda, tinibakakĕniᶇ laṅit.
10. tibané laṅit kapiᶇ pat, dukanira saᶇ rabusamawati, wahu balanira makrub, kadya robiᶇ samodra, ambalabar liralun ṅrana gumuluᶇ, tĕmpuḥ ṅurugan babaṭaᶇ, balané rāja bawadi.
11. riwut ṅurugan babaṭaᶇ, rāja makrub mikahilaṅawaki, lir yakṣéndra kroḍanipun, rusak bala ṅambaṙjjaḥ, sira rāja bawadi~asta wus kiyu, sadina dènya mamanaḥ, kèḥ ratu~iṅkaᶇ ṅĕmasi.
12. tabuḥ patiṅaṅkatira, rāja makrub malahékat mikahil, rāja bawadi wus ḷĕsu, miwaḥ prajuritira, iṅurugan papati para ratwaguᶇ, rāja baṙjjakum palastra, ariné rāja bawadi.
13. tumpĕs prajurit ṅambaṙjjaḥ, duk samana tĕmpuḥ rāja bawadi, lan mikahil rāja makrub, ramé gada ginada, sira rāja bawadi wus ṅajalipun, pĕjaḥ déniᶇ gadanira, makrub malékat mikahil.
14. mèḥ surupiᶇ diwaṅkara, woᶇ ṅambaṙjjaḥ sakariné kaᶇ mati, makuwon ṅaturi wĕruḥ, maraᶇ saᶇ rājèᶇ sélan, tuwin maraᶇ nāŧèᶇ kohkarib puniku, prasami ṅuṅuniᶇ driya, nāŧèᶇ sélan lan kohkarib.
15. kaᶇ kari satriyanira, ƀupatiné nuṅgil pakuwon sami, lawan saᶇ praƀu lamdahur, sāmpunaturuniṅa, dutanira saṛĕᶇ lumampahiᶇ dalu, mriᶇ gusti~aturuniṅa, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi.
16. wahu ta sabubarira, sakiṅapraᶇ rāja makrub mikahil, lajĕᶇ mriᶇ laṅit piᶇ catur, prāpta~iᶇ ṅaṙṣanira, rāja rabusamawati suka guguk, miyaṙṣa~iṅaturira, makrub malékat mikahil.
17. pĕjahé nāŧèṅambaṙjjaḥ, lajĕᶇ minum śrī rabusamawati, lan saguᶇ malékatipun, iṅkaᶇ sami mukarab, pan sadalu tan miṅgaḥ ṅlaṅit kapitu, tan konduriᶇ balé ṅaras, rāja rabusamawati.
18. déniᶇ laṅkuᶇ truṣṭèᶇ driya, salaminé~apraᶇ lagya puniki, antuk papati ratwaguᶇ, andĕl ratu kupaṙmman, mila kadi woᶇ kahul sapolahipun, laṅkuᶇ déniᶇ kapracaya, makrub malékat mikahil.
19. kunĕᶇ wahu kawaṙṇnowa, dutanira nāŧèᶇ sélan kohkarib, prāpta~iᶇ pakuwonipun, woṅaguᶇ paraᶇtéja, surat katur lajĕᶇ ƀinĕkta maḷĕbu, laṅkuᶇ gĕpaḥ ḷĕbĕtira, tinampan suratirèki.
20. binuka laṅkuᶇ ṅuṅunnya, sru ṅandika risaᶇ surayèᶇ ƀumi, yayi kayaparaniku, praṅé woᶇ jaminambar, yèn maṅkono para ratu kaᶇ paṅañjur, raṅkĕpa barisé paḍa, aja na~ijèn lumaris.
21. kĕna tuluᶇ tinuluṅan, nuju~iṅkaᶇ muṅgwiᶇ ṅaṙṣanira mir, rāja salsal nĕmbaḥ matur, amba~iᶇ béñjaṅéñjaᶇ, nuwuniṅgiḥ kĕdaḥ lumampaḥ rumuhun, rāja sĕmbaji kudaṙyya, tumutumaturiᶇ gusti.
22. kawula~anuwun lilaḥ, saha~idi~amba kĕdaḥ rumiyin, saṛĕᶇ lanari pukulun, saᶇ nāŧèᶇ kalakodrat, wus linilan kaliḥ kaᶇ kĕdaḥ rumuhun, iya sun kon tumiṅala, yayi praƀu burudaṅin.
23. manawa sira kabotan, yayi praƀu~éṅgala~anuluṅi, tur sĕmbaḥ kunĕṅiᶇ dalu, ‍éñjiᶇ śīǥra tĕṅara, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja wusanuduḥ, ṅèndĕlkĕn ratu paṅaṙṣa, kèndĕlaṙṣa ṅusap wèni.

14. praƀu rabusamawati gumun kaṭahiᶇ bala kupaṙmman. 

14. sinom 
1. ya ta praƀu jaminambar, rāja rabusamawati, wus muṅgwiᶇ laṅit kapiᶇ pat, kaṅanèᶇ ṅaṙṣa naṙppati, para malékat sami, kaᶇ mukarab muṅgwiᶇ ṅayun, rāja makrub turira, iṅkaᶇ minaṅka mikahil, lawan rāja duljalal ṅijrahilira.
2. kakaliḥ sujudiᶇ ṅaṙṣa, taṅiniᶇ sujud tuṙnya ris, pukulun saᶇ hyaᶇ wisésa, kaṅaguᶇ kaᶇ maha luwiḥ, amba maturiᶇ gusti, prakawis mĕṅsaḥ pukulun, yèn suwawi~iᶇ kaṙṣa, iṅgiḥ sāmpun dèn kaṛĕṇṭil, sabĕn ratu prāpta pinaguta~iᶇ praᶇ.
3. punika suka kaᶇ mĕṅsaḥ, lamun pinĕṭuk praṅicir, luhuṅaṅantos prāptaña, yèn sāmpun sadaya prāpti, nuntĕn tinumpĕsaglis, agampil sāmpunaṅlumpuk, botĕnatuṇḍa béma, tumpĕsé patiᶇ kaṛĕṇṭil, aṅandika sru saᶇ rāja sahésalam.
4. iya bĕnĕraturira, yèn maṅkono jabarahil, muḍuna paréntahana, sakèhé para naṙppati, aja na magut jurit, iṅunĕn pĕpĕkiᶇ muṅsuḥ, yèn wus prāpta sadaya, anulya dèn paréntahi, aja koṅsi cicir tumpĕsa sadaya.
5. śīǥra wotsari tumĕḍak, kaᶇ minaṅka jabarahil, saprāptanira~iᶇ ṅaṇḍap, oṛĕg kaᶇ para naṙppati, ḍawuhiᶇ kaᶇ para ji, timbalanira hyaṅaguᶇ, kèndĕl yènana prāpta, nora pinagutiᶇ jurit, sāmpun muṅgaḥ jabrahil prāptèᶇ ṅayunan.
6. katur solahé dinuta, maraᶇ rabusamawati, kunĕᶇ gantya kawuwusa, gagaman ṅarab kaᶇ prāpti, tuṅgul samas kahèkṣi, lan daludag kalihatus, kaᶇ ƀĕkta kulambi mās, kuluk karawiṣṭa rukmi, pan sadaya prajuritanitiḥ siṅa.
7. daludag tuṅgul bandéra, iṅkaᶇ nitiḥ macan putiḥ, sadaya macan walaka, kĕṭèn kaᶇ para prajurit, tanana liya nitiḥ, muᶇ siṅa titihanipun, asri būṣaṇèᶇ wadya, mrawata sèwu kabasmi, kadya guntu swarèᶇ woᶇ paṅgroniᶇ macan.
8. nitiḥ macan saturaṅga, saᶇ rāja salsal prajurit, aṙjja soᶇsoᶇ pituᶇ daśa, gumraḥ wadya magĕṙsari, upacara tulya śrī, tabaḥ tabahan nèᶇ puṅkur, sira patiḥ ƀaktiyar, cinĕlakakĕniᶇ ṅaṙṣi, atataña rabusamawati rāja.
9. hèḥ ƀaktiyarika sapa, naréndra kaᶇ lagya prāpti, anèḥ sugiḥ tĕmĕn macan, apa si surayèᶇ ƀumi, ƀaktiyarawotsari, dédé punika pukulun, ratu~iᶇ kalakodrat, iṅakĕn sudara wèdi, rāja salsalatmajané rāja daldal.
10. ‍éramagoyaᶇ kapala, rāja rabusamawati, alon dènira ṅandika, mriᶇ malahékat jabrahil, iᶇ kalakodratiki, ƀumi wawatĕs puniku, wétané ƀumi ṅrokam, sakulon kalakodrati, sayĕktiné jajahané jaminambar.
11. maṅétané maraṅarab, lan maréné~adoḥ ṅĕndi, kaᶇ mariṅiᶇ kalakodrat, matur nĕmbaḥ jabarahil, tĕbiḥ maṅétan gusti, tikĕl tiga tĕbihipun, sakiᶇ kiṭa kupaṙmman, lan mariki tikĕl kaliḥ, tanaḥ ṅarab lan mariki tikĕl tiga.
12. yèn maṅkono ratu~ala, salsal kalakodratiki, ambalik milu maṅétan, bĕnĕré miluwèᶇ mami, ukumĕn yènajurit, sĕsĕmpaḷĕn bahunipun, balik mada kawoṅan, sĕsĕmpaḷĕn badannèki, sami nĕmbaḥ sadaya para malékat.
13. nulya maliḥ katiṅalan, dadamĕl kudaṙyya prāpti, tuṅgul kalihatus ṅaṙṣa, daludagawaṙṇni waṙṇni, lalayu tinonasri, prajurit wahananipun, samya baṇṭèᶇ sadaya, balané rāja sambaji, panakĕṭèn sadaya nitihandaka.
14. gumṛêgut tiṅkahiᶇ bala, balané rāja sambaji, saᶇ nāŧa nitihandaka, wuluᶇ mulus tanpa ciri, agĕᶇ sahéṅga~èṣṭi, siṅat kinaṭok mās murub, sinotya~iᶇ hèr kilat, bolu saranté sinuṅgiᶇ, nénétrané miraḥ jumĕrut winaṙṇna.
15. sinuji lawan hèr kĕmbaᶇ, mutyara nila widuri, sinoṅsoṅan suṅsun tiga, gumĕbyaraṅilat ṭaṭit, atap kaᶇ magĕṙsari, asri~upacaranipun, asoᶇsoᶇ pituᶇ daśa, mulat rabusamawati, hèḥ ƀaktiyar sapa ratu~iṅkaᶇ prāpta.
16. umatur patiḥ ƀaktiyar, punika rāja sambaji, śrī naranāŧèᶇ kudaṙyya, punika prawirèᶇ jurit, mila saguᶇ prajurit, kaᶇ wontĕn sami paṅañjur, sadaya pipilihan, uwos kaᶇ para naṙppati, sawusira~iᶇ wuri wontĕn katiṅal.
17. tuṅgul pataṅatus ṅaṙṣa, daludag roṅatus wuri, lalayu rontèk kakaṇḍa, woluṅatus muṅgwiᶇ wuri, bandéra waṙṇni waṙṇni, kaᶇ maṇḍi prajuritipun, nitiḥ blĕgdaba bihal, sĕnuk mèmrèᶇ lan kaṛĕṇḍi, mañcawaṙṇna tulya śrī gagamanira.
18. prajurit kaᶇ totopoᶇ mās, akarawiṣṭa sakĕṭi, abaté baté rinĕṅga, iᶇ mās mutyara sinuji, satṛêpé mās winaṙddi, ñoṭé magribi pĕḍaᶇ rum, sadaya nitiḥ macan, paḍa koṇḍé kaᶇ prajurit, pataᶇ kĕṭi būṣaṇané waṙṇna waṙṇna.
19. tĕpuᶇ bala ṅupacara, sĕlur kaᶇ papaṇḍènasri, sadaya pan sinoṅsoṅan, lir pañjrahiᶇ puṣpita śrī, kadya wukir kabĕsmi, prajurit kaᶇ muṅgwiᶇ ṅayun, ñuṛĕmi diwaṅkara, saᶇ praƀu ṅrum burudaṅin, pananitiḥ gṛêgabèl pinañcawaṙṇna.
20. wuri pra đipatinira, sakĕṭi wahana~èṣṭi, saᶇ praƀu tasaṅsulṅalam, tuhu ḍapuré ṛĕspati, rinĕṅgèᶇ būṣaṇa di, gĕbyaré cahya ṅuṅuwuᶇ, śrī maha sahésalam, sultan rabusamawati, duk miyaṙṣa tataña maraᶇ ƀaktiyar.
21. hèḥ ƀaktiyarika baya, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, béda lawan para nata, apa tuṅgaṅané~iki, ƀaktiyarawotsari, dédé punika pukulun, praƀu tasaṅsulṅalam, naṙppati~iᶇ burudaṅin, pan kahipé ḍatĕᶇ saᶇ surayèᶇ jagad.
22. punika ratu gagala, maṅka maṅgalaniᶇ jurit, dibya prawīra digdaya, nampuni putusiᶇ jurit, andĕlé pan ṅuwisi, iᶇ pakéwuḥ boya~éwuḥ, titihané punika, gṛêgabèl buron jaladri, laṅkuṅampuḥ siṅa kaᶇ ginĕpok basaḥ.
23. ṅuṅunagoyaᶇ kapala, rāja rabusamawati, kaliwat sugihé bala, apa nimbaṅi~iᶇ mami, déné tan kaṙyya laṅit, gawé malékat kadyèṅsun, iki cubluké baya, atiné cilik samĕnir, kukulaka~atiné woᶇ jaminambar.
24. lamun nora maṅkonowa, tanawĕlas badannèki, paṣṭi kacakup déniᶇ waᶇ, ya sakiᶇ cublukirèki, ‍éliṅéliᶇ dènéliᶇ, hèḥ kalana jayèᶇsatru, manawa gĕḷĕm sira, aṅur sébowa~iᶇ mami, sayĕktiné wuruᶇ śīṙṇna kanakèᶇ praᶇ.

15. praƀu kéwusnéndar ṅĕdali praᶇ. 

15. paṅkur 
1. naṙppati katiga samya, wus makuwon saha wadya prajurit, anĕdahutusan sāmpun, iṅkaṅaturuniṅa, lampaḥ rikatiᶇ maṙgga datan winuwus, katuriᶇ sahaturira, iᶇ gusti surayèᶇ ƀumi.
2. yèn prajurit jaminambar, salin lagu mantuk magutiᶇ jurit, dadamĕl kaᶇ lagya rawuḥ, kinèndĕlan kéwala, iṅgiḥ sami~éca dènira dudulu, wontĕniᶇ laṅit kapiᶇ pat, rāja rabusamawati.
3. suka woṅaguᶇ miyaṙṣa, tan kawaṙṇnèᶇ dalu wuwusĕnéñjiᶇ, tĕṅara kaᶇ muṅgèᶇ ṅayun, gagamaniᶇ yujana, tri gumuruḥ paṅkat paṅkat para ratu, balanira kéwusnéndar, tanpa wilaṅan prajurit.
4. wahu nāŧèᶇ jaminambar, muṅgwiᶇ laṅit kapiᶇ pat niniṅali, lan malékat mukaribun, andaṅu mriᶇ ƀaktiyar, iṅkaᶇ prāpta gagamaniᶇ para ratu, hèḥ ƀaktiyarika sapa, para rāja~akèḥ prāpti.
5. tur sĕmbaḥ patiḥ ƀaktiyar, para ratu yujana~iṅkaᶇ prāpti, kéwusnéndar balanipun, pra ratu kaṭaḥ mañca, pan sadaya pra ratu surèᶇ praᶇ pupuḥ, kéwusnéndar paniṅaṅkat, sudara~andĕliᶇ jurit.
6. nulya wontĕn katiṅalan, tuṅgul lawan daludag tinonasri, bandéra lawan lalayu, abra~anéka waṙṇna, iᶇ wuriné prajurit topoᶇ mās murub, samya babaḍoᶇ pèṛĕmas, sadaya nitiḥ jĕṅgiri.
7. kadya~ima ṅĕmu bintaᶇ, lamat lamat tinon patiᶇ paṛĕlik, mañcoroᶇ patiᶇ palañcur, kumlab patiᶇ gaḷĕbyar, sayèᶇ pĕrak sadaya gagamanipun, prajurit kaᶇ sĕsĕliran, prasamya nitiḥ jĕṅgiri.
8. iᶇ maṅké sāmpun warata, sakiᶇ nagri ḍayak witiᶇ wiwiniḥ, radèn kodrat samadikun, punika kaṅupaya, maṅkya sāmpun baranaḥ kaᶇ para ratu, naṅiᶇ prajurit yujana, kaᶇ samya sinuṅanuṙddi.
9. kaᶇ liya bala yujana, amuᶇ ratu lawan satriya kĕni, wahu ta prajuritipun, saᶇ praƀu~iᶇ yujana, wus kawruhan tinanya sadayanipun, déniᶇ mrāja sahésalam, rāja rabusamawati.
10. prāpta bala ṅupacara, awor lawanampilan waṙṇni waṙṇni, saguᶇ gagaman praᶇ pupuḥ, kaᶇ ṅagĕm sinoṅsoṅan, sawaṙṇniné sami soᶇsoᶇ pituᶇ puluḥ, saṅapraƀu kéwusnéndar, kinalaᶇ woᶇ magĕṙsari.
11. anitiḥ dipaṅga séta, pinĕlananiᶇ mās murub tulya śrī, taritip nila jumĕrut, pakaja nawa rétna, asri tinon palana lawak bra murub, sinoṅsoṅan salawé praḥ, śrī kéwusnéndar nèṅèṣṭi.
12. aṅĕḍaṅkraᶇ kinĕbutan, makuṭa di winaṙddi binuka śrī, kagyat sahésalam dulu, ƀaktiyarika sapa, déné ladak ṛĕspati ratu kaᶇ rawuḥ, aṅluwihi para nata, baya si surayèᶇ ƀumi.
13. paniki pantĕs prawīra, sabalané rikat rikat ṅajrihi, magĕṙsariné bra murub, ƀaktiyar matur nĕmbaḥ, giḥ punika ratu~andĕl kaᶇ gĕgĕḍug, iᶇ yujana kéwusnéndar, iṅakĕn sudara wèdi.
14. paniṅgiḥ ratu punika, sakalaṅkuᶇ prakosa~iṅajurit, taté banda para ratu, iṅkaᶇ gagaḥ prakosa, kéwusnéndar tuhu prakosa dibya nuᶇ, putrané kumala kala, taté~amuṅkasi kaṙddi.
15. radèn kahaṙkkusmèn nama, ṅambil siwi mriᶇ saᶇ surayèᶇ ƀumi, pan pinutra putra danu, sinami putranira, déniᶇ timur kayuṅyun prawirèᶇ pupuḥ, miyaṙṣa goyaᶇ kapala, rāja rabusamawati.
16. nulya maliḥ katiṅalan, pira pira tuṅgul daludagasri, rontèk kakaṇḍa lalayu, umyaᶇ prajuritira, upacara magĕṙsari~abra murub, prajurit tanana ḍarat, turaṅga pĕpĕraᶇ sami.
17. kakaliḥ bayakajajar, turaṅgané pan kadya dèn pasaṅi, sahésalam kagèt dulu, ƀaktiyariku sapa, apan kĕmbaragagaḥ prakosa bagus, punika sasat santana, kaᶇ wastu~awor mamanis.

16. prajuritipun woṅaguṅiṅkaᶇ kantun sami nusul. 

16. ḍaṇḍaᶇgula 
1. nāŧèᶇ yunan punika kakaliḥ, kakaṅaḍi samya kaṙṣanira, iᶇ yudđa wrat sĕsaṅginé, sriᶇ dados wakilipun, bĕḍahipun nagri kuwari, iṅgiḥ sakiᶇ punika, kaṭaḥ kiṭa gĕmpur, déniᶇ saᶇ praƀu~iᶇ yunan, yènaṅamuk woᶇ siji dèn byuk sakĕṭi, iṅkaᶇ sakĕṭi cuṙṇna.
2. gèḍèg gèḍèg rabusamawati, méndahaja muṅsuḥ lawaniᶇwaᶇ, woṅarab piliḥ taṇḍiṅé, ratu ṅalam doñèku, praṅa lan si surayèᶇ ƀumi, apa ginawé mapag, sugiḥ bala ratu, siji tanana kaᶇ kompra, bĕcik bĕcik lajĕṅaṅiduᶇ parasi, śrī maha sahésalam.
3. iṅaṙttiné kiduṅé saṅaji, iki wuwuhé kamulyaniᶇwaᶇ, kaluhuraniṅsun kiyé, sun cipta slaminipun, sapa~iṅkaᶇ kahuban laṅit, nora séba mariᶇ waᶇ, kĕna~ukumipun, iki wus ḷĕga tyasiᶇwaᶇ, pan woṅarab pratané sandi~ajurit, batiné~asraḥ badan.
4. nulya wontĕn katiṅalan maliḥ, kadi saban rakitiᶇ gagaman, miwaḥ sahupacarané, lan magĕṙsarinipun, tinakénan rājèᶇ kuwari, apan sadina dina, dènira dudulu, prāptané gagaman ṅarab, soré kondur rinané miranti maliḥ, muṅgwiᶇ laṅit kapiᶇ pat.
5. salaminé rabusamawati, niniṅali koṅsi kaliḥ wulan, iᶇ wadya ṅarab prāptané, saguṅé para ratu, wadyanira saᶇ jayèᶇ ƀumi, kaᶇ datan ginawa praᶇ, kantun prajanipun, pan sami nusul sadaya, amiyaṙṣi mĕṅsahé gustinirèki, ratu~aṅaku~allaḥ.
6. kaṙyya laṅit lan malékat kaṙddi, mila kayuṅyun kĕdahuniṅa, para ratu panusulé, miwaḥ ratu kaᶇ tuṅgu, iᶇ kupaṙmmananusul sami, maṙmma kadya samodra, bala guᶇ gumuruḥ, bĕntĕt tanaḥ jaminambar, iᶇ balané woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, lir pasaṅiᶇ samodra.
7. sabĕn para ratu~iṅkaᶇ prāpti, andĕlandĕl yusubadi kébar, sadat kadarisman déné, ṅabĕsi saṅapraƀu, darundiya naṙppati baṅit, lan ratu balanira, paṅran suwaṅsèku, nāŧèᶇ kubaṙṣi lan kélan, duk laṅkuṅé rāja rabusamawati, mulat goyaᶇ kapala.
8. lan balané nāŧèᶇ paraṅakik, miwaḥ sultananomiᶇ kaṙṣinaḥ, miwaḥ pirṅadi balané, kaṭaḥ kaᶇ para ratu, aguṅaguᶇ ratu prajurit, para ratu kaᶇ bala, iṅkaᶇ wus jinuñjuᶇ, ñakrawati binaṭara, atasaji lan nāŧèᶇ kahos nagari, kaᶇ sami ratu wayaḥ.
9. sami sugiḥ bala kaᶇ para ji, mila~aguṅagoyaᶇ kapala, rabusamawati déné, sugihé para ratu, saṙwwi ṅiduᶇ parasi~aṅliᶇ, paniṅsun luwiḥ bĕgja, déniᶇ para ratu, kaᶇ prāpta saparoniᶇ rat, woᶇ baᶇ wétan balané surayèᶇ ƀumi, yĕktiné kabèḥ lapgaᶇ.
10. saṙwwi mususastanira kériᶇ, mijil pawaka~akantar kantar, giyak kabèḥ malékaté, umatur saṙwwi sujud, ‍èstu śabdanira hyaᶇ widđi, woᶇ wétan yèn baṅgowa, yĕkti dadi~awu, iṅgiḥ prāptané punika, sandi~apraᶇ batiné sahèstu ṅabdi, iᶇ gusti maha mulya.
11. pra malékat sawusira taṅi, sakiᶇ sujud nulya surak surak, ƀaktiyar jawil kañcané, balané rāja makrub, iya~iṅkaᶇ maṅka mikahil, ƀaktiyar wus kaparak, kaᶇ wus pakat wuwus, nĕṅgiḥ malékat kabayan, mikahilan malékat sara~iᶇ ṅuni, panata rāja paṭal.
12. ki ƀaktiyar panaris bibisik, yayi paṭal puniku hyaᶇ sukṣma, sahésalam mijilaké, paṅéraméram tuhu, agni sakiṅastanirèki, boya dadi punapa, manira~atutur, balané gĕni woṅarab, yèn ṅaṙṣakna yĕkti ṅèbĕki wiyati, tan katon kaṅaṅgawa.
13. tinibakna mariᶇ muṅsuḥ bĕsmi, naṅiᶇ gĕni tan ginawé~apraᶇ, muᶇ kalaṅĕnan gawéné, punika saṅarabus, astanira kaᶇ mĕtu gĕni, amuᶇ gĕni sapala, masa dadi batur, rāja paṭal malahékat, saṙwwi jombloṅalon dènira nahuri, maraᶇ patiḥ ƀaktiyar.
14. yèn makatĕn kakaᶇ mila wani, aṅlurugi kiṭa jaminambar, déné ta~akèḥ gĕniné, ratu wétan puniku, pan woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, pilihiᶇ tyas kaduga, mriᶇ paṅéraniṅsun, kaṅaguᶇ kaᶇ maha mulya, kaᶇ misésa~iᶇ rat rabusamawati, hyaᶇ widđi jaminambar.
15. botĕnéca rahosé puniki, ṅalamaté para ratu ṅarab, kaᶇ sami ḍiṅin prāptané, pinapagiᶇ praᶇ pupuḥ, botĕn kawon malaḥ woᶇ ṅriki, iṅgiḥ sami kasoran, ratu kèḥ kapupu, papatiné pira pira, pan woᶇ wétan kakaᶇ papatiné kĕḍik, jitus pan botĕn timbaᶇ.
16. rāja paṭal wahu dènira ṅliᶇ, anahuri kya patiḥ ƀaktiyar, yayi paṭal sira kiyé, bibisik lawaniṅsun, sahésalam nora~udani, déné~aṅaku~allaḥ, yèn muṅguha~iku, woṅaguᶇ surayèᶇ jagad, sakaṭahé wadyané~iṅkaṅanaṅkil, osikiᶇ tyas maṅkana.
17. nora samar kawruhaniᶇ batin, iku woṅaguᶇ dibya waspada, iᶇ lahir batin tan kĕntèn, maṅkono woᶇ pinuñjul, bisa nukma~iṅagalalit, ratu~iᶇ jaminambar, butĕᶇ kumaluṅkuᶇ, dèn rasani maraᶇ bala, nèᶇ ṅaṛĕpé prandéné nora~udani, kudu~aṅaku~allaḥ.
18. pan kasaru gagaman kaᶇ prāpti, bala gumuruhasurak surak, baṅkiluᶇ ramé gĕṇḍiṅé, gumuntur guntur kĕtug, prajurité~awaṙṇni waṙṇni, kaṅanitiḥ blĕgdaba, bihal mèmrèᶇ sĕnuk, gumĕbyar déniᶇ baskara, lir manaput waṅkawa mĕnuhi ƀumi, būṣaṇa bra gumĕbyar.
19. bala baciṅahupacara śrī, daṅu mulat praƀu sahésalam, ratuné baya~èṣṭiné, saṅkĕp pacarèᶇ ṅayun, kaᶇ gada gĕṅaṅapitapit, nèᶇ luhuriᶇ palana, lalawak bra murub, rinĕṅga kinuswa~iᶇ mās, atataña rāja rabusamawati, ƀaktiyarika sapa.
20. déné pantĕs solahé woṅiki, luwiḥ lawan para ratu kaṭaḥ, ƀaktiyaralonaturé, pan punika pukulun, saṅapraƀu mutadarawi, lawan nāŧèᶇ talsiyaḥ, kaliḥ ratu~aguᶇ, prakosa babala rāja, widigđaya~awrat sinaṇḍaṅiᶇ jurit, taté muṅkasi kaṙyya.
21. rāja lamdahuriṅkaᶇ sisiwi, kalihira sami putrèᶇ sélan, ratu moñcol prawīrané, sami~iṅambil sunu, mriᶇ woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, mila kinaṙyya rāja, madĕg ratu~aguᶇ, banaruṅsitiṅalaga, iṅkaṅanèm binaṭara śrī pirṅadi, mutadarawi praja.
22. duk prāptané kaᶇ rama rumiyin, śrī lamdahur maṅañjuri lampaḥ, ratu kaliḥ samya ḍèrèk, anamur tumut ṅamuk, ƀĕkta bala kuda sakĕṭi, mila lamdahurawrat, paguté rumuhun, bantoni praṅé kaᶇ rama, wusnya bantu mundur malihaniṇḍihi, iᶇ wadyabalanira.
23. goyaᶇ muṙdda rabusamawati, wontĕn maliḥ ratu~iṅkaᶇ prāpta, asri tinon gagamané, abra daludag tuṅgul, bandérané~awaṙṇni waṙṇni, būṣaṇaniᶇ prawīra, mrawata katunu, lir wanaṙgga kĕmbaᶇ kĕmbaᶇ, upacara lir pañjrahiᶇ puṣpita śrī, ñuṛĕmkĕn diwaṅkara.
24. ratu katri saṛĕᶇ lampaḥnèki, kanan kériᶇ kaᶇ nitiḥ dipaṅga, iᶇ tĕṅaḥ pan jĕmpanané, magĕṙsari kumrutug, sinoṅsoṅan pan satus sisiḥ, ampilan waṙṇna waṙṇna, tataña saᶇ praƀu, hèḥ ƀaktiyarika sapa, ratu katri muṅgwiᶇ jĕmpana sawiji, roro~anèᶇ dipaṅga.
25. awotsari ƀaktiyar tuṙnya ris, iṅgiḥ sayidibnu ṅumar rāja, iᶇ kahos gĕᶇ karatoné, punika wayahipun, mriᶇ woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, maṙyyunani puputra, kaᶇ satuṅgilipun, nama praƀu ṅumar kraban, ratu~aguṅatmajané maṙyyunani, déné kaᶇ jimĕpana.
26. iᶇ jĕmpana kaᶇ linawak rukmi, nĕṅgiḥ saᶇ praƀu~arismunandar, śrī ƀupati bétaṙttiné, punika~iṅkaᶇ buyut, rājèᶇ kahosiṅkaᶇ siniwi, śrī sayidibnu ṅumar, pan patutanipun, putriné tasaṅsulṅalam, putri~adi sakiᶇ nagri burudaṅin, prawīra mandraguna.
27. goyaᶇ muṙdda rabusamawati, patiḥ ƀaktiyar lan rāja paṭal, tumuṅkularis grundĕlé, apa ta nora ṅĕlu, gèḍèg gèḍègiᶇ sabĕnari, nahuri rāja paṭal, katĕmbènandulu, wadya guᶇ ṛĕmpĕk tataña, aṅluwihi woṅarab rakitiᶇ baris, milané kagawokan.
28. sami sami kaṭaḥ wadyanèki, woᶇ jaminambar ṛĕsaḥ barisnya, pĕnĕd woṅarab pasaṅé, iᶇ ṅriki ratu~aguᶇ, déné kudu ṅaku hyaᶇ widđi, sakiᶇ kaparakira, miwaḥ gèniᶇ ratu, aguṅagawé wisésa, karosané botĕn ṅaṅgé babakali, jajahan kilèn samya.
29. botĕn wontĕn ratu~agĕᶇ maliḥ, watĕs kilèn namuᶇ jaminambar, ratu kaṅagĕᶇ prajané, saguṅé ratu ratu, anut datan ginitik jurit, nagari kaṅaḷĕkṣan, samya nuṅkulalus, iᶇ jajahan kaᶇ sawaṙṣa, kaliḥ waṙṣa sadaya kaᶇ piṅgir laṅit, sujudiᶇ jaminambar.
30. apan sakiᶇ dènira ṅuṅkuli, gĕḍé ḍéwé kuṭa jaminambar, tanana titimbaṅané, nagri baᶇ kilènamuᶇ, jaminambaragĕᶇ pribadi, kalamun sosobowa, maṅétan puniku, sayĕkti~ana kaᶇ ṅlawan, sahésalam waṛĕg tan nĕdya ṅulati, uṇḍaké mañcapraja.
31. nora kadya saᶇ surayèᶇ ƀumi, mĕlar sakiᶇ kaprawīranira, ṅawulakkĕn ratu~akèḥ, samya boyoṅanipun, iku nama lanaṅiᶇ ƀumi, bokaja mumuṅsuhan, bĕḍamiya patut, amĕmitra paḍa rāja, paḍa luwiḥ lawan saᶇ surayèᶇ ƀumi, apraᶇ bok katiwasan.
32. nulya wontĕn katiṅalan maliḥ, barisagĕᶇ prāpta lir samodra, wutaḥ gumuntur gora rèḥ, tĕḍuḥ prakĕmpa kĕtug, amaṙwwata kagiri giri, bandéra waṙṇna waṙṇna, śrī daludag tuṅgul, rontèké~apiṇḍa karaᶇ, tanpa wilisupacarané para ji, kagyat śrī gambuḥ taña.

17. sultan jayusman nusul ḍatĕᶇ papraṅan. 

17. gambuḥ
1. ƀaktiyar sapa~iku, ratu kaᶇ prāpta suṇḍul sumuṇḍul, akèḥ tĕmĕn gagamané bĕcik bĕcik, lakuné~aṛĕbut ḍucuᶇ, naṅiᶇ tata nora rusoḥ.
2. ƀaktiyar nĕmbaḥ matur, iṅgiḥ punika pan balanipun, sultananom jayusman murijalsamsi, ḍomas ratuné kaᶇ wadu, pan sami wirèᶇ palugon.
3. nĕṅgiḥ patutanipun, sudarawṛêti putri pinuñjul, moñcoliᶇ rat sumbaga~ampuhiᶇ jurit, ariné saᶇ rāja kañjun, gaṙwwa kakasiḥ kinahot.
4. punika para ratu, kaṭaḥ santana kadaṅirèbu, nĕṅgiḥ baṇḍu santana sudarawṛêti, sami prakosa dibya nuᶇ, lumrahiṅayudđa bobot.
5. bĕḷĕk kaᶇ para ratu, kasusu pĕḍakupacarèku, samya ñoṅklaᶇ kaᶇ ṅampil nitiḥ jĕṅgiri, kacaṇḍakiᶇ lampahipun, nitiḥ sakaṭa sultan nom.
6. sakaṭa rukma murub, rinĕṅgèᶇ ṛĕtna mawaṙṇna mañcur, paṅiridé satus rakit kaᶇ jĕṅgiri, cĕmĕᶇ sami pañcal paṅguᶇ, binloṅsoᶇ ranté masabyor.
7. sami binaḍoᶇ suṅsun, pinatukaniᶇ kañcana murub, lirandaru būṣaṇané kaᶇ jĕṅgiri, paṅirid sakaṭa murub, sumṛêg kaᶇ gṛêbĕg saᶇ katoᶇ.
8. soᶇsoᶇ satus roᶇ puluḥ, sadaya sami panuṅgulipun, hèr sasaṅka miwaḥ sunaré hèr ṭaṭit, sahésalam kagyat dulu, asru dènira tatakon.
9. kaᶇ muṅgwèᶇ kériṅipun, luṅguhé jèjèr kaparèᶇ puṅkur, mèḥ wayahé kahot cahyané dumĕliᶇ, wuri ladak sĕmunipun, ƀaktiyar matur wotsinom.
10. giḥ punika pukulun, sultan jayusman murijalsamsu, putra~ambyaḥ kaᶇ jumĕnĕᶇ paraṅakik, laṅkuᶇ gĕᶇ karatonipun, tur binaṭara kinahot.
11. déné satuṅgalipun, sutèṅĕmban tur palihanipun, putranira śrī naranata ṅabĕsi, radèn kodrat samadikun, tuṅgil jro sakaṭa luṅgoḥ.
12. gèḍèg saᶇ rāja rabus @, samawati walaṙlli~andulu, iᶇ solahé woṅarab para naṙppati, rowa rikat tandaṅipun, atata sĕmuné taṅgon.
13. wuri maliḥ kadulu, kaᶇ gagaman sinaṅabra murub, panatusan baranaᶇ bandéra kèkṣi, rontèk śrī~awor lalayu, tuṅgulé~atusanabyor.
14. asri pacaranipun, mawaṙṇna waṙṇna patiᶇ palañcur, naṙppatiné muṅgwiᶇ sakaṭa masadi, bagus cahyané~umañcur, lir yaṅyaᶇ pratima tinon.
15. magĕṙsari kumrutug, paṅirid sakaṭa woluᶇ puluḥ, mèmrèᶇ buntal péṭak pañcal sadaya śrī, rinĕṅgèᶇ kañcana murub, umañcur patiᶇ pañcoroᶇ.
16. jĕṅgirat maliḥ dulu, tataña maliḥ saᶇ rāja rabus, hèḥ ƀaktiyar sapa ratu prāpta~iki, tuṅgaṅané kaya mahu, ratuné pĕkik turanom.
17. séjé sasolahipun, tuwin balané baciṅahaguᶇ, nĕmbaḥ matur ƀaktiyar ṛĕkyana patiḥ, iṅgiḥ punika pukulun, nāŧèᶇ kaṙṣinaḥ kinahot.
18. pan sami tuṅgilipun, surayèṅratiṅkaṅasĕsunu, patutan saᶇ ṛĕtna siṙttupélahèli, putri kaṙṣinaḥ pinuñjul, kaprawīraniᶇ palugon.
19. kaᶇ wuri~arinipun, hasim kuwari~iᶇ namanipun, kiṣbandiyaḥ putra sakiṅiᶇ kuwari, wuri maliḥ kadaṅipun, hasim katamsi kinahot.
20. putra wadananipun, sultan jayusman murijalsamsu, lulurahé sultané danurusamsi, rājèᶇ kaṙṣinaḥ puniku, kaᶇ putus prawirèᶇ kéwoḥ.
21. hasim katamsi~iku, ṅĕndi~ibuné ƀaktiyar matur, isnaniṅsiḥ putri~adi burudaṅin, ariné rāja tasaṅsul @, ṅalam kaᶇ wirèᶇ palugon.
22. śrī sahésalam ṅuṅun, patiḥ ƀaktiyar maturasĕlur, wuri para putra kadaṅira~amir, kuséyun lan hasimiyun, kaᶇ blĕk lampahé~aṅgoloᶇ.
23. kaᶇ sami tuṅgul piṅul, lalayu séta sadayanipun, adaludag séta~abandéra putiḥ, para kadaᶇ kadaṅipun, amuᶇ satuṅgal kaṅanom.

18. jawaḥ wĕḍi sakiᶇ ṅaṇḍap. 

18. sinom 
1. kaᶇ wontĕn ṅajĕᶇ punika, rahadènamirañjilin, kadaᶇ tuṅgilibu rama, lan woṅaguᶇ jayèᶇmuṙtti, kaᶇ sami payuᶇ putiḥ, gĕnis sadaya puniku, kadaᶇ nuṅgil sarama, sadaśa sami prajurit, salin lampahadaté lumakyèᶇ wuntat.
2. kaᶇ sami daludag séta, lalayu bandéra putiḥ, sahésalam ṅadĕg śīǥra, muṅgwiṅamparanirèki, maspadakkĕn mucicil, maraᶇ para kadaṅipun, woṅaguᶇ surayèṅrat, taña~iᶇ sawiji wiji, iᶇ namané~iᶇ para kadaᶇ sadaya.
3. ‍éram dènira tumiṅal, rāja rabusamawati, déné wayahané paḍa, kadaṅé saᶇ jayèᶇmuṙtti, ika~aḍiné~ĕndi, miwahĕndi kakaṅipun, ƀaktiyar matur nĕmbaḥ, iṅkaᶇ sadaya puniki, sanèsibu sami kaᶇ raka sadaya.
4. muᶇ kakaliharinira, kurantènamirañjilin, sami tuṅgilibu rama, laniṅkaᶇ sĕpuḥ kakaliḥ, ṅabdulahabu talip, kaᶇ sami nuṅgil sahibu, radènaris bulahab, ṅabdul samsu ṅabas sami, sanèsibu kaᶇ wowolu para kadaᶇ.
5. tur sami surayèᶇ laga, kabèḥ sudibyèṅajurit, gèḍèg praƀu sahésalam, wontĕn maliḥ kaᶇ kahèkṣi, gagaman pataᶇ kĕṭi, pataᶇ ḷĕkṣa pataṅèwu, sami nuntun turaṅga, murub būṣaṇané sami, kulambi mās lañciṅan mās totopoᶇ mās.
6. pañjaṅé~apataᶇ cĕṅkaᶇ, aṅlawèr kuḍupé turi, wadya sami giyak giyak, rāja rabusamawati, balané sapa~iki, maṅkono tĕnaganipun, anèḥ lan ratu kaṭaḥ, tanana~iṅkaᶇ niṇḍihi, woṅaguṅé nèᶇ ṅĕndi nora katiṅal.
7. tur sĕmbaḥ patiḥ ƀaktiyar, punika kaᶇ daṙbbé baris, gĕgĕḍugiᶇ pra santana, nak sanak lan jayèᶇmuṙtti, kaᶇ maṅka pamugari, iṅapraᶇ pakéwuḥ ḷĕmbut, gĕḍĕg maṅgala dibya, tuhu satriya linuwiḥ, kaᶇ paparab rahadènéndragoṭaka.
8. rahadèn palaṅgupita, iṅgiḥ radèn pulaᶇwĕsi, rahadèn jumirilputra, radèn pomot pralayaniᶇ, radèn maṙmmaya wĕgig, laḥ punika waṙṇnanipun, kaᶇ ṅlaṅak liñcak liñcak, muṅgwiᶇ sajawiniᶇ baris, radèn girikaḍaton juligaruṅan.
9. gumujĕᶇ dènya tumiṅal, rāja rabusamawati, lahiku dèn gawé~apa, woᶇ culika dènuripi, iᶇ nétya liṅsĕm runtik, karahosiṅkaṅañukur, mariᶇ jéjéṅgotira, pucĕt nétyané saṅaji, daṅu daṅu tarontoᶇ mawiṅa wiṅa.
10. kadya tĕḍaka salaka, saṅarabusamawati, amrawasèṅumaṙmmaya, ‍èṅĕt nulya~aṅliᶇ wĕṅis, sun ñana woṅabĕcik, kaṅaranumaṙmmayèku, satriya miwaḥ rāja, mĕṅko sun lali ṅawruhi, woᶇ ñĕñĕḍis luluconandèhiᶇ jagad.
11. dadi~iṅsun nora~ĕsak, maraᶇ si kuṭila wĕgig, ṅrusuhi lalaṅitiᶇwaᶇ, déné békaniᶇ cĕcĕḍis, nora ṅapahèᶇ mami, kumpruṅé kudu kumluṅkuᶇ, bésuk dèn rasakĕna, sun taṇḍiᶇ paḍaniᶇ julig, paṣṭi jiḍèt déniᶇ surakalaliyar.
12. maṅsa gawĕra sapira, hèhéliṅéliᶇ dènéliᶇ, bésuk mati siya siya, malékat kaᶇ mukarabin, nimbaṅi tanduk sami, kaṅadol saṅgup kumruwuk, iṅsun sĕmpalé béñjaᶇ, anèᶇ mađyané ṅajurit, iya~iṅsun kaṅaṅgĕgĕcĕk baluᶇnya.
13. gumuruḥ kaṅadolulap, amriḥ kasatmatèᶇ gusti, tiᶇ jalimprak gora goḍa, saᶇ nāŧèᶇ kulub winaṙṇni, mĕṭukkĕn lampaḥnèki, mriṅaṙyya~umaṙmmayèku, rāja kalbujèr mojar, kakaᶇ lilanana mami, ṅoᶇ coroké ratuné woᶇ jaminambar.
14. kaṅanèᶇ laṅit kapiᶇ pat, patiᶇ gaḷĕro kapyaṙṣi, andulu gagamanira, sun kakaᶇ wus gawa wĕḍi, maléla kaᶇ samĕnir, kaᶇ piṇḍa mimis pĕnambur, lan kaᶇ sakacaᶇ kacaᶇ, samĕliñjo lan sakĕṇṭi, sunumbaré mañjiṅa laṅit kapiᶇ pat.
15. umaṙmmaya suka mojar, iya sasukanirèki, agawé paṅéraméram, prasasat bĕnturi~iblis, wajib ṅulapulapi, muṅsuḥ woᶇ maṅkono~iku, ratu~iᶇ jaminambar, gawé wilalatiᶇ ƀumi, pakaṙyyané ratu~aṅrusakutama.
16. rāja kalbujèr samana, ṅuculkĕn kĕmatiᶇ jurit, kumĕpyur maṅsaḥ prasamya, goné rabusamawati, tinĕmpuhudan wĕḍi, sakiᶇ ṅaṇḍap saṅkanipun, prāptèᶇ laṅit kapiᶇ pat, krikil sakacaᶇ lan wĕḍi, ṅliᶇ malékatiki~apa~iki~apa.
17. karikil lan wĕḍi muṅgaḥ, mariᶇ laṅit lagi~iki, ana~udan sakiᶇ ṅaṇḍap, apĕḍĕs rasaniᶇ kulit, kaᶇ kĕna gigiṙnèki, andĕṅkèᶇ nulya mṛêkuṅkuᶇ, ṅulèt para malékat, suwé suwé malarati, kaᶇ katrajaᶇ matané juṅkĕlaniba.
18. anaṅisagundam gundam, umṛêkan patiᶇ pariṅis, ana~iṅkaᶇ nora bĕtaḥ, malorod tiṅgaliᶇ gusti, saᶇ rabusamawati, paḍaranampĕlanipun, kĕbak wĕḍi maléla, patiᶇ karompyaᶇ karikil, kagégéran kasaput surupiṅaṙkka.
19. bubar rāja sahésalam, kinoḍoludan karikil, anĕmpuḥ makuṭanira, kumrutugiᶇ ṅaṙṣa wuri, babaju gubras wĕḍi, kĕbĕk naḷĕsĕpiᶇ kalbu, sĕḍiḥ śrī sahésalam, ambĕkuḥ sasāmbatisin, bĕtahakĕn saprāptané balé ṅaras.
20. tinutup gĕḍoṅé gĕḍaḥ, binuntĕt wĕḍi tan mañjiᶇ, waṅsul ṅuṅsir balanira, pra malékat mukarabin, samya sĕḍiḥ tyasnèki, akèḥ tutup nétranipun, kaᶇ datan tinutupan, matané~akĕbak wĕḍi, kaṅatĕbiḥ ratuné~abiyaᶇ biyaᶇ. 
21. kèndĕl kĕmatiṅayudđa, wadya rab makuwon sami, laṅkuᶇ sukané miyaṙṣa, kalbujèrumaṙmmayèki, dènya kĕmaté dadi, wĕḍi karikil bubujuᶇ, mriᶇ saguᶇ malahékat, sĕḍiḥ déniṅaṅlilipi, gumyak gumyak pakuwon sadalu suka.
22. ađipati tasikwaja, lan rājèᶇ kulub prasami, gantya~iṅkaᶇ kawuwusa, rāja rabusamawati, dalu tataña~aris, mriᶇ para malékatipun, wĕḍi~apa wus śīṙṇna, malékat kĕmit tuṙnya ris, sāmpun śīṙṇna waṅsul ḍatĕᶇ pamoṇḍokan.
23. saṅapraƀu sāmpun mĕdal, animbali mukarabin, aglar kaᶇ makṣiḥ waluya, naṅiᶇ kaṭaḥ makṣiḥ sakit, matané kĕbak wĕḍi, hèḥ para malékat ṅrukuk, caḍok pan dèrèᶇ waras, ginaguyu kañcanèki, sahésalam prihatiné ṅĕmu duka.
24. iᶇ dalu tan kawuṙcꞓita, ya ta kawuwusa~éñjiᶇ, tĕḍak mriᶇ laṅit kapiᶇ pat, rāja rabusamawati, malékat mukarabin, kaᶇ sami ṅayapatĕpuᶇ, wadya rab kaᶇ wus buḍal, paṅaṙṣa para naṙppati, cucukipun woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja.
25. wontĕn tuṅgul woluᶇ daśa, roṅatus bandéra~asri, daludagnya woluᶇ daśa, sadaya muṅgwiᶇ turaṅgi, rikat rowa~arakit, bala guᶇ gumraḥ gumṛêgut, ratuné muṅgwiᶇ gajaḥ, iṅayap woᶇ magĕṙsari, sinoṅsoṅan gĕnis pita kawan daśa.
26. aṅliᶇ praƀu sahésalam, hèḥ ƀaktiyar sapa~iki, ratu~iṅkaᶇ lagya prāpta, prayoga gagaḥ tur pĕkik, pantĕs prawirèᶇ jurit, patiḥ ƀaktiyar turipun, punika rājèᶇ miskat, saᶇ praƀu dabarus ṅali, papatihé mriᶇ woṅaguᶇ paraᶇtéja.
27. gèḍèg rabusamawatya, iṅkaᶇ sok dadi sisiliḥ, woṅaguᶇ surayèᶇ jagad, satriya~iᶇ ṅalabani, iṅkaᶇ sahémba waṙṇni, myaᶇ swara sapolahipun, matur patiḥ ƀaktiyar, iṅakĕn kadaᶇ sayĕkti, aṅlaṅkuṅi sihira sapara kadaᶇ.
28. panuḍa~usuk kéwala, kaprawīraniṅajurit, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, lan raka surayèᶇ ƀumi, wontĕn katiṅal maliḥ, satuṅgal sapayuṅaguᶇ, būṣaṇa~upacara, lampahé saguᶇ para ji, muṅgwiᶇ kuda naṙppatiné lirasmara.

19. untabiᶇ wadyabala paṇḍèrèkipun satriya paraᶇtéja tuwin woṅaguᶇ. 

19. asmaradana 
1. taña rabusamawati, ika sapa ratu prāpta, abra sinaᶇ gagamané, ratuné bagus taruṇa, matur patiḥ ƀaktiyar, iᶇ kuda~éndaḥ pukulun, nama rāja sari~isman.
2. wontĕn katiṅalan maliḥ, barisagĕṅiṅkaᶇ prāpta, būṣaṇaniᶇ bala~abyor, sahupacara karajan, tuṅgul lawan daludag, bandéra miwaḥ lalayu, ratuné muṅgwiᶇ turaṅga.
3. taña rabusamawati, ika sapa ratu prāpta, asri tinon gagamané, matur kya patiḥ ƀaktiyar, naṙppati mudalipaḥ, saᶇ rāja~iṙmman nadirun, samya wadyanira maktal.
4. wontĕn ratu prāpta maliḥ, wadyanira~abra sinaᶇ, lir sĕkar satamanabyor, tuṅgul daludag mawaṙṇna, sriniᶇ kaṅupacara, tatanta saᶇ rāja rabus, hèḥ ƀaktiyarika sapa.
5. ratu~iṅkaᶇ lagi prāpti, barañakanèᶇ dipaṅga, asri tinonampilané, kabèḥ payuᶇ kṛêtas pita, ampilané gaṇḍéwa, laré waṇḍan lèrènipun, lan kaᶇ ṅampiléṇḍoṅĕmas.
6. batiyar matur wotsari, punika nāŧèᶇ jaṙjjanaḥ, rāja rundaham kinahot, ratu prawīra digdaya, uṇḍagi mandraguna, piliḥ taṇḍiᶇ yudđanipun, ratu balanipun maktal.
7. wontĕn maliḥ ratu prāpti, wadyanira~abra sinaᶇ, lir pañjrahiᶇ puṣpita byor, būṣaṇa~awaṙṇna waṙṇna, sriniᶇ kaṅupacara, naṙppatiné nomabagus, ṛĕspati muṅgwiᶇ turaṅga.
8. taña rabusamawati, ika sapa ratu prāpta, patiḥ ƀaktiyaraturé, punika rājèᶇ basaraḥ, rāja~umaṙddibaram, ratu~awratiᶇ praᶇ pupuḥ, sami balanipun maktal.
9. gèḍèg rabusamawati, si maktalapa prawīra, sugiḥ bala para katoᶇ, ƀaktiyar maturanĕmbaḥ, iṅgiḥ laṅkuᶇ prawīra, tan wontĕn kaᶇ para ratu, taṇḍiᶇ wawratiṅayudđa.
10. amanaha gunuᶇ wĕsi, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, sayĕkti gugrugagogrog, rug ṛĕbaḥ syuḥ kasulayaḥ, śīṙṇna kaᶇ gunuᶇ waja, amĕḍaṅa raṅkĕp sèwu, ratu ratu paṣṭi bébas.
11. nulya pacara kahèkṣi, aṅaraᶇ sinaᶇ bĕranaᶇ, nawuᶇ baskara gĕbyaré, ampilanawaṙṇna waṙṇna, awor kapraƀoniᶇ praᶇ, wontĕn guṅguᶇ kalihatus, ampilan kaᶇ sinoṅsoṅan.
12. punaᶇ sakaṭa kahèkṣi, paṅirid turaṅga pĕṭak, sakaṭa ṛĕṅgyèᶇ masabyor, pinatikiᶇ nawa ṛĕtna, waṅkawa katawĕṅan, prabaniṅaṙkka kasĕṇḍu, murub ṛĕṅganiᶇ sakaṭa.
13. roṅatus kuda paṅirid, sami tinopoṅanĕmas, sinawuriᶇ sosotya byor, naṅiᶇ sakaṭa lalawak, asoᶇsoᶇ kawan daśa, kaᶇ muṅgwiᶇ sṛêṅgara murub, asri būṣaṇa karajan.
14. kagyat rabusamawati, aṅadĕg muṅgwiṅamparan, ika si jayèᶇpalugon, pĕtĕᶇ ḍĕḍĕt kaṅaṅayap, paḍaᶇ déniᶇ būṣaṇa, wus tétéla bédanipun, lan kabèḥ kabèhiᶇ ṅaṙṣa.
15. patiḥ ƀaktiyar wotsari, dédé pun surayèᶇ jagad, pan punika kakasihé, kaᶇ maṅka sahéka jiwa, iṅkaᶇ sampum winĕnaᶇ, tuṅgil pati sabiyantu, kadya badan ñawa tuṅgal.
16. woṅaguṅiᶇ ṅalabani, satriya~iᶇ tambakṛêtna, kaṅasugiḥ bala katoᶇ, iṅgiḥ kalihèwu ḍomas, ratu~iṅkaᶇ kabala, muṅgwiᶇ soramparanipun, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja.
17. kaᶇ tuwan daṅu sakéñjiᶇ, ḍatĕṅiᶇ maṅké punika, pāduka~iṅkaᶇ kasupèn, takṣiḥ balanipun maktal, maṅké gustiné prāpta, praƀu samawati jĕtuᶇ, ḷĕṅgaḥ malihiṅamparan.
18. saṙwwi mandĕṅamacicil, iᶇ laṅkuṅé~aṙyya maktal, woṅiku bagus rupané, ladak batin tur jatmika, pantĕs kaṅgo ṅawula, yèniku tĕluka mriᶇ sun, sayĕkti sunaku kadaᶇ.
19. iṅkaᶇ kadi yayaḥ bibi, aṅrèḥ nāŧèᶇ jaminambar, sun turut sapratiṅkahé, dadiya malékat putra, kĕkĕmbaṅiṅakasa, awor widadari patut, dadi niyakaniᶇ swaṙgga.
20. rabusamawati~aṅliᶇ, apa si surayèᶇ jagad, hèḥ ƀaktiyar titihané, umatur patiḥ ƀaktiyar, botĕn kawiṅkiᶇ tuwan, tan liya titihanipun, salaminipun turaṅga.
21. datan wontĕn maliḥ maliḥ, amuᶇ pun sĕkaṙdduwijan, tanaṙṣa nitiḥ liyané, nadyan kaṭaḥ kaᶇ turaṅga, amuᶇ sĕkaṙdduwijan, nulya wontĕn kaᶇ kadulu, wadya guᶇ mawaṙṇna waṙṇna.
22. saḷĕkṣa bala ṅabĕsi, saḷĕkṣa kaᶇ bala cina, wadya ḍayak saḷĕkṣané, wadya sĕpañol saḷĕkṣa, ṅindi~iṅkaᶇ saḷĕkṣa, kaᶇ saḷĕkṣa malihiᶇ rum, sakĕṭi woṅupacara.
23. asri būṣaṇa mawaṙṇni, iṅkaᶇ sami ṅupacara, abĕbaḍoṅatĕtopoᶇ, kañcana rinĕṅgèᶇ sotya, kumilat katonulap, sumawur patiᶇ palañcur, abra~abyor tiᶇ gaḷĕbyar.
24. tĕtĕbusan tigaᶇ kĕṭi, woᶇ kulitiṛĕᶇ lan pĕṭak, kulit biru kulit jĕné, ana kaᶇ kulité~abaᶇ, kaᶇ sami ṅupacaya, asri soᶇsoᶇ pituṅatus, nulya na swara kapyaṙṣa.
25. gumuruhumyaᶇ mĕliṅi, rabusamawati taña, lahiki~apa banèné, gumĕr kumriñciᶇ kumraṅsaᶇ, matur patiḥ ƀaktiyar, pan punika swaranipun, iṅkaᶇ soᶇsoᶇ tuṅgul naga.
26. mèḥ cĕlak paṅgénannèki, woṅaguᶇ surayèᶇ jagad, satriya jayèᶇ palugon, punika soᶇsoᶇ kaṅañar, wontĕn nagri kupaṙmman, kaᶇ ƀinĕkta~anèᶇ ṅayun, punika soṅsoṅé lama.
27. piliḥ kaᶇ para naṙtti, kuwaśa yènambĕktowa, sajuga dados pasoᶇsoᶇ, tuṅgul naga~amakuṭa, ataliṅan daludag, iᶇ payuᶇ kaṅusuk sèwu, kaᶇ muṅguhiᶇ caṅkĕm naga.
28. ilat kawanatus nĕṅgiḥ, isi sèwu golèk cina, kinaluṅan gĕṇṭa kabèḥ, mila swarané gumĕraḥ, maṅap caṅkĕmiᶇ naga, kaṅinan kaᶇ gĕṇṭa sèwu, sakiᶇ doḥ sora kaᶇ swara.
29. rāja rabusawamati, agèḍègasru ṅandika, maṅkono~iᶇ paṅgawéné, anèḥ sasolaḥ tiṅkaḥnya, ratuné woᶇ baᶇ wétan, iku sosoroḥ mariṅsun, prāptané nèᶇ jaminambar.
30. pèpèḍĕp pĕkṣa ṅluwihi, polahé woᶇ jaminambar, maṅsa ta wuruṅa kabèḥ, lapgaᶇ bébas nora gagal, alaḥ nibani layaᶇ, ṅambil buluƀĕktinipun, bagéyané woᶇ kupaṙmman.
31. kahèkṣi woᶇ magĕṙsari, wuriné kaṅupacara, woṅabĕcik kaṅatopoᶇ, kañcana~akarawiṣṭa, jĕjĕl kaᶇ muṅgwiᶇ ṅaṙṣa, titipatapadu sikut, bayak kadya lun lumémbak.
32. asikĕp pĕḍaᶇ rum sami, amawi jambya maléla, tanantara nulya katon, soᶇsoᶇ gĕᶇ kaᶇ tuṅgul naga, nĕṅgiḥ kaᶇ sinoṅsoṅan, muṅgwiᶇ kuda cahya mañcur, molaḥ pun sĕkaṙdduwijan.
33. ḍĕḍĕg kaᶇ ṅayapiᶇ wuri, kaṅumulat kahulapan, iṅkaᶇ būṣaṇa kilaté, gumilap gilap paruṅan, manawuᶇ maṅiriya, amaṅkawa ṅuwuṅuwuᶇ, suṛĕm sunaré baskara.
34. tanana bĕṅgaᶇ sañari, magĕṙsari ṅupacara, kadya gapitan lampahé, miyat praƀu sahésalam, maraᶇ kaᶇ sinoṅsoṅan, tuṅgul naga~usuk sèwu, añjĕtuᶇ tan kĕna ṅucap.
35. déné nora gĕṅahiṅgil, paṅunandikaniᶇ driya, déné ratu boyoṅané, kabèḥ guᶇ luhur prakosa, paḍa ratu didgaya, apa kĕmat taṅkĕpipun, ṅapusi~aṅguladrawa.

20. praƀu tasaṅsulṅalam maṅsaḥ praṅ 

20. ḍaṇḍaᶇgula 
1. hèḥ ƀaktiyar déné~èṇḍèk cilik, jayèᶇmuṙtti déné ta digdaya, boyoᶇ ratu gĕḍé gĕḍé, apa paṅwasanipun, apa kĕmat wĕdi rarahi, ƀaktiyar matur nĕmbaḥ, dédé watĕkipun, maju ḍaḍa mundur ḍaḍa, malahiᶇ praᶇ botĕnaṅgada rumiyin, ṅawoni~iᶇ pratiṅkaḥ.
2. ḷĕṅĕr ḷĕṅĕr rabusamawati, kawuwusa para ratu ṅarab, kaᶇ sami mĕṭuk lampahé, lañcaran kaᶇ rumuhun, iṅkaᶇ sāmpun makuwon lami, sadaya~atur sĕmbaḥ, ṅaras ṅuswa suku, woṅaguᶇ wus sinahosan, pasaṅgrahan maṙmmadi~iṅkaṅakaṙddi, kokojor rakit kiṭa.
3. para ratu kaᶇ samya jajari, tĕḍakira mañjiᶇ pasaṅgrahan, wus prāpta tata ḷĕṅgahé, muṅgwiᶇ tatarubaguᶇ, aglis saguᶇ para naṙppati, miwaḥ kaᶇ para putra, nèᶇ ṅaṙṣa supĕnuḥ, para kadaᶇ wuri gènnya, śīǥra majĕᶇ ḍaḍaran tinata sami, gunĕm saṙwwi drawina.
4. kaᶇ cinatur masalahiᶇ jurit, kaᶇ sāmpun praᶇ lan woᶇ jaminambar, dinaṅu saléléwané, malihiṅkaᶇ winuwus, sahésalam paréntaḥ sami, maraᶇ para malékat, papat mukarabun, wus kinèn maréntahana, iᶇ saguṅé prajurit magut praṅéñjiᶇ, yènuwusiᶇ tri dina.
5. iᶇ prāptané saᶇ surayèᶇ ƀumi, ratu kĕrigan sakiṅamañca, ‍éwonaḷĕkṣan prāptané, aṅgili dèrèᶇ sāmpun, kadya robiᶇ kaᶇ jalanidi, kaṭahé wadya mañca, tuhu tanpa~étuᶇ, sakiᶇ guṅguṅiᶇ kaᶇ praja, iᶇ sajĕgé muṅsuḥ datanana wani, muṅsuḥ woᶇ jaminambar.
6. pan sinĕṅkĕr déniṅiᶇ hyaᶇ widđi, kaᶇ pinariṅan woṅaguᶇ ménak, kaᶇ prāja winarisaké, maṅkono sĕmunipun, kaᶇ piniṅit sasmita ṛĕpit, tanana kaᶇ winĕnaᶇ, ṅasoṙna praṅipun, dènya ṅluwihi kaᶇ titaḥ, tĕkaburé rāja rabusamawati, kumluṅkuᶇ ṅaku~allaḥ.
7. pan kinaṙṣan déniṅiᶇ hyaᶇ widđi, paṅlulunira mriᶇ sahésalam, iᶇ maṅké sāmpun maṅsané, papacaṅan wus rawuḥ, ya woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, saᶇ praƀu jaminambar, tan wruhiᶇ paṅlulu, giraᶇ giraṅanèᶇ donya, ‍éblis katonaṅgèndèᶇ mariᶇ yomani, tan towaṅanèᶇ donya.
8. ya ta sāmpun prāptèᶇ tigaṅari, iᶇ prāptané para prawīra rab, woᶇ jaminambar nulya gé, ‍éñjiᶇ tĕṅara~umyuᶇ, kĕṇḍaᶇ goᶇ lir kaṛĕṅèᶇ laṅit, pukṣur sru mawurahan, ‍éṅgar kaᶇ pra ratu, prajuritiᶇ jaminambar, kadi siṅa lodra lir ditya non dagiᶇ, ṅumpul saguᶇ mukarab.
9. sahésalam sāmpunamiyosi, muṅgwiᶇ laṅit kapiᶇ pat gyan saban, woṅarabanon tiṅkahé, śīǥra tĕṅara~umuᶇ, oṛĕg saguᶇ para narapati, samya sumiwèᶇ ṅaṙṣa @, nira jayèᶇsatru, wadya guᶇ tanpa wilaṅan, guritwĕsi lon matur mriᶇ jayèᶇmuṙtti, ḍuḥ woṅaguṅupama.
10. wontĕna paréntaḥ mriᶇ ṅoᶇ siṅgiḥ, ambandowa mriᶇ pun sahésalam, datanpa réwaᶇ muṅijèn, kados kados yèn purun, katur ṅaṙṣa tuwan jĕṅamir, woṅaguṅaṅandika, kakaᶇ pulaᶇ kéwuḥ, aṅucap kaṅora~ora, dudu siliḥ pratiṅkaḥ maṅkana~ugi, amriḥ silibiṅapraᶇ.
11. luwiḥ niṣṭa yèniᶇ kaṙṣa mami, iṅsun banda mađyaniᶇ paayudđan, kawistara~iᶇ wadya kèḥ, asor kalawanuṅgul, mara barèsiᶇ praṅutami, ya ta woᶇ jaminambar, nèᶇ palagan ṅuwuḥ, ana ran saᶇ trisĕṅadya, aṙṣa maṅsahamitiᶇ praƀunirèki, sahésalam ṅandika.
12. hèḥ ta~iya trisĕṅadi~aglis, naṅiṅaja paḍa mriḥ palastra, cĕkĕḷĕn gĕsaᶇ sakabèḥ, sandika~anitiḥ wus, turaṅga dyanaṅuwuḥ taṇḍiᶇ, hèḥ woṅarab ta sapa, iṅkaṅaṙṣa lampus, papagĕna tandaṅiᶇwaᶇ, kapiyaṙṣa dé saᶇ praƀu burudaṅin, amiraṙṣa magut praᶇ.
13. aṅandika saᶇ surayèᶇ ƀumi, hèḥ ta yayi~iya dèn prayitna, sun sraḥkĕn hyaᶇ sukṣma taṙllèn, śīǥra saᶇ nāŧa ṅrasuk, sakapraƀon naṅiᶇ tan mawi, wahana maṅsaḥ ḍarat, saᶇ praƀu tasaṅsul, rikat tajĕmaṅsahira, prāptèᶇ rana wusayunayunan jurit, maṇḍi palu ranté mās.
14. rāja trisĕṅadi sru dènya ṅliᶇ, hèḥ woṅarab sapa~aranira, mapag tandaṅiṅsun kiyé, aja mati sirèku, tanpa~aran nāŧèᶇ rumaṅliᶇ, hèḥ wruhanta ya~iᶇwaᶇ, naṙppati~iᶇ ṅĕrum, brudaṅin kapṛênahiᶇwaᶇ, ipé mriᶇ saᶇ suraya nataniᶇ jurit, gya rāja trisĕṅadya.
15. ṅaṅkat gada hèḥ rāja rumaglis, ataṅkisa~iya bandabaya, dèn prayitna nora wandé, sira mati sun pupuḥ, śrī tasaṅsulaṅaṅkat taṅkis, palu ranté kinaṙyya, anulya pinupuḥ, kinuwatan taṅkisira, pinuḷĕtkĕn palu ranté mriᶇ gada glis, sinĕṇḍal pupuḥ siṅsal.
16. trisĕṅadi saḥ sakiᶇ turaṅgi, kadya ḍarat kaliḥnya kaᶇ yudđa, trisĕṅadi ñĕṇḍalagé, winantu tan kajuñjuᶇ, uwal mundur pĕḍaᶇ tinarik, praƀu tasaṅsulṅalam, animbaṅi mundur, pinutĕr palu ranté mās, wus kabuñcaᶇ karaṅkud turaṅganèki, sinabĕtkĕn ƀantala.
17. kapisanan lan turaṅganèki, kawistara mriᶇ śrī sahésalam, tasaṅsulṅalam tandaṅé, mariᶇ ƀaktiyar daṅu, sapa~iṅkaᶇ mrawasèᶇ jurit, maraᶇ si trisĕṅadya, ƀaktiyarumatur, punika tasaṅsulṅalam, kaᶇ kahipé déniᶇ saᶇ surayèᶇ ƀumi, ‍éram śrī sahésalam.
18. wontĕn ratu kadaṅé taruni, déniᶇ rāja trisĕṅadi maṅsaḥ, kakaliḥ saṛĕṅaṅsahé, gada sikĕpiᶇ pupuḥ, muṅgwiᶇ kuda sāmpunapaṅgiḥ, aṅgada kériᶇ kanan, ṅuṭuhiᶇ praᶇ pupuḥ, saᶇ praƀu tasaṅsulṅalam, ‍éca taṅkis paṅgadané tan ṅĕnèni, daṅu paṅgadanira.
19. ṅikal ranté nāŧèᶇ burudaṅin, ratu kaliḥ sinipat baṅkékan, pinukĕt ranté kinosèr, karaṅkus kalihipun, liriṅanam ranté mratani, kasĕṇḍĕtiᶇ pañĕṇḍal, kapat lan kuda jur, siṅa maṅsaḥ kapisanan, para ratu jaminambar kapalipis, kaᶇ maṅsaḥ maṅsaḥ pĕjaḥ.
20. cinaritakakĕn praṅirèki, sira saᶇ praƀu tasaṅsulṅalam, rinoban tutuḥ yudđané, siṅa mara karaṅkus, sakiᶇ kuwat paworiᶇ runtik, musanèpahlul kojaḥ, wusamaṙṇna tutur, antuk ratu pituᶇ daśa, praᶇ sadina saᶇ praƀu rum burudaṅin, giris woᶇ jaminambar.
21. ratu sadaśa kabanda~urip, ratu nĕm daśa kasoran pĕjaḥ, tuhu tanana taṇḍiṅé, mundur kasaput dalu, lajĕᶇ maṛĕk ṅaṙṣanira mir, praƀu tasaṅsulṅalam, pinapag pinĕṅkul, kinaṇṭi mriᶇ paḷĕṅgahan, rinaṛĕpa pan saṙwwi kinĕmpit kĕmpit, iᶇ raka surayèṅrat.
22. pinisalin kaᶇ būṣaṇa~adi, lajĕᶇ drawina saguᶇ pra nata, iṅkaᶇ ratu tatawané, sadaśa sāmpun sinuᶇ, maraᶇ sira praƀu maṙmmadi, pinṛênaḥ gyan satuṅgal, rinĕkṣa kinuruᶇ, taḍaḥ ṅinuman rinĕkṣa, tanañana saguᶇ kaᶇ kabandèᶇ jurit, pra ratu jaminambar.
23. panaṙkkané samya maṅgiḥ pati, kunĕᶇ dalu~iᶇ maṅké kawaṙṇna, ‍éñjiᶇ tĕṅara~aramé, kĕṇḍaᶇ goᶇ bèri~umuᶇ, pukṣur gubar guṙṇnaᶇ ṭoᶇṭoṅgrit, prajurit jaminambar, kadya lun gumuluᶇ, tinon yayaḥ tasik wutaḥ, puṅgawané kaᶇ sakiᶇ kapiᶇ pat laṅit, gora rèḥ gora goḍa.
24. yayaḥ wanaṙgga maruta~agni, tuṅgul daludag layu kakaṇḍa, bandéra mobra prabané, myaᶇ payuᶇ payuṅaguᶇ, panambranaᶇ para naṙppati, tuwin kaᶇ baris ṅarab, daḷĕdĕg supĕnuḥ, aṅèbĕki ranaṅgana, ambaranaṅumèb kadya samodra di, tĕpuᶇ baris kalaṅan.
25. para ratu satriya prajurit, wusaṅumpulasahosiᶇ ṅaṙṣa, aglar muṅgwiᶇ ṅayunané, woṅaguᶇ wusaluṅguḥ, iᶇ wijowan diṙggasana di, rinĕṅgèᶇ sosotya bra, pṛêmata jumĕrut, saṅapraƀu jaminambar, muṅgwiᶇ laṅit kapiᶇ pat dènya jĕnĕṅi, mamaṅun yasaniᶇ praᶇ.
26. pĕnuhiᶇ bala baskara titis, suṛĕm déniᶇ gĕbyariᶇ būṣaṇa, ya ta wontĕn ratu~anèm, nagarinira kuljum, abibisik rāja kosyani, maṛĕk maraᶇ ṅayunan, manĕmbahumatur, pukulun muǥi~antuka, iᶇ nugraha donya prāptané~iṅakir, nuwunumagutiᶇ praᶇ.
27. lon ṅandika saᶇ surayèg ƀumi, ya sutèṅoᶇ kuljumumaguta, iṅayudđa sun srahaké, iᶇ hyaᶇ kaᶇ maha luhur, rinĕkṣowa jabaniᶇ paṣṭi, mundur wusnya~aṅaras, iᶇ pada woṅaguᶇ, nitiḥ kuda mariᶇ rana, lajĕᶇ maṅsaḥ sikĕp gada śrī ƀupati, sudirèᶇ pabaratan.
28. asusumbar saᶇ nāŧa kosyani, saṙwwi kitĕr kudané maṇḍapan, ṛĕspati~oñclaᶇ gadané, muluk sahéṅga masuk, tibanira cinaṇḍakaglis, lajĕᶇ maliḥ binuwaᶇ, umĕsat maṇḍuwur, ñamut ñamut katiṅalan, rāja makrubiṅkaᶇ minaṅka mikahil, andĕliᶇ jaminambar.
29. sujud ṅaṙṣanira~iᶇ hyaᶇ widđi, nĕṅgiḥ hyaᶇ widđi~iᶇ jaminambar, makrub kalilan pamité, iya tumpĕsĕn makrub, para ratu baᶇ wétaniki, sakiᶇ laṅit kapiᶇ pat, śīǥra tĕḍakipun, saprāptanira~iᶇ ṅaṇḍap, oṛĕg saguᶇ naṙppati kaᶇ sahos jurit, déné malékat tĕḍak.
30. ñaṇḍak gada śīǥra nitihèṣṭi, maṅsaḥ makrubanitiḥ dipaṅga, dadya gumuruḥ suraké, kaṅayudđa wus paṅguḥ, rāja makrub sugal dènya ṅliᶇ, ṅarabaranmu sapa, kosyani sumahur, naréndra kuljum paniᶇwaᶇ, ajujuluk naṙppati kosyani mami, ratu~andĕliṅapraᶇ.
31. balik sira sapa ranirèki, ratu laknat ya woᶇ jaminambar, makrubasugalaturé, paniṅsun rāja makrub, kaᶇ kinaṙyya~iṅsun mikahil, laḥ payo~aṅgodowa, gĕgĕcokiᶇ kuljum, saᶇ praƀu kosyani mojar, nora watak woᶇ ṅarabapraᶇ ḍiṅini, sétan payo godowa.
32. sétan jaminambar si musirik, paṅiḍĕpé sasar ṅudubilaḥ, ṅaṅgo dudugonaṅgoné, dadak ṅaku hyaṅaguᶇ, tanpa ṅrasa tan duwé budđi, gawé kèhiᶇ cilaka, aṅajab dosa guᶇ, payo makrubaṅgodowa, sun taḍahi~iᶇ kéné paḍa prajurit, aja~amriḥ praᶇ wuntat.

21. rāja kosyani taṇḍiᶇ lan mikahil. 

21. paṅkur 
1. rāja makrub mĕlak liman, maṛĕpĕki mutĕr gadanirèki, dèn prayitna~iṅsun pupuḥ, yĕkti rata lan ḷĕmaḥ, nantaᶇ lalab si gĕgĕcok tèblèᶇ kuljum, amasaᶇ taṅkis wisésa, maṅsa miṇḍowa sun gitik.
2. dènira nahuri sugal, ṅĕtab kuda saṙwwi~amasaᶇ taṅkis, śrī kosyani~ibnu kuljum, aja kakéhan swara, hèḥ mikahil sun taḍahi paṅgadamu, śīǥra tumĕmpuḥ kaᶇ gada, lir gĕlap tibaniᶇ taṅkis.
3. oṛĕg ƀumi~iᶇ papraṅan, ramé surak muṅsuḥ rowaᶇ ñaṛĕṅi, kaᶇ dahana mubal murub, wĕsi tinaṅkis waja, aṅaliṅi~iᶇ kosyani~ibnu kuljum, aloké woᶇ jaminambar, woṅarab paṣṭi ko mati.
4. maṅsa koṅsi miṇḍonana, sabĕn nibakakĕn gada mikahil, gada gĕᶇ wawrat roṅèwu, pataṅatus kati mās, ṅĕndi~olèḥ tinaṅkisa~ajur mumur, tibané pawaka mubal, gègèranibani baris.
5. saśīṙṇnané kaᶇ dahana, katiṅalan sira praƀu kosyani, saᶇ kosyani~ibnu kuljum, aṅolahakĕn kuda, sira makrub mikahilasru~amuwus, si monon makṣihagĕsaᶇ, wĕntala~iᶇ gada mami.
6. miṅkahilaṅaṅkat gada, aṙṣa miṇḍo miṅĕr rāja kosyani, aṅatépaᶇ kudanipun, dupi nèᶇ wurinira, gya rinaṅgèḥ pinṛêpĕkan rāja makrub, kacaṇḍak kaṅikĕt piṅgaᶇ, sinĕṇḍal sakiṅiṅèṣṭi.
7. saᶇ rāja makrub kasĕṇḍal, gya binantiᶇ kaḷĕṅĕr tibèᶇ siti, woṅarab surak gumuruḥ, mikahil balanira, para ratu pataṅatus samya tanduk, umagut maṅṛêbutiᶇ praᶇ, śīǥra saᶇ rāja kosyani.
8. buwaᶇ gada narik pĕḍaᶇ, ṅĕtab kuda nĕṅaḥ dènira jurit, kaᶇ pra đipati~iᶇ kuljum, miwaḥ satriyanira, saṛĕᶇ maṅsaḥ wruḥ gustiné binarubuḥ, kalihatus woluᶇ daśa, ambyukaṅamuk maṅuṅkiḥ.
9. caruk corokiṅayudđa, abusĕkan kaṭahiṅkaᶇ ṅĕmasi, mikahil ginawa mundur, rinĕbut ginosoṅan, naṅiᶇ saguᶇ bala pra đipatinipun, mikahil kaṭaḥ kaᶇ pĕjaḥ, kamuk prajurit kosyani.
10. paran bala jaminambar, mundur lagis saṙyyamƀĕkta kaᶇ kanin, tuwin kunaṙppaniᶇ ratu, rāja kosyani mojar, satriyané puṅgawané kinèn mundur, rāja kosyani susumbar, minta mĕtuniᶇ prajurit.
11. hèḥ ta woṅiᶇ jaminambar, aja ganti baṛĕṅa sun kĕmbari, iki naṙppati~iᶇ kuljum, andĕlé~iᶇ kupaṙmman, para ratu ṅarab kaḷĕbu gĕgĕḍug, wahu rāja sahésalam, nalikanira niṅali.
12. praṅé mikahil kasoran, hèḥ ƀaktiyar woᶇ wétan sapa~iki, déné prawīra satuhu, ƀaktiyar matur nĕmbaḥ, iṅgiḥ ratu pamiṅgir salaminipun, punika sanakiᶇ sanak, lawan sultan paraṅakik.
13. kaponakanibunira, gèḍèg rabusamawati walaṙlli, noliḥ kanan kériṅipun, wontĕn ratu prakosa, guṅaluhur rāja tuṙṣina ranipun, wruḥ susahé gustinira, rāja rabusamawati.
14. sujudumatur pralabda, ḍuḥ pukulun sāmpun tuwan priḥ galiḥ, para prajurit puniku, amba maṅké kaᶇ bĕsta, kahatura bĕsta mriᶇ jĕᶇ saṅahulun, kawula~iṅkaᶇ muliḥna, iᶇ liliṅsĕm pāduka ji.
15. ṅandika śrī sahésalam, laḥ ta payo payo~iṅsunidini, prajurit baᶇ wétaniku, kabèḥ ta cĕkĕlana, paḍa~atuṛĕna babandan mariṅsun, rāja tuṙṣina mit nĕmbaḥ, wus muḍun sakiṅiᶇ laṅit.
16. prāptèᶇ ṅaṇḍap nitiḥ kuda, wus samĕkta salir kapraƀon jurit, tuṙṣina rāja~umagut, paṅgihayunayunan, sami muṅgwiᶇ turaṅga kakalihipun, samya wasisiᶇ turaṅga, kitĕr kinitĕraganti.
17. hèḥ ṅarab sapa ranira, tuhu laṅarakaṙyya mati mati, prajurité gustiniṅsun, miwaḥ para mukarab, sira bantiᶇ mikahil kapati kantu, pan satiṅkaḥ kumalañcaᶇ, ko kaṙyya tiṅkaḥ sumĕkti.
18. mariᶇ di paṅuṅsinira, paṣṭi sira mati dé ṅasta mami, prajurit sapa~aranmu, ratu tuwin satriya, hèḥ sun rāja kosani naṙppati kuljum, laḥ balik sira ran sapa, tuṙṣina~iṅsun naṙppati.
19. hèḥ taṅkisa~iṅsun gada, dènapaṅgaḥ pasaᶇ rāja kosani, rāja tuṙṣina~agupuḥ, sĕṅgak saṙwwi~aṅgada, dyan tumĕmpuhiᶇ taṅkis lir gĕlap sèwu, jumĕbrèt wĕtu dahana, kumutug maṅawiyati.
20. kèḥ kagèt baris kupaṙmman, ana ṅucap woᶇ jaminambariki, lumraḥ luwiḥ kuwatipun, liriᶇ gada gĕᶇ kapraḥ, yèn luwĕsa taṅkĕpé~abot minuṅsuḥ, aracak wagu~iᶇ pĕraᶇ, tan parigĕliṅajurit.
21. aloké woᶇ jaminambar, sida ḷĕbur woṅika~awor siti, maṅsa kuwata pinupuḥ, déniᶇ rāja tuṙṣina, wuruᶇ mahu sida~iki~ajur mumur, ilané panas kapĕlak, katiṅal rāja kosani.
22. añaṇḍak praƀu tuṙṣina, si maṅkonok tanajuriṅsun bindi, gada pinutĕr maṇḍuwur, wus piṇḍo dèn prayitna, ramé surak muṅsuḥ rowaᶇ saṛĕṅumyuᶇ, amiṇḍo paṅantĕpira, gambuhé kaᶇ masaᶇ taṅkis.

22. praƀu gulaṅgé nrambul praᶇ. 

22. gambuḥ
1. siᶇ rosaniᶇ pamupuḥ, taṅkis kuwat gada gĕᶇ tumĕmpuḥ, saṛĕᶇ swara tĕmpuḥ kukusamanasi, gigiré turaṅga putuᶇ, kosani lumumpatadoḥ.
2. anarik pĕḍaṅipun, maḷĕs sukuné turaṅga rampuᶇ, kasaṅśaya tuṙṣina tibané liṅgiḥ, surakiᶇ wadya gumuruḥ, taṅi mahin pĕḍaᶇ karo.
3. praᶇ ḍarat kalihipun, ramé mahin pĕḍaᶇ wantu wantu, nāŧèᶇ kuljum sayaḥ déniᶇ wus miᶇ kaliḥ, tuṙṣina tigas praṅipun, maṙmma kosani kaḷĕson.
4. rāja trusina dulu, muṅsuhira payaḥ saṅĕt ḷĕsu, dyan sinandĕr cinaṇḍakaṙṣa binantiᶇ, iṅikalikal maṇḍuwur, praƀu gulaṅgé dukanon.
5. sinadĕr ḍarat gupuḥ, prāptèᶇ papan gulaṅgé swara sru, ṅṛêṅyèᶇ swara pĕtak kaᶇ lagya~ajurit, mar kagyat paṅikalipun, uwal kosani wus runtoḥ.
6. gulaṅgé maṅsaḥ nutup, ṅadĕg ṅaliṅi saᶇ nāŧèᶇ kuljum, kagyat praƀu tuṙṣina sapa sirèki, swaranta lir gĕlap baruᶇ, saṙŧa gĕᶇ luhurabakoḥ.
7. sawaᶇ paṅéraniṅsun, wa rabusamawati walaṙllu, baya sultan kupaṙmman surayèᶇ ƀumi, kaᶇ sinĕmbaḥ para ratu, déné guᶇ luhur jĕṅgoroᶇ.
8. gulaṅgé lon sumahur, iṅsun dudu saᶇ surayèᶇ satru, gĕgĕbalé gulaṅgé ṅrokam prāja di, kawilaᶇ ratu paṅayun, gugup tuṙṣina~aṅadoḥ.
9. pĕḍaṅira sinaruᶇ, ñaṇḍak gada ṅaṅsĕg ṅaṅkat pupu, masaᶇ taṅkis gulaṅgé śīǥra ñaṛĕṅi, jumĕbrèt lir gĕlap baruᶇ, gulaṅgé tanobaḥ siᶇ gon.
10. piniᶇ kaliḥ piᶇ tĕlu, iᶇ paṅgada mĕkṣa tan pakantuk, kaku tyasé tuṙṣina~amuriᶇ muriᶇ, tinitir pamupuhipun, bayu kiyu tĕmahalon. 
11. payo gĕntiya mupuḥ, sun wus mupuḥ piᶇ salawé laṅkuᶇ, imbuhimbuḥ sawusé kiyu kapiᶇ tri, baya na piᶇ wolu likur, gulaṅgé nahuri~alon.
12. duruᶇ pĕnuhantĕmu, payo~iṅsun pasaᶇ kaṅabakuḥ, iṅsun sira godowa~iṅkaᶇ patitis, onowa maniᶇ piᶇ tĕlu, tuṙṣina kagyatambĕkoḥ.
13. ṅudubilaḥ sirèku, wus sunantĕp kapiᶇ wolu likur, tĕka dadak sira jalukimbuḥ maniᶇ, sayĕkti wus katogiṅsun, aṅur taṅkisiṅsun taṅgon.
14. kaya pa paṅgitikmu, apa lanaᶇ pribadi sirèku, mèsĕmaṅliᶇ gulaṅgé saṙwwi mṛêpĕki, laḥ taṅkisa dènabakuḥ, sun gada~aja maṇḍĕloᶇ.
15. gada tinumpaᶇ luhur, riᶇ paris dènĕñcot tan ginĕbug, rosanipun kaᶇ taṅkisagĕṅiᶇ bindi, dènĕñcotĕñcot piᶇ tĕlu, praƀu mĕṇḍak paris jĕplok.
16. koṅsul babaluᶇ sikut, gumuruḥ surakiᶇ bala~umuᶇ, ṅluguk suka sira saᶇ praƀu kosani, pāduka mriḥ raré timur, iṅĕñcot dènoyogoyog.
17. tĕmaḥ sikuté koṅsul, gulaṅgé ñaṇḍak binantiṅasru, kasaṅśaya kunaṙppa sumyuriᶇ siti, woṅarab surak gumuruḥ, woᶇ jaminambarañjoto.
18. ana kaṅambĕbantu, kaliḥ wĕlas prajurit pra ratu, andĕlandĕl wus samya kinèn ñĕkĕli, mriᶇ gulaṅgé mriḥ nalikuᶇ, paṛĕᶇ mĕsat wus prāptèᶇ don.
19. kanan kériṅaṅĕpuᶇ, agahan dènira mriḥ nalikuᶇ, paṛĕṅambyuk gulaṅgé glis taḍaḥ narik, binuwaṅan sĕbraᶇ sĕbruᶇ, kaliḥ wĕlas tanpantuk don.
20. tibèᶇ barisanipun, praƀu maṙmmadi suka~aṅguguk, ṅadat sabĕn saguᶇ bala~iᶇ kohkarib, parigĕl pambandanipun, ƀinĕkta mundur makuwon.
21. kaᶇ praᶇ kasaput dalu, tinĕtĕgan kalihé wus mundur, rājèᶇ rokam mundur lan praƀu kosani, pinapag saᶇ wirèṅkéwuḥ, prāptèᶇ siṅaṅsana luṅgoḥ.
22. wus bubar siᶇ tatarub, prāptèᶇ pakuwon sinugun sugun, andrawina pĕpak kaᶇ para naṙppati, rèhiṅapraᶇ kaᶇ winuwus, sumarawuᶇ para katoᶇ.
23. woᶇ jaminambar muṅguḥ, gagaman corok ṅiᶇ kuraṅampuḥ, dir waguné~iṅkaᶇ nora mamarèni, pratiṅkaḥ nora guguru, ṅandika jayèᶇ palugon.
24. hèḥ saguṅanak putu, iᶇ praṅaja dir kadukiᶇ ḷĕṅus, aja kaya tuṙṣina śrī narapati, kaᶇ mati ṛĕmpu~iᶇ mahu, gumujĕᶇ kaᶇ para katoᶇ.
25. gumĕr kaᶇ paḍa guṅguᶇ, mriᶇ praƀu gulaṅgé praṅé sĕmu, nāŧèᶇ kuljum nambuṅi ṅoᶇ mèḥ saṭiṭik, ṅlaṅi jĕmbar mati ciyut, saṅśaya gumĕr pra katoᶇ.
26. aja na~asuᶇ prahu, nāŧèᶇ rokam kaᶇ maṅka suᶇ prahu, ginablogiṅumaṙmmadi para~iki, sahému babaraᶇ tutur, saya sru~antuk paguyon.
27. hèḥ gulaṅgé sirèku, iṅaṅgĕp woᶇ bĕlaḥ mriᶇ si kuljum, nāŧèᶇ rokam mèsĕm nadyan ta maṙmmadi, iṅaṅgĕp tukaᶇ pĕrahu, sok poḍowa karahayon. 
28. śabda saᶇ wirèṅkéwuḥ, yayi ṅrokam lan yayi tasaṅsul, karo paḍa sira~iṅsun ta jaluki, lilanira rolas praƀu, lan daśa luwaṙṇna mĕṅko.
29. gulaṅgé lan tasaṅsul, matur tanpa damĕl mawi nantun, dyan pinuṇḍut prāpta lajĕᶇ dèn luwari, sinadatkĕn sadaya wus, prasamya mucuᶇ sinuᶇ gon.

23. rāja surakal nandukakĕn ṅèlmu sikir. 

23. pocuᶇ
1. para ratu boyoṅaniṅkaᶇ rolikur, milu~aṙyya maktal, prāptané pakuwonnèki, lajĕᶇ samya ƀojana kaᶇ para nata.
2. sinasugun tanowaḥ karajanipun, samya nèᶇ wijowan, rolikur dènira liṅgiḥ, aṅandika woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja.
3. sanakiṅsun para ratu kaᶇ rolikur, wahu kaᶇ timbalan, jĕᶇ gusti surayèᶇ ƀumi, kinèn noḍi wacanané budđinira.
4. sami matur para ratu kaᶇ rolikur, wuhaṅgèr katura, iᶇ jĕᶇ raka pāduka mir, pan rumahos pun patikanambut pĕjaḥ.
5. batosulun ṛĕmak ṛĕmpu datananut, aṅiᶇ kalahiran, rāja rabusamawati, dèrèᶇ campuhiᶇ gusti surayèᶇ jagad.
6. pan sahèstu~iᶇ batin kawula~anut, iṅgihiṅagama, raka pāduka jĕṅamir, kalahiranamba tuwan sasabana.
7. alon muwusaṙyya maktal mriᶇ pra ratu, iya~insa~allaḥ, sira panuwis ñaṅgĕmi, paran kapir ṅindanasislam ṅindalaḥ.
8. sinuṅan wus pamoṇḍokan kinèn mundur, pinañci kaᶇ jaga, ḍaharinuman pinañci, ganda wida jĕbadan sinuᶇ kaᶇ jaga.
9. pinapatut babut babut kasur kasur, kunĕᶇ kawuwusa, iṅkaᶇ kasoraniᶇ jurit, jaminambar saṅapraƀu sahésalam.
10. kaliḥ puluḥ sor katitiḥ yudđanipun, miwaḥ duk wiwitan, yudđané nora ṅuḍili, iṅkaᶇ saṅĕt sĕkĕlé duk praᶇ roᶇ dina.
11. yudđanipun sabĕn woṅarab tukuṅgul, śrī tasaṅsulṅalam, naréndra~iᶇ burudaṅin, praᶇ sadina~antuk ratu pituᶇ daśa.
12. iṅkaᶇ lampus baṅkéné sawidak sumyur, pinaṅan ranté mās, sapuluḥ kacaṇḍakurip, ‍éñjiṅira kacaṇḍakiᶇ kaliḥ wĕlas.
13. aṅsahipun rāja gulaṅgé dibya nuᶇ, luhuriṅayudđa, maṙmma sahésalam kiṅkin, ya ta~ana nata dibya pasaᶇ kĕmat.
14. sikiripun salami laminé kabul, ran rājèᶇ surakal, wrin gusti saṅĕt rudatin, sakiᶇ dènya kasoriᶇ praᶇ sadaṅunya.
15. nĕmbaḥ matur surakal maraᶇ śrī rabus, kawula puliḥna, iᶇ susaḥ kasoriᶇ jurit, anumpĕsa sadaya kados kaduga.
16. maṅké dalu kawula~iṅkaṅumagut, lawan ṅuculana, babandané para~aji, kaᶇ tinawan samađyaniᶇ ranaṅgana.
17. iṅgiḥ lamun sāmpun luwar para ratu, ḷĕga tyas kawula, aṅliᶇ rabusamawati, iya nuli kalakona~ujarira.
18. uculipun kaᶇ kabanda para ratu, surakal gya nĕmbaḥ, tumurun sakiṅiᶇ laṅit, prāptèᶇ ṅaṇḍap masaᶇ kĕmat ṅoboᶇ mĕñan.
19. saṇḍas mĕnus mubal kukusé kumĕlun, śīǥra saᶇ surakal, wus mañjiᶇ kukus tan kèkṣi, saśīṙṇnaniᶇ kukus surakal wus musna.
20. tan kadulu maraᶇ pabarisanaguᶇ, iᶇ tabuḥ sawĕlas, prāptèᶇ pabarisan mañjiᶇ, lajĕṅamor maraᶇ saguᶇ bala ṅarab.
21. jinajaḥ wusaṅulati~ĕṅgènipun, ratu kaᶇ kabanda, daṅu tanana kapaṅgiḥ, iᶇ pakuwon kohkarib wus‍ora~ana.
22. ujĕr wahu kaᶇ babandan para ratu, wus samya linuwar, mariᶇ siᶇ poṇḍok kohkarib, nèᶇ poṇḍoké woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja.
23. gya~añjujug mariᶇ pasaṅgrahanipun, aṙyya paraᶇtéja, lajĕᶇ maḷĕbèᶇ jro kori, kaṅasahos sadaya tan na~uniṅa.
24. kilènipun palataran wiśma~aguᶇ, aramé kaᶇ swara, kaṭaḥ kaᶇ woᶇ ṅlĕladèni, pinaranan jinĕjĕp déniᶇ surakal.
25. tiᶇ palaṅkruk para ratu kaᶇ rolikur, samya nèᶇ wijowan, jibĕgiṅkaᶇ ṅlĕladèni, asri~iṅkaᶇ ḍaḍaran muṅgwiᶇ méja mās.
26. laṅkuᶇ ṅuṅun surakal dènya~andulu, ratu kaᶇ tinawan, maṅkya~amaṅgiḥ basuki, maṅgiḥ suka kalawan maṅgiḥ kamulyan.
27. tṛêkanipun sayĕkti sami~aṅriṅkuk, makṣiḥ binĕstanan, maṅkéné woṅarabiki, tĕtĕkoné~abĕcik sugihapura.
28. lamuniku kañcaniṅsun para ratu, makṣiha binanda, sayĕktiné~akèḥ mati, iṅsunamuk kabèḥ silib jro barisan.
29. mĕṅko~uwus tétéla lamun pinuñjul, aṅapurèᶇ tawan, woᶇ kacaṇḍak jroniᶇ jurit, parandéné nèᶇ kéné sinuṅga suṅga.
30. śīǥra masukapanaṙṣa~atĕtĕmu, lawan para nata, wahu pun surakalarip, sami kagyat para ratu duk tumiṅal.
31. alon muwus hèḥ surakal para ratu, yèn makṣihabandan, sayĕkti~iṅsunuculi, iṅsun gawa muliḥ maraṅiᶇ jro pura.
32. mĕṅko~uwus nĕmu~ayu samya~ucul, nora~iṅsun gawa, agawé niṣṭaniᶇ ƀumi, sira paḍa~iṅapura nĕmu~aṙjja.
33. apaniṅsun sayĕktiné~aṙṣa wĕruḥ, sakiᶇ pĕpĕḍakan, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, déné luwiḥ tyasé~aṅganda kumala.
34. sanakiṅsun paḍa kariya rahayu, śīǥra dènya késaḥ, wahu ki surakalarip, para ratu rolikuragunĕm samya.
35. bĕcik matur pépéliᶇ maraᶇ woṅaguᶇ, gusti~aṙyya maktal, iki si surakalarip, maliᶇ śĕkti pĕṭuté woᶇ jaminambar.
36. prāptèᶇ dalu manawi sĕdya tanayu, śīǥra turuniṅa, woṅaguᶇ paraᶇtéja glis, nulya tĕḍak maraᶇ gèné ratu tawan.
37. ṅandika rum wontĕn paran sanakiṅsun, matur para nata, rolikur saṛĕᶇ wotsari, iṅgihaṅgèr wontĕn panduᶇ śĕkti prāpta.
38. andĕlipun damĕlé~anidrèᶇ dalu, sagĕdañiluman, awasta surakalarip, wahu ḍatĕṅĕṅgèné raka pāduka.
39. maṇṭuk maṇṭukañaṅkiᶇ gaṇḍéwanipun, wus paḍa kariya, sanak manira para ji, iṅsunaṙṣa~anusul si maliᶇ guṇa.
40. lajĕᶇ muṅu maraṅaṙyya pulaṅkéwuḥ, kakaṅana kaṙyya, iya~iᶇ sawĕṅi~iki, ana maliᶇ pĕṭuté woᶇ jamitruna.

24. surakal pĕjaḥ déniṅumaṙmmaya. 

24. sinom 
1. payo maraᶇ pasaṅgrahan, si maliᶇ surakalarip, wus mañjiᶇ jro pasaṅgrahan, umaṙmmaya~aṅliṅaris, antènana sun ḍiṅin, sun gugahanakirèku, gawanĕn papat pisan, si~umaṙddani maṙmmadi, umaṙṣahid maṙṣabitadunĕn pisan.
2. wus taṅi sakawan putra @, nira~aṙyya pulaᶇwĕsi, pan samya maliᶇ prawīra, sumbaga sriᶇ sabèᶇ wĕṅi, dadya saṛĕᶇ lumaris, gantya wahu kaᶇ winuwus, lampahira surakal, dumrojog pakuwon prāpti, tanana wruḥ lajĕᶇ mariᶇ pasaréyan.
3. aṅadĕgana~iᶇ dagan, maṅu dènira niṅali, iᶇ cahya~iṅkaṅanéndra, apiṇḍa wimbaniᶇ sasi, kanaka tiᶇ paṛĕlik, lir sujiné wintaᶇ wuluḥ, wuṅu~iṅkaṅanéndra, naṅiṅapi~api guliᶇ, ki surakal nèᶇ dagan saṙyya sru mojar.
4. hèḥ tuhu pamujiniᶇwaᶇ, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, ‍èstu nayakaniᶇ jagad, tyasé~aṅṛêtna sinaṅliᶇ, cahyanira nĕlahi, apura parimaṙŧa guᶇ, yènaja~aṅuculna, tuwaniᶇ para naṙppati, jaminambar kaᶇ samya kajoḍi~iᶇ praᶇ.
5. ulun tumpĕs sabalanta, iṅgiḥ sawĕṅi puniki, iᶇ maṅké tuwanupama, muṅsuḥ kabanda~iᶇ jurit, ṅapura ṅaji~aji, tan bucal namaniᶇ ratu, tuwan luwiḥkĕn samya, pamulasarèᶇ para ji, dadya tuwan tĕtĕp muṣṭikèᶇ ƀuwana.
6. tan kéṅiᶇ yèn cidranana, dadya maṅké~amba~amit, śīǥra mĕsat ki surakal, tanaṙṣa mĕdaliᶇ kori, pagĕr kaᶇ dèn lumpati, jagaᶇ kapurañcaᶇ mĕtu, cat katiṅal catilaᶇ, umaṙmmaya~aṅawruhi, jawil maraᶇ woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja.
7. yayi maliᶇ jaminambar, iki si surakalarip, anakmu sira ḍĕpana, iᶇ kéné ñĕkĕla maliᶇ, iṅsun tilik rumiyin, iᶇ jro pasaṅgrahanaguᶇ, manawa~ana kĕnan, nora suwé~iṅsun mijil, umaṙmmaya~aṅatagatma sakawan.
8. maṙddani maṙṣandi~éṅgal, tututana punaᶇ maliᶇ, butĕn pat lanarinira, si maṙṣahidumaṙṣabit, śīǥra putra pat sami, tur sĕmbaḥ rama~umagut, payo maliᶇ maṇḍĕga, iᶇ kéné paḍa prajurit, sira mamak hèḥ maliṅiᶇ jaminambar.
9. surakal sira miyaṙṣa, lamun wahu dèn tututi, raṙyya papat sumbar sumbar, wus maṇḍĕg surakalarip, lajĕᶇ dènya~ajurit, ki surakal kinarubut, ya ta dyan tasikwaja, sajroniᶇ pakuwon prāpti, pan kapaṅgiḥ woṅaguᶇ nuju pinarak.
10. nulya taña~umaṙmmaya, wahu ṅriki wontĕn maliᶇ, woṅaguṅalon ṅandika, iya ṅadĕg dagan mami, sunapi~api~aguliᶇ, nora suwé nuli mĕtu, matur pun tasikwaja, punika surakalarip, maliᶇ śĕkti~andĕlé woᶇ jaminambar.
11. maṙmmaya wusamit mĕdal, prāptaniᶇ jawi niṅali, atmajané praᶇ lan ḍuṣṭa, apanéca tyasirèki, dadya pijĕraliṅgiḥ, lan maktaléca dudulu, yudđané putranira, aramé gantya ṅuṅkuli, pun surakal kinĕpuᶇ tinubruk mĕsat.
12. tinubruk ṅériṅaṅanan, tinubruk ṅananaṅériᶇ, binlĕjog tĕṅaḥ mañculat, marucut mrucut kinĕmpit, ubĕṅubĕṅan sami, putra sakawanamuwus, hèḥ laknat sira mamak, aṅlĕkaskĕn maliᶇ śĕkti, ṅandĕlakĕn woᶇ linuwiḥ kaya sira.
13. baya woṅiᶇ jaminambar, kaᶇ linuwiḥ sabèᶇ wĕṅi, liyaniᶇ prāja tanana, aṅorakakĕn sayĕkti, pakuwon ṅarabiki, nuduḥkĕn tanana kakuᶇ, kaṙyya paṅéraméram, dyan putra maṙmmaya sami, sakawannya saṛĕṅanañjata kaca.
14. surakal mumbul tan kĕna, añjĕpat kapaṅgiḥ wuri, umaḷĕs nañjata kaca, putra maṙmmaya tan kĕni, sami widagđanèki, apan sami śĕktinipun, sami rikat mañculat, daṅu ramé~iṅajurit, gya surakalaṅilaᶇ mĕtu ṅiriṅan.
15. umaṙddani pinṛêpĕkan, gigiré sinundĕp sĕkiᶇ, aniba sāmpun palastra, umaṙṣadi~umaṙṣahid, maṙṣabit dèn sundĕpi, pĕjaḥ tiba tiᶇ taḷĕbug, kagyat sira maṙmmaya, añaṇḍak saṙwwi~anaṅis, kaᶇ kakaliḥ cinaṇḍakiṅaṙyya maktal.
16. nalaṅsa dyan tasikwaja, paṅatagé maraᶇ siwi, laṅkuᶇ ṅuṅun kaduwuᶇnya, daṅu daṅu~émut nuli, yèn titahiᶇ hyaᶇ widđi, paṅatagé maraᶇ sunu, batin pakaṙyyaniᶇ hyaᶇ, iᶇ papañcèn wus pinaṣṭi, ya ta wahu surakal ṅuwuḥ susumbar.
17. hèḥ dulunĕnumaṙmmaya, sutamu kapat ṅĕmasi, kagyatumaṙmmaya nabda, laḥ yayi maktal sirèki, tuṅgunĕn suta mami, sun susulé maliṅiku, nampèl wĕntis maṙmmaya, mĕsat kumilat lir ṭaṭit, prāpta gèné surakal lajĕᶇ tĕmpuḥ praᶇ.
18. hèḥ maṙmmaya kamayaṅan, sira tĕmu lawan mami, kéné paḍa~andĕliᶇ praᶇ, aḍĕmit pan maliᶇ śakti, sira maliᶇ sun maliᶇ, payo ṅadu yasèᶇ pupuḥ, lahiya~aja susaḥ, sagĕṇḍiᶇmu sun taḍahi, śīǥra kalihamĕdalkĕn kaluwihan.
19. kaluwihaniᶇ surakal, mĕtokkĕn sañjata~agni, maṙmmaya mĕdalkĕn śīǥra, apan ta sañjata wariḥ, ‍‌ĕpur datanpa dadi, surakal mĕdalkĕn sāmpun, jĕmpariᶇ dyan maṙmmaya, parisé daluwaᶇ prāpti, duk pinanaḥ taṅkis parisé daluwaᶇ.
20. śīǥra mumbul ki surakal, maṙmmaya mĕsat nututi, tinulak sinawat ṅubal, maṙmmaya maḷĕsat ṅériᶇ, miṅĕranĕṅĕn maliḥ, umaṙmmaya sĕbraᶇ sĕbruᶇ, laṅkuᶇ raméniṅapraᶇ, sami poṭèt samya julig, panadaṅu samya nĕlasakĕn gĕlar.
21. jĕlu~aṙyya paraᶇtéja, déniᶇ daṅuniṅajurit, apraᶇ pijĕr lalaluya, aṙyya maktal mojar wĕṅis, kakaᶇ sirèku jurit, tĕka~ora~uṅgahuṅguḥ, katutuḥ sĕsĕmbranan, dudu carané prajurit, praᶇ maṅkono dadak tĕnaga léléwa.
22. yèn tan gĕḷĕm praᶇ tĕmĕnan, mundura~iṅsun gĕntèni, tuṅgunĕn cĕcĕbluṅira, saṅađipati duk myaṙṣi, wuwusira kaᶇ rayi, anaṅis sakit tyasipun, añaṇḍak kuluk śīǥra, kaᶇ sakiᶇ ṅajĕrak ṅuni, pusakané nĕṅgiḥ jĕᶇ nabi suléman.
23. wus pinasaᶇ tan katiṅal, sanadyan sétan tuwin jin, samya tanana tumiṅal, mriᶇ đipati guritwĕsi, pĕḍaᶇ wilaḥ wus kambil, surakal datanandulu, kélaṅan muṅsuhira, mulat kanan kériᶇ wuri, julalatan surakal marasiᶇ driya.
24. śīǥra mĕsat ṅayuḥ wiyat, saᶇ tasikwaja nututi, kacaṇḍak nulya pinagas, kaᶇ jaṅga muṙdda cinaṅkiᶇ, gĕmbuᶇ tumibèᶇ siti, swaranira sru gumṛêbrug, sapĕjahya surakal, muṙddanya makṣiḥ cinaṅkiᶇ, badanira gumuliṅanèᶇ pratala.
25. wahu ta kaᶇ para nata, wus daṅu panusulnèki, mriᶇ woṅaguᶇ paraᶇtéja, ratu rolikur prasami, ṅuṅunira tan sipi, ‍éram dulu pulaṅkéwuḥ, guṇané~iṅayudđa, mĕsat ṅawiyat nututi, mariᶇ laṅit jroniᶇ kuṭa jaminambar.
26. iṅuñcalakĕn sakṣana, muṙddané surakalarip, tiba~iᶇ laṅit kapiᶇ pat, kya đipati waṅsul maliḥ, tumurun sāmpun prāpti, lanaṙyya maktal wus paṅguḥ, wahu jisim sakawan, wus sami ƀinĕkta muliḥ, byar rahina sāmpun ṅaturi~uniṅa.
27. katur śrī kamidilṅalam, śīǥra gènira nĕḍaki, mriᶇ pakuwon tasikwaja, maṙmmaya~apaṅgiḥ naṅis, lanaṙyya maktal sami, kapaṅgihasĕṅgruk sĕṅgruk, woṅaguᶇ prāptanira, lajĕᶇ tumrutulanaṅis, laḥ kadaᶇ ṅoᶇ kaᶇ sañawa lawaniᶇwaᶇ.
28. mupusa paṣṭiniᶇ titaḥ, kinaṙṣakkĕniᶇ hyaᶇ widđi, kawula nora kuwaśa, kya~umaṙmmaya nulya ṅliᶇ, saṙwwi ṅiduᶇ pĕrasi, tumĕṅèᶇ tawaᶇ macucu, ‍éṅgar samya~amĕtak, kaᶇ kunaṙppa dèn kuṙmmati, samya ṅuṅun sadaya kaᶇ para nata.
29. umaṙmmaya kiduṅira, onowa sèwu nak mami, kinaṙṣakna babaṙ pisan, maṅsa susaha tyas mami, yèn kaṙṣaniᶇ hyaᶇ widđi, apa gawé kudu wuyuᶇ, bubar kaṅaṅlĕlayat, maṅkana~iṅkaᶇ winaṙṇni, rāja rabusamawati jaminambar.
30. miyat muṙddané surakal, kalaṅkuᶇ susahiᶇ galiḥ, kĕkĕs bala jaminambar, kaᶇ para ratu prajurit, saᶇ rabusamawati, tyasira~awayaᶇ wuyuᶇ, nĕḍas prihatinira, sadina tanana jurit, kalihira~aṇḍĕḍĕp muṅsuḥ lan rowaᶇ.
31. saṅapraƀu jaminambar, kapati dènya priḥ galiḥ, ya ta kawuwusa~éñjaᶇ, kinènanĕmbaᶇ tĕṅari, wadya rab samya mijil, tĕṅaranira gumuruḥ, barisaṛĕbut papan, woᶇ jaminambar duk mijil, andaḷĕdĕgumèbaṅrèb wusamapan.
32. yayaḥ kaᶇ samodra wutaḥ, wusanĕpuṅakĕn baris, atata~atut kéwala, woᶇ cilikamuᶇ ñuraki, déné kaᶇ magut jurit, puṅgawa satriya ratu, tuwin kaᶇ para putra, gumraḥ sami magut jurit, pan kinaṙyya sisinahonulaḥ yudđa.
33. wahu praƀu jaminambar, añjĕnĕṅi~iṅajurit, muṅgwiṅiᶇ laṅit kapiᶇ pat, saguᶇ malékaté sami, ṅayap kaᶇ mukarabin, kaṅajagi barisipun, ‍éwon kaᶇ para nata, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, sāmpun miyos lawan saguᶇ para nata.
34. kinubĕᶇ nèᶇ pabarisan, muṅgwiᶇ diṙggasana rukmi, sinasotya nawa ṛĕtna, jumĕrut nila widuri, ratu~andĕl ṅajurit, aglar kanan kériᶇ cukup, myaᶇ rāja pinituwa, lamdahur praƀu maṙmmadi, nāŧèᶇ kébar yunan ṅabĕsi yujana.
35. iᶇ kaṅkan kuwari yahman, iᶇ dĕmis biraji tuṙkki, iᶇ sam mĕsir lawan kélan, nāŧèᶇ saṙkkab ṅalabani, baṅit rum burudaṅin, sami nama pinisĕpuḥ, kaṭaḥ yèn cinatura, para ratu kaᶇ taruni, iṅkaᶇ sami~acahos pagutiṅapraᶇ.
36. déné ratu pinituwa, yèn waṙŧa niyatirèki, pamaguté~asmarèᶇ praᶇ, ratu~anomanom paṣṭi, kaᶇ magut ṅrumiyini, pasamuwan kadi mĕṇḍuᶇ, ya ta kaᶇ winuṙṣita, rāja rabusamawati, méṅa méṅo ṛĕntĕᶇ susaḥ kasusahan.
37. rāja makrub kaᶇ minaṅka, nĕṅgiḥ malékat mikahil, kaṅapraᶇ sāmpun picoṇḍaᶇ, binantiᶇ rāja kosani, kaḷĕṅĕr maṅkya mari, wani maliḥ kudu magut, muliḥkĕn kaliṅsĕman, tumṛêcĕp saṅgupé paṣṭi, apĕpuliḥ kasoré woᶇ jaminambar.
38. mahapraƀu sahésalam, suka dènira miyaṙṣi, saṅgupé prajuritira, sok muniya dènaṅgĕpi, pan wus kasoran ḍiṅin, iᶇ maṅké makṣiḥ ginugu, rāja makrubiṅatag, nĕmbaḥ miyos sakiᶇ laṅit, saprāptané~iᶇ barisé wadyanira.
39. śīǥra~anitiḥ dipaṅga, samĕkta kapraƀon jurit, umaṅsahamaṇḍi gada, amĕlak lampahiṅèṣṭi, surak wadyanirèki, saguᶇ wadya ratu ratu, gumuntur magĕnturan, yayaḥ manĕṅkĕr wiyati, asusumbar woṅarab ywa munduriᶇ praᶇ.

25. rāja sambaji magut praᶇ. 

25. duṙmma 
1. ya ta wahu tan tahan miyaṙṣa sumbar, risaᶇ rāja sambaji, naṙppati kodaṙyya, mĕḍun dènya~aḷĕṅgaḥ, maṅyu nèᶇ byantara~amir, nuwun sapaṅat, amba miyosi jurit.
2. aṅandika woṅaguᶇ sakaṙṣanira, yayi praƀu sambaji, naṅiᶇ dèn prayitna, sun sraḥkĕniᶇ hyaᶇ sukṣma, aṅaras padanira mir, nāŧèᶇ kodaṙyya, umaṅsahiṅajurit.
3. gurawalanamĕlak dipaṅganira, kawot kapraƀon jurit, prāptèᶇ ranaṅgana, sāmpunayunayunan, rāja makrubasru~aṅliᶇ, woṅarab sapa, iṅkaᶇ mĕtu ṅajurit. 
4. anahuri~iṅsun naṙppati kodaṙyya, nama rāja sambaji, andĕliṅayudđa, iṅaṅkaḥ sahudara, tatal ṅoᶇ mĕkasi kaṙddi, ambanda rāja, anĕmbaḥkĕn para ji.
5. makrubaṅliᶇ hèḥ sambaji ḷĕkasana, apa~anèᶇ sirèki, sambaji sru mojar, hèḥ makrub sira mamak, déné sira wus ṅrasani, praṅé woᶇ wétan, sira lan śrī kosyani.
6. iya nora~aṇḍiṅini praᶇ lan sira, déné lagya nĕm wĕṅi, sira wus picoṇḍaᶇ, binantiᶇ kalésédan, rāja makrub duk miyaṙṣi, ṅĕtab dipaṅga, mutĕr gadanirèki.
7. iṅayatan śīǥra masaᶇ taṅkisira, pinupuḥ śrī sambaji, jumĕbrèt lir gĕlap, gumuruḥ punaᶇ surak, woᶇ jaminambar lok mati, hèḥ ratu~ika, wusajurawor siti.
8. paris waja gada wĕsi tan tumama, mĕtwagni~aṅalabi, uladiᶇ dahana, katon nāŧèᶇ kodaṙyya, rāja sambaji tanosik, taṅkis ḷĕǥawa, dipaṅganira~añjrit.
9. piniᶇ kaliḥ saᶇ śrī sambaji ginada, asru dènira~aṅliᶇ, hèḥ woᶇ jaminambar, yèn duruᶇ kapiᶇ tiga, paṅgadanira mriᶇ mami, panora sira, sunaku muṅsuḥ yĕkti.
10. sawusira piᶇ tiga paṅgadanira, maḷĕs praƀu sambaji, ampuhiᶇ pagada, gumluḍug swaranira, punaᶇ paris mĕdalagni, gada ginada, laṅkuᶇ raméniᶇ jurit.
11. oṛĕg kĕtug paṇḍola~aṅombakombak, samađyaniṅajurit, rèḥ gora prakĕmpa, ‍éram muṅsuḥ lan rowaᶇ, aṅrok silihiṅajurit, daṅu praᶇ gada, dipaṅgané sambaji.
12. katĕlaṅso liman ṛĕbaḥ lajĕᶇ pĕjaḥ, kaplĕsat tibèᶇ siti, taṅi narik pĕḍaᶇ, makrub dipaṅganira, pinĕḍaᶇ tatas kaᶇ sikil, malumpat tiba, gumuliṅanèᶇ siti.
13. taṅi narik pĕḍaᶇ gapruk lajĕᶇ mĕḍaᶇ, pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ ganti, udṛêg liru papan, kèdĕridĕridĕran, pacaṅkrama liru taṅkis, surak gumĕraḥ, suka kaṅaniṅali.
14. abar taṅkis rok pĕḍaᶇ pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ, kari luwĕsiᶇ jurit, sambaji~aṇḍupak, jajané makrub niba, kalumaḥ pan kasaliriᶇ, gya linumpatan, déniᶇ rāja sambaji.
15. waṅkiṅané cinaḍak saṙwwi~apĕtak, kajuñjuᶇ makrubaji, apan wusiṅuṇḍa, iṅubĕṅakĕn tawaᶇ, adaṅu nulya binantiᶇ, rata ƀantala, makrub pĕjahirèki.
16. baluᶇ sumyur luluḥ datanana kalap, ‍éram kaṅaniṅali, tuhu yèn prawīra, sambaji praƀu tama, wontĕn ratu śūra śĕkti, woᶇ jaminambar, prakosa gĕṅahiṅgil.
17. ran mahrāja guṙddana ṅrapakĕn kuda, duka yayaḥ sinipi, prāpta~iᶇ ranaṅga, sāmpunayunayunan, rāja sambaji binindi, sakiᶇ turaṅga, tinaṅkis datanosik.
18. sāmpun tita guṙddana pambindinira, sinabĕt kaᶇ turaṅgi, suku papat rantas, śīǥra praƀu guṙddana, maḷĕsat tiba kabantiᶇ, gya linumpatan, déniᶇ rāja sambaji.
19. wus cinaṇḍakastanira kaliḥ pisan, rinaṅkus datanosik, umaṙmmaya prāpta, saṙyya ƀĕkta pusara, guṙddana wus dèn talèni, mriᶇ tasikwaja, ƀinĕkta munduraglis.
20. mriᶇ barisé maṙmmadi dyan maliḥ prāpta, ratu lajĕᶇ gadani, sambaji tanobaḥ, winaḷĕs wus kabanda, woṅahlul kojahamaṙṇni, iṅkaᶇ carita, praṅé rāja sambaji.
21. iᶇ sadina~atuk ratu kaliḥ daśa, kaᶇ sami dèn bandani, kasrahumaṙmmaya, satuṅgal kaᶇ palastra, dadya salikur para ji, woᶇ jaminambar, bĕbĕciké kaᶇ kĕni.
22. déniᶇ praƀu sambaji nāŧèᶇ kodaṙyya, sāmpun diwasèṅari, mundur kalihira, bĕḍol baris sadaya, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, mĕṭuk prāptaña, maraᶇ rāja sambaji.
23. ṅuswa pada~iᶇ gusti saᶇ kakuṅiṅrat, rinaṅkul pan kinĕmpit, kakaᶇ paran polaḥ @, ira~ambanda mĕṅsaḥ, para ratu luwiḥ luwiḥ, woᶇ jaminambar, kasor sira cĕkĕli.
24. matur nĕmbaḥ sakiᶇ sapaṅat jĕᶇ tuwan, nugrahani~iᶇ dasiḥ, lajĕᶇ masaṅgrahan, sadalu~andrawina, pinariṅan būṣaṇa di, kapraƀonéndaḥ, sapañjĕnĕᶇ buka śrī.
25. kawuwusa~iᶇ dalu śrī sahésalam, ƀojana lan para ji, naṅiᶇ gĕᶇ suṅkawa, ataña mriᶇ ƀaktiyar, woṅarab wahu kaᶇ jurit, kagila gila, prakosa śūra śĕkti.
26. sapa rané laniᶇ ṅĕndi prajanira, ƀaktiyarawotsari, nagriné kodaṙyya, mrāja sambaji nama, nak sanak ṅuni gaṙwwa mir, putri~iᶇ kélan, kaṅuwa kaᶇ siniwi.
27. asru mojar mahapraƀu sahésalam, pira ratu kaᶇ kĕni, iṅkaᶇ kabandèᶇ praᶇ, matur para malékat, satuṅgal ṛĕmpu binantiᶇ, lan kaliḥ daśa, kasor dipun bandani.
28. abdi tuwanapan ratu pipilihan, kaᶇ katawan sambaji, nabda maharaja, yèniṅsunumaguta, amatènana sambaji, sun sĕmpal sĕmpal, lawan sun suwir suwir.
29. naṅiᶇ niṣṭa sun mĕṅsaḥ rājèᶇ kodaṙyya, déné ratu pamburi, pan dudu paṅaṙṣa, yèniṅsun paguta praᶇ, apĕs tĕmĕn jĕnĕᶇ mami, ya ta na rāja, gĕᶇ luhuraṅluwihi.
30. kaṅamataḥ saguᶇ wadya jaminambar, kaᶇ dadi jabarahil, duljalal prakosa, dĕdĕg satus sawidak, ‍‌ĕgas prawīra~iᶇ jurit, mila kinaṙyya, malékat jabarahil.
31. wruhiᶇ sĕmu yèn gustiné sru suṅkawa, sujud maturiᶇ gusti, ḍuḥ kaᶇ maha mulya, amba kaᶇ mulihĕna, liṅsĕm kaᶇ dados priḥ galiḥ, kula kaᶇ maṅsaḥ, maṅké~amba bandani.
32 para ratu ṅarabiṅkaᶇ samya~ulap, kaᶇ sami ṅlĕlanaṅi, mađyaniᶇ ranaṅga, iṅgihiᶇ béñjaṅéñjaᶇ, katura bĕbĕstan sami, iᶇ ṅaṙṣa tuwan, suka wahu duk myaṙṣi.
33. sru ṅandika mahapraƀu sahésalam, iya~iᶇ béñjiṅéñjiᶇ, nuli lakokĕna, kaya sahujarira, wus sĕgĕriṅsun miyaṙṣi, sira wus sasat, ñĕkĕl si bagéṇḍa mir.
34. sarupané kaᶇ ṅasoṙkĕn kañcanira, tumpĕsĕn ywa na kari, duljalal sandika, iᶇ dalu tan winaṙṇna, ya ta kawuwusa~éñjiᶇ, muni tĕṅara, aṅirabakĕn baris.
35. samya mĕdal kaᶇ barisaṛĕbat papan, wadya rabanimbaṅi, sāmpun muṅgwiᶇ papaᶇ, risaᶇ surayèᶇ laga, nèᶇ diṙggasana~aliṅgiḥ, kaᶇ para nata, aglar nèᶇ kanan kériᶇ.
36. praƀu putra praƀu buyut praƀu wayaḥ, kaᶇ sami muṅgwiᶇ kériᶇ, kanan para rāja, waṙṇnanĕn jaminambar, miyos wus sami~aliṅgiḥ, laṅit kapiᶇ pat, jĕnĕṅi~iṅajurit.
37. amit nĕmbaḥ mriᶇ saᶇ praƀu sahésalam, duljalal jabarahil, saprāptaniᶇ ṅaṇḍap, muṇḍut kuda pĕpĕraᶇ, kawot sakapraƀon jurit, kuda wĕdalan, nagri budaṙddan jaṅgi.
38. agĕᶇ luhur kuwat wĕtoniᶇ budaṙddan, gĕṅiṅgil pituᶇ kaki, maṅsaḥ muṅgwiᶇ kuda, saṙwwi~amaṇḍi gada, prāptèᶇ papanasĕsirig, lajĕᶇ maṇḍapan, dĕdĕgé śrī ƀupati.
39. satus lan nĕm daśa gasapan sĕmbada, simbar jaja ṭi~aṭi, goḍèg palawaṅan, jéjéṅgot kĕtĕl pañjaᶇ, yèn tinon lir danawa ji, mata ṅatiraḥ, andik pan kadi~agni.
40. sumbar sumbar hèḥ payo prajurit ṅarab, kaᶇ maṅan wohiᶇ dami, kaṅaṅaṅgo pama, wuluné wĕḍus gibas, laḥ papagna tandaᶇ mami, aṅadu yasa, sapa kaᶇ bosĕnurip.
41. iki~andĕl prajuritiᶇ jaminambar, jro laṅit jabarahil, kaᶇ kinènaṅrèḥna, wĕwĕṅkon jaminambar, jro laṅit jabaniᶇ laṅit, sun patiḥ tuwa, pituwaniᶇ papatiḥ.
42. ya ta wontĕn ratu bala rab miyaṙṣa, prajanira siwaṙddi, saᶇ rāja daṙyyalam, maṛĕk pamit magut praᶇ, manĕmbahañuwunidin, wusiṅidénan, ṅandika jayèᶇmuṙtti.
43. iya sira sun sraḥkĕn hyaᶇ maha mulya, nĕmbaḥ daṙyyalamaji, nitiḥ kuda maṅsaḥ, kawot kapraƀoniᶇ praᶇ, prāptèᶇ papanasĕsirig, aṅuṇḍa gada, saᶇ praƀu~iᶇ siwaṙddi.
44. wusapaṅgiḥ lawan saᶇ praƀu duljalal, iṅkaṅaran jabrahil, asru~atataña, ratu sapa ranira, déné sira kumawani, wani~amapag, sun taṅguḥ muṅkur wuri.

26. rāja daṙyyalam taṇḍiᶇ lan rāja duljalal. 

26. paṅkur 
1. nahuri praƀu daṙyyalam, sun daṙyyalam narapati siwaṙddi, duljalalasru~aṅguguk, yèn sira wani riᶇwaᶇ, apa~ana~iᶇ sira tamakna mriṅsun, daṙyyalam nahuri sugal, mamak jampĕᶇ ta sirèki.
2. dora yènora ṅruṅuwa, yèn wadya rabiᶇ yudđa tan ḍiṅini, yèn duruᶇ jaṅkĕp piᶇ tĕlu, dataniṅaku mĕṅsaḥ, yèn wus ganĕp piᶇ tĕlu paṅgadanipun, yèku wusiṅaku mĕṅsaḥ, ṛĕbut bĕgja~amaḷĕsi.
3. gumujĕᶇ sĕṅgak duljalal, iya bĕnĕramuᶇ kĕmba sunaṅliᶇ, manawa na bédanipun, kèhé bala natambyaḥ, bokmanawa~ana séjé gĕlaripun, wantu pira pira rāja, tan wruḥ ṛĕmpĕg sadayèki.
4. yèn wusa jaman warata, ya dèn yitna sira~iṅsun ḍiṅini, sasāmbata woᶇ tuwamu, tiba~antakanira, nora wuruᶇ sira mĕṅko dadi~awu, katibaniᶇ gadaniᶇwaᶇ, sĕṅgak saᶇ maṅka jabrahil.
5. pan saṙwwi~amutĕr gada, wawrat sèwu kati mās punaᶇ bindi, ṅliᶇ daṙyyalam ki takamu, tarimanĕn dènira, kaṅaṅambil ñawa botiᶇ gadaniṅsun, wusamasaᶇ taṅkisira, daṙyyalam nāŧèᶇ siwaṙddi.
6. wus tiba gada lir gĕlap, laṅkuᶇ kuwat duljalal jabarahil, prasamya kagyat wadya guᶇ, wahu tibaniᶇ gada, lan rosané daṙyyalam panaṅkisipun, oṛĕg kaᶇ ƀumi prakĕmpa, dadya maṅayuḥ wiyati.
7. gĕᶇ mubal makatar katar, tibanira dahana~aṅliwati, sajabaniᶇ barisaguᶇ, tiba~iᶇ wanawasa, makṣihagĕṅagni nunu~iᶇ wana guᶇ, buroné gègèr lumaywa, anĕrot narajaᶇ baris.
8. barisé woᶇ jaminambar, kaᶇ katrajaṅandaka warakèṣṭi, siṅa blĕgĕdĕba sĕnuk, mèmrèᶇ rimoᶇ takṣaka, miwaḥ sato litalir mawur sumawur, maḷĕdug pyukanarajaᶇ, uḷĕṅan mađyaniᶇ baris.
9. wadya litiᶇ jaminambar, kèdĕk kèḷĕs déniṅandaka~èṣṭi, katuñjaṅiᶇ mésandanu, siṅa takṣaka wraha, kaᶇ katĕmpuḥ baris wadya lit kèḥ lampus, baris ṅarab kèḥ katrajaᶇ, ṅalaṅkĕn daludag sami.
10. tuṅgul lalayu bandéra, iṅalaṅkĕn pinolahaṅĕbyoki, buron sami giwar mawur, nulakanĕmpuḥ samya, baris jaminambaruyĕl kawur kawur, kaᶇ kèḷĕs sami kèḥ pĕjaḥ, déniᶇ buroniᶇ wanadri.
11. cubluké woᶇ jaminambar, buron nĕmpuḥ tanana dèn kĕbyoki, iᶇ daludagumbulumbul, sayĕkti~ajriḥ nrajaᶇ, tĕka dadak tinumbak baṇṭèṅirèku, siṅa~aṇḍanu saṅśaya, ṅamuk déniᶇ naṇḍaᶇ kanin.
12. ambalasaḥ kaᶇ pĕpĕjaḥ, dadya kèndĕl samana kaṅajurit, déniᶇ baris gègèripun, baris ṅarab ṅuṇḍaṅan, ṅobatabit bandéra daludagaguᶇ, mriḥ giwaré buronalas, lutuᶇ gigiras ṅĕbyoki.
13. iᶇ tuṅgul miwaḥ daludag, pamrihaja ṅéroni woṅajurit, maṙmma kinènatutuluᶇ, wadya rab tyasiréca, manuk manuk kaᶇ katrajaᶇ gĕni murub, mumbul kombuliᶇ maruta, anibani woṅabaris.
14. kèḥ mati lajĕᶇ pinaṅan, wus maṅkana buron giras samya jriḥ, kinĕbyokiṅumbulumbul, nulak bali mriᶇ wana, lawan sāmpun siṛĕp dahanèᶇ wana guᶇ, naṅiᶇ wus kaṭaḥ kaᶇ pĕjaḥ, maṅkana wahu kaᶇ jurit.
15. duljalal lawan daṙyyalam, ramé dènya ganti bindi binindi, adaṅu pupuḥ pinupuḥ, dèrèᶇ wontĕn kasoran, apan ñĕṅka daṙyyalam taṇḍiṅanipun, kari guᶇ luhuragagaḥ, aprakosa śūra śĕkti.
16. daṙyyalam panamuᶇ śūra, aprakosa naṅiᶇ tanagĕṅiṅgil, pidĕkṣa dĕdĕgé patut, bagus pan datan gagaḥ, ramé~apraṅiᶇ gada pupuḥ pinupuḥ, pan samya prakosanira, miwaḥ kuwatiᶇ panaṅkis.
17. daṅu daṅuné praᶇ gada, sakiᶇ kuwat duljalalawor runtik, tan tula prakosanipun, panaṅkisiᶇ duljalal, miwaḥ praƀu daṙyyalam panaṅkisipun, kuwat pamupuḥ duljalal, daṙyyalam kuda ṅĕrasi.
18. gigiré putuᶇ kapadal, bobokoṅé daṙyyalam kuwatnèki, kapaḷĕsat ditabipun, taṅi~anarik pĕḍaᶇ, kudanipun duljalal pinĕḍaᶇ rampuᶇ, sukunira kapat pisan, śīǥra lumumpat jabrahil.
19. caruk praᶇ pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ, ukĕl panduk poporukihiṅukiḥ, ramé suraknya gumuruḥ, kadya rèḥ nĕṅkĕr wiyat, antuk sisiḥ kaprawīraniᶇ praᶇ pupuḥ, sadina praṅé duljalal, daṙyyalam naḍahi taṇḍiᶇ.
20. samya~éram kaᶇ tumiṅal, kuwatira daṙyyalam taṇḍiᶇ jurit, muṅsuhagĕᶇ turaluhur, jabarahil duljalal, suprandéné tan kasor sagĕṇḍiṅipun, apraᶇ gada~apraᶇ pĕḍaᶇ, praᶇ duduk cacab calimprit.
21 miwaḥ praᶇ juñjuᶇ juñjuṅan, gantya tarik tinarik datanosik, bakuḥ tanana kaᶇ rubuḥ, koṅsi suku kaliḥnya, amblĕs tala~apan ta koṅsi sadĕkuᶇ, sumuṇḍul sĕṇḍal sinĕṇḍal, maṅukiḥ tanana koṅkiḥ.
22. sakéñjiᶇ dènira~apraᶇ, malaḥ soré pan dèrèᶇ wontĕn salin, duljalal jabrahil muwus, daṙyyalam kĕsĕliᶇwaᶇ, sésuk bahé tinutugakĕn praᶇ pupuḥ, nahuri rāja daṙyyalam, lahiya~iki wus wĕṅi.
23. paṛĕᶇ mundur kalihira, tinĕtĕgan mundur kaᶇ sami baris, daṙyyalamiᶇ prāptanipun, sakala tinaḍahan, duk manĕmbaḥ daṙyyalam lajĕᶇ pinĕṅkul, saᶇ nāŧèᶇ siwaṙddi maraᶇ, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi.
24. kinĕmpitiṅkaᶇ mastaka, śrī daṙyyalam sāmpun ƀinĕkta liṅgiḥ, iṅĕla~ĕla dinaṅu, paran yayi daṙyyalam, praᶇ sadina muṅsuhira gĕṅaluhur, andĕlé woᶇ jaminambar, praƀu daṙyyalam wotsari.
25. nugraha~èstu jĕᶇ tuwan, iṅgiḥ dṛêmi pun dasihaṅlampahi, dyan bubar makuwon sāmpun, lajĕᶇ samyandrawina, saṅapraƀu daṙyyalam pinariṅaguᶇ, būṣaṇèᶇ kapraƀonéndaḥ, sukèᶇ tyas nāŧèᶇ siwaṙddi.
26. suka para rāja raja, samya muji prawīrané~ajurit, maraᶇ saᶇ daṙyyalam praƀu, dènira praᶇ sadina, lan duljalal kaᶇ nama jabrahiliku, papatiḥ maṅku ƀantala, aṅrèḥ samaniᶇ papatiḥ.
27. anĕṅgiḥ saprāptanira, iᶇ ṅaṙṣané saᶇ rabusamawati, patiḥ duljalal saᶇ praƀu, laṅkuᶇ truṣṭaniᶇ driya, atataña hèḥ jabarahil sirèku, kayaparan dènira praᶇ, sadina pur tanpa~oḍil.
28. sapa rané muṅsuhira, liwat suka kaᶇ paḍa~aniṅali, antuk sisihiᶇ praᶇ pupuḥ, tanana kaᶇ kasoran, déné muṅsuhira makṣiḥ nomabagus, sapa namaniᶇ naréndra, apané surayèᶇ ƀumi.
29. patiḥ duljalal turira, pun daṙyyalam naṙppati~iᶇ siwaṙddi, pan punika~ipénipun, nak sanak lan gaṙwwanya, putri paraṅakik kaᶇ kapṛênaḥ sĕpuḥ, punika~anakiᶇ paman, nira dyaḥ sudarawṛêti.
30. pun daṙyyalamibni kañjar, rāja kañjar kiṭanipun siwaṙddi, punika~iṅkaṅasunu, prakosa mandraguna, iṅkaᶇ rayi~iᶇ rāja parit karuhun, makatĕn paṅakunira, duk maṅsahamba takèni.
31 laṅkuᶇ sudira sudibya, tan kumĕḍèpanaḍahi~iᶇ bindi, ayĕm praṅiᶇ gĕlaripun, laṅkuᶇ déniᶇ prakosa, yènaṅgada sami lawan pituᶇ ratu, yèn sanès kaᶇ naḍahana, ṛĕmak ṛĕmpu~awor siti.
32. sukané manaḥ kawula, kadya maṅgiḥ sosotya di sawukir, kala sinadé babakul, naṅiᶇ babakul rucaḥ, dèrèṅuniṅiᶇ sosotya ṛĕtna luhuᶇ, panumbasamba pan miraḥ, pamucuᶇ nĕm dinar kĕni.

27. duljalal ñariyosakĕnawratiᶇ juritipun para ratu kupaṙmman. 

27. pucuᶇ. 
1. wontĕnulun mantuk sakĕṭi jinipun, sukaniᶇ waṙddaya, sira rabusamawati, para ratu kaᶇ myaṙṣa~aṅaḷĕmbana.
2. saṅapraƀu duljalal ginañjar sāmpun, paṅadĕg karajan, muṙwwéndaḥ suka nampèni, matur maliḥ jabrahil patiḥ duljalal.
3. ḍuḥ pukulun dipun prayitna saᶇ praƀu, lamun ta kiraṅa, iᶇ pamicarèṅajurit, muwaḥ lamun kiraṅa rèḥ paṅupaya.
4 laminipun jĕnĕᶇ tuwan hyaṅaluhur, tapis para rāja, baᶇ kilèn kĕṭèn para ji, sami wontĕniᶇ soré ḍaḍampar tuwan.
5. muᶇ pukulun samaṅké~amaṅgiḥ muṅsuḥ, sultaniᶇ kupaṙmman, asugiḥ bala para ji, pan sadaya tan wontĕn juguliᶇ yudđa.
6. ḍuḥ pukulunéram kawula kalaṅkuᶇ, iᶇ ṅuni dukapraᶇ, pun makrubiṅgiḥ mikahil, kaᶇ mĕjahi giḥ ratu wiṅkiᶇ kéwala.
7. dèrèᶇ muñcul ratuné kaᶇ puñjul puñjul, ratuné paṅaṙṣa, satuṅgaliṅkaᶇ miyosi, ratu~ipé brudaṅin tasaṅsulṅalam.
8. yudđanipunaṅsal ratu pituᶇ puluḥ, sawidak kaᶇ pĕjaḥ, sadaśa kabanda~urip, pan sadina tan kasor ginrumuṅapraᶇ.
9. yèn saᶇ praƀu kiraṅa budđi pukulun, wraté~iṅkaᶇ mĕṅsaḥ, tan wandé bandakalani, kadi risak prāja ji~iᶇ jaminambar.
10. yèn katuṅkul tanamèt paṅupayèku, kadi prāptèᶇ tiwas, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, tuhu~awratiᶇ jagad datanpa lawan.
11. ratunipun pawiṅkiᶇ praṅé pukulun, makatĕn punika, pun daṙyyalamiᶇ siwaṙddi, mandahané ratuné~iṅkaᶇ paṅaṙṣa.
12. alamdahurumaṙmmadi lan tamtanus, miwaḥ kéwusnéndar, ratu baṅid lan ṅabĕsi, kaṅkan kahos biraji tuṙkki lan kébar.
13. rājèᶇ kulub lan mutadarawi praƀu, iᶇ santari buldan, talsiyahiᶇ kaṇḍa ƀumi, cinatura ratu~éwonandĕliᶇ praᶇ.
14. iᶇ praᶇ pupuḥ panakĕṭèn satriyampuḥ, puṅgawa prawīra, yutan wus samya ṅĕntasi, woᶇ kupaṙmman kadi tan pantĕs minĕṅsaḥ.
15. dukaṅruṅu patiḥ duljalal turipun, laṅkuᶇ dukanira, sira rabusamawati, maroᶇ maroᶇ jaja kadi maḷĕḍosa.
16. garap gaṅsul panabdané sréta srétu, hèhéṅgal baliya, sira guṅguᶇ muṅsuḥ mami, awuwuha sakĕṭi kaᶇ kaya sira.
17. lamuniṅsun ṅumbara kasĕktèniṅsun, ƀumi sun ṛĕmĕda, kapususiṅasta mami, aja cacak woṅarab makṣiḥ manuṅsa.
18. lagya~iṅsunaṅumbar prajuritiṅsun, kaᶇ taté prawīra, iku kaᶇ sun kon matèni, yèn woᶇ jaminambar tanana kaᶇ mĕntas.
19. yĕktinipun sun ḍèwèk ṅawaki pupuḥ, numpĕs woᶇ baᶇ wétan, siji maṅsa na kari, lamuniṅsun wus tumandaᶇ nuli bébas.
20. muṅur muṅur sarikutan dukanipun, apa sira jalal, wali wali dèn tudiṅi, patiḥ jalal miyaṙṣa~aḍaroḍogan.
21. lamuniṅsun nora~anumpĕsiᶇ muṅsuḥ, sun dudu paṅéran, pituᶇ ƀumi pituᶇ laṅit, lawan dudu wijiné woᶇ jaminambar.
22. patiḥ sujud ḍuḥ pukulun gustiniṅsun, kalintu~iᶇ tampa, amba~umatur sayĕkti, sintĕn purun matur yèn dédé kawula.
23. matur tuhu maṅsa~ajriha linampus, jĕr sahèstu~awrat, prataṇḍa purunaṅgitik, aṅlurugi mriᶇ nagari jaminambar.
24. sintĕn ratu ṅalam donya surèᶇ muṅsuḥ, muᶇ sultan kupaṙmman, jĕr pikiré wus dinadi, yĕkti sāmpun matĕᶇ dènya mètupaya.
25. botĕn guṅguṅiᶇ sayĕkti labĕtipun, tan kéṅiᶇ linamba, amĕṅsaḥ woᶇ pusĕr ƀumi, yĕktosaṙṣa matĕṅakĕn paṅupaya.
26. rāja rabus wus sarèḥ bramantyanipun, nulya tatas rina, munya tĕṅaraniᶇ jurit, abusĕkan baris mijilamèt papan.
27. tri gumuruḥ gumaluḍug kadi laḍu, wadya jaminambar, wadya ṅarab wus nimbaṅi, pan gumuluᶇ kadya lunaṅombakombak.
28. baris tĕpuṅaṅĕṇḍanu kadya mĕṇḍuᶇ, samya ṅuṅun mulat, samya gĕᶇ tĕpuṅiᶇ baris, salaminé woᶇ wétan duruᶇ maṅgiha.
29. guṅiᶇ muṅsuḥ sami lawan barisipun, muᶇ woᶇ jaminambar, animbaṅi guṅiᶇ baris, kĕrigané jaminambar dèrèᶇ tĕlas.
30. gili rawuḥ jajahané watĕsipun, pan sadina dina, woᶇ jaminambar kaᶇ prāpti, para ratu watĕsan mañcanāgara.
31. gya woṅaguᶇ sawadya lan balanipun, mijil pabaratan, prāpta wus kapaṅaliṅgiḥ, muṅgwiᶇ nawa ṛĕtna ḍaḍampar rinĕṅga.
32. dyan pra ratu jaminambar pan wus rawuḥ, aglaranèᶇ papan, kaṅasahosiᶇ praᶇ taṇḍiᶇ, sahésalam wus muṅgwiᶇ laṅit kapiᶇ pat.
33. mukarabun para malékaté kumpul, duljalal manĕmbaḥ, amit mĕdaliṅajurit, muḍun sakiṅiᶇ laṅit tiga~anduṙmma.

28. balanipun woṅaguᶇ katawaniᶇ mĕṅsaḥ. 

28. duṙmma 
1. wusaṅrasuk būṣaṇèᶇ praᶇ lan turaṅga, kawot kapraƀon jurit, wusanitiḥ kuda, maṅsahiᶇ ranaṅgana, sahandaka gĕṅiᶇ wajik, wĕton jaṅgisar, lir yakṣa buntut suri.
2. wulu ṅrémbyak susuri kaṅsrahiᶇ tala, lir binaroᶇ kaᶇ wajik, maṅsaḥ maṇḍi gada, asru~asumbar sumbar, woṅarab sapa ṛĕp mati, payo mĕtuwa, iᶇ kéné paḍa jurit.
3. si daṙyyalamapa ta sira tan wikan, yèniṅoṅiki mijil, wiṅi wusubaya, anutugakĕniᶇ praᶇ, rāja daṙyyalamudani, yèn ṅabdul jalal, kaṅanama jabrahil.
4. maṛĕk nĕmbahiᶇ sultan kamidilṅalam, amitaṙṣa naḍahi, yudđané duljalal, nulya na ratu prāpta, kĕdahaṅalaṅi jurit, maraᶇ daṙyyalam, rum burhar śrī ƀupati.
5. sira rāja bĕrhamanamitanĕmbaḥ, pukulun patik gusti, amba ṅalaṅana, ubayané daṙyyalam, ṅandika~amir mukminin, kamidilṅalam, yayi praƀu siṙwwadi.
6. laḥ maṇḍĕga wiṅi prandéné wusapraᶇ, rāja rum burhariki, kaᶇ naṅglaṅi sira, iᶇ kaṙṣa paḍa paḍa, kèndĕl daṙyyalam ṅaƀĕkti, rāja bĕrhaman, iᶇ burhar nĕmbahamit.
7. nitiḥ kuda gĕᶇ luhur wĕton kunawar, balalak pañcal wuri, kapraƀoniṅapraᶇ, kawotanèᶇ turaṅga, umaṅsaḥ gambirèᶇ jurit, amaṇḍi gada, prāptèᶇ papan wus paṅgiḥ.
8. patiḥ jalal tataña hèḥ sira sapa, iku kaᶇ mĕtu jurit, dudu si daṙyyalam, aṙṣa sun tĕmĕnana, saᶇ nāŧèᶇ burhar nahuri, yèṅsun bĕrhaman, rum burhar kuṭa mami.
9. iṅsuniṅkaᶇ naṅgalaṅi riᶇ daṙyyalam, payo nuli~ajurit, aṅliᶇ patiḥ jalal, lahiya dèn prayitna, taḍahana gada mami, aṅaṅkat gada, duljalal jabarahil.
10. mutĕr gadanira saṙwwi sĕṅgak sĕṅgak, mati mĕṅko woṅiki, ajur dé gadèᶇwaᶇ, rāja bĕrhaman yitna, rikat dènya masaᶇ taṅkis, tibaniᶇ gada, lir gĕlap manĕṅkĕri.
11. ramé surak woᶇ jaminambar woṅarab, ramé~iṅkaṅajurit, saᶇ nāŧèᶇ rum burhar, śīǥra maḷĕsaṅgada, praᶇ ramé bindi binindi, rosaniᶇ gada, myaᶇ kuwatiᶇ panaṅkis.
12. mijilapi sakiᶇ parisé makatar, turaṅgané samyañjrit, saᶇ praƀu bĕrhaman, ṅantĕp paṅgadanira, duljalal kuwat panaṅkis, turaṅga ṛĕbaḥ, kaliḥ pisan ṅĕmasi.
13. kaṅanitiḥ lajĕᶇ tiba kaliḥ pisan, samya kaplĕsat tĕbiḥ, saṛĕᶇ taṅinira, saṛĕṅanarik pĕḍaᶇ, pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ mataṅkis, panduk dinadak, udṛêg taṅguḥ naṅgahi.
14. daṅu~apraᶇ pĕḍaᶇ ṛĕmpu kaliḥ pisan, tanana miguṇani, saṛĕᶇ buwaᶇ pĕḍaᶇ, gapyuk caṇḍak cinaṇḍak, rāja bĕrhaman sor titiḥ, kantun gĕṅira, tinarik dyan binantiᶇ.
15. wus kabantiᶇ tiba lajĕᶇ linumpatan, jajanira saṅaji, bĕrhaman kabanda, iṅundurakĕn bala, nandĕr rāja saṙkkab tuṙkki, wus prāptèᶇ papan, kagyat taña~apatiḥ.
16. sapa ranmu nahuri sun rāja saṙkkab, kuṭaniṅsun rum tuṙkki, andĕliᶇ kupaṙmman, tur ratu pinituwa, patiḥ duljalal tulya glis, agaṅkat gada, ginada saṙkkab tuṙkki.
17. sakiᶇ ḍarat paṅgadaniᶇ patiḥ jalal, rājèᶇ rum saṙkkab tuṙkki, makṣiḥ luhur kuda, gugup panaṅkisira, tuna duṅkapiᶇ panaṅkis, kudané pĕjaḥ, saṙkkab tiba jumpalik.
18. pyuk cinaṇḍak wusiṅuḷĕᶇ gya binanda, kasrahiᶇ bala wuri, wontĕn maliḥ prāpta, baṅsa rum kaᶇ murina, putra nāŧèᶇ rum santari, wus prāptèᶇ papan, dyan kiswarin diswarin.
19. cinaṇḍakan kaliḥ pisan wus binanda, wuru dènira jurit, apatya duljalal, sariranya dadya raḥ, radyan kiswarin diswarin, sinraḥkĕn bala, woᶇ rum tuṙkki santari.
20. kagégéran mĕṅkap pĕkṣa~umaguta, pra đipatiné sami, myaᶇ satriyanira, aṙṣa maṅsaḥ ṅamuka, ṅiᶇ kasaput ṛĕp kaᶇ rawi, mundur kaṅapraᶇ, tigaᶇ prāja woᶇ rumi.
21. undurira suṅkawa tawan karuṇa, woᶇ rum tuṙkki santari, tuwin woᶇ rum burhar, iṅkaᶇ ratuné kĕna, wuwusĕn tawan para ji, ƀinĕkta miṅgaḥ, iᶇ duljalal mriᶇ laṅit.
22. prāptèᶇ ṅaṙṣanira nèᶇ laṅit kapiᶇ pat, śrī rabusamawati, suka duk tumiṅal, maraᶇ ratu kaᶇ kĕna, malékat kaᶇ mukarabin, aglar nèᶇ ṅaṙṣa, tuwin ratu prajurit.
23. kaṭaḥ sami~iṅandikanamƀojana, andĕladĕl para ji, mriᶇ laṅit kapiᶇ pat, sami kinènuniṅa, mriᶇ para ratu kaᶇ kĕni, bala nata rab, kinènaṅruṅu sami.
24. panariné mahapraƀu sahésalam, malékat mukarabin, paran kaṙṣanira, babandan para rāja, iya pa pinatèniki, pikiṛĕn paḍa, pantĕsé~urip mati.
25. śīǥra patiḥ ƀaktiyar maturanĕmbaḥ, punika yèn suwawi, sāmpun pinĕjahan, tinrapana siyasat, kulité binĕsèt sami, guṇḍulé samya, kinaloñoman sami.
26. nuntĕn sami pinĕṇṭaᶇ tĕṅaḥ papraṅan, dimèn giris niṅali, kaᶇ kantun tyaṅarab, dadya paṅéraméram, wontĕn ratu guᶇ prajurit, iṅkaᶇ minaṅka, malahékatisrapil.
27. nama praƀu sapaṙddanika prawīra, sugal nambuṅi~aṅliᶇ, hèḥ sira ƀaktiyar, dudu~ambĕkiᶇ rāja, ñakuṭis pikirirèki, pantĕs sok kalaḥ, ratunira mĕdayin.
28. sabĕn minta sraya nora tahu mĕnaᶇ, praᶇ ḍéwé nora wani, jĕr suka niyaya, tan duwé paṅapura, woᶇ niyasat tanpa~asil, pikiṙmu niṣṭa, pagéné niyasati.
29. apa kuraᶇ gustiniṅsun jaminambar, niyasati mriᶇ dasiḥ, kaᶇ paḍa dodosan, ‍éwon jroniᶇ naraka, narakané waṙṇni waṙṇni, isi tatrapan, sadosa dosanèki.
30. iki dosa~apa woᶇ kacaṇḍakapraᶇ, turuwis dèn kawiti, muṅsuhawèḥ tilas, ambanda para rāja, jaminambar madyèᶇ jurit, ratu sawidak, tanana dèn patèni.
31. iṅuripan tanilaṅajiniᶇ rāja, anĕmu kuṙmmat sami, kya ƀaktiyar pucat, myaṙṣa liṅé sapaṙddan, duljalal suka tan sipi, gumuyu mojar, hèḥ patihiᶇ mĕdayin.
32. lamun sira ṛĕmĕn mulatiᶇ siyasat, sira mèta pribadi, para ratu ṅarab, sésuk mĕtuwa~apraᶇ, sakaṛĕp kaṛĕpmu dadi, yèniki~ora, kĕna miluwa mikir.
33 dudu pikir yèn muṅguhiᶇ jaminambar, dudu nagri mĕdayin, alonaṅandika, śrī maha sahésalam, yèn sun patènana~iki, manawa kuraᶇ, ya si surayèᶇ ƀumi.
34. prajurité kaᶇ dènadu~iᶇ papraṅan, dadi cuwa wak mami, goniṅsun taṇḍiᶇ praᶇ, lawan woṅaguᶇ wétan, sanadyanantuka maliḥ, babandan rāja, sabĕn sabĕn prajurit.
35. sayĕktiné~iṅsunuripi sadaya, jabakna~iṅkaᶇ mati, mađyaniᶇ palagan, laḥ duljalaluculna, iya woṅarab kaᶇ kĕni, wusiṅuculan, mari dènira kiṅkin.

29. praƀu tasaṅsulṅalam kapikutiᶇ mĕṅsaḥ. 

29. asmaradana 
1. dinaṅu prajanirèki, sami tanaḥ ṅrum sadaya, miwaḥ ta~iᶇ kakasihé, rāja bĕrhaman rum burhar, rum tuṙkki rāja saṙkkab, rum santari kalihipun, kiswarin diswarin nama.
2. mahapraƀu taña maliḥ, sapa ratu rum kaᶇ rosa, iya ta~iṅkaᶇ kahipé, maraᶇ si surayèᶇ laga, rāja saṙkkab turira, iᶇ rum brudaṅin puniku, mahrāja tasaṅsulṅalam.
3. puniku kaṅaṅlurahi, ratu tanaḥ ṅrum sadaya, iṅgiḥ nadyaniṅkaᶇ dédé, tanaḥ ṅindi kyèḥ kabawaḥ, maraᶇ tasaṅsulṅalam, puniku pan ratu~aguᶇ, sugiḥ bala para rāja.
4. sāmpun sami pinisalin, dalu dalu~apamitan, kalilan lampahé~añjog, sakiṅiᶇ laṅit kapiᶇ pat, lajĕᶇ dalu lumampaḥ, nèᶇ maṙgga ya ta kapĕṭuk, saᶇ đipati tasikwaja.
5. ṅandika saṅađipati, yayi saṙkkab déné para, paḍa kapapag nèᶇ kéné, paran maṙggané linuwar, apa ta luṅa miṅgat, umatur samya gumuyu, iṅgiḥ maṙgga dènapura.
6. botĕn ṅanti siyaᶇ maliḥ, gumujĕᶇ dyan tasikwaja, aṙṣa sun maliṅi kiyé, ya tuju wusiṅapura, bĕcik si sahésalam, nimbaṅi bĕcikiᶇ muṅsuḥ, matur maliḥ rāja saṙkkab.
7. botĕn gaga dènaturi, ḍatĕᶇ pun patiḥ ƀaktiyar, aturé kinènanèsèt, kulit punika sadaya, iṅgiḥ pun sahésalam, miṇḍak duka tanaṅgugu, mila nuntĕn linuwaran.
8. ṅliᶇ đipati guritwĕsi, si~ipé ƀaktiyarédan, woᶇ mĕdayin wis lakuné, anabokañiliḥ taṅan, śīǥra saṛĕᶇ lumampaḥ, umiriᶇ kaᶇ para ratu, mriᶇ đipati tasikwaja.
9. wus prāptèᶇ pakuwon sami, lajĕᶇ maṛĕkiᶇ ṅajĕṅan, katur sasolaḥ solahé, mèsĕm woṅaguᶇ miyaṙṣa, lajĕᶇ dènya ƀojana, datan winaṙṇna~iᶇ dalu, ‍éñjaᶇ kaᶇ para naréndra.
10. tĕṅara miyosi jurit, muntab kumrabawurahan, umyaᶇ swaraniᶇ kĕṇḍaᶇ goᶇ, wadya guᶇ mijil mèt papan, ḍĕṇḍĕᶇ baris kalaṅan, wadya jaminambar tĕpuᶇ, nĕpuṅi barisaṅgabag.
11. woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, wus mijil muṅgwiṅamparan, iᶇ ṅaṙṣa kaᶇ para katoᶇ, tuwin patiḥ jaminambar, jabarahil duljalal, sénapati wakilipun, añjĕnĕṅi~iṅayudđa.
12. ratuné muṅaniṅali, muṅguhiᶇ laṅit kapiᶇ pat, wahu kaṅapraᶇ kalihé, wus sami wawaᶇ winawaᶇ, praƀu tasaṅsulṅalam, amit nĕmbaḥ ṅuswa suku, mriᶇ raka kamidilṅalam.
13. ṅandika~amir mukminin, yayi bokaja mijil praᶇ, sanakira misihakèḥ, kaᶇ duruᶇ paḍa mĕtu praᶇ, praƀu tasaṅsulṅalam, nuwun kĕdahiᶇ pamagut, woṅaguṅalon ṅandika.
14. iya sakaṙṣanta yayi, sun srahakĕniᶇ hyaᶇ sukṣma, sakṣana mundur wotsinom, maṅsaḥ ḍarat śrī naréndra, prāptèᶇ papan susumbar, woᶇ jaminambar dèn gupuḥ, sapa kaṅaṙṣa palastra.
15. iki praƀu burudaṅin, andĕlé sultan kupaṙmman, sapaṙṣa nusul patiné, kañcané kaᶇ para nata, miwaḥ kaᶇ nĕdya béla, miwahiᶇ kadaᶇ waṙggèku, hèḥ payo maguta~iᶇ praᶇ.
16. patiḥ duljalaludani, nudiᶇ pat para naréndra, rāja~aṙmman satuṅgilé, lawan saᶇ rāja sapriyan, lawan rāja kikabal, sakawan rāja dulmakrum, ratu~andĕl jaminambar.
17. sami ḍarat maṅsaḥ jurit, sadaya~amaṇḍi gada, samya~aṅiwa parisé, sakawan prāptèᶇ paayudđan, sāmpunayunayunan, tataña praƀu tasaṅsul, kabèḥ sapa namanira.
18. ƀupati~apa naṙppati, tuwin si lamun satriya, aṅakuwa mumpuᶇ maṅké, aja mati tanpa~aran, aṅliᶇ kapat naréndra, aṙmman sapriyan dulmakrum, kaᶇ siji rāja kikabal.
19. sakawan saṛĕᶇ gadani, katulak panaṅkisira, saṙwwi ṅulur palu ranté, kinawĕtakĕnaṅiwa, kĕna sakawan pisan, kapukĕt sāmpun karaṅkus, sinrahakĕn maraᶇ bala.
20. patiḥ duljalaludani, yèn praƀu tasaṅsulṅalam, iṅkaᶇ magut palu ranté, nuduḥ naṙppati sadaśa, śīǥra~umaṅsaḥ ḍarat, iᶇ wuri malihanuduḥ, ratu pitu~andĕliᶇ praᶇ.
21. winĕliᶇ ywa mĕtu wuri, pama sira~aṅrubuta, ṅaṙṣa kanan kériᶇ bahé, paniᶇ wuri ḷĕgakĕna, dadya ratu pitulas, umaṅsaḥ saṛĕṅaṅrubut, aṅgada mĕḍaṅamanaḥ.
22. biṅuᶇ nāŧèᶇ burudaṅin, amutĕr panaṅkisira, saṙwwi ṅulur palu ranté, astané tĕṅĕn pinanaḥ, kĕṇḍo paṅosèrira, mĕṅsaḥ kaᶇ pitulas ratu, kaᶇ lima kĕnèᶇ ranté mās.
23. kaᶇ rolas makṣihajurit, nandĕrapatiḥ duljalal, ḍarat mĕdaliᶇ wuriné, kasilib tasaṅsulṅalam, sinikĕp sakiᶇ wuntat, astané kaliḥ karaṅkus, saṅiṅgil sikut kapĕkak.
24. kaᶇ sakiᶇ ṅaṙṣa~ajurit, saṛĕṅambyuk tuluᶇ patya, wus samya~aṅrubut kabèḥ, dilalaḥ tan kéṅiṅobaḥ, kalaṅkuᶇ kawĕlakaᶇ, wus kagoḍi saṅapraƀu, nulya winotiᶇ karéta.
25. ratu sakawan ṅapiti, surak bala jaminambar, sahundurira rétané, prāpta naréndra sakawan, praƀu~iᶇ jañjanwiyat, kabulmuluk barulmuluk, lan praƀu sapiṅulkadam.
26. lajĕᶇ rok tĕmpuhiᶇ jurit, ramé~uḷĕᶇ pĕḍaᶇ gada, dĕdĕr dinĕdĕr liru gon, pĕjaḥ wahu kaᶇ titiga, prajurit jaminambar, ginada mriᶇ barulmuluk, lan praƀu sapiṅulkadam.
27. sinikĕp maraṅapatiḥ, barulmuluk wus kabanda, kabulmuluk wus katalèn, myaᶇ rāja sapiṅulkadam, tuwin śrī jañjanwiyat, kabanda sakawan sāmpun, saṛĕᶇ ṛĕp bubar kaṅapraᶇ.
28. woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, konduré ṅĕmu suṅkawa, tuwin para ratu kabèḥ, samya ṅuṅun naṇḍaᶇ braṅta, ratu kakasiḥ kĕna, turipé mantĕpiṅaku, sudara pṛênaḥ taruṇa.

30. praƀu tasaṅsulṅalam dipun luwari. 

30. sinom 
1. sadalu ñĕñĕt kéwala, barisé woᶇ pusĕr ƀumi, tanana kolu~anaḍaḥ, nayan pĕkaṭik sĕrati, tanana kaᶇ cumuwis, sadaya samya maṅun kuᶇ, śrī sayidibnu ṅumar, lan putra nāŧèᶇ bétaṙtti, pan pĕkṣamuk saᶇ praƀu~aris munandar.
2. nĕdya~amuk nusuléyaᶇ, praƀu taruṇa bétaṙtti, lan kaᶇ rama~ibnu ṅumar, naṙppati kahos nagari, prasamya dèn jagani, déniᶇ ratu pinisĕpuḥ, kaṅéyaᶇ rājèᶇ yunan, sadalu~amituturi, aṅlĕḷĕsu tyasé sayidibnu ṅumar.
3. woṅaguᶇ kamidilṅalam, jĕᶇ sultanamir mukminin, aṅṛêmbag sāmpun mupakat, baḍé ṅantĕpiṅajurit, lan saguᶇ para~aji, kalamun praƀu tasaṅsul, maṅgiha siya siya, maṅkana gantya winaṙṇni, sahunduré ṛĕkyana patiḥ duljalal.
4. lajĕᶇ mriᶇ laṅit kapiᶇ pat, antuké bandan para ji, makṣiḥ rinĕkṣa nèᶇ ṅaṇḍap, malahékat kutu batin, prāpta lan kyana patiḥ, sāmpun katur suratipun, iṅkaᶇ kawoniṅapraᶇ, sakawan para naṙppati, kalimané brudaṅin ratu wisésa.
5. mahapraƀu sahésalam, aṅguṅguᶇ maraṅiᶇ patiḥ, ginañjar patiḥ duljalal, pinariṅan widadari, pipitu yèku putri, pupuṇḍutanayu~ayu, sakiᶇ ratu ṅamañca, kaᶇ kinaṙyya widadari, tuwiniṅkaṅadi~adi~iᶇ būṣaṇa.
6. aṅumpulkĕn para nata, malékat kaᶇ mukarabin, tinantuniṅkaᶇ prayoga, muṅguḥ tawan kaᶇ para ji, siji kaᶇ dadi~ati, tur ratu~ipé gĕgĕḍug, prawīra mandraguna, binésan kinadaᶇ yĕkti, pantĕs paran pinatèn laniṅuripan.
7. umatur patiḥ duljalal, sumaṅga~iṅkaᶇ prayogi, sumambuᶇ matur ƀaktiyar, punika lamun suwawi, iṅgiḥ jinuwiᶇ juwiᶇ, baluṅipun dèn gĕgĕpuk, kulit dagiṅé samya, pinakakakĕniṅañjiᶇ, ratu muṙkka yènapraᶇ dadra daraka.
8. yènapraᶇ nora ṅaṅgo ṅaḥ, taḍahé yèn mamatèni, tan kèndĕl papat lilima, sèkĕt sawidak para ji, yèku ratu wĕwĕri, aṅguᶇ ṅlĕburakĕn muṅsuḥ, sira patiḥ sapaṙddan, iṅkaᶇ minaṅka~israpil, matur sujud mriᶇ gusti śrī sahésalam.
9. punika~atur kawula, yèn naṙppati burudaṅin, tuwan kaṙṣakĕna pĕjaḥ, yĕkti botĕn kobĕr cañciᶇ, woṅarab ṅantĕb jurit, botĕn mawi siyaᶇ dalu, pamuké para rāja, punika salaḥ tan sipi, aturipunanĕṅgiḥ patiḥ ƀaktiyar.
10. jĕᶇ tuwan kaᶇ linurugan, sanès lawan kaᶇ ṅlurugi, yèn muṅsuḥ nĕdya brubuḥ praᶇ, sayĕkti~ambubraḥ ƀumi, kaᶇ nĕmahi woᶇ cilik, woṅarab yènapraᶇ ṅamuk, prajurit kaṅawĕndran, anumpĕsi jalu~èstri, nadyan raré pagunuṅan padédéśan.
11. sipat katon tinumpĕsan, pahé~iṅgihaṅlurugi, kéṅiᶇ yèn sakaṙṣa kaṙṣa, lamun nagri dèn lurugi, sahèstu miliᶇ pikir, kaṇṭi rérépot pukulun, paran ta~aṅowĕla, iᶇ dasihisiniᶇ ƀumi, amiᶇ tuwan kaᶇ rumĕkṣa kaᶇ misésa.
12. punapa tuwan kaṙṣakna, ḷĕburé~isiniᶇ ƀumi, aṅguguk śrī sahésalam, bĕnĕr sira sun titèni, yèniṅsunamatèni, ratu~iᶇ sawiji~iku, kĕḍikasilé~uga, akèḥ waḷĕsé bilahi, dadi~iṅsun kaṅaṅlĕbur titahiᶇwaᶇ.
13. ya bĕnĕr sira sapaṙddan, patya duljalal nambuṅi, pukulun laṅkuᶇ prayoga, pun sapaṙddan turiᶇ gusti, aḷĕmbat tur mantĕsi, gaṇṭĕᶇ kĕkĕñcĕṅanipun, uṇḍagi~iᶇ wéwéka, botĕn kados woᶇ mĕdayin, yènamikir ṅaṅgé pikir panĕluhan.
14. ya wis nuli~ulihĕna, iku ratu burudaṅin, kaᶇ papat bahé kariya, śīǥra kaᶇ maṅka jabrahil, duljalalanuruni, wusapaṅgiḥ saᶇ praƀu rum, rāja tasaṅsulṅalam, goḍiné wun dènuculi, ḍinawuhan tuwan punika kondura.
15. iṅgiḥ ḍatĕᶇ pasaṅgrahan, amuᶇ sakawan puniki, kinaṙṣakakĕn kantuna, dèrèᶇ kantĕnaniᶇ béñjiᶇ, turaṅga dèn sahosi, śīǥra saᶇ praƀu tasaṅsul, sāmpun nitiḥ turaṅga, pan dalu dalu lumaris, anèᶇ maṙgga kapĕṭuk dyan tasikwaja.
16. dukiᶇ wañci tabuḥ tiga, lanapatihabunadir, woᶇ kaliḥ baḍé~aṇḍuṣṭa, tĕḍak nāŧèᶇ burudaṅin, đipati guritwĕsi, marani śīǥra~aṅraṅkul, ḍuḥ yayi sukur bagya, para~aṙṣa sun maliṅi, kadya paran yayi maṙgga~uliḥ para.
17. nahuri tasaṅsulṅalam, si sahésalam tanapti, anrapĕna maraṅiᶇwaᶇ, déné gusti wus motaṅi, ratu rolikur ṅuni, linuwaṙkĕn sadaya wus, bécik si sahésalam, sakṣana sami lumaris, atataña maṙmmaya samaṙgga maṙgga.
18. iᶇ maṙgga datan winaṙṇna, iᶇ pakuwonagĕᶇ prāpti, saᶇ praƀu tasaṅsulṅalam, maṙmmaya lanabunadir, lajĕᶇ woṅaguᶇ katri, sumiwèᶇ pakuwonaguᶇ, sultan kamidilṅalam, kaᶇ priḥ driya dèrèᶇ guliᶇ, lawan praƀu sĕrandil yunan yujana.
19. sadalu datan ƀojana, kèndĕl prasamya~aliṅgiḥ, kasaru maṙmmaya prāpta, miwaḥ nāŧèᶇ burudaṅin, lan patihabunadir, kaᶇ baḍé sami mamanduᶇ, kagyat saᶇ kakuṅiṅrat, nuṅkĕmi pada kaᶇ prāpti, gya rinaṅkul saᶇ praƀu tasaṅsulṅalam.
20. dinaṅu sasolahira, miwiti malaḥ mĕkasi, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, suka dènira miyaṙṣi, tuwin para naṙppati, wus śīṙṇna suṅkawanipun, śrī sayidibnu ṅumar, lan putra nāŧèᶇ bétaṙtti, iṅandikan prāptané nir kaᶇ suṅkawa.
21. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, aṅandika mriᶇ para ji, apraᶇ dèn paḍa jatmika, aja ṅakuwa hyaᶇ widđi, si sahésalam bĕcik, aluhur wawatĕkipun, ‍éman tan duwé~iman, ratu jaminambariki, kudu ṅaku paṅéran tan wruḥ duraka.
22. tuhu~adiniᶇ prawīra, lakuné prajurit luwiḥ, kahutamanora tiṅgal, tawaniṅapura sami, mĕndĕmé~iki sakiᶇ, aguṅé karatonipun, dadakasalin nama, iya rabusamawati, para nata suka gumujĕᶇ sadaya.
23. miwaḥ dènira miyaṙṣa, saᶇ nāŧèᶇ rum burudaṅin, kalané ƀinĕkta miṅgaḥ, mriᶇ laṅit sapisan bali, ginawa muḍun maliḥ, paṅucapé~iṅkaᶇ nuntun, yèniki pinaténan, akaṙyya bubrahiᶇ laṅit, santanané jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
24. iᶇ dalu tan kawuwusa, ya kakaᶇ wasita~éñjiᶇ, munya tĕṅaraniᶇ yudđa, gumuruḥ kĕṇḍaᶇ goᶇ bèri, umuᶇ guṙṇnaᶇ ṭoᶇṭoṅgrit, wadya rab mijilambrubul, sakiᶇ kuwu mèt papan, kadya wutahiᶇ jaladri, kaṅabaris rèḥ mawṛêdi bañjir topan.
25. jĕᶇ sultan kamidilalam, miyos ginṛêbĕg para ji, prāpta muṅgwiᶇ patarana, aglar kaᶇ para naṙppati, iṅkaᶇ sahosiᶇ jurit, samya muṅgwiᶇ palowanu, prajurit jaminambar, wusaglar barisé mijil, para ratu gĕgĕḍug jĕnĕṅi~iᶇ praᶇ.
27. jabrahil patiḥ duljalal, miwaḥ sapaṙddanisrapil, wusanèᶇ laṅit kapiᶇ pat, rāja rabusamawati, aniṅali~iᶇ jurit, wahu kaṅaṙṣa~umagut, luluraḥ tukaᶇ toya, iṅkaṅanama~israpil, pun sapaṙddan ṅrèḥ malékat tukaᶇ toya.
28. aṙṣa~umaṅsahiᶇ yudđa, patiḥ sapaṙddanisrapil, dĕdĕg satus tigaᶇ daśa, prakosa prawirèᶇ jurit, aṅluwihi papatiḥ, duljalal prawīranipun, miwaḥ suwaṙṇnanira, sanadyan sami gĕṅiṅgil, pan sĕmbada sapaṙddan dĕdĕg parusa.
29. sami sinuṅan wĕwĕnaᶇ, iᶇ saᶇ rabusamawati, ṅiṅĕṙkĕn woᶇ jaminambar, saparo sosorannèki, sĕpuḥ duljalal kĕḍik, luṅguhé panuṇḍa~usuk, maṅsaḥ nitiḥ turaṅga, gĕᶇ luhur wĕton siwaṙjjis, apan sami kuda karabat rasĕkṣa.
30. kawot kapraƀoniṅapraᶇ, gada wrat roṅèwu kati, kati mās pinaṇḍi ṅaṙṣa, solahé ṅébatébati, prāptèᶇ papan sisirig, susumbaraṅuwuḥ muṅsuḥ, hèḥ payo para nata, iki sapaṙddan mĕtoni, taṇḍiṅana woṅarab sapaṙṣa léna.
31. gĕgĕḍugé jaminambar, iṅsun kinaṙyya~israpil, malékat nurunkĕnudan, iku kaṅiṅsun lurahi, payo mĕtuwa~aglis, aja ṅédanakĕniṅsun, wontĕn ratu taruṇa, santana~iᶇ kahélani, amit mijil sira saᶇ rāja siwaṙṇna.
32. iṅidèn śīǥra~umaṅsaḥ, wusanitiḥ kuda pèṙṣi, kawot kapraƀoniṅapraᶇ, nandĕriᶇ papan saṅaji, prāpta sāmpunapaṅgiḥ, rāja sapaṙddan sru muwus, ratu~apa satriya, nāgaranira~iᶇ ṅĕndi, anahuri ya~iṅsun rāja siwaṙṇna.
33. iᶇ baṅsru pan kuṭaniᶇwaᶇ, ratu karabat suniki, lan sultan kamidilṅalam, sakiᶇ baṅsa kélan mami, patiḥ sapaṙddanaṅliᶇ, ‍éman waṙṇnamu~abagus, aṅur sira mundura, yèn praᶇ paṣṭi~aṅĕmasi, anaḍahi sakiᶇ botiᶇ gadaniᶇwaᶇ.
34. tanpa gawé tamèᶇ sira, būṣaṇanira naṙppati, ‍éliṅa~amor ƀantala, saᶇ nāŧèᶇ baṅsru nahuri, makuṭanira maṅkin, yèku kaṅanèṅĕṇḍasmu, sumyuriᶇ gadaniᶇwaᶇ, payo praṅaja cariwis, ya ta patiḥ sapaṙddan gumuyu talaḥ. 
35. lahiya dènéliᶇ sira, nora kĕna dèn wĕlasi, aku muṅabandabaya, iya sun tibani bindi, mutĕr gada~aṅgitik, rāja siwaṙṇna~ataṅgul, swara lir gĕlap ṅampar, tĕmpuḥ parisé mĕtwagni, pan gumuruḥ suraké muṅsuḥ lan rowaᶇ.
36. kawratan praƀu siwaṙṇna, gumĕtĕr kudanirèki, panasé rapĕtiᶇ siraḥ, śīǥra kudané ginitik, malumpat kaᶇ turaṅgi, siwaṙṇna saṙwwi~amupuḥ, kagyat patiḥ sapaṙddan, siwaṙṇna ratu prajurit, solahira kĕbat cukat kadi kilat.
37. yèn muṅguḥ woᶇ jaminambar, duruᶇ pantĕs praᶇ winasis, sun puji prajurit ṅarab, naracakiᶇ praᶇ winasis, lahiya sun tĕmĕni, dènéliᶇ saᶇ nāŧèᶇ baṅsru, śīǥra~aṅikal gada, sapaṙddanamupuḥ maliḥ, turaṅgané pĕjaḥ saᶇ praƀu siwaṙṇna.
38. lumumpatanarik pĕḍaᶇ, praƀu siwaṙṇna mṛêpĕki, mĕḍaᶇ sukuniᶇ turaṅga, kapat pisan tigas paciᶇ, sapaṙddan tibèᶇ siti, kalaṅkuᶇ bramantyanipun, kroḍa~ambuwaᶇ gada, praᶇ ḍarataṅrok paṅuṅkiḥ, aliru gon tan konduridĕridĕran.

31. praƀu~atasaji pĕraᶇ lan patiḥ duljalal. 

31. duṙmma 
1. wus cinaṇḍak siwaṙṇna waṅkiṅanira, tinarik wus katarik, iṅikaliᶇ tawaᶇ, tinon kadya likasan, tanadaṅu gya binantiᶇ, praƀu siwaṙṇna, wus ṛĕmpu~aṅganèki.
2. kadya guntur suraké woᶇ jaminambar, kadaṅira taruni, saᶇ praƀu siwaṙṇna, rāja siwaṙjji nama, anandĕr kudané prāpti, patiḥ sapaṙddan, riwut wuru~iᶇ jurit.
3. wus ginada siwaṙjji lan kudanira, pĕjahawor lan siti, lan turaṅganira, ariné maliḥ prāpta, istibadan saturaṅgi, lajĕg ginada, istibadan ṅĕmasi.
4. pan kasaputiᶇ dalu mundur kaṅapraᶇ, wadya rab ṅĕmu wiṅit, wadya jaminambar, suka~agiyak giyak, sapaṙddanuṅguliᶇ jurit, suka kalintaᶇ, śrī rabusamawati.
5. wus ginañjar ṛĕkyana patiḥ sapaṙddan, pinariᶇ widadari, myaᶇ būṣaṇa~éndaḥ, sadaya ṅaḷĕmbana, sapaṙddan wira~iᶇ jurit, tuhu digdaya, sĕmbada ḍapuṙnèki.
6. aƀirawa baléṅaḥ dĕdĕg parusa, agoḍègaṭi~aṭi, simbar wulu jaja, andĕliᶇ jaminambar, sadalu drawina sami, wuwusĕnéñjaᶇ, munya kĕṇḍaᶇ goᶇ bèri.
7. tĕtĕgira kĕṭèn muṅsuḥ lawan rowaᶇ, baris saṛĕṅumijil, tĕpuṅakalaṅan, aglar nayakaniᶇ praᶇ, kalihé wus kadya wiṅi, jalal sapaṙddan, niṇḍihi~iṅajurit.
8. rabusamawati nèᶇ laṅit kapiᶇ pat, añjaṅkuᶇ niniṅali, muṅgwiṅamparan mās, sultan kamidilṅalam, aglar kaᶇ para naṙppati, iᶇ kériᶇ kanan, kaᶇ sahosiṅajurit.
9. para putra wayaḥ myaᶇ para santana, samĕkta muṅgwiᶇ ṅaṙṣi, woṅiᶇ jaminambar, patiḥ duljalal mĕdal, nitiḥ kuda sakiᶇ jĕṅgi, pan sāmpun kawrat, sakapraƀoniᶇ jurit.
10. prāptèᶇ ranaṅgana~asru sumbar sumbar, payo woᶇ wétanaglis, mĕtu mumpuṅéñjaᶇ, ‍énak woᶇ bandayudđa, kariṅĕt tan pati mijil, ya ta miyaṙṣa, saᶇ praƀu~atasaji.
11. nuwun pamitiṅéyaṅumagutiᶇ praᶇ, iṅaṇḍĕg datan kĕni, iṅidèn sakṣana, maṅsaḥ muṅgwiᶇ turaṅga, aran wajibandaṙjjani, wĕton kunawar, kawot kapraƀon jurit.
12. pañcal paṅuᶇ jañjan biru~aṅatépaᶇ, prāptèᶇ rana wus paṅgiḥ, lan patiḥ duljalal, asru pamuwusira, raré~apa mĕtu jurit, pan duruᶇ maṅsa, naḍahi yudđa mami.
13. kapiraré niṣṭa yèn sun ladènana, sapa namanirèki, déné liwat téga, iṅkaᶇ puputrèᶇ sira, sugal dènira nahuri, yèn tan wruḥ sira, ya~iṅsunatasaji.
14. iṅkaᶇ wayaḥ jĕᶇ sultan kamidilṅalam, iṅsun wus madĕgaji, iyèṅsun kinaṙyya, naṙppati binaṭara, ṅoᶇ putrané rustamaji, putrané~éyaᶇ, patut sakiᶇ mĕdayin.
15. rājaputri maṙppiñjunibuné rama, ƀaṭāra rustamaji, pan wus taté~iᶇwaᶇ, ambanda kaya sira, maṅsa ṅimbuhana maliḥ, patiḥ duljalal, gumuyu bĕlik bĕlik.
16. aḍuḥ babo déné ladakiᶇ paṅucap, kambon trahiᶇ mĕdayin, adat nora daya, dudu gawéné~apraᶇ, amuᶇ laku~amriḥ dṛêṅki, nak putu~ambyaḥ, kaᶇ liya traḥ mĕdayin. 
17. iya pantĕs dadya prajurit sadaya, sugal śrī~atasaji, lanat haram jadaḥ, payo nuli~ayudđa, apa kaṅanèᶇ sirèki, nuli tamakna, dènéṅgal sun taḍahi.
18. kulupaja mundura sira tan naṅga, mapagna~iṅajurit, liwat sakiᶇ bocaḥ, nadyan wus madĕg nata, duruᶇ pantĕs tĕmĕn jurit, aja~ambéka, iṅéman nora kĕni.
19. ṅaṅkat gada jabrahil patiḥ duljalal, saᶇ nāŧa pasaᶇ taṅkis, ḷĕǥawa~iṅasta, makṣiḥ dènagagagag, ḍuḥ kulup tan wuruᶇ mati, aṅur mundura, bok rata lawan ƀumi.
20. asru nabda sira saᶇ naṙppati wayaḥ, walidi banuhasim, hèḥ dudu prawīra, yèn nora nibakĕna, maṅsa wĕdiya ṅĕmasi, payo ta lanat, aṅliᶇ patiḥ jabrahil.
21. apa maniᶇ yènora kĕna dènéman, wus paṣṭi~awor siti, baluṅira ṛĕñaḥ, śīǥra gada tumiba, iṅantĕb dènira gitik, lir gĕlap śasra, kuwat dènira taṅkis.
22. mubalapi gada tibèᶇ taṅkis waja, katar katar ṅaladi, surak magĕnturan, wadya~iᶇ jaminambar, woṅika wusawor siti, maṅsa~uripa, ujĕr si dudu taṇḍiᶇ.
23. kaṅupama kidaṅamuṅsuḥ dipaṅga, mĕsata mariᶇ laṅit, maṅsa ṅuḍilana, muṅsuḥ patiḥ duljalal, kukum woᶇ kudwaṙṣa mati, punaᶇ dahana, mĕsat katiyup ṅaṅin.
24. tibèᶇ wana kobar sato kagégéran, myaᶇ pĕkṣyakèḥ kabĕsmi, matĕᶇ tibèᶇ bala, iṅkaᶇ baris kalaṅan, arahabamaṅan pĕkṣi, wahu kaṅapraᶇ, saśīṙṇnané kaṅagni.
25. katiṅalan śīǥra~aṅĕtab turaṅga, walidi banuhasim, surak bala ṅarab, dé gustinya wĕntala, sultan wayahatasaji, ṅatépaᶇ mĕḍar, kuda ṅitĕrapatiḥ.
26. ḷĕṅgak ḷĕṅgak duljalal sru pamuwusnya, tuhu trahiᶇ linuwiḥ, wĕntala katiban, iᶇ gĕṅiᶇ gadaniᶇwaᶇ, payo maḷĕsa dèn gipiḥ, iya dèn yitna, apatiḥ masaᶇ taṅkis.
27. tinutupkĕn muṅgwiᶇ sirahiᶇ turaṅga, saᶇ praƀu~atasaji, ṅadĕg nèᶇ kakapa, ṅraṅgèḥ paṅgadanira, lir kidaṅamuṅsuhèṣṭi, aguᶇ tumĕṅa, śīǥra dènira bindi.
28. sakiᶇ saṅĕt paṅgadané nāŧèᶇ wayaḥ, walidi banuhasim, parisé duljalal, ṛĕmpu katiban gada, pĕcaḥ paṭakiᶇ turaṅgi, ṛĕbaḥ wus pĕjaḥ, jalal tiba kabantiᶇ.
29. taṅi narik pĕḍaṅapatya duljalal, turaṅgané tasaji, sukuné pinĕḍaᶇ, rampuᶇ sakawan pisan, atasaji tibèᶇ siti, taṅi sakṣana, tĕmpuḥ ḍarat kaᶇ jurit.
30. ramé pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ daṅu~iṅapraᶇ, pĕḍaᶇ tan miguṇani, duduk praᶇ sĕrampaᶇ, ramya cacab cinacab, calimprit tan miguṇani, sĕṇḍal sinĕṇḍal, daṅu tarik tinarik.
31. kadya guntur suraké muṅsuḥ lan rowaᶇ, kaṅapraṅantuk sisiḥ, wadya jaminambar, ‍ébat praṅé woṅarab, makṣiḥ raré~aṇḍapalit, muṅsuḥ woᶇ tuwa, duljalalagĕṅiṅgil.
32. yèn dinugaᶇ duljalal tibané kontal, saᶇ praƀu~atasaji, apan kajuṅkélaᶇ, ramé~aṅkatiṅaṅkat, aṅantĕpi kuwat sami, tanana~obaḥ, pada tumañcĕp siti.
33. wakĕt dĕkuᶇ kaliḥ sami padanira, saṛĕᶇ malumpat kaliḥ, gapyuk saṛĕᶇ tandaᶇ, aṅrok popor putĕran, duljalal kaku kaᶇ galiḥ, lamunañĕṇḍal, dènantĕp dèn tĕmĕni.
34. prakĕnĕṅan malaḥ tumètès kaṅĕraḥ, sakiᶇ pucuk dariji, datan nĕdya kaṅkat, miwaḥ patiḥ duljalal, yèn tinarik nora kĕni, sadina~apraᶇ, sayaḥ kaṅañuraki.
35. asru mojar jabrahil patiḥ duljalal, walidi banuhasim, iki paḍa sayaḥ, mèḥ surup kaᶇ baskara, sésuk tinutugna maniᶇ, saᶇ naṙppa wayaḥ, nabda hèḥ sakaṙṣèki.
36. laḥ ya payo tinutugkĕn béñjaṅéñjaᶇ, saṛĕṅunduré kaliḥ, lampahiᶇ naréndra, lajĕᶇ maṛĕkiṅéyaᶇ, pinĕṭuk kinĕmpit kĕmpit, ḍuḥ wayahiᶇwaᶇ, prawīra~iṅajurit.
37. tiru pamanané si jaswadiputra, si~iman kaṙṇnahèni, si~ismayatmaja, sumĕḍot karasèᶇ tyas, onĕṅiᶇ putra tan sipi, wus tinĕtĕgan, mundur kaliḥ kaᶇ jurit.
38. dalu samya ƀojana kaᶇ para nata, satriya pra đipati, glar muṅguhiᶇ ṅaṙṣa, sultan kamidilṅalam, kasukan sukan sawĕṅi, ‍éñjiᶇ tĕṅara, munya kĕṇḍaᶇ goᶇ bèri.
39. asahuran muṅsuḥ rowaᶇ samya mĕdal, sāmpun tĕpuᶇ kaᶇ baris, anèᶇ papan saban, sultan kamidilṅalam, tuwin rabusamawati, wus samya prāpta, nèᶇ gyané wiṅi wiṅi.
40. kyana patiḥ duljalal mijil ranaṅga, sāmpun muṅgwiᶇ turaṅgi, jaṅgiwĕr kinĕtab, jogrog prāptèᶇ paayudđan, susumbaraṅuwuḥ taṇḍiᶇ, hèḥ duruᶇ prāpta, walidi banuhasim.
41. ‍éman lamun praᶇ wiṅi tan tinutugna, liya~iṅkaᶇ mĕtoni, sasat kahoboṅan, layan tanana naṅga, iᶇ praṅanaḍahi kami, lagya muᶇ sira, kaᶇ wus gambuhiᶇ jurit.

32. amirañjilin kapupu~iᶇ praᶇ. 

32. gambuḥ
1. pan wontĕn kadaṅipun, lawan woṅaguᶇ tuṅgal sahibu, iṅkaᶇ rayi woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, naṅiᶇ ṛĕbutan puniku, musanèpatilar kahol.
2. wontĕn kitab kaᶇ muwus, rolatulababiṅkaṅamuwus, kadaṅipun ṅabdulahumi wakidin, tĕgĕsé tuṅgal sahibu, saṅa papatiṅkaᶇ wadon.
3. lilima~iṅkaᶇ kakuᶇ, radèn ṅabdulahamirañjilun, ṅabdul kakbaḥ jubèḥ lawanabu talib, walariṅkaᶇ limanipun, déné kadaṅira wadon.
4. dèwi bawéla~iku, lan dèwi~aṙppaḥ katiganipun, nĕṅgiḥ dèwi~imamaḥ sakawannèki, dèwi ṅatikaḥ puniku, ibu patimahiᶇ kahol. 
5. woṅaguᶇ jayèᶇpupuḥ, lima~iṅkaṅatuṅgil sahibu, kaṅasĕpuḥ woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, sakiᶇ lilima puniku, ariné jayèᶇ palugon.
6. sayidadak puniku, kaᶇ rayi ran sayidina mukub, sakawané sayidina nurutamsi, pawèstri kalimanipun, dèwi supiyaḥ kinahot.
7. déné ta~ibunipun, ran dyahalimaḥ nak sanakipun, kaᶇ susunu kadaṅé bagéṇḍa hasim, ménakabas muᶇ tĕtĕlu, kaᶇ tuṅgilibuné kono.
8. dèwi rulbulahiku, ariné~abas sayidi mansur, lan sayidi ṅubédaḥ katiganèki, kaᶇ siji tanpa sadulur, putrané kaᶇ kakuᶇ roro.
9. sidik karismaniku, lanari bulahab tanpa dulur, sami~ijèn puniku putra kakaliḥ, kaliḥ wĕlas kadaᶇ kakuᶇ, nĕnĕm kadaṅé kaᶇ wadon.
10. kadi~umaṙmmayèku, satĕṅaḥ kahol misananipun, kaᶇ wus kapraḥ nak sanak wayahé sami, bagéṇḍa hasim puniku, prandéné satĕṅaḥ kahol.
11. bani~umya puniku, kadaᶇ bagéṇḍa hasim kaᶇ sĕpuḥ, putrané sèḥ ṅabdul manap sĕpuhèstri, bani~umiya puniku, kaᶇ puputra maṙmmayèko.
12. wahu~iṅkaᶇ winuwus, iᶇ kitab rulahamiriñjalun, kaᶇ basa rab basa jawi mirañjilin, kaṅamitaṙṣa~umagut, mriᶇ raka jayèᶇ palugon.
13. iṅaṇḍĕg kĕdaḥ magut, hèḥ ta yayi~aja praᶇ laniku, kyana patiḥ duljalal prajurit luwiḥ, lawanagĕᶇ turaluhur, pan sira lit saṙŧa~anom.
14. yèku~aṙṣa sunadu, lawan yayi gulaṅgé~apatut, paḍa gĕṅé miwaḥ ta luhuré sami, wiṅi yudđané putumu, pantĕs rinowaᶇ guguyon.
15. wĕlasé makṣiḥ timur, dèn tĕmĕnana sayĕkti~ajur, putunira si~atasaji wus mati, kaᶇ rayi mĕkṣa~anuwun, kĕdaḥ naṅgulaᶇ palugon.
16. dadya linilan magut, sultan kamidilṅalam tyasipun, mĕlaᶇ mĕlaᶇ maṅkĕl paṅandikanèki, iya sun sraḥkĕn hyaṅaguᶇ, yayi dèn prayitnèᶇ kéwoḥ.
17. dyan mirañjilin sāmpun, nĕmbahiᶇ raka lajĕṅumagut, muṅgèᶇ kuda kawot sakapraƀon jurit, anèᶇ paayudđan wus paṅguḥ, patiḥ duljalal tatakon.
18. prajurit sapa ranmu, apa satriya tanapi ratu, bagusira myaᶇ cahya noṙkĕn sitèṅsi, ratu~iᶇ ṅĕndi prajamu, turabagus makṣihanom.
19. yèṅsunamiriñjalun, ariné saᶇ surayèṅapupuḥ, iya~iṅkaᶇ kinayahamirañjilin, sun sĕdya mapag sirèku, dĕstunaṅrokapraᶇ popor.
20. apa ta nèᶇ sirèku, payo lanat hèḥ ḷĕkasna mriᶇ sun, kyana patiḥ duljalalasru dènya ṅliᶇ, hèḥ mirañjilin kadaᶇmu, lami praᶇ tanana miyos.
21. apa~ajriḥ mariṅsun, dadak putuné kinènumagut, asru mojar sayidinamirañjilin, ratumu déné tan mĕtu, yèku taṇḍiṅé palugon.
22. yèn sira bahé mĕtu, sĕḍĕᶇ laniṅsuniᶇ sagĕṇḍiᶇmu, aṙṣa magutiṅsuniṅkaṅaṅalaṅi, yèn dudu ratunirèku, misihakèḥ para katoᶇ.
23. tur ratu~aguṅaguᶇ, kaᶇ muṅgwiᶇ soriṅamparanipun, para ratu gagalan prawīra luwiḥ, iᶇ praᶇ paṛĕᶇ ṛĕmak ṛĕmpu, duljalalaṅucap sĕṅol.
24. yèn lumaku sirèku, sun ḍiṅini kuḍuṅa parismu, bandabaya taḍahana gada mami, radèn mirañjilin kuḍuᶇ, iᶇ parisataḍaḥ taṅgon.
25. duljalal gada sāmpun, gadanira wawrat kalihèwu, kadya gĕlap gada tiba~iᶇ tataṅkis, waja pawaka~umurub, kaᶇ ƀumi kadya maṇḍĕloᶇ.
26. turaṅganira lampus, dyan mirañjilin tibané luṅguḥ, śīǥra ṅadĕg saṙwwi pĕḍaṅé tinarik, duljalal turaṅganipun, sukuné pinĕḍaᶇ pĕḍot.
27. sakawan pisan rampuᶇ, patiḥ duljalal tiba gumabrug, taṅi lajĕṅañikĕpamirañjilin, kroḍané mĕmpĕṅamumpuᶇ, kadya wĕwaḥgĕᶇ pituᶇ woᶇ.
28. radèn sāmpun kajuñjuᶇ, śīǥra tiniṅgil ḍatĕṅiᶇ luhur, gya binantiᶇ radèniñjalun ṅĕmasi, woᶇ jaminambar gumuruḥ, woṅarabaṅuṅun tumon.
29. woṅaguᶇ dukandulu, yèn kaᶇ rayi mirañjilin lampus, śīǥra nitiḥ turaṅga nandĕr wus prāpti, iᶇ papraṅan kagyat dulu, duljalal sira tatakon.
30. sapa ranmu~umagut, déné pidĕgsa datan guᶇ luhur, apa sira tan mulatiki kaᶇ mati, kaᶇ sun bantiᶇ ṛĕmak ṛĕmpu, paniki kadaṅé~anom.
31. amirañjilin lampus, sultan kamidilṅalam kaᶇ sĕpuḥ, dadak woᶇ kaᶇ kaya sira mĕtu jurit, aṅur nuṅkula mariṅsun, sun turakĕn gustiniṅoᶇ.
32. sira kinaṙyya tuṅgu, maraᶇ kaguṅané swaṙgga~aguᶇ, déné ruruḥ sĕmuné salamĕt budđi, myaᶇ cahyanira sumunu, yayaḥ sasaṅka~umiyos.
33. lan wus satĕṅaḥ tuwuḥ, panora pantĕsanèᶇ doñèku, wiṅitira wĕnĕsé ṅĕbĕki ƀumi, woṅaguᶇ nahuri wuwus, hèḥ duljalalaja tamboḥ.
34. iyèki wruhanamu, sultan kamidilṅalam ya~iṅsun, kaᶇ ṅaḍatoniya~iᶇ kupaṙmman nagri, wadya guṅiṅkaṅanĕbut, ginusti~iᶇ para katoᶇ.
35. kagyat duljalal ṅruṅu, lajĕᶇ makañjar saṙyya sru muwus, ḍuḥ prasasat lalab lalaban sirèki, tan gawĕr nèᶇ bahĕmiṅsun, ko sun mamahĕñahĕñoḥ. 
36. iya sajĕᶇ lalawuḥ, sultan kamidilṅalam paḍamu, jĕnèwĕr mās kaᶇ muṅgwiᶇ gĕlas rinukmi, pinatik sosotya mañcur, iku rasané tyasiṅoᶇ.
37. woṅaguᶇ liṅira rum, lahiya luwiḥ luwiḥ kaṛĕpmu, naṅiᶇ kéné laḥ payo nuli~ajurit, apa kaṅanèᶇ sirèku, nuli tamakna mariᶇ ṅoᶇ.
38. lawan ṅambila~iku, turaṅga maliḥ payo dèn gupuḥ, aja ḍaratiṅsuniki nèᶇ turaṅgi, patiḥ duljalalaṅguguk, ṅawé bala ṅiduᶇ sinom.

33. patiḥ duljalal pĕjaḥ déniᶇ woṅaguᶇ. 

33. sinom 
1. wus prāpta turaṅganira, duljalal śīǥra~anitiḥ, ṅiwa paris nĕṅĕn gada, sĕṅgak sĕṅgak saṅapatiḥ, tar wun sira ṅĕmasi, ajur déniᶇ gadaniṅsun, saṙwwi ṅitĕr turaṅga, turaṅga wĕton siwaṙjjis, sami gimbalasiyuᶇ sami ṛĕkṣasa.
2. hèḥ sultan kamidilṅalam, aja praᶇ kalawan mami, aṅur sira~anuṅkula, ṅĕsraḥna para naṙppati, iᶇ kono sira~urip, awèt dènira~andulu, iᶇ samsi nujum kamar, lamun sira kudu jurit, pan dilalaḥ kukum woᶇ kudu palastra.
3. ṅliᶇ sultan kamidilṅalam, sun tĕmaḥ yèn kudu mati, ajal tan kéṅiᶇ sumiṅgaḥ, payo godowa dènaglis, śīǥra~amutĕr bindi, iṅantĕb gada tumĕmpuḥ, lir gĕlapabaruṅan, tanosik tiba~iᶇ taṅkis, ramé surak woṅarab woᶇ jaminambar.
4. kadya guntur magĕnturan, gĕgĕtĕri kaᶇ miyaṙṣi, gada tibèᶇ paris waja, mubalagni mriᶇ wiyati, duljalal jabarahil, asru dènira~amuwus, tuhu prawirèᶇ jagad, naḍahi paṅgada mami, nora~obaḥ kaṅasta pajĕg tanowaḥ.
5. ya sultan kamidilṅalam, sun piṇḍo~ajur sirèki, aṅaṅkat gada bisyara, tumĕmpuḥ tumibèᶇ taṅkis, jĕjĕg makṣiḥ tanosik, awĕtu dahana murub, anulya piniᶇ tiga, woṅaguᶇ makṣiḥ tanosik, awurahan suraké muṅsuḥ lan rowaᶇ.
6. hèḥ sultan kamidilṅalam, tuhu~adiniᶇ prajurit, pantĕs pinuji~iᶇ jagad, tibané gadèᶇwaṅiki, sunantĕb tibèᶇ taṅkis, lakon sadina karuṅu, prandéné nora~obaḥ, gyanira naḍahi taṅkis, duruᶇ tumon kuwaté kaᶇ kaya sira.
7. wruhiᶇ cipta runtikira, ađipati guritwĕsi, wus nusul prāptèᶇ papraṅan, muṅgwiᶇ wuriniᶇ turaṅgi, duljalal taña~aris, woṅapa~iku~anusul, sultan kamidilṅalam, noliḥ ya ta~anahuri, pan prajuritiyèku suwaṅsaniᶇwaᶇ.
8. patya duljalal sru mojar, yèn sira maḷĕsiᶇ kami, nya sĕlaṅĕn gadaniᶇwaᶇ, déné gadanira cilik, maṅsa karasèᶇ mami, ginadakĕna piᶇ satus, sultan kamidilṅalam, alon dènira nahuri, nora susahiya gadèṅsun kéwala.
9. ataṅkisa bandabaya, hèḥ dèn yitna~iṅsun gitik, woṅaguᶇ dyan mutĕr gada, gada gĕᶇ husamadimin, patiḥ duljalal taṅkis, kuwatiᶇ pamupuhipun, wadya surak gumĕraḥ, punaᶇ paris mĕdalagni, katar katar kumatar mumbul ṅawiyat.
10. tumiba~iᶇ wanawasa, anunu wana~anapis, kaṙyya barusahiᶇ satwa, kabrasatakèḥ ṅĕmasi, apan kudané patiḥ, duljalal gĕgĕré putuᶇ, kapadaliᶇ panuṅgaᶇ, kuwaté~iṅkaṅambindi, sira patiḥ duljalal tiba kaplĕsat.
11. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, nimbaṅi tĕḍakiᶇ siti, ađipati tasikwaja, ika~añaṇḍak turaṅgi, ḍarat dènira jurit, aramya pupuḥ pinupuḥ, adaṅu~apraᶇ gada, apan datan miguṇani, apraᶇ pĕḍaṅaramé pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ.
12. gumĕtĕr patiḥ duljalal, karépotaniṅajurit, sinamuriṅumaṙmmaya, binéda sĕmbranan jurit, daṅu dènya nimbaṅi, luluconanamur kayun, yayaḥ pan dadya boṇḍan, śīṙṇna kariṅĕté patiḥ, aṅandika jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
13. paraniki kaṙṣanira, kabèḥ kapraƀoniᶇ jurit, tanana kaᶇ dadi kaṙyya, iya muᶇ pratiṅkaḥ siji, kaᶇ duruᶇ dèn lakoni, agĕlar juñjuᶇ jinuñjuᶇ, patiḥ duljalal mojar, wuwusira mĕmĕkasi, déné sira dĕdĕg paṅadĕg panashar.
14. iṅsun jahas wahid mĕlan, tĕgĕsé jahas paniṅgil, wahid mĕlanaƀirawa, panashar woṅaṇḍapalit, wĕkasaniṅajurit, aṅajak juñjuᶇ jinuñjuᶇ, maṙmmané winastanan, duljalal mĕkasi~iᶇ liᶇ, aṅliᶇ nĕmaḥ woṅaguᶇ kamidilṅalam.
15. pan wus jamakiṅayudđa, siṅa tiwasaṅĕmasi, maṅsa nĕdyowa sumiṅgaḥ, patiḥ duljalal sru~aṅliᶇ, lahiya sun turuti, woṅaguᶇ ṅandika~arum, saṙwwi ṅadĕg ṅaṙṣanya, hèhiṅsun juñjuṅĕn ḍiṅin, sru gumuyu~alataḥ sira duljalal.
16. maṅsa tan gawĕra sira, yèniṅsun bĕḍola wukir, sayĕkti dahut déniᶇ waᶇ, babo kudu tĕmĕn mati, ñaṇḍak waṅkiṅanaglis, śīǥra paṅaṅkatirèku, winatara tanobaḥ, kuwaté dipun ṅèṅèhi, winĕtokkĕn sadaya mĕkṣa tanobaḥ.
17. iṅantĕb pañjuñjuṅira, wanti wanti tan katarik, amĕkṣa paṅaṅkatira, koṅsi tumètès kaᶇ gĕtiḥ, sakiᶇ pucuk dariji, sukuné~amblĕs sadĕkuᶇ, kyana patiḥ duljalal, lirambĕḍolaṙgga wĕsi, laḥ maḷĕsa~iṅsun tan kuwawa ṅaṅkat.
18. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, paṅandikanira~aris, hèhiya sayĕkti gantya, saṙyya~anolihiᶇ wuri, đipati guritwĕsi, anampèni sĕmunipun, topoᶇ muluk binuwaᶇ, woṅarab nampèni waṅsit, samya tutup taliṅan pusuḥ lan malam.
19. sakṣana dènira ñaṇḍak, ikĕt piṅgaṅé kya patiḥ, iṅoyog saṙyya~apĕtak, kajuñjuᶇ duljalal patiḥ, gumluḍugiᶇ wiyati, gora bajra guntur kĕtug, saᶇ praƀu sahésalam, sadaṅuné~aniṅali, iṅayudđa sakiṅiᶇ laṅit kapiᶇ pat.
20. kagyat tiba sakiᶇ ḍampar, kapiḷĕᶇ taṅi taña glis, hèḥ ƀaktiyariki sapa, kaṅapraᶇ lawan si patiḥ, ṅérami~iṅajurit, si patiḥ tĕka kajuñjuᶇ, tiniṅgil kadya mĕraᶇ, ƀaktiyar matur wotsari, giḥ punika jĕᶇ sultan kamidilṅalam. 
21. kaᶇ ṅaḍatoniᶇ kupaṙmman, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, sahésalam maliḥ taña, kaᶇ kaya gĕlap puniki, gumluḍugiᶇ wiyati, lir prabata śasra guntur, mĕtu saka~iṅapa, iṅsun kapiḷĕᶇ tan sipi, barisiᶇ woᶇ jaminambarakèḥ ṛĕbaḥ.
22. umatur patiḥ ƀaktiyar, giḥ pĕtaké jayèᶇmuṙtti, mijil siᶇ tutuk kĕwala, gèḍèg gèḍèg śrī ƀupati, ya~ika si~apatiḥ, dènikalikal maṇḍuwur, yéka kaya likasan, baya ta bañjur binantiᶇ, wus binantiᶇ duljalal rata lan kisma.
23. suraké kaᶇ baris ṅarab, yayaḥ manĕṅkĕr wiyati, barisé woᶇ jaminambar, satriya myaᶇ pra đipati, kèḥ ṛĕbaḥ kajĕmpalik, duruᶇ miyaṙṣa kadyèku, gajaḥ miwaḥ turaṅga, patiᶇ baḷĕbĕraṅgĕndriᶇ, kaᶇ wadya lit kaṅapĕs lajĕᶇ palastra.
24. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, ṅawé maraᶇ saᶇ đipati, tasikwaja pilihana, iku kaᶇ ṅaku prajurit, kinaṙyya jabarahil, sahésalam tiṅkahipun, bahĕmuntuné samya, woṅiku gĕḍéné sami, lawan yayi praƀu gulaṅgé~iᶇ rokam.
25. untuné wus pinilihan, kinukupiṅkaᶇ kapaṅgiḥ, pataᶇ puluḥ wolu samya, kabèḥ kinaṭok hèr gĕni, intĕné~untu siji, samya gĕᶇ paṅaji sèwu, bĕgja kya~umaṙmmaya, patiḥ duljalal jabrahil, apan tukaᶇ ḍaḍawuhakĕn paréntaḥ.
26. pinrihéramaṛĕsĕpa, sadaya kaᶇ dèn ḍawahi, yènaṅucap gĕbyar gĕbyar, gumilataṅilat ṭaṭit, tan mawi~obor maliḥ, yèn lumampaḥ dalu dalu, amuᶇ maṅap kéwala, paḍaᶇ kadya dènobori, sāmpun bubar kalihé sakiᶇ paayudđan.
27. woṅaguᶇ kamidilṅalam, ƀojana myaᶇ pra naṙppati, catur sahasa ṅayudđa, kaᶇ mrawasèᶇ muṅsuḥ śĕkti, kunĕᶇ gantya winaṙṇni, wahu ta saᶇ rāja rabus @, samawati walaṙlla, iᶇ dalu yéka nimbali, sakaṭahé para malékat mukarab.
28. mahapraƀu jaminambar, ṅandika~èsmu prihatin, maraṅapatiḥ sapaṙddan, pira ratu kaᶇ wus prāpti, kĕrigan mañcanagri, patiḥ sapaṙddan wotsantun, gusti~iᶇ tigaᶇ dina, kalihèwu~iṅkaᶇ prāpti, sakaṭahé para naṙppati ṅamañca.
29. sawadya tanpa wilaṅan, paniᶇ dintĕn wahu prāpti, gusti saᶇ rāja hiyansaḥ, sakiᶇ tanaḥ jaminulik, titihané ṅajurit, ƀinĕkta garuḍanipun, béñjiṅéñjiᶇ yèn kaṙṣa, tuwan wĕdalna ṅajurit, dimèn ṅrampasiᶇ pĕḍaᶇ sakiṅawiyat.
30. woᶇ wétan maṅsa wontĕna, kaṅapraᶇ sakiᶇ wiyati, iṅgiḥ pun praƀu hiyansaḥ, maṅka maṅgalaniᶇ jurit, tan wandé tumpĕs tapis, woᶇ wétan prajuritipun, déniᶇ mrāja hiyansaḥ, kaṅapraᶇ sakiᶇ wiyati, maṇṭuk maṇṭuk suka praƀu jaminambar.
31. matur maliḥ śrī sapaṙddan, amba béñjiᶇ kaᶇ jĕnĕṅi, kula tumpĕsé woᶇ wétan, yènamba sāmpunakaṇṭi, lan pun hiyansaḥ gusti, ratu sawuṙdda pan gĕmpur, sakiṙṇna yĕkti śīṙṇna, sintĕn praᶇ sakiᶇ wiyati, sintĕn ṅlawan praṅipun rāja hiyansaḥ.
32. sultané kamidilṅalam, kawula~iṅkaᶇ naṇḍiṅi, amba bantiṅé~iᶇ béñjaᶇ, yèn botĕn dipun ḍiṅini, gampil yèn botĕn koṅsi, uṅĕlé pĕpĕtakipun, binantiᶇ nuntĕn pĕjaḥ, yèn koṅsi pĕtaké muni, para ratu sintĕniṅkaᶇ ṅunduṛĕna.

34. woṅaguᶇ dipun krubutiᶇ para rāja. 

34. duṙmma 
1. ‍éñjaᶇ munya kĕṇḍaᶇ goᶇ tĕṅaraniᶇ praᶇ, bèri guṙṇnaᶇ ṭoᶇṭoṅgrit, goᶇ maguru gaṅsa, tĕtĕg ḷĕkṣan sahuran, barisé wus samya mijil, muṅsuḥ lan rowaᶇ, tĕpuᶇ kaᶇ punaᶇ baris.
2. kadya guntur gumuntur ṅrok magĕnturan, woṅaguᶇ sāmpun mijil, prāptèᶇ pabaratan, sawadya para nata, makṣiḥ tontonĕniṅari, duk wiṅi séda, radènamirañjilin.
3. aṙyya maktal kaᶇ samya muṅgwiᶇ ṅajĕṅan, đipati guritwĕsi, alonaturira, iṅgiḥ paraniᶇ kaṙṣa, kaṭahé mĕṅsaḥ puniki, kaᶇ para rāja, ‍éwon wiṅi kaᶇ prāpti.
4. panakĕṭènaḷĕkṣan kaᶇ para rāja, yutan wĕndran prajurit, laṅkuṅandṛêbala, ratu~iᶇ jaminambar, sugihé bala prajurit, andina dina, para ratu kaᶇ prāpti.
5. lamun tuwan ṅaṙṣakna~apraᶇ taṇḍiṅan, botĕn sāmpun sawaṙṣi, déné titimbaṅan, guṅipun wadya tuwan, prajurit kaᶇ pra đipati, lan para rāja, lamun praṅa tinaṇḍiᶇ.
6. sadintĕné mĕdalna ratu sadaśa, kaliḥ daśa~upami, paran yèn sāmpuna, iṅgiḥ sadaśa waṙṣa, pāduka~aṅraṅkĕp kaṙddi, putranta mapan, paṅéran kahélani.
7. dèrèᶇ nikaḥ kaᶇ wontĕniᶇ jamintoran, laniṅgihiṅkaᶇ wajib, iᶇ nagari mĕkaḥ, sāmpun lami lahiṙnya, nabi kalipatullahi, putra pāduka, iṅgiḥ nayakèᶇ ƀumi.
8. wontĕn kaholiᶇ kitab rolatulaṙbbab, tahun wiṅkiᶇ puniki, yèn winical pĕca, sédané rama tuwan, lan pĕjahé katimtayi, nuṅgil sawaṙṣa, miwaḥ nusiṙwwan ṅadil.
9. mila maṅké mèḥ baṅasé rasulullaḥ, rikatĕn praᶇ puniki, woṅaguᶇ miyaṙṣa, nĕṅgihiṅaturira, ađipati guritwĕsi, ṛĕntĕᶇ kagagas, maṅunĕṅaṅĕnèni.
10. aṅandika jĕᶇ sultan kamidilṅalam, mriᶇ saguṅiᶇ para ji, hèḥ kadaᶇ kadaᶇ waᶇ, kabèḥ paḍa lèrèna, aja na maṅsahiᶇ jurit, yèn tataṇḍiṅan, sun ḍéwé kaᶇ ṅawaki.
11. amrihéṅgal lan maniᶇ si sahésalam, dimèné~amĕtoni, lamuniṅsuniṅkaᶇ, mĕtu sadina dina, yĕkti liṅsĕmiᶇ naṙppati, yèn wus mijil praᶇ, iku rikatiᶇ jurit.
12. śīǥra maṅsaḥ woṅaguᶇ kamidilṅalam, sāmpun nitiḥ turaṅgi, punaskaṙdduwijan, kawot kapraƀoniᶇ praᶇ, nĕṅahiᶇ rana sisirig, surak gumĕraḥ, muṅsuḥ rowaᶇ maṛĕṅi.
13. katupikṣa dènira patiḥ sapaṙddan, yèniṅkaᶇ miyos jurit, wus ñata tétéla, sultan kamidilṅalam, hiyansaḥ wus sinuṅan wrin, lan kinèn mapag, iᶇ yudđa jayèᶇmuṙtti.
14. śīǥra mĕsat ṅawiyat praƀu hiyansaḥ, nitiḥ garuḍa pĕkṣi, aṅayuḥ ṅawiyat, surak woᶇ jaminambar, loké~iki mĕṅko mati, maṅsa naṅgowa, sinambĕr sakiᶇ ṅiṅgil.
15. niyup ṅaṇḍap garuḍanira hiyansaḥ, pĕḍaṅira tinarik, gumĕbyar lir kilat, dyan miyat saᶇ wirèᶇ praᶇ, muṅsuhé sakiᶇ wiyati, dyan ṅaraharaḥ, mĕṇṭaᶇ laṅkapira glis.
16. pinaṛĕṅan paniyupé rāja hyansaḥ, kapĕṭukiᶇ jĕmpariᶇ, panaḥ kaᶇ kinaṙyya, numpĕs ditya jabalkap, kĕna jajané kaᶇ pĕkṣi, saṛĕᶇ lumarap, tiba kabruk kaᶇ pĕkṣi.
17. aṅĕmasi kaplĕsat rāja hiyansaḥ, nèᶇ tala kajĕmpalik, taṅi kakaḍalan, ṅuṅun woᶇ jaminambar, kagéndra glis tĕmĕn mati, kĕna~iṅapa, déné tanaṅuḍili.
18. tanana wruḥ yèn jinĕmpariᶇ siᶇ ṅaṇḍap, kasilibiᶇ jĕmpariᶇ, alon samya mojar, prajurit jaminambar, baya kuwalat kaᶇ pĕkṣi, ṅuṅkuli~iṅkaᶇ, dyan tiba nuli mati.
19. ñata lamunabot ratuné woᶇ wétan, tan kĕna dènuṅkuli, garuḍané pĕjaḥ, hiyansaḥ buraṅkaṅan, woṅaguᶇ tĕḍak tumuli, sakiᶇ turaṅga, praᶇ ḍaratanaḍahi.
20. ramé gada ginada sami prakosa, daṅu bindi binindi, surak lirampuhan, awor swaraniᶇ gada, lir baḷĕḍègañambĕri, daṅu praᶇ gada, tanana miguṇani.
21. sèlèḥ gada~aramé pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ, pĕḍaᶇ tan miguṇani, saṛĕᶇ buwaᶇ pĕḍaᶇ, lajĕᶇ caṇḍak cinaṇḍak, rāja hiyansaḥ sĕmu dir, gugupañaṇḍak, waṅkiṅan jayèᶇmuṙtti.
22. agahagahañĕṇḍal praƀu hiyansaḥ, wanti wanti tanosik, iṅantĕbañĕṇḍal, sultan kamidilṅalam, kaᶇ pada rapĕtiᶇ ƀumi, tan koṅkiḥ kaṅkat, pĕkṣa~aṅuṅkihuṅkiḥ.
23. aṅĕntèkkĕn kuwatira saᶇ hiyansaḥ, nétrané mĕtu gĕtiḥ, suku~amblĕs tala, sadĕkuᶇ kaᶇ jarinya, pucuké maṛĕntul gĕtiḥ, amĕgap mĕgap, hiyansaḥ kĕmpis kĕmpis.
24. iṅuculkĕn hiyansaḥ saṙyya sru mojar, aṅur bĕḍola wukir, kabĕḍol déniᶇ waᶇ, sultan kamidilṅalam, gantya dènya ñaṇḍakaglis, piṅgaᶇ hiyansaḥ, tinarik wus katarik.
25. wus tiniṅgiliṅikal kadi likasan, saṛĕᶇ pĕtak binantiᶇ, luluhawor kisma, baluṅé tiᶇ paḷĕsat, wontĕn kadaṅé glis prāpti, rāja~umṛêba, lajĕᶇ dènya gadani.
26. wanti wanti~aṅgada rāja~umṛêba, cinaṇḍak wus binantiᶇ, sumyuriᶇ ƀantala, hiyansaḥ lanumṛêba, saṛĕᶇ dènya~aṅĕmasi, ratu sakawan, umaṅsaḥ paṛĕᶇ prāpti.
27. cinaṇḍakan kapat pisan wus kabucal, tibèᶇ baris kohkarib, wus samya binanda, sultan kamidilṅalam, wuru riwut krura runtik, akèḥ kaᶇ prāpta, pra nata dèn caṇḍaki.
28. praᶇ sadina woṅaguᶇ kamidilṅalam, aṅsal banda para ji, kèhé sèkĕt lima, mundur bala kaliḥnya, déniᶇ wus diwasèᶇ ratri, woᶇ jaminambar, suṅkawa soriᶇ jurit.
29. bala ṅarabiᶇ dalu samya ƀojana, ya ta~iṅkaᶇ winaṙṇni, praƀu jaminambar, duka ṛĕntĕᶇ kalintaᶇ, dé piraᶇ piraᶇ naṙppati, myaᶇ sinatriya, siṅa maṅsaḥ kajoḍi.
30. salaminya~apraᶇ sāmpun kawan candra, amuᶇ sapisanoḍil, piᶇ sèkĕt kasoran, akèḥ kaᶇ para nata, ana mati~ana~urip, samya kabanda, atusaniṅkaᶇ mati.
31. para ratu~andina dina kaᶇ prāpta, sakiᶇ mañcanagari, lajĕᶇ praᶇ kabanda, tanana dadi kaṙyya, pataṅèwu prāpta maliḥ, kaᶇ para rāja, iṅkaᶇ sakiᶇ pasisir.
32. aṅandika mahapraƀu sahésalam, balèṅsunakèḥ prāpti, si kamidilṅalam, woṅé wus tèk tanana, muṅiya kaṅana~iki, prandéné praᶇnya, woᶇ kéné kaᶇ kajoḍi.
33. tanpa guṇa kabèḥ bala jaminambar, lagi sapisaniki, ana muṅsuḥ prāpta, daruṅé nora daya, apa sun nuli ṅawaki, dĕstun kaliwat, tanpa gawé para ji.
34. kadya siṅa mamaṅsa mriḥ kahoñcatan, dukani pra naṙppati, kya patiḥ sapaṙddan, umatur saha nĕmbaḥ, ḍuḥ gusti sukmaniᶇ ƀumi, sāmpun suṅkawa, amba béñjiᶇ miyosi.
35. iṅgiḥ maṅsa wandéya pun kakuṅiṅrat, kula kaᶇ ñĕpĕᶇ béñjiᶇ, iṅkaᶇ nĕmbahĕna, iṅgihiᶇ padukéndra, sāmpun tuwan wañcak galiḥ, apan kawula, béñjiṅiṅkaᶇ muṅkasi.
36. duk miyaṙṣa mahapraƀu sahésalam, aturé kyana patiḥ, sapaṙddan maṅkana, suka ḷĕjar tyas nata, iya maṅkono~apatiḥ, wiyahènuga, yènora ko tĕmĕni.
37. sapa maniᶇ sapaṙddan yèn dudu sira, muṅkasi gawé~iki, ratu~éwon ḷĕkṣan, wus katog tanpa guṇa, ‍éman prāja dèn ratoni, apĕsiṅapraᶇ, siji tanaṅuḍili.
38. siṅa magut kapikut ṅriṅkut kabanda, si rāja ṅarabiki, lamun pinaluta, iya kaᶇ paḍa guṇa, pira kadaré pan cilik, yèn tĕmĕnana, suwé~amĕcaḥ ranti.
39. tan kawuwusiᶇ dalu~éñjiᶇ tĕṅara, gubar guṙṇnaᶇ ṭoᶇṭoṅgrit, kĕṇḍaᶇ goᶇ wurahan, umyaᶇ maguru gaṅsa, kaᶇ baris wĕndranumijil, aṛĕbut papan, lir wutahiᶇ jaladri.
40. baris ṅarab wus mijil gumuluᶇ kadya, suṅapan wahudadi, tata barisira, sultan kamidilṅalam, ginaṛĕbĕgiᶇ para ji, wusanèᶇ papan, muṅgwiṅamparan maṇik.
41. lajĕᶇ nitiḥ punaskaṙdduwijan maṅsaḥ, kawrat kapraƀon jurit, prāptèᶇ ranaṅgana, sultan kamidilṅalam, midĕriᶇ papan sisirig, asumbar sumbar, sapa~aṙṣa ṅĕmasi.
42. hèḥ ya sapa tan wruha woᶇ jaminambar, yèṅsun surayèᶇ ƀumi, turasiᶇ dipatya, ṅabdul muntalip mĕkaḥ, kaᶇ puputra nama hasim, hasim kaᶇ putra, sèḥ ṅabdul manap yĕkti.
43. ṅabdul manap kaᶇ putra bagéṇḍa kasaḥ, kasahiṅkaᶇ sisiwi, mahapraƀu kalab, naṙppati wirotama, traḥ kurès prawirèᶇ jurit, hèḥ sahésalam, mĕtuwa kéné jurit.
44. aja ṅamuṅakĕn ṅadu para nata, tanpa wĕkasiᶇ jurit, payo sahésalam, hèḥ paḍa~apraᶇ muka, arok bandawala pati, atĕpuᶇ jaṅga, siṅa tiwas ṅĕmasi.
45. akantaran ƀoja rumamraᶇ prawīra, dèn paḍa ṅuṅsi pati, patĕkaniᶇ rāja, maṅgaḥ maṅgalèᶇ praja, dikiᶇ rèḥ tan mahaṙjjani, iṅkaᶇ sumbaga, maṅukiḥ maṅakahi.
46. sira laṅkuᶇ kumluṅkuᶇ nèᶇ mađyapada, duriᶇ rat tanawĕrit, aṅaku hyaᶇ sukṣma, sumuk sumĕṅkèṅaṅga, ṅuni tanana kaᶇ wani, iᶇ mĕṅko~ana, sahananiṅsuniki.
47. anèᶇ tanaḥ jaminambar prajanira, sira kaᶇ ṅumbar kapti, kaya nora kĕna, dĕstun muliha~aran, yèn sira nora marèni, ṅaku hyaᶇ sukṣma, yèn makṣiḥ pĕḍaᶇ mami.
48. tur kaᶇ makṣiḥ laṇḍĕp si~usamadiman, lawan jĕmpariᶇ mami, yèku kaṅañĕgaḥ, muruᶇ sakaṙṣanira, ṛĕp siṛĕp saguᶇ para ji, woᶇ jaminambar, ya ta dukamiyaṙṣi.
49. kyana patiḥ sapaṙddan krura~aṅkara, jwalita lir mĕtwagni, baranaᶇ kaᶇ jaja, jujuliᶇ gṛêbaniᶇ tyas, dikotdi tyasnya mawĕṅis, nitiḥ turaṅga, kawot kapraƀon jurit.
50. kroḍa nandĕr tyas mawa mawiṅa wiṅa, yayaḥ kadya matèni, ṅrusakariyuta, milaᶇ tulaṅiᶇ lawan, mapaniᶇ rèḥ tumpĕs tapis, prāptèᶇ paayudđan, gambuḥ sāmpuné paṅgiḥ. 

35. rāja sapaṙddan dipun banda. 

35. gambuḥ
1. asru dènira muwus, patiḥ sapaṙddanapa~ujaṙmmu, hèḥ woṅaguᶇ kamidilṅalam sirèki, iya duruṅolèḥ muṅsuḥ, salawasira luṅandon.
2. iki~ana taṇḍiᶇmu, iya kaᶇ naṇḍo gonira wuḍu, si sapaṙddaniṅkaᶇ mukarab mikahil, kaṅanaṇḍaᶇ sagĕṇḍiᶇmu, iᶇ praᶇ dèn paḍa kalakon.
3. dèn saguḥ dènataṅguḥ, saṅganĕniki paṅgadaniṅsun, amasaṅa taṅkis wisésa dènaglis, nora wuruᶇ dadi bubuk, katibaniᶇ gadaniṅoᶇ.
4. iki bobot roṅèwu, lan samas wĕsi wasésa~aguᶇ, iᶇ paṇḍita paṇḍéga makuwèᶇ wukir, woṅaguṅalonamuwus, payo tamakna mariᶇ ṅoᶇ.
5. sun tĕtĕgi mriḥ tutug, sira sapaṙddan dèn paḍa taṅguḥ, nora cuwa cacawaṅanamriḥ joḍi, ṅakakamutĕr gada guᶇ, śīǥra dènira tumĕmpoḥ.
6. piniṇḍo~iᶇ pamupuḥ, mĕkṣa tanosik ṅantĕp piᶇ tĕlu, asru mojar patiḥ sapaṙddan mikahil, tuhu prajurit pinuñjul, wĕntala~iᶇ paṅgadèṅoᶇ.
7. rèḥ prakosa dibya nuᶇ, sĕḍĕᶇ sinĕmbahiᶇ para ratu, amaḷĕsa woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, nya sĕlaṅĕn gadaniṅsun, gadamu cilik samono.
8. woṅaguṅalon muwus, paniya wisaṅgonaṅgoniṅsun, wus takĕré maṅsa kĕna dèn wuwuhi, saholèhé gadaniṅsun, lawan boboté kaᶇ ṅaṅgo.
9. dèn yitna~iṅsun pupuḥ, patiḥ sapaṙddan gumuywaṅguguk, maṅsa kumlĕnĕsa tibèᶇ paris mami, noraṙṣa ṅaṅgo gadèṅsun, sun watara nora gĕpok.
10. amasaᶇ taṅkisipun, sultan kamidilṅalamamupuḥ, kadya gĕlap sakĕṭi tibaniᶇ taṅkis, aṅantĕp pamupuhipun, surakiᶇ wadya gumuroḥ.
11. paris mĕtwagni murub, kuwat sapaṙddan panaṅkisipun, pamadaliᶇ kakapa kaᶇ dèn kuwati, gigiré turaṅga putuᶇ, patiḥ kaplĕsat tibèᶇ doḥ.
12. gumĕtĕradĕgipun, taṅi~aṅaṅkat gadané gupuḥ, śīǥra sultan kamidilṅalam nĕḍaki, umaṙmmaya prāpta nusul, ñaṇḍakaskaṙddwijan gupoḥ.
13. daṅu praᶇ ḍarat tutug, gada ginada prasamya~ampuḥ, ṅadu yasa~aramé tibaniᶇ taṅkis, kadya wukir śasra guntur, gumuntur rok surakiᶇ woᶇ.
14. suwé raméniᶇ pupuḥ, samya prakosa praᶇ gada putus, daṅuniᶇ praᶇ gada gĕᶇ tan miguṇani, saṛĕᶇ buwaᶇ gadanipun, paṛĕᶇ narik pĕḍaᶇ karo.
15. pĕḍaᶇ pinĕḍaᶇ caruk, daṅu praᶇ pĕḍaᶇ kalihé putuᶇ, dadya rukĕt praᶇ popor tarik tinarik, rāja sapaṙddanamuwus, lahiki sira macoṭot.
16. sun bantiṅa sirèku, yĕkti~ajur baluṅira sumyur, dyan cinaṇḍak waṅkiṅané bagéṇḍa mir, jinuñjuṅora kajuñjuᶇ, sapaṙddan kuwaté ṅĕtog.
17. mĕkṣa pañjuñjuṅipun, pinĕkṣa pĕkṣa datan kajuñjuᶇ, kariṅĕt raḥ sapaṙddan pucuk dariji, mĕdal raḥ patiᶇ paṛĕntul, maṛĕbĕl raḥ nétra karo.
18. pĕḍotambĕkanipun, iṅuculakĕn pañĕkĕlipun, mĕṅgaḥ mĕṅgèḥ sapaṙddan tanéliᶇ jurit, anata~ambĕkanipun, ṅuṅunadaṅu mandoṅoᶇ.
19. alon dènira muwus, dudu manuṣa sayĕktinipun, bobotira paḍa lawanaṙgga wĕsi, tanana kadya sirèku, sabĕnĕr bĕnĕré~uwoᶇ.
20. sun bĕḍola guṙdda guᶇ, yĕkti kabĕḍol lanoyod dahut, juñjuᶇ sira tan bisa miṅsĕr sañari, payo maḷĕsa~añjuñjuᶇ, yèn kaṅkat bantiṅĕniṅoᶇ.
21. aṅliᶇ sira woṅaguᶇ, dèn prayitna sun maḷĕsañjuñjuᶇ, dyan cinaṇḍak sapaṙddan waṅkiṅannèki, iṅoyogoyog piᶇ tĕlu, saṙyya nolèḥ maṙmmaya non.
22. ṅulukkĕn topoṅipun, kaᶇ baris ṅarab samya~andulu, śīǥra samya sadaya~atutup kupiᶇ, myaᶇ gajaḥ turaṅganipun, kadi saban kaᶇ kalakon.
23. sapaṙddanasru muwus, pagéné sira yogoyogiṅsun, kadya raré dolanan solahirèki, pan saṙyya gumuywaṅguguk, sapaṙddan dènya tatakon.
24. woṅaguṅalon muwus, sun timbaᶇ bobot lan kuwatiṅsun, kaᶇ supaya ywa kalajuk kuwat mami, sapaṙddan śīǥra jinuñjuᶇ, pinaṛĕṅan pĕtakaṅrok.
25. iṅawiyat gumluḍug, lir wukir śasra gugur gumuntur, wus kajuñjuᶇ sapaṙddan nulya tiniṅgil, iṅubĕṅakĕn maṇḍuwur, pan kadya likasan kaᶇ woᶇ.
26. wadya surak gumuruḥ, śīǥra binantiᶇ siti pan kantu, kantakané sapaṙddan gumuliᶇ siti, đipati tasikwaja wus, analèni ṅawé kaᶇ woᶇ.
27. prāpta wadya sapuluḥ, bandan sapaṙddan ginawa mundur, śīǥra sultan kamidilṅalam nabda ris, paréntaḥ manĕtĕg kondur, saguᶇ baris ṅarab bĕḍol.
28. nulya hyaṅaṙkka surup, woᶇ jaminambar nimbaṅi mundur, tiᶇ kaḷĕsik solahiᶇ baris prihatin, gĕṅalit suṅkawèᶇ kalbu, déniᶇ praṅandina kasor.
29. ya ta saᶇ rāja rabus, iṅkaṅañjaṅkuṅiᶇ laṅit catur, dukandulu patiḥ sapaṙddan binantiᶇ, aṅuṅun maṅu maṅun kuᶇ, ‍éram mulat laṅkuᶇ gawok.
30. saguᶇ kaᶇ kantun kantun, pra prajuritiṅkaᶇ para ratu, pan sadaya lajĕᶇ ṅandikan mriᶇ laṅit, myaᶇ malékat mukarabun, aglar sujud ṅaṙṣèᶇ katoᶇ.
31. ṅandika rāja rabus, hèḥ ta saguṅiᶇ prajuritiṅsun, kayaparan dayanira~iṅajurit, amuṅsuḥ woᶇ wétaniku, yèn tinaṇḍiᶇ mĕṣṭi~abot.
32. ya si sapaṙddaniku, lan si duljalal kaliwat wuḍu, duruṅolèḥ taṇḍiᶇ saṅisoriᶇ laṅit, amuṅsuḥ si wirèᶇ pupuḥ, tan koṅsi roᶇ dina kasor.
33. pira prajuritiṅsun, kaᶇ kabanda miwahiṅkaᶇ lampus, lan balané sultan kamidilṅalami, ya pira wataranipun, ratu pĕjaḥ muᶇ roro ṭok.
34. kabanda muᶇ salikur, tanana maniᶇ puniku~amuᶇ, abdi tuwan para ratu kaᶇ linuwiḥ, kaᶇ sami prakosèᶇ pupuḥ, kaᶇ taté~anaṅga bobot.
35. kaᶇ pĕjaḥ saṅaṅatus, lan pituᶇ daśa ratu guṅaguᶇ, gaṅsalatus pituᶇ daśa dèn talèni, cinĕpĕᶇ gĕsaᶇ pukulun, woṅarab sayĕktosabot.
36. sabĕn mĕdalumagut, satuṅgaliṅgiḥ tan wontĕn waṅsul, lajĕᶇ bébas kaᶇ tan pĕjaḥ dèn talèni, ratu sèwu gaṅsalatus, kaᶇ sami puñjul praᶇ kaloᶇ.
37. déné kaᶇ kantun kantun, wus samya kĕkĕs tan purun magut, makṣiḥ kaṭaḥ prajurit para naṙppati, naṅiᶇ tan wontĕn kaᶇ purun, naṅgulaᶇ jayèᶇpalugon.
38. sira saᶇ rāja rabus, myaṙṣa~aturé kaᶇ para ratu, aṅandika saṙwwi~aṅiduᶇ pĕrasi, aywa na gĕmpalatimu, saguṅiᶇ prajuritiṅoᶇ.
39. sun samakaké~iku, sultan kamidilṅalam saṙppa guᶇ, siṅa mara sinahutan wus ṅĕmasi, upamané duruᶇ mĕtu, kaᶇ saṙppa galak sakiᶇ roᶇ.
40. iᶇ bésuk lamun mĕtu, sakiṅiᶇ roṅé yèniṅsun pagut, sun gitika sapisan bahé ṅĕmasi, lir macananèᶇ garumbul, sayĕkti~aṅèl pakéwoḥ.
41. lamun pinriha lampus, si sultan kamidilṅalamiku, duruᶇ kĕna lamun duruᶇ dèn gosoki, wĕtuné sakiᶇ garumbul, kaᶇ gosoki pagutiṅoᶇ.
42. bésuk paréntahiṅsun, sunawakané magut praᶇ pupuḥ, apan paḍa~uṇḍaᶇna ratu prajurit, dadiné~apraᶇ garubuḥ, dèn samĕkta para katoᶇ.
43. manawa nora lampus, duruᶇ kaṙṣèṅsun sadina sésuk, nora kĕna si ṅarab linawan taṇḍiᶇ, muṅurugana lalampus, robana kèḥ bala katoᶇ.
44. iku maṅsa na bantu, sira~iᶇ kéné~andina rawuḥ, wantu paṛĕk woᶇ wétan ṅumbara tĕbiḥ, alaṅka~iṅkaṅambantu, maṅkono~iᶇ kaṙṣaniṅoᶇ.
45. sadaya para ratu, iᶇ pamikir ṛĕmpĕk dadinipun, wus luwaran rāja rabusamawati, gantiya~iṅkaᶇ winuwus, woṅaguᶇ muṅkur palugon.

36. ṅṛêmbag pĕraᶇ brubuḥ. 

36. paṅkur 
1. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, amƀojana saguᶇ wadya para ji, para satriya supĕnuḥ, maṅgala~ulubalaᶇ, lariḥ midĕr gumĕraḥ kaᶇ para ratu, para rāja jaminambar, kaᶇ samya katawan jurit.
2. sadaya sami ṅandikan, kyana patiḥ sapaṙddan ran mikahil, kaᶇ ƀinĕkta muṅgwiᶇ ṅayun, lan kañcané sadaya, prāptèᶇ ṅaṙṣa~alon ṅandika woṅaguᶇ, hèḥ sapaṙddan kayaparan, budđinira kaᶇ sayĕkti.
3. kaᶇ paṣṭi~antĕpiᶇ driya, iya~iṅsunanuruti sirèki, lamun sira kudu lampus, nĕmaḥ mati duraka, mati siya siya~anutiᶇ tyas biṅuᶇ, kaᶇ kaya si sahésalam, sayĕkti~iṅsun patèni.
4. yèn sira~éliᶇ manuṅsa, iᶇ kadadèn gĕtiḥ kalawan mani, nora maṅkono tiṅkaḥmu, ratumu sahésalam, tukaᶇ sasar tĕka~aṅaku hyaṅaguᶇ, ṅĕndi~ana pinaṅéran, iᶇ ƀumi~ana kaᶇ wani.
5. hèḥ sapaṙddan wruhanira, iṅsunapraṅiᶇ prāja ṅĕndi~ĕndi, kaᶇ kasor praᶇ lawaniṅsun, kèḥ ratu mandraguna, duruᶇ tumon prajuritapĕsiᶇ pupuḥ, muᶇ prajurit jaminambar, praṅé kadya raré cili.
6. mara sira tatakona, anak putu kaᶇ paḍa~aṅrasani, prajurit kaᶇ para ratu, praṅé woᶇ jaminambar, liwatapĕs pĕraṅé nora guguru, ‍‌ĕmbuḥ ratu sahésalam, kumaluṅkuṅanèᶇ ƀumi.
7. wahu ta patiḥ sapaṙddan, duk miyaṙṣa panari mituturi, paṣṭi palaliᶇ hyaṅaguᶇ, sapaṙddan mawa~iman, wus karahosiᶇ driya mĕnĕᶇ tumuṅkul, tur sĕmbaḥ ṅusapi waspa, ḍuḥ gusti kaᶇ muṙbbèᶇ jurit.
8. maṅka maṅgala muṣṭika, amuṙddani~iᶇ rèḥ niyakèᶇ ƀumi, maṙŧawisuda dibya nuᶇ, iᶇ rab wus nama lanaᶇ, kasumbagèᶇ tri loka satuhu kakuᶇ, ḍuḥ sultan kamidilṅalam, amba~anutiᶇ pakaṙtti.
9. tuwan kalaṅkuᶇ sampuṙṇna, ṅuni~uni~iṅgiḥ dèrèᶇ miyaṙṣi, pituturiṅkaᶇ satuhu, kaᶇ pantĕs linampahan, kaᶇ santosa~iṅagĕsaᶇ maṅgiḥ lampus, muṅiṅgiḥ sawĕg punika, jĕᶇ gusti palimaṙmmèᶇ siḥ.
10. maṅkana kaᶇ winicara, déniṅahlul carita dalil kadis, duk samana jawabatur, sira patiḥ sapaṙddan, tinulisaniᶇ malékatislamipun, saduruṅé maca sahdat, wus pinañci~islam batin.
11. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, duk miyaṙṣa sapaṙddan turirèki, woṅaguᶇ suka kalaṅkuᶇ, tĕḍak sakiṅamparan, aṅuculi sapaṙddan pusaranipun, wus tinarikastanira, kinèn luṅguḥ lan para ji.
12. pinisaliniᶇ karajan, kinèn sadat sapaṙddanaṅlampahi, myaᶇ sadaya para ratu, prawīra jaminambar, wus tinarikanut sapaṙddan tumurut, sadaya wus linuwaran, ratu limaṅatus sami.
13. apan laṅkuᶇ tigaᶇ daśa, sinadatkĕn sadaya wus ṅlampahi, sinraḥkĕn sapaṙddan sāmpun, kabèḥ tanana~ilaᶇ, karatoné pinacakatuṅgal luṅguḥ, lawan saguᶇ para rāja, sapaṙddan kaᶇ madanani.
14. anuṅgil ratu paṅaṙṣa, sira rāja sapaṙddan dèn kasihi, wusabakuḥ tékadipun, kandĕlamawa~iman, sakañcané limaṅatus tĕluᶇ puluḥ, wusiman sami santosa, sami sukané tyasnèki.
15. rāja kalbujèr tur piṙṣa, tur pawaṙttos đipati guritwĕsi, paniṅgihiᶇ wahu dalu, ṛĕmbagé sahésalam, béñjiṅéñjiṅamĕdali praᶇ garubuḥ, yèn sāmpun ṅawaki yudđa, lajĕᶇ garubuhiᶇ jurit.
16. lajĕᶇ tumamèᶇ ṅayunan, tur pawaṙttos yèn baḍé~aglar salin, sahésalam praᶇ garubuḥ, woṅaguṅaṅandika, hèḥ sapaṙddan maṅkono pawaṙŧa~iku, umatur rāja sapaṙddan, kadya ḷĕṛĕs kaᶇ pawaṙtti.
17. prajurité sāmpun tĕlas, andĕliᶇ praᶇ kaᶇ prawīra~iᶇ taṇḍiᶇ, kantun para ratu rusuḥ, naṅiᶇ tanpa wilaṅan, kaᶇ prajuritiṅgiḥ sèwu gaṅsalatus, kaᶇ para ratu gagala, sadaya pan sāmpun kĕni.
18. kaᶇ pĕjaḥ myaᶇ kaᶇ kabanda, samya wuḍu~iṅapraᶇ wiṅi~uni, muᶇ punika pĕs praṅipun, iṅkaᶇ kaninakaṭaḥ, naṅiᶇ sami ḍèrèk byuṅanawon kambu, tan wontĕniṅkaṅabahan, matĕᶇ gulaṅiṅajurit.
19. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, aṅandika maraᶇ raka myaṅari, yayi~uṇḍaᶇna pra ratu, paḍa~amĕmataha, prajurité kaṅasahos praᶇ garubuḥ, aja baṛĕṅagilira, pinrapata kaᶇ para ji.
20. ana nĕmatus sadina, para ratu saprajurité kĕrig, ƀupati satriyanipun, paḍa mataḥ mataha, prajurit kaᶇ turaṅga lan ḍaratiku, jĕṅgiri paḍa pisaḥna, gĕlara sulus piyatin.
21. miwaḥ prajurit wahana, ‍èṣṭi lawan pragalba lan kaṛĕṇḍi, bihalandaka lan sĕnuk, ṅroᶇ paṇṭa kériᶇ kanan, nora niṣṭa gĕlaré rada maliñcur, karaṇa woᶇ jaminambar, sanépa kadya jaladri.
22. woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, uṇḍaṅipun warata kaᶇ para ji, kunĕᶇ tan winaṙṇnèᶇ dalu, ‍éñjaᶇ woᶇ jaminambar, atĕṅara guṙṇnaᶇ kĕṇḍaᶇ goᶇ gumuruḥ, ṭoᶇṭoṅgrit maguru gaṅsa, bèri bĕṇḍéné tinitir.
23. tĕtĕg ḷĕkṣanasahuran, samya kagyat woṅarabanimbaṅi, gumuruḥ tĕṅaranipun, saguṅiᶇ baris mĕdal, muṅsuḥ rowaᶇ wusapajĕg barisipun, naṅiᶇ bala jaminambar, daḷĕdĕg kaᶇ pra prajurit.
24. kadya suṅapan samodra, kaᶇ wadya rab grahita masaᶇ rakit, sāmpunaglar para ratu, saᶇ praƀu sahésalam, ṅandika mriᶇ kaᶇ malékat mukarabun, puṇḍutĕn būṣaṇaniᶇwaᶇ, kabèḥ kapraƀon ṅajurit.
25. sāmpun sumahosiᶇ ṅaṙṣa, wus rinasuk makuṭa~abuka śrī, kawiṣṭa bra maṇik murub, sunaranut raditya, intĕn śasra sakĕnari~agĕṅipun, muṅgwiᶇ ṛĕṅganiᶇ makuṭa, dinulu ṅébatébati.
26. makuṭa lir diwaṅkara, kinĕrabu mutyara lan widuri, maṙkkata yakut jumĕrut, lawan kaᶇ para rāja, tikĕl piᶇ patagĕṅé makuṭa praƀu, tulya girindra pawaka, wistara ṅébatébati.
27. abajo baligĕr tuṇḍa, akĕré mās sarasaḥ maṇik wṛêdi, alapis wĕsi balituᶇ, tinatrap sinadur mās, sapiᶇ ḍaḍa piniṇḍa piṇḍa binaṇḍuᶇ, ḍinaṇḍaṅiᶇ mutyahara, aṅĕnèni kanan kériᶇ.
28. abaté mās kinalata, iᶇ hèr gĕni satĕpèᶇ maṇik luṅid, sajĕbug jĕbug hèr lahut, titirip talajug mās, tĕraḥ mantĕn mutyara maṅkawa ṅuwuᶇ, agora garuḍa nĕba, ginoṅsor lanéndragiri.
29. kĕraṅé pĕḍaᶇ minaṙddya, iᶇ sosotya samas séla basuki, pituᶇ yuta~ajinipun, hèr kilat muṅgwiᶇ kĕraᶇ, miwahulu pĕḍaṅintĕniᶇ tri~atus, apĕpatar catur yuta, kéntarujwala nĕlahi.
30. tan kĕna yèn winuwusa, būṣaṇané śrī rabusamawati, ratu~iᶇ ṅalam doñèku, tanana kaᶇ maṅkana, tuhu séjé lawan para ratu ratu, gada wrat roṅèwu ḍomas, rinĕṅga sriniᶇ hèr ṭaṭit.
31. turaṅga waladi yakṣa, gĕṅaruhur ran kuda jaṅgisĕri, kinuruᶇ laṅit kapitu, koriné balé ṅaras, binūṣaṇan sāmpun ƀinĕkta tumurun, malahékat tĕluᶇ widak, iṅkaᶇ rumĕkṣèᶇ turaṅgi.
32. sawusira~abūṣaṇa, śrī ƀupati saᶇ rabusamawati, anuduḥ saᶇ rāja maklub, ratu~aguᶇ minaṅka, malahékat ṅisrapil saᶇ rāja maklub, amaṅsaḥna garubuḥ praᶇ, mundur saᶇ maklub ṅisrapil.

37. para rāja balanipun woṅaguᶇ kaṭahiṅkaᶇ kapupu~iᶇ praᶇ. 

37. duṙmma 
1. prāptèᶇ papan saᶇ rāja maklub paréntaḥ, garubuḥ mĕṅsaḥ jurit, tĕṅara wurahan, gumuluᶇ para nata, miwaḥ satriya ƀupati, woᶇ jaminambar, maṅrok saguᶇ prajurit.
2. woᶇ kohkaribiṅkaṅaduwé bubuhan, paṅiridiᶇ prajurit, kaᶇ nitiḥ turaṅga, ‍èṣṭi tuwin kaᶇ ḍarat, aṅrok paṛĕṅanaḍahi, nĕmatus nata, saprajurit turaṅgi.
3. lir samodra pagut tĕmpuhiṅayudđa, aṅurugi papati, bala jaminambar, gumuluᶇ maṅsaḥ rampak, kadya ditya~anon dagiᶇ, prajurit ṅarab, gĕlar sulus piyatin.
4. pinra tiga ḍaratiṅkaᶇ muṅgwiᶇ samya, kaᶇ wahana kudèṣṭi, muṅgwiᶇ kériᶇ kanan, masuk paṅawat kiwa, sulus piyatin pakoliḥ, pawor liwĕran, paṛĕmpakiṅajurit.
5. kadya mina mamaṅsa sajroniᶇ toya, prajuritiᶇ kohkarib, aṅidakanuñjaᶇ, caruk rok gada pĕḍaᶇ, duduk miwaḥ cacap ḷĕmbiᶇ, raméné~apraᶇ, pira pira papati.
6. kadya ṅiḷĕsanèᶇ tĕgal palimunan, prajuritiᶇ kohkarib, bala jaminambar, para ratu satriya, atusaniṅkaᶇ ṅĕmasi, titiṇḍihira, maklub pĕjahiᶇ jurit.
7. rāja banuwaṙlli~iṅkaṅamaṙwwasa, ratu kadaᶇ kohkarib, pĕjaḥ kaᶇ sadaśa, déniᶇ maklub kaᶇ kroḍa, namané~iṅkaᶇ ṅĕmasi, rāja baritma, maliritma lan maliḥ.
8. rāja jéras malijéras kaᶇ palastra, rāja kañjir mukañjir, rāja~aṙddisamat, aṙddikapi palastra, rāja~édris maliyédris, jaṅkĕp sadaśa, ratu kadaᶇ maṙmmadi.
9. wontĕn swara gora guṙṇnita gĕnturan, tumurun sakiᶇ laṅit, lir maguru gaṅsa, iṅkaᶇ maṅka prataṇḍa, tĕḍak rabusamawati, sapiḥ wus piyak, woᶇ jaminambar sami.
10. wruḥ kalamun paṅérané sahésalam, baḍé ṅawaki jurit, kaᶇ prajurit ṅarab, kaḍo sami~umulat, tĕḍaké śrī narapati, iṅayapayap, bala būṣaṇa rukmi.
11. kaᶇ gaṛĕbĕgiᶇ wuri myaᶇ kériᶇ kanan, pra malékatirèki, būṣaṇa bĕranaᶇ, lir wijiliᶇ baskara, ‍éñjaᶇ sakiᶇ jalanidi, umyaᶇ gumĕraḥ, solahé~amoᶇ jurit.
12. prāptèᶇ ṅaṇḍapiᶇ papan madyèᶇ palagan, lajĕᶇ nitiḥ turaṅgi, suri jaṭa gimbal, jĕṅgisĕṙsari pélag, mobra būṣaṇa rinukmi, agĕbyar gĕbyar, lirandaru sisiriᶇ.
13. saṙwwi mojaranèᶇ luhuriᶇ turaṅga, ṅiduᶇ ṅiduᶇ pĕrasi, hèḥ woᶇ jaminambar, dèn bĕcik surakira, iṅsunaṙṣa~amuṇḍati, kaᶇ tuṅgul naga, iku kaguṅan mami.
14. lanamparan jumĕrut sakiᶇ ṅajĕrak, ṅĕtab turaṅga ñirig, apan kadya yakṣa, rakité kaᶇ turaṅga, rowa pun jĕṅgisĕṙsari, amaṇḍi gada, yayaḥ saᶇ danojaji.
15. samya~éram wadya rabiṅkaᶇ tumiṅal, saᶇ rabusamawati, guᶇ luhur prakosa, parigĕliᶇ turaṅga, susumbaraṅuwuḥ taṇḍiᶇ, payo woṅarab, sapa kaṅaṙṣa mati.
16. papagĕna~iᶇ kéné~abandayudđa, śīǥra rāja piṙkkari, umaṛĕkiᶇ ṅaṙṣa, matur maṅsaḥ linilan, galihasĕm punaᶇ bindi, agĕṅapañjaᶇ, kinoloᶇ wĕsi rukmi.
17. nandĕr mampruṅanèᶇ rana yunayunan, sahésalam sru~aṅliᶇ, hèḥ kaki woṅapa, tuwa~amagutiᶇ praᶇ, apa ta nujum sirèki, maṅka tutumbal, sĕṅol dènya nahuri.
18. iṅsun ratu kaswiri piṙkkari~iᶇwaᶇ, iya kaᶇ buyut mami, nāŧèᶇ kahos nama, śrī sayidibni ṅumar, pamanané praƀu jobin, tuwa gagala, gumujĕᶇ śrī ƀupati.
19. iya kaki dèn prayitna~iṅsun gada, mutĕr gadanira glis, bala jaminambar, surak kadya~ampuhan, tumĕmpuḥ gada naṙppati, taṅkis ḷĕǥawa, sira praƀu piṙkkari.
20. gada gĕᶇ wratiṅkaᶇ kalihèwu ḍomas, ṛĕmpu rāja piṙkkari, ajur mor turaṅga, wus rata lawan kisma, suraké gumuruhatri, woᶇ jaminambar, yayaḥ nĕṅkĕr wiyati.
21. prāpta rāja bustami lajĕᶇ ginada, ṛĕmpu rata lan siti, lawan kudanira, praƀu sahilman prāpta, ginada rata lan ƀumi, saᶇ rāja salsal, iᶇ kalakodrat prāpti.
22. nitiḥ macan prāptèᶇ rana yunayunan, sapa sira kaᶇ prāpti, tuṅgaṅané macan, baya déné prawīra, yèṅsunandĕliᶇ prajurit, naṙppa dandanan, rāja salsal ran mami.
23. ratu kalakodrat prawīra digdaya, sahésalam mawĕṅis, kaliṅané sira, naṙppati kalakodrat, kaṅanuntun muṅsuhiki, mulané prāpta, nèᶇ jaminambariki.
24. anut sira si sultan kamidilṅalam, saṇḍaṅĕnukum mami, payo~ataṅkisa, parisé~iṅsun gada, rāja salsal masaᶇ taṅkis, nulya ginada, jumĕbrèt tibèᶇ taṅkis.
25. paris sumyur macan pĕjaḥ kapaḷĕsat, salsal tiba~iᶇ siti, taṅi ṅayat gada, gumĕtĕr kaᶇ sarira, piniṇḍo rata lan siti, saᶇ rāja salsal, pan sāmpunaṅĕmasi.
26. kadya guntur suraké woᶇ jaminambar, uṅgul dènira jurit, asru sĕṅgak sĕṅgak, saᶇ praƀu sahésalam, rāja siṙyyalamanitiḥ, turaṅga ṅĕrap, prāptèᶇ papan wus paṅgiḥ.
27. hèḥ woṅarab kaᶇ prāpta sapa ranira, nora na kapoknèki, kañcané kèḥ pĕjaḥ, pinarag gadaniᶇwaᶇ, sun rāja~asmarakandi, aran siṙyyalam, dĕstunaṙṣa ṅrasani.
28. apraᶇ lawan sahésalam kaya sira, siṅa tiwasamati, apa jrihiᶇ jajal, iku dudu prawīra, rāja rabusamawati, aṅaṅkat gada, gitik waja ṅajrihi.
29. masaᶇ taṅkis ginada praƀu siṙyyalam, turaṅgané ṅĕmasi, tiba kapaḷĕsat, taṅi lajĕᶇ cinaṇḍak, iṅuñcit tiniṅgil tiṅgil, kadya likasan, daṅu lajĕᶇ binantiᶇ.
30. ṛĕmak ṛĕmpu kunaṙppanira siṙyyalam, gumuruḥ suraknya tri, wadya jaminambar, yayaḥ manĕṅkĕr wiyat, ratuné~uṅguliᶇ jurit, woᶇ jaminambar, sami suka tan sipi.
31. duk tumiṅal byat runtik rāja banisam, nandĕr rāja daṙyyadis, prāpta yunayunan, saᶇ praƀu sahésalam, sira~iki prāpta maliḥ, gawok sun mulat, ya mriᶇ woṅarabiki.
32. nora~ana kaᶇ kapok dulu wayaṅan, kañcané~akèḥ mati, kĕna gadaniᶇwaᶇ, prandéné~akèḥ prāpta, wani wani tĕmĕn mati, sapa ranira, iṅsun rāja daṙyyadis.
33. ratu~andĕl kuṭaniṅsuniᶇ banisam, saᶇ rabusamawati, śīǥra ṅaṅkat gada, amasaᶇ taṅkisira, wahu saᶇ rāja daṙyyadis, katiban gada, luluhawor lan siti.
34. praᶇ sadina saṅapraƀu sahésalam, ratu wadya rab sami, apan kaliḥ daśa, iṅkaᶇ pĕjaḥ ginada, déniᶇ rabusamawati, wahu kaṅapraᶇ, bubar kasaput ratri. 
35. paṛĕᶇ nĕtĕg wus mundur muṅsuḥ lan rowaᶇ, ya ta wahu~iᶇ ratri, lajĕṅaƀojana, sultan kamidilṅalam, aglar kaᶇ para naṙppati, tuwin satriya, prasamya ṅuswa wèni.

38. woṅaguᶇ pĕraᶇ kalihan praƀu rabusamawati. 

38. sinom 
1. wahu praƀu sahésalam, atri ƀojana sawĕṅi, aglar kaᶇ maṅka malékat, tuwin kaᶇ para naṙppati, satriya pra đipati, ṅandika maraṅiᶇ luhur, prāptèᶇ laṅit kasapta, aṅliᶇ rabusamawati, hèḥ woṅiṅsun kayaparan tiṅkahiᶇwaᶇ.
2. matèni prajurit ṅarab, kaᶇ paḍa prawirèᶇ jurit, tan karasèṅastaniᶇwaᶇ, sujud kaᶇ para naṙppati, ḍuḥ paṅéraniᶇ ƀumi, sahèstu tuwan pinuñjul, tan wontĕn kadi tuwan, kadi béñjiᶇ tumpĕs tapis, para ratu ṅarab kĕni gada tuwan.
3. muᶇ sultan kamidilṅalam, wikana biliḥ kuwawi, naḍahi pupukul tuwan, déné rijalé walaṙlli, munada surèᶇ ƀumi, iᶇ triƀuwana pan kasub, mila purunaṅgĕcak, mriᶇ jaminambar prāja ji, déné sāmpun kéntariᶇ janalokaya.
4. naṅiṅiṅgiḥ pintĕn bara, déné botĕnagĕṅiṅgil, dĕdĕgé saᶇ kakuṅiṅrat, paṣṭi kasabaniᶇ bindi, ƀaktiyar maturaris, paṣṭi lamunajur mumur, laminé ṅakak ṅakak, sakiᶇ dèrèṅaṅsal taṇḍiᶇ, yakti maṅké kataṅgor nèᶇ jaminambar.
5. ṅandi śrī sahésalam, rāja rabusamawati, sanadyanonowa śasra, ñawané śrī bagéṇḍa mir, śīṙṇna~iᶇ gada mami, maraᶇ di paṅuṅsènipun, matur para malékat, sahèstu paṅandika ji, jĕr tuwanku kaṅamuṙbba~iᶇ ƀuwana.
6. lahiya~iᶇ béñjaṅéñjaᶇ, sun ṅawaki~iᶇ praᶇ maliḥ, sun tumpĕsé babaṙ pisan, woṅarabaja na kari, sun bébasné ṅajurit, dimèn gĕmpur dimèn tumpur, sultan kamidilṅalam, sun piṭĕsé yèn mĕtoni, sĕṅgak sĕṅgak mahapraƀu sahésalam.
7. kunĕᶇ gantya winuṙṣita, kaᶇ samya priḥ mṛêdyèṅati, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, kaᶇ ƀojana lan para ji, iᶇ dalu ṅiras sami, pagunĕman lan pra ratu, alon dènya ṅandika, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, pan sĕmbada prakosané sahésalam.
8. gĕᶇ luhur gagaḥ ƀirawa, widigđaya~iṅajurit, prayoga gĕṅaƀirawa, prakosa sumbagèᶇ jurit, ‍émané ratu~iki, tĕka~aṅaku hyaṅaguᶇ, tur sĕmbaḥ para nata, dawĕg dawĕgiṅajurit, kari papak lan rayi pāduka ṅrokam.
9. wiṅi~iᶇ tiṅal kawula, biliḥ makṣiḥ kèḥ kaᶇ kari, solaḥ gĕlariṅayudđa, manawi muᶇ kadi wiṅi, makṣiḥ kakacènugi, lan rayi tuwan pukulun, praƀu gulaṅgé ṅrokam, kahotarikat tĕrampil, sĕṛĕᶇ kĕbat taṅkĕpé pun sahésalam.
10. rayi pāduka~iᶇ rokam, sĕṛĕᶇ gumriyĕᶇ mĕdosi, agalak botĕn caluṭak, purun sarèhaṅantuni, lamunamasaᶇ taṅkis, tan katawis yitnanipun, tuwin yèn ṅaṅkat gada, apan botĕn briga brigi, malaḥ mèsĕmamriḥ wĕtuné rakasa.
11. gumujĕᶇ gulaṅgé mojar, lahaṅgèriᶇ ṅalabani, punapa botĕnaṅumpak, pun kakaᶇ sayĕktosajriḥ, opyak para naṙppati, panèstu sayĕktosipun, ototé sahésalam, pantĕs kacèk pitu sisiḥ, kalumpuké~ototé kacèk nĕm bĕlas.
12. lamun kinĕmbara~iᶇ praᶇ, bahèné wani ṅarèni, gumĕriṅkaᶇ para nata, saṅśaya guᶇ kaᶇ para ji, ṅuḍoni ñuñumbari, ṅajap tinaṇḍiᶇ praᶇ pupuḥ, ratu sèkĕt sĕsaṅa, kaᶇ kĕdaḥ śūra tinaṇḍiᶇ, aṅandika jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
13. iya kabèḥ sun tarima, antĕpé ratu prajurit, déné kadugané samya, yèn mĕtu papraṅan jurit, yèn mĕḷĕṅañumbari, sahésalam maraṅiṅsun, dadi~iṅsun sĕmbrana, buwaᶇ kuṙmmatiᶇ para ji, lamunora~iṅsun ḍéwé kaᶇ tumandaᶇ.
14. kunĕᶇ dalu winuṙṣita, ‍éñjiṅé tĕṅara muni, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, miyos ginṛêbĕg para ji, saguᶇ wadya kaᶇ baris, sakéñjiᶇ tata~atĕpuᶇ, lan baris jaminambar, rāja rabusamawati, sāmpun mijilanèᶇ rana pabaratan.
15. gora gara kadi wana, turuné saguṅé baris, kaᶇ piṇḍa~ambulu guṙdda, guṅiᶇ wahana kudèṣṭi, blĕgĕdaba jĕṅgiri, moᶇ bihal kaṛĕṇḍi sĕnuk, ‍éndaḥ mèmrèṅandaka, tuṅgul daludag tulya śrī, kaᶇ minaṅka~asriniᶇ wana tumruna.
16. dyan tĕḍak sakiṅamparan, maha rabusamawati, aṙṣa ṅawaki ṅayudđa, sakiᶇ sĕṅsĕmiᶇ praᶇ wiṅi, nitiḥ jĕṅgisĕṙsari, kawot kapraƀon praᶇ pupuḥ, surakaṅlirampuhan, jĕṅgaraᶇ lir danojaji, pratiṅkahé mahapraƀu sahésalam.
17. prāptèᶇ mađyané ranaṅga, susumbar śrī narapati, hèḥ sultan kamidilṅalam, pagéné nora mĕtoni, iṅsun roᶇ dina~iki, yudđa sira tanumagut, apa wĕdi mariᶇ waᶇ, yèn wĕdi ṅĕsraḥna~aglis, balanira miwaḥ para rāja raja.
18. tuwinanak rabinira, anuta tabiyat kapir, ya ta kalané miyaṙṣa, kudaṙyya mrāja sĕmbaji, maṛĕk riᶇ jĕᶇ sultani, kawula~anuwun magut, mĕṭuk pun sahésalam, sakiᶇ tan bĕtaḥ miyaṙṣi, aṅandika saᶇ praƀu kamidilṅalam.
19. hèḥ kakaᶇ praƀu kudaṙyya, aja sira mĕtu jurit, manawa kaparèᶇ tiwas, si sahésalam linuwiḥ, tanana~iya nĕṅgiḥ, kaᶇ momoᶇ pulunanamu, ya si~ismayatmaja, lan si rabusamawati, amuṅiṅsun kakaᶇ kaᶇ dènanta~anta.
20. dadya kuraᶇ kuṙmmatiᶇwaᶇ, dé~aṅuwuḥ tan mĕtoni, ratwaguᶇ si sahésalam, aṇḍĕku mrāja sĕmbaji, aṅrasuk būṣaṇa di, pusaka wasiyatipun, para nabi sadaya, rinasuk kapraƀon jurit, śīǥra tĕḍak jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
21. sakiṅamparan rinĕṅga, anitiḥ punaskaṙdduwi, duwijan sāmpun samĕkta, kawrat kapraƀoniᶇ jurit, kaᶇ sakiᶇ para nabi, sadaya pusakanipun, kapraƀoniṅayudđa, kinĕtab turaṅga nirig, kadya guntur suraké wadya kupaṙmman.
22. sira praƀu sahésalam, miyaṙṣa surak munya tri, kadya~aṅṛêbaḥna kasa, béda lawan wiṅi wiṅi, tuwiniᶇ ṅuni~uni, muᶇ maṅkya laṅkuᶇ gumuruḥ, lanana~iṅkaᶇ maṅsaḥ, ujwala mañcur nĕlahi, nèᶇ turaṅga wus nṛêka yèn kakuṅiṅrat.
23. daṅu daṅu kawistara, wontĕn prajurit tur pakṣi, pukulun dènaprayitna, ḍuḥ paṅéran samawati, punika kaᶇ miyosi, pan pun karabul mahonun, sultan kamidilṅalam, sĕṅgak rabusamawati, apaniya sajĕgé sunayamayam.
24. śīǥra~aṅĕtap turaṅga, maha rabusamawati, jĕṅgisĕṙsari ṅatépaᶇ, aṅitĕri jayèᶇmuṙtti, saṙyya sru dènira ṅliᶇ, hèhamir sayĕktinipun, sira mapag mariᶇ waᶇ, lir nĕmu ṛĕtna sawukir, liwat suka sunaṙṣa~apraᶇ lan sira.
25. apĕpoṅo sagotoṅan, sira wani praᶇ lan mami, déné kaliwat kuciwa, sunaguᶇ luhur sira lit, tan wus sira ṅĕmasi, śīṙṇna~anèᶇ gadaniṅsun, maṅsa gawĕra pira, tan wuruᶇ rata lan ƀumi, sahésalam sĕṅgak sĕṅgak lataḥ lataḥ.
26. sahésalam bahuruwan, kiduṅé kiduᶇ pĕrasi, aṙttiné kiduᶇ mibĕra, kĕṭap kĕṭap mariᶇ laṅit, sok katona sirèki, samaṅsa katon sun tubruk, maṅsa dadak luputa, tur nora bisa sira mir, ṅayuḥ wiyat lawan maliḥ katiṅalan.
27. apa maṙggané mĕnaṅa, sira praᶇ kalawan mami, hèḥ sultan kamidilṅalam, ‍éliṅa nuṅkula~aris, nora rusak sirèki, sun kasahi lan sunuluᶇ, wadyamu para rāja, tanowaḥ makṣiḥ sirèki, nadyan woṅé jaminambar lurahana.
28. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, alon dènira nahuri, hèḥ ratu~iᶇ jaminambar, sawuwusira tan sisip, lamun naṙppati luwiḥ, iᶇ rat pinudya pinuñjul, naṅiᶇ mamak kaliwat, sira~aṅaku hyaᶇ widđi, nora wuruᶇ nĕkani cintakanira.
29. satĕmĕné sahésalam, yèn sira~aṙṣa basuki, tobata mariᶇ hyaᶇ sukṣma, sakiᶇ panasar salami, ananira~iṅurip, paniya~uripirèku, ana~iṅkaṅanitaḥ, kaṅaguᶇ kaᶇ maha suci, kaṅakaṙyya jagad miwaḥ laṅit jĕmbar.
30. nora kaya laṅitira, jĕmbaré~amuᶇ roᶇ wĕṅi, liwat sakiᶇ tanpa nalar, sira~aṅaku hyaᶇ widđi, kaṙyya dosa guᶇ paṣṭi, siya siya~iṅaṅgamu, awèḥ guyuniᶇ jagad, sapa ṅandĕliᶇ sirèki, manawa ta raré ṅumur tĕluᶇ waṙṣa.
31. ratu kaᶇ paḍa~anĕmbaḥ, iᶇ sira satĕṅahañjiᶇ, dudu tiṅkahiᶇ manuṅsa, nĕmbaḥ woᶇ ṅuyuhaṅisiᶇ, kaᶇ paṣṭi maha sukci, muṅguhanané hyaṅaguᶇ, ṅĕndi~ana hyaᶇ sukṣma, tĕka makṣihana wani, woᶇ kupaṙmman kaᶇ wani mocok ḍasira.
32. kalaṅkuᶇ bramantyanira, sira rabusamawati, hèḥ sultan kamidilṅalam, sira ratuniᶇ praduli, ninisip solaḥ mami, lahiya solahirèku, kĕmat tur panĕluhan, déné nora~aguṅiṅgil, ambandani para ratu kaᶇ prakosa.
33. yĕkti kĕmatiᶇ sajagad, polahira~iku paṣṭi, hèḥ sultan kamidilṅalam, sira gĕgĕḍĕgiᶇ ƀumi, alon dènya nahuri, pan paréntahiᶇ hyaṅaguᶇ, amruhakĕn woᶇ sasar, kaᶇ baṅga wĕnaᶇ matèni, kaya sira yèn baṅga paṣṭi sun sulaḥ.
34. kroḍa maṅkrak sahésalam, amutĕr gadanira glis, hèḥ sultan kamidilṅalam, asāmbata kaṅayogi, katiban gada mami, nora wuruṅaṅgaḷĕpuᶇ, boboté gadaniᶇwaᶇ, saḷĕkṣa roṅèwu kati, dènataṅguhaywa munduriṅayudđa.

39. santun gĕlariᶇ praᶇ. 

39. duṙmma 
1. masaᶇ taṅkis jĕᶇ sultan kamidilṅalam, gada gĕṅanibani, saṙwwi sĕṅgak sĕṅgak, saᶇ praƀu sahésalam, oṛĕg ƀumi kadya goñjiᶇ, paṇḍola ṅambak, surak gumuruhatri.
2. rosanira paṅgadané sahésalam, kuwaté kaᶇ naḍahi, awĕtu dahana, mubalakatar katar, gègèranibani baris, woᶇ jaminambar, samya muji~iᶇ gusti.
3. paṅgadané~aṅoṛĕgakĕn ƀantala, sapa kĕlar naḍahi, ratuné woᶇ wétan, paṣṭi rata lan tala, wahu ta~iṅkaṅajurit, tibaniᶇ gada, kuwaté kaᶇ naḍahi.
4. turaṅga punaskaṙdduwijan kawratan, suku tumañcĕb siti, sadĕkuṅamblĕsnya, añjrit saṙwwi lumumpat, śīṙṇna dahana kahèkṣi, mubĕᶇ mĕṇḍapan, ‍éram kaṅaniṅali.
5. iya tuhu kuwat ratuné woᶇ wétan, śīǥra dènya ṅayati, hèḥ śrī sahésalam, laḥ sira dèn prayitna, sun waḷĕs masaṅa taṅkis, usamadiman, pinutĕr liwat luwiḥ.
6. dyan ginada~iᶇ sultan kamidilṅalam, kadya gĕlap sakĕṭi, rosaniᶇ paṅgada, mubal wĕtu dahana, woᶇ wétan surakira tri, turaṅganira, śrī rabusamawati.
7. pan sadĕkuᶇ sukuné tumañcĕb tala, gumĕtĕr śrī ƀupati, babaluṅé~obaḥ, kaᶇ roṅatus sawidak, kudané lajĕᶇ ṅĕmasi, tiba kajĕṅkaᶇ, śrī rabusamawati.
8. kadya guntur suraké muṅsuḥ lan rowaᶇ, kaṅapraṅolèḥ sisiḥ, śĕktiné kéwala, agĕᶇ luhuré béda, aṅlir siṅa muṅsuhèṣṭi, sultan kupaṙmman, siṅa sésalamèṣṭi.
9. gya~anarik pĕḍaᶇ majĕᶇ sahésalam, krura~aṅkara wĕṅis, larapiᶇ kaᶇ pĕḍaᶇ, lir kilatiᶇ baskara, kadya~aṅgĕmpūṙṇna wukir, sèwu sakala, saᶇ rabusamawati.
10. śīǥra tĕḍak jĕᶇ sultan kamidilṅalam, nèᶇ ṅaṙṣané turaṅgi, aṅliᶇ sahésalam, hèhiki patinira, sapa kaᶇ kĕlar naḍahi, iᶇ pĕḍaṅiᶇwaᶇ, pamunahiᶇ sa ƀumi.
11. śīǥra taṅkis jĕᶇ sultan kamidilṅalam, amuᶇ lawan camĕṭi, kaᶇ sakiᶇ ṅajĕrak, pusaka jĕᶇ suléman, pĕḍaᶇ lumarap nibani, woṅaguᶇ śīǥra, anabĕtiᶇ camĕṭi.
12. pĕḍaᶇ sumyur kari~uluné kéwala, đipati guritwĕsi, prāptèᶇ wurinira, sultan kamidilṅalam, wahu rabusamawati, ñawatkĕn śīǥra, mriᶇ saᶇ surayèᶇ ƀumi.
13. wus kataṅkisiᶇ camĕṭi kapaḷĕsat, tibané paniṅambil, maraᶇ saᶇ dipatya, gumujĕᶇ duk tumiṅal, risaᶇ sahésalamaji, hèhumaṙmmaya, kaya kéré galiṭis.
14. papantĕsmu~amupu~iᶇ bubujadan, satriya~añjĕgiṅgis, ṅalap rurusakan, muṅaji pituᶇ yuta, ađipati guritwĕsi, lon sahurira, yènora sun rawati.
15. sayĕktiné dadi donya siya siya, tanarus tur mubadir, kaguṅaniᶇ rāja, ya pantĕs kinuṙmmatan, sahésalamasru~aṅliᶇ, hèḥ padu~apa, si kéré liwat cĕḍis.
16. ñaṇḍak baté baté praƀu sahésalam, iṅuñcalakĕnaglis, ‍‌ĕnya tampanana, kéré wétan dènéṅgal, iki baté baté mami, pan pataᶇ bara, ajiné malaḥ luwiḥ.
17. umaṙmmaya~anampani ḷĕṅgak ḷĕṅgak, saṙwwi ṅiduᶇ pĕrasi, ratu jaminambar, ‍éman ṅaku hyaᶇ sukṣma, bĕlaba kapati pati, duwéya~iman, dadi ratuniᶇ wali.
18. tan kumĕḍèp buwaᶇ donya pataᶇ bara, maṅkana kaṅajurit, asalin gagaman, daṅu dènira yudđa, saguᶇ pasikĕpan jurit, ṛĕmpu sadaya, tanana miguṇani.
19. sabaraᶇ kaṅastra pan datanpa kaṙyya, samya digdayèᶇ kaliḥ, sami kuwatira, samya guṇaniṅapraᶇ, kaṅahlul kojaḥ mèṅĕti, dènira yudđa, saᶇ sahésalamaji.
20. pituᶇ dina lan sultan kamidilṅalam, riwusnya pituṅari, praƀu sahésalam, aṅrasa yèn kasoran, maṙllĕsu~aṅganira ji, lawaniṅapraᶇ, wantèg prawīranèki.
21. dèrèᶇ mantra sayaḥ risaᶇ surayèᶇ rat, prakosanira makṣiḥ, ahimbuhamĕṅsaḥ, apanimbuḥ sudira, maṙllĕsunira~apan nir, awĕwaḥ ragad, maṅkana kaᶇ winaṙṇni.
22. sahunduré~apraᶇ saᶇ śrī sahésalam, ƀojana nuju ratri, ṅumpulakĕn wadya, para ratu prawīra, supĕnuḥ ṅaṙṣanira ji, alon ṅandika, śrī rabusamawati.
23. hèḥ sakèhé para ratu balaniᶇwaᶇ, iṅsun tutur sayĕkti, yudđané woᶇ wétan, tan kĕna ginagampaᶇ, yèn linawaniᶇ praᶇ taṇḍiᶇ, iṅsunaṅrasa, kasoraniṅajurit.
24. aṅganiṅsun kaᶇ mahu sanépanira, yèn masa satus kati, iᶇ mĕṅko~ananya, iya prajurit wétan, boboté kari satahil, hèḥ kawruhana, iku paṅrasa mami.
25. iṅsunapraᶇ lan sultan kamidilṅalam, aṙṣa sasāmbatisin, iku batiniᶇwaᶇ, yèn gada yènamĕḍaᶇ, sapa kaᶇ saṅgup naḍahi, ratu baᶇ wétan, iṅkaᶇ paḍa mamburi.
26. ana wani~aṅlawani yudđaniᶇwaᶇ, kaṅora~amaṛĕṅi, ṅajalé palastra, kĕlar naḍahi paḍa, iya gĕṅé gada mami, iᶇ bahuniᶇwaᶇ, koṅsi mar tanpa~oḍil.
27. apadéné yèn sultan kamidilṅalam, sajĕgiṅsun ṅajurit, duruᶇ ṅrasanana, paṅgitik kaᶇ maṅkana, miwaḥ dènya masaᶇ taṅkis, déné tanobaḥ, upama gunuᶇ wĕsi.
28. tan karasa yèn tinĕmpuhiᶇ maruta, iku ta~ébat mami, tuhu nora kĕna, linawan tataṇḍiṅan, sésuk yèn mĕtu~ajurit, prajuritiᶇwaᶇ, iṅkaᶇ datanpa wilis.
29. agĕlara wukir sol sagara wutaḥ, urugana papati, byukana babaṭaᶇ, déné kaᶇ para nata, dènéliᶇ paṅgĕḍé mami, panusulira, aywa doḥ lawan mami.
30. aliṅana~iya kiwa tĕṅĕniᶇwaᶇ, supaya~aṅga mami, aywa koṅsi sayaḥ, iya goniṅsunapraᶇ, lawan si surayèᶇ ƀumi, dadi kaᶇ ṛĕmbag, kunĕᶇ gantya winaṙṇni.
31. pakumpulan woṅaguᶇ surayèᶇ jagad, lan saguᶇ kaᶇ para ji, samya~aƀojana, ṅirasapagunĕman, ađipati guritwĕsi, alon ṅandika, lan saguᶇ kaᶇ para ji.
32. sanak sanak miwaḥ yayi paraᶇtéja, prakara muṅsuhiki, praᶇ taṇḍiᶇ tyasira, gĕmpal si sahésalam, galigapé pan katawis, paṅrasaniᶇwaᶇ, prayoga dèn rakiti.
33. sésuk mĕtu~aja koṅsi gĕntèn gĕlar, sok wusa paḍa rakit, alonaturira, woṅaguᶇ paraᶇtéja, giḥ pĕnĕdiᶇ béñjiṅéñjiᶇ, kaᶇ para nata, ṅrakit kapraƀon jurit.
34. dèn samĕkta~apa sarakité gĕlar, apa sulus piyatin, naṅiᶇ bok kuciwa, muṅsuḥ yayaḥ samodra, agĕlar kaᶇ supiyatin, iku kacaṇḍak, lan sabiṅu piyatin.
35. nora kĕna cinara pakahosika, woᶇ jaminambariki, duruᶇ sun tumiṅal, ratu sugihé bala, paniya~amuᶇ sahiki, iya maṙmmanya, kĕlarakaṙyya laṅit.
36. lajĕᶇ sami pinataḥ kaᶇ para nata, gĕlar sabṅu piyatin, kaṅaṅirid bala, jroniᶇ sawiji gĕlar, tan kasurup kaᶇ ṅĕṅgèni, gulaṅgé ṅrokam, iᶇ gĕlar kaᶇ ḍaḍani.
37. saduruṅé mĕṅsaḥ kahubĕṅiᶇ gĕlar, awit sulus piyatin, bahuné kaᶇ kanan, praƀu tasaṅsulṅalam, naréndra~iᶇ burudaṅin, paṅawatira, sèwu baris para ji.
38. muṅgwiᶇ kériᶇ śrī ƀupati kéwusnéndar, awak sèwu para ji, sagagamanira, déné ta yèn wun mĕṅsaḥ, kaṅanampèni~iᶇ kériᶇ, sawadyanira, saᶇ praƀu~iᶇ kohkarib.
39. iṅkaᶇ kanan kaᶇ nampani yèn wus mĕcaḥ, mahapraƀu sĕrandil, lawan para putra, binagi pinarapat, roᶇ duman mèlu~iᶇ kériᶇ, kaᶇ milwèᶇ kanan, iṅgiḥ roᶇ duman maliḥ.
40. sāmpun dadya paṅréka rakitiᶇ gĕlar, tĕtĕpé kaᶇ kinaṙddi, pan sabiṅu piyat, sāmpun pinataḥ pataḥ, saguᶇ kaᶇ para naṙppati, sinuᶇ pèṅĕtan, pĕcaḥ kumpuliᶇ baris.
41. tan kawaṙṇna~iᶇ ratri wuwusĕnéñjaᶇ, munya kĕṇḍaᶇ goᶇ bèri, ṭoᶇṭoṅgrit lan guṙṇnaᶇ, pukṣur maguru gaṅsa, baris sĕsĕg kaṅumijil, aṛĕbut papan, kadi robiṅudadi.
42. miwaḥ bala~iᶇ jaminambar kumĕrab, kaᶇ bala baris mijil, atĕpuᶇ kalaṅan, sultan kamidilṅalam, ginaṛĕbĕgiᶇ para ji, muṅgwiṅamparan, tata saguᶇ prajurit.
43. nāŧèᶇ jaminambar wus ṅrasuk būṣaṇa, wiyosé~iṅajurit, lir samodra wutaḥ, prajurit para nata, sawadyanira tan kari, iᶇ kériᶇ kanan, miwaḥ kaᶇ muṅgwiᶇ wuri.

40. pĕraᶇ brubuḥ. 

40. paṅkur 
1. wadya guṅiᶇ jaminambar, dènya kaṙyya byuha maṅkara dadi, susupit satriya ratu, pra đipati~iᶇ tĕṅaḥ, para mantri~ulubalaᶇ moriᶇ puṅkur, woᶇ kupaṙmman saṛĕᶇ mulat, baris jaminambar mijil.
2. amasaᶇ byuha maṅkara, animbaṅi kaᶇ sabiṅu piyatin, woṅaguᶇ śīǥra~amuṇḍut, kuda sĕkaṙdduwijan, wusanitiḥ kawot kapraƀon praᶇ pupuḥ, nĕṅaḥ turaṅga ṅatépaᶇ, prāptèᶇ papanasĕsirig.
3. asru dènira susumbar, baris jaminambar kaᶇ pinaripit, hèḥ payo kaᶇ para ratu, prajurit jaminambar, payo kéné~ĕndi ta kaṅaṙṣa lampus, apa ta si sahésalam, wus‍ora nĕdya mĕtoni.
4. yèn wus si tan nĕdya mĕdal, takutiᶇ praᶇ nĕdya~anuṅkul bĕcik, aṅatuṛĕna panuṅkul, sun gawa mriᶇ kupaṙmman, awismowa nuṅgaliṅkaᶇ para ratu, wĕruha~iᶇ kabĕcikan, pan sira durakèᶇ ƀumi.
5. duk miyaṙṣa sahésalam, muṇḍut kuda prāpta jĕṅgiri bĕrit, śīǥra~anitiḥ saᶇ praƀu, kawot kapraƀoniᶇ praᶇ, wusanĕṅaḥ murub būṣaṇèᶇ lir daru, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, wrin sahésalamumijil.
6. tĕḍak sakiṅiᶇ turaṅga, śīǥra pĕtak gumlĕḍugiᶇ wiyati, sinandĕr wahu saᶇ praƀu, pada kaᶇ kanan ḍupak, muṙddèᶇ kuda ṛĕmpu sahésalam gupuḥ, cinaṇḍak kĕt piṅgaṅira, binuñcaᶇ koṅsĕbiᶇ siti.
7. gumĕbrug tibané nata, lir matĕṅga binuwaṅiᶇ moᶇ pami, trus kasiṅsal tibanipun, dadya taṅi~aṅréyab, sahésalam gumĕtĕradĕgé mlayu, moriᶇ wadya kaliṇḍuṅan, ṅatagambrubuhiᶇ jurit.
8. wadya rabiṅkaᶇ tumiṅal, mĕṅsaḥ grubuḥ paṛĕṅambyuk makṛêti, iᶇ witiᶇ gĕlar sabiṅu, piyatin pakolihan, saṛĕᶇ tanduk yayaḥ kaᶇ samodra pagut, gora gĕntur magĕnturan, panduké mĕṅsaḥ lan kaṇṭi.
9. kumĕpruk tibaniᶇ gada, raméniᶇ praᶇ samya guṅiᶇ prajurit, lir kiyamat laṅit rubuḥ, woṅarab para rāja, samya wuru makolèḥkĕn gĕlaripun, masuk kaᶇ sabiṅu piyat, ‍éca dènira ṅamuki.
10. gĕgĕḍugé para rāja, paṅamuké kadya~aṅiḷĕs caciᶇ, lir nacaḥ sĕmaṅka timun, sultan kamidilṅalam, ṅiwat ṅiwutusamadiman tumanduk, gajaḥ ṛĕbaḥ kuda rampas, andaka moᶇ bosaḥ basiḥ.
11. awuru saᶇ rāja rokam, kadya yakṣa krura gora mawṛêdi, kaᶇ kambaḥ syuḥ kabarubuḥ, prahara~aru~ara, umaṙmmadi bayak lan praƀu lamdahur, praƀu yujana~abayak, lan saᶇ nāŧèᶇ burudaṅin.
12. saguᶇ para ratu putra, sawadyanya para ratu đipati, kaᶇ prajurit paṛĕṅanduk, saṛĕᶇ masukiᶇ gĕlar, datan supé pèṅĕtan sabṅu piyatun, rājèᶇ kulub saha bala, kalbujèr kĕmaté dadi.
13. ƀupati prajuritira, kaᶇ wus dinumanèᶇ sabṅu piyatin, kumrutug patiᶇ kaḷĕpruk, waᶇwuᶇ pĕraᶇ kumĕmpraᶇ, kadya~udan pupuṭon tumamèᶇ muṅsuḥ, siraḥ bĕṅkaḥ kupiᶇ pĕcaḥ, nétra katrucut kawijil.
14. prahara gora ru~ara, lir kiyamataṅin topanaṅgĕrit, bayu riwut siyat siyut, rag rug barubaḥ ṛĕbaḥ, wadya jaminambar lir mina gumuluᶇ, kamaṅsa kĕna~iᶇ gĕlar, pañjiṅé sabṅu piyatin.
15. kadya mina bayak bayak, pan giniriᶇ wus mañjiṅiᶇ piranti, ayutan panasraḥ lampus, tanana kaᶇ nityasa, makolèḥkĕn saguṅiᶇ gagamanipun, ana~iṅkaᶇ lagya ṅikal, iᶇ pĕḍaᶇ kumĕpruk kĕni.
16. iᶇ pupuṭon wĕsi waja, tutup nétra kadadakaṅĕmasi, tinuñjaᶇ rubuḥ kabunuḥ, papati jaminambar, yèn saḷĕkṣa woṅarab muᶇ mati satus, sakĕṭi woᶇ jaminambar, woṅarab muᶇ sèwu mati.
17. sayuta woᶇ jaminambar, pan woṅarab muᶇ saḷĕkṣa kaᶇ mati, yèn sabara~iṅkaᶇ lampus, prajurit jaminambar, muᶇ sakĕṭi prajurit ṅarab kaᶇ lampus, lajĕᶇ wuru raméniᶇ praᶇ, nora ṅaṅgo rina wĕṅi.
18. wutahiᶇ raḥ wusaṅrawa, aṅarikil babaluṅiᶇ prajurit, rambutapiṇḍa lulumut, waṅké sĕnuk dipaṅga, kadya karaᶇ karaᶇ katĕmpuhiṅalun, ‍éṇḍé paris kaᶇ kalémbak, lir mina kambaṅiᶇ wariḥ.
19. krun kèli kadya mina mās, lémbak lémbak kéntiriᶇ rahumili, laṅit winulatabiru, mṛêbambaᶇ lir baᶇ baṅan, kasorotan soroté samodra marus, asuṅéramé kaᶇ miyat, ṅĕṛĕs kĕkĕs kaṅumèkṣi.
20. sayuta tumpĕsiᶇ ṅaṙṣa, wadya jaminambar sabara prāpti, sabara tumpĕsiᶇ ṅayun, sawĕndra wuri prāpta, kaᶇ sawĕndra śīṙṇna syuḥ nir kabarubuḥ, sagulma kaᶇ wuri prāpta, kaᶇ sagulma tumpĕs tapis.
21. sakiṙṇna wuri kaᶇ prāpta, kaᶇ sakiṙṇna tumpĕs kèḷĕsiᶇ jurit, sawuṙdda prāpta~iᶇ puṅkur, lir suṅapan samodra, iṅkaᶇ sakiᶇ lèr wétan kiṭa kadya lun, wuwusĕn śrī maharaja, kaᶇ nĕdya~utamèᶇ pati.
22. mahapraƀu jamintoran, prāptanira lèr wétan kiṭa maṙggi, wusatas carakanipun, yèn nĕṅahi ramé praᶇ, praᶇ garubuḥ gumuruḥ lir laṅit rubuḥ, wadyané liriṅuṇḍaṅan, prasamya~anugĕl baris.
23. kaᶇ daḷĕdĕgiᶇ lor wétan, duk tinugĕl ramé tĕmpuhiᶇ jurit, pĕḍot kaṅaṅgili mundur, ubĕkan nĕmpuhiᶇ praᶇ, lir samodra pasaᶇ kaᶇ saṅśaya surud, galigap woᶇ jaminambar, akaṭaḥ tumpĕsiᶇ jurit.
24. ĕsop kaᶇ sakiᶇ lor wétan, kari~iṅkaᶇ sakiᶇ kilènaṅgili, wusasaṅĕt sudanipun, sultan kamidilṅalam, kèndĕl mulatatipis prāptaniᶇ muṅsuḥ, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, lan đipati guritwĕsi.
25. samya~aṅaḍĕp samana, tanpa bala~amuᶇ woṅaguᶇ katri, samya miyat kaᶇ praᶇ ṅamuk, kontap sudaniᶇ mĕṅsaḥ, dènya miṅsĕr kèndĕl kalémbakan marus, miṅgir mriḥ satiᶇ ludira, woṅaguᶇ ṅandika~aris.
26. hèḥ yayi mās paraᶇtéja, lan kakaᶇ mās đipati guritwĕsi, paraniᶇ wuṣaṇanipun, praṅiki yĕkti lawas, sahésalam tanaṙṣa paṅgiḥ laniṅsun, añilap ñilapampuṅan, ‍éwuhé tan kĕna pinriḥ.
27. sawitniṅiṅsun kalintaᶇ, onĕᶇ maraᶇ sutanira ki mantri, iya si~ismayasunu, kaṅanèᶇ jamintoran, ciptaniṅsun praṅiki~éṅgala putus, dèrèᶇ dumugi ṅandika, radyan suratsarim prāpti.
28. muᶇ lawan kuda sadaśa, moriᶇ muṅsuḥ rahadèn suratsarim, paniṅgiḥ nak sanakipun, woṅaguᶇ paraᶇtéja, panarinya risaᶇ darundiya praƀu, makṣihaṅabdi~iᶇ raka, iṅaṙyya maktal prajurit.
29. dinuta duk wahu mulat, aṙyya maktal sru kagètiṅajurit, iṅkaᶇ lèr wétanambrubul, pĕḍot dudu barisan, iᶇ sĕmuné punaᶇ baris katĕlabuᶇ, maṙmma kinènanalika, déniᶇ radèn suratsarim.
30. pĕḍoté baris lor wétan, aturira rahadèn suratsarim, dèntĕn dadamĕl kaᶇ rawuḥ, iṅgiḥ sakiᶇ lèr wétan, prāptanipun kaᶇ wadya lajĕṅanĕmpuḥ, iṅgiḥ sakiṅiᶇ lèr wétan, ṅamuk saguṅiᶇ para ji.
31. amba mor baris kaṅañar, amriḥ taña ƀaṭāra ñakrawati, iᶇ jamintoran kaᶇ rawuḥ, śrī maha sadarṅalam, ambĕbantu~iᶇ raka jĕᶇ saᶇ sultanu, lajĕᶇ praᶇ ṅliṅkuᶇ liwĕran, mamuk sawadya prajurit.
32. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, laṅkuᶇ kagyat ñana putranya prāpti, kélaswaratmaja milu, suratsarim tur sĕmbaḥ, botĕn ḍèrèk kinènatĕṅga kaḍatun, yèn maṅkono payo kakaᶇ, paḍa ṅuṅkal mamriḥ kiṅkin.

41. prajurit jamintoranambiyantu woṅaguᶇ. 

41. asmaradana 
1. yayi praƀu bantu jurit, aja koṅsi karépotan, payo sinĕru praᶇ kiyé, kakaᶇ mĕtokĕna gĕlar @, ira sañjata kaca, yayi wĕtokna gĕlaṙmmu, iya jĕmpariᶇ naraca.
2. payo ṅantĕpiṅajurit, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, śīǥra nitiḥ turaṅgané, maṅsaḥ nĕṅaḥ narik pĕḍaᶇ, woṅaguᶇ paraᶇtéja, jĕmpariṅira sumĕmbur, cṛêcĕpanibani mĕṅsaḥ.
3. ađipati guritwĕsi, sumyur sañjataña kaca, muṅsuhéwon mati gosoᶇ, tumpĕsan woᶇ jaminambar, praᶇ lawan lan woṅarab, kunaṙppa susunatimbun, tan kĕna~iṅucapĕna.
4. woṅaguᶇ paṅamuknèki, pira pira para rāja, iṅkaᶇ pinĕraᶇ pĕḍaṅé, tuwiniṅkaᶇ para putra, numpĕr paṅamukira, amraᶇ nacaḥ ṅiwat ṅiwut, kadya tananapak tala.
5. kaṅahlul kojaḥ mèṅĕti, praᶇ ramé~iᶇ jaminambar, mariᶇ praᶇ taṇḍiᶇ laminé, woṙṣuḥ pataᶇ puluḥ dina, kadya kiyamat kobra, botiᶇ praᶇ tanantuk wuwus, patiᶇ baḷĕṅĕr sadaya.
6. pamuké ratu prajurit, tanana kaᶇ nĕdya gĕsaᶇ, sumuṅku sru paṅamuké, myaᶇ sultan kamidilṅalam, wuruné~awor ragab, munpaṅat sariranipun, lamun kinarubutiᶇ praᶇ.
7. kaᶇ makṣihèṅĕtiᶇ jurit, muᶇ woṅaguᶇ paraᶇtéja, ‍èṅĕté rumĕkṣèṅakèḥ, yèn sāmpun woṙṣuhiṅapraᶇ, mĕtu saprajuritnya, sakiᶇ jroniṅapraᶇ rusuḥ, winulad saguᶇ wadya rab.
8. prajurité kaᶇ para ji, siṅa nipis tinuluṅan, siṅa kapĕṅkok dèn corok, kaᶇ kapĕndiriṅidĕran, mubĕᶇ paréntahira, mulané~aṅguᶇ rahayu, praṅé gaṛĕbyuḥ woṅarab.
9. ĕndi rahayuné jurit, praṅé gaṛĕbyuḥ woṅarab, panakĕḍik papatiné, jitus jiwu lawan mĕṅsaḥ, bisané~aṙyya maktal, dènya rumĕkṣèᶇ wadya guᶇ, milané kaᶇ para rāja.
10. amuké tan toliḥ wuri, ṅandĕlakĕnaṙyya maktal, jroniᶇ praᶇ nĕpsuné sarèḥ, rèrèḥ kobĕranupikṣa, paṅamuké wadya rab, iṅkaᶇ kasĕlut kalimput, tinut tinutup kaᶇ mĕṅsaḥ.
11. tinuluṅan naṅgulaṅi, muṅsuhiṅudanan panaḥ, pan naraca jĕmpariṅé, cṛêcĕp maratani mĕṅsaḥ, kaᶇ kandĕl kinandĕlan, winawas pratikĕlipun, kaᶇ pantĕsiṅamuk pĕḍaᶇ.
12. gada bindi cacab ḷĕmbiᶇ, prajurité wus pinataḥ, tĕtĕp pamugari gĕḍé, ṅayomi~ayĕmiᶇ wadya, paṇḍé piṇḍa paṇḍékar, paṅṛêti paṅrumpak pamuk, pamĕṅkaᶇ réwaᶇ kaliṅan.
13. réwaᶇ kataṅgĕlisaglis, tinulak muṅsuḥ kaᶇ mĕlak, binaṅgèl muṅsuḥ kaᶇ ṅontèl, kulon kalulun ṅilonan, kidul kadĕdĕl mĕdal, sabalané ṅalor ṅidul, kasabĕt sabĕtiṅapraᶇ.
14. baris pĕtĕᶇ dèn ḍatĕṅi, anṛêka bok sahésalam, laṅkuṅaṅèl paṅgénané, amomor pamoriᶇ bala, maṅkana~aṙyya maktal, anuduḥ prajuritipun, mijil roṅèwu turaṅga.
15. kérid radèn suratsarim, nĕrak baris pamiṅgiṙnya, ṅaloraṅétan pajuné, mariᶇ baris jamintoran, sultan kamidilṅalam, kagyat gyanira~andulu, turaṅga nĕrakabayak.
16. ṅalèraṅétan dènuṅsir, kinĕtabaskaṙdduwijan, tinilar wahu pamuké, manawa saᶇ sahésalam, iṅan sakiᶇ papraṅan, sinandĕr kacaṇḍak tuṇḍuk, radèn suratsarim nĕmbaḥ.
17. laṅkuᶇ paṅuṅunirèki, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, andaṅu sira pagéné, tĕka~aṅliwati mĕṅsaḥ, suratsarim wotsĕkar, amba tinĕdaḥ babantu, iṅgiḥ ḍatĕᶇ rayi tuwan. 
18. iᶇ gĕlar kinèn mèṅĕti, prajuritiᶇ jamintoran, woṅaguᶇ sukèᶇ driyané, cĕṅkélak waṅsulanulak, makṣihaṅliga pĕḍaᶇ, siṅa kaᶇ pĕtĕᶇ tinĕmpuḥ, rugrag kapraṅgal kaprapal.
19. ambĕlasaḥ bosaḥ basiḥ, kĕna mriṅusamadiman, pamuké praƀu gulaṅgé, lir ṛĕkṣasa sèwu kuṙdda, rug ṛĕbahiṅkaᶇ kambaḥ, kadya bajra~iᶇ kapitu, gora ru~ara prahara.
20. yayaḥ baṇṭèᶇ tawan kanin, sayuta kaᶇ para rāja, myaᶇ satriya ƀupatiné, mantri prajurité samya, ṅantĕp paṅamukira, kadyaṙṣa sawĕndra guntur, gumuntur rèḥ magĕnturan.
21. śrī ƀupati burudaṅin, lirèṣṭi sakĕṭi mĕta, tan kĕna winuwus kèhé, papati muṅsuḥ kaṛĕmpak, déniᶇ palu ranté mās, wahu kaᶇ ratu guṅaguᶇ, liwuᶇ wuru paworiᶇ praᶇ.
22. wahu radèn suratsarim, prāptèᶇ baris jamintoran, kapaṅgya~anitir bĕṇḍé, śrī ƀaṭāra sadarṅalam, kuda roṅèwu prāpta, kagyat pañanané muṅsuḥ, satriyané śīǥra tĕḍak.
23. nĕmbaḥ radèn suratsarim, amba prajurit kupaṙmman, jĕᶇ rayi tuwan dutané, woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, paraniᶇ praᶇ punika, wadya tuwan pamukipun, biliḥ suwĕᶇ sakiᶇ gĕlar.
24. saᶇ nāŧa gĕpaḥ nahuri, laḥ ya~iku gĕlarapa, woᶇ ṅamuk woṙṣuḥ maṅkéné, radèn suratsarim nĕmbaḥ, tan kéṅiᶇ ginagampaᶇ, raka pāduka pukulun, jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
25. paréntaḥ sabṅu piyatin, salaminé praᶇ punika, salin piᶇ gaṅsal gĕlaré, yèn makatĕn kèndĕlana, pamuké wadya nata, śīǥra paréntaḥ saᶇ praƀu, mubĕṅiṅkaᶇ bĕṇḍé samas.
26. kaᶇ miyaṙṣa samya~éliᶇ, unduré lir sinariṅan, asru ṅandika saᶇ katoᶇ, payo dutané yayi mās, wadyèṅsun pasaṅĕna, iᶇ gĕlariṅkaᶇ pikantuk, amrihèṇṭèṅiṅayudđa.
27. śīǥra~aṙbbaṅu piyatin, kuda sèwu pinarapat, iṅkaᶇ maṅka paṅiridé, wusanut woᶇ jamintoran, kaliḥ paṇṭa kaᶇ maṅsaḥ, sakiᶇ lèr lan wétan nĕmpuḥ, kaᶇ kantunanusul mĕṅsaḥ.
28. sakiᶇ kilènaṇḍatĕṅi, kontrag bala jaminambar, muṅsuhaṅsahé salin gon, kawur kéron barisira, muṅsuḥ prāpta marapat, gègèr biṅuᶇ punaᶇ muṅsuḥ, ‍éca samya~iṅamukan.
29. kèḥ loṅé muṅsuḥ kaᶇ mati, apĕs kapasukan gĕlar, kapapas biṅuᶇ polahé, suka wadya jamintoran, kunĕᶇ maliḥ winaṙṇna, paṅamuké kaᶇ pra ratu, sami tan konduriṅapraᶇ.

42. praƀu rabusamawati pagas jaṅganipun déniᶇ woṅaguᶇ. 

42. duṙmma 
1. lir ṛĕkṣasa krura sayuta mamaṅsa, pira pira papati, pan walahu~aklam, allaḥ kaᶇ luwiḥ wikan, ṅawruhi kyèḥniᶇ papati, sadina dina, kĕṭèn yutan papati. 
2. rāja rabusamawati pamukira, momor lawan para ji, asalin makuṭa, kruné kaᶇ para rāja, kaᶇ kapara~agĕᶇ kĕḍik, mriḥ ywa wistara, yèn rabusamawati.
3. iṅkaᶇ kandĕl tinĕmpuḥ woṅarab mĕcaḥ, dadya tisṅu piyatin, kaᶇ wus dadi paṇṭan, lamun tinĕmpuḥ pĕcaḥ, sapaṇṭa sulus piyatin, maṙmma kaᶇ pĕjaḥ, papatiné~akĕḍik.
4. ṅiwat ṅiwut paṅamuké sahésalam, rinĕkṣa ṅaṙṣa wuri, miwaḥ kériᶇ kanan, sultan kamidilṅalam, kaᶇ pinrihaja mraṅguhi, maṙmma saᶇ nāŧa, iriban pamuknèki.
5. jroniṅapraᶇ pinuṅsĕᶇ sadina dina, suprandéné tan paṅgiḥ, praƀu sahésalam, gubĕdaṅguᶇ liṇḍuṅan, wus paṣṭi kaṙṣa hyaᶇ widđi, kariya roᶇ jam, watĕsé~umuṙnèki.
6. nora kĕna ginégé pĕcatiᶇ ñawa, yèn watĕs duruᶇ paṣṭi, sanadyan kariya, sĕsaṅat nora kĕna, wĕtuné maṅsané pati, praƀu sésalam, iṅubṛês dèrèᶇ paṅgiḥ.
7. para ratu kaᶇ kapraṅgul matur nĕmbaḥ, pukulun tan pinaṅgiḥ, gèniᶇ sahésalam, woṅaguṅaṅandika, hèḥ kakaᶇ praƀu sambaji, sira ywa tĕbaḥ, anèṅa wuri mami.
8. supayané mĕṅko yènana katiṅal, si rabusamawati, sira kaᶇ tuduha, kakaᶇ mriᶇ jĕnĕṅiᶇwaᶇ, rāja sambaji wotsari, nuwun sandika, sambaji matur maliḥ.
9. nuwunaturuniṅa riᶇ jĕᶇ pāduka, santana kahélani, kaᶇ sami nak sanak, iṅgiḥ lan putra tuwan, pulunan kawula sami, sadaya pĕjaḥ, déné ta para~aji.
10. tigaᶇ daśa wolu kèhiᶇ ratu kélan, satus kaᶇ pra đipati, wadya lit saḷĕkṣa, kaᶇ para ratu paman, kadaᶇ kawula sayĕkti, sakawan pĕjaḥ, iṅgihiᶇ dintĕn wiṅi.
11. laḥ ya kakaᶇ wus paḍa mati~utama, sambaji matur maliḥ, ḷĕhĕᶇ rayi tuwan, praƀu gulaṅgé ṅrokam, pĕnĕdanuṅgila gusti, ṅiras rumĕkṣa, asriᶇ ñañami waṙṇni.
12. jroniᶇ pamuk damĕl kagètiṅkaᶇ manaḥ, lir rabusamawati, woṅaguᶇ ṅandika, laḥ kakaṅulatana, yayi gulaṅgé dènaglis, rājèᶇ kudaṙyya, nĕmbaḥ śīǥra ṅulati.
13. tanadaṅu kapaṅgiḥ saᶇ rājèᶇ rokam, kèndĕl paṅamuknya ji, sāmpun ḍinawuhan, kériᶇ gulaṅgé nata, maraṅiᶇ rāja sambaji, prāptèᶇ ṅaṙṣa saᶇ, sultanu nabda yayi.
14. anuṅgala~iṅsun bahé pamukira, aja mamaḍa waṙṇni, lan si sahésalam, sun prihéṅgala kĕna, aja ṅlĕlawas praṅiki, gulaṅgé nĕmbaḥ, iṅgiḥ sandika gusti.
15. ya ta wahu woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja, paréntahiᶇ pra mantri, woluṅatus kuda, piniji~ambĕṇḍéya, mantri siji bĕṇḍé siji, aṅubĕṅana, bĕṇḍé jabaniᶇ baris.
16. lawan tĕtĕg tĕṅara~undurunduran, sakiᶇ kakuniᶇ galiḥ, wahu~aṙyya maktal, dènira sahésalam, alami datan pinaṅgiḥ, sajroniṅapraᶇ, nuju dina sawiji.
17. amiyaṙṣa tĕṅara~undurunduran, saguṅiṅkaᶇ miyaṙṣi, kadya sinariṅan, unduré para rāja, woṅaguᶇ surayèᶇ ƀumi, kèndĕlaṅiwa, tĕḍak sakiᶇ turaṅgi.
18. aṅandika jĕᶇ sultan kamidilṅalam, yayi gulaṅgé~iki, yayi paraᶇtéja, kaᶇ ṅundurakĕniᶇ praᶇ, ya ta kadulu naṙppati, śrī sahésalam, agĕᶇ tyasira sami.
19. paṅrasané muṅsuhé kĕkĕs lumajar, tan wruḥ yènaṅgĕlari, amriḥ ṅatiṅala, ratuné sahésalam, maṅkrak prasamya~aṅuṅsir, śrī sahésalam, ya ta wahu kahèkṣi.
20. aṅandika jĕᶇ sultan kamidilṅalam, yayi gulaṅgé~iki, katon sahésalam, śīǥra nitiḥ turaṅga, saṙwwi pĕḍaṅé tinarik, aṅĕtab kuda, nandĕr lir péndaḥ mimis.
21. śīǥra praƀu kudaṙyya lan praƀu ṅrokam, samya nandĕr nut wiṅkiᶇ, mosik daḷĕm driya, sultan kamidilṅalam, yèn sunuripana~iki, iṅsun bandowa, tan wuruṅala maniᶇ.
22. pan woṅiki~alané kaliwat liwat, gĕgĕḍĕgiᶇ sa ƀumi, śīǥra ṅikal pĕḍaᶇ, sahésalam tumiṅal, gumĕtĕr ruganiṅali, prajurit ṅarab, gumuluᶇ maṅsaḥ maliḥ.
23. rāja rabus śīǥra~añamĕṭi kuda, nandĕr wus dèn lañcaṅi, mriṅaskaṙdduwijan, pinĕḍaᶇ jaṅganira, pagas wus tumibèᶇ siti, turaṅganira, kampat sigarapaliḥ.
24. gumaluṇḍuᶇ muṙddanira sahésalam, gumĕbrug tibèᶇ siti, aṅgané saᶇ nāŧa, surak prajurit ṅarab, yayaḥ ṛĕbahiṅkaṅaṙddi, woᶇ jaminambar, kĕkĕséram niṅali.
25. para ratu satriya~iᶇ jaminambar, mawur kawuraṅisis, wrin ratuné pagas, gĕmbuᶇ lanĕṇḍas pisaḥ, dadya nĕdya nuṅkularis, boṅkok kaṅastra, sinèlèḥ dèn suṅkĕmi.
26. para ratu ṅarab wusakèḥ kaᶇ prāpta, samya~aṅrubuᶇ jisim, sami~asuᶇ lanat, iᶇ baṅké sahésalam, satriya myaᶇ pra ƀupati, kabèḥ wèḥ lanat, ajur mumur kaᶇ jisim.
27. aṅandika jĕᶇ sultan kamidilṅalam, maraᶇ sapaṙddanaris, hèḥ sira malbuwa, kaḍaton jaminambar, lan pañca tus tri daśa ji, kaᶇ rāja raja, ṛĕkṣanĕn kuṭa~iki.
28. bésukésukiṅsun panaṙṣa~uniṅa, iṅsun lagya~aṅanti, yayi jamintoran, rāja sapaṙddan nĕmbaḥ, sadaya~aturirèki, kaᶇ rāja raja, limaṅatus tri dèsi.
29. bubar kondur jĕᶇ sultan kamidilṅalam, lan sawadya para ji, sāmpun masaṅgrahan, aṅanti prāptanira, saᶇ praƀu~añakrawati, iᶇ jamintoran, kaᶇ mĕṭukanimbali.
30. pan woṅaguṅiᶇ paraᶇtéja wus paṅgya, laṅkuᶇ dènya noragi, nāŧèᶇ jamintoran, mriṅaṙyya paraᶇtéja, alon tĕmayanira ṅliᶇ, tuwan ṅaturan, lan pinariṅudani.
31. lamun nāŧèᶇ jaminambar sāmpun léna, wadyanya sami gusis, iṅkaᶇ nuṅkul kaṭaḥ, pāduka~iṅantosan, sami~amarikṣa laṅit, raka pāduka, panaṙṣa niniṅali.
32. aṅandika gupuḥ nāŧèᶇ jamintoran, iṅgiḥ yayi suwawi, wahu mĕṅsahira, wus sami myaṙṣa waṙŧa, pĕjahé ratuné sami, gusis lorodan, ḍasar kasoriᶇ jurit.
33. śīǥra bubar barisagĕᶇ jamintoran, wahu śrī narapati, bayak muṅgwiᶇ kuda, apan kadya kinĕmbar, waṅuṇané śrī ƀupati, lanaṙyya maktal, tuhu pĕkik ṛĕspati.
34. samya ciṅak pra ƀupati ṅuṅakuṅak, mariᶇ gustiné sami, tuṅgil waṅunira, lanaṙyya paraᶇtéja, sisiku tanaṅĕblĕgi, pasaᶇ sarira, manis pasĕmon sami.

43. woṅaguᶇ mrikṣani kaḍaton jaminambar. 

43. ḍaṇḍaᶇgula 
1. paṅaṙṣaniᶇ lampaḥ sāmpun prāpti, katuriᶇ sultan kamidilṅalam, lamun kaᶇ rayi prāptané, woṅaguᶇ śīǥra mĕṭuk, sajawiniᶇ pakuwon prāpti, tĕḍak sakiᶇ turaṅga, umara tumuṇḍuk, śrī ƀaṭāra jamintoran, nĕmbaḥ ṅarasiᶇ pada cinaṇḍakaglis, saṙyya lonaṅandika.
2. yayi praƀu~aja~aṅaƀĕkti, śīǥra kinaṇṭi wahu kaṅasta, binĕktèᶇ paḷĕṅgahané, samya raṅkul rinaṅkul, samya~arasiṅaras gĕnti, daṅuné paḷĕṅgahan, saguᶇ para ratu, sadaya samya salaman, nāŧèᶇ rokam ṅarèni saṙyya naṅisi, déniᶇ kadya supĕna.
3. pan punika titimbaṅannèki, iᶇ baᶇ kilèn sami guṅiᶇ praja, binaṭara karatoné, datan racuk rinacuk, jamintoran sanèsagami, sāmpun nuṅgilagama, iᶇ salaminipun, lan sultan kamidilṅalam, piraᶇ piraᶇ turunan gama~ibrahim, nagari jamintoran.
4. mila praƀu gulaṅgé naṅisi, maraᶇ śrī ƀupati jamintoran, déniᶇ maṅké panuṅgilé, iṅagama pinuñjul, ṅuni datan purun dèniriᶇ, maṅké paṛĕᶇ panuṅgal, mila laṅkuᶇ ṅuṅun, saᶇ praƀu gulaṅgé ṅrokam, lamun dèrèᶇ waktunira~amaṛĕṅi, iᶇ rèḥ niṣṭa lanaṙjja.
5. laṅkuᶇ suka piṛĕsĕp tan sipi, nĕṅgiḥ sultanaguᶇ jamintoran, datan ṅĕsoṙkĕnaṅgané, samya ṅulur luluhur, sami sakiᶇ nabi~ibrahim, sultan kamidilṅalam, tĕḍak piᶇ sapuluḥ, śrī ƀupati jamintoran, piᶇ sawĕlas tĕḍak sakiᶇ nabi brahim, dadya nèm tĕtĕpira.
6. sèwu suka dènira papaṅgiḥ, wadyanira wus sinuṅan pṛênaḥ, aṙyya maktal pakuwoné, sapaliḥ palihipun, ađipati~iᶇ guritwĕsi, bala~iᶇ jamintoran, pan kaliḥ gènipun, naṙppatiné nèᶇ ṅajĕṅan, tanapisaḥ lan nata surayèᶇ ƀumi, lajĕᶇ dènya ƀojana.
7. para ratu jamintoran sami, iṅandikan lan satriyanira, ratu paṅaṙṣa kaᶇ ḍèrèk, iṅkaᶇ ƀinĕkta~amuᶇ, kawanatus sawidak kaliḥ, sapaliḥ kaᶇ tinilar, tĕṅga prāja puṅkur, para ratu jamintoran, wusanuṅgil sajroniᶇ ƀojana sami, lan para ratu ṅarab.
8. pan sadalu kawuwusa~éñjiᶇ, bala sawéga~apan samĕkta, gumuruḥ dukiᶇ buḍalé, kĕrig kaᶇ ratu ratu, apanaṙṣa~ambubraḥ laṅit, saguᶇ wadyaniᶇ wadya, tanana kaᶇ kantun, sapaṙddan sakañcanira, woṅiᶇ jaminambar wus kaṭaḥ sumiwi, maraᶇ patiḥ sapaṙddan.
9. piraᶇ yuta kaṅamĕṭuk sami, jawi kiṭa lan patiḥ sapaṙddan, saṛĕᶇ mañjiᶇ jro kiṭané, sultan kupaṙmman wahu, akĕkaṇṭènasta lan rayi, sultaniᶇ jamintoran, miwaḥ para ratu, prāptèᶇ jro kiṭa sadaya, kaᶇ pra ratu ƀinĕkta miṅgaḥ mriᶇ laṅit, niṅali mamarikṣa.
10. sahubĕṅé sahisiniᶇ laṅit, miwaḥ suwaṙgga lawan naraka, wulan lintaᶇ lan sṛêṅéṅé, samya~éramandulu, iᶇ pratiṅkaḥ sasoriᶇ laṅit, kaᶇ kadya sahésalam, iᶇ paṅgawénipun, lan prakosa saha wignya, paṅgawéné tanana bisa néladi, myaᶇ sugiḥ tan na maḍa.
11. laṅit wĕsi kaᶇ ṅisor pribadi, nulya ṅiṅgilé laṅit tĕmbaga, paruṅgu sari ṅiṅgilé, anulya ṅiṅgilipun, punaᶇ laṅit salaka putiḥ, nulya laṅit suwasa, laṅit masiᶇ luhur, iᶇ balé ṅaras gènira, iᶇ bañjĕṅé~apan paswaṙggan linuwiḥ, ḷĕt pagĕr mās tinrañcaᶇ.
12. pĕpĕṭétan natar swaṙgga rukmi, tirisan mās sadĕdĕg luhuṙnya, galuguné balaraké, tapas lan mañcuṅipun, pan sadaya kalapa sawit, bluluk cĕṅkir dĕgan mās, kéṇḍo kiriṅipun, ḍomas kaᶇ tirisanĕmas, pucaᶇ ḍomas sajroniᶇ tirisan pirid, paparaḥ pinarapat.
13. añadĕdĕgiṅkaᶇ pucaᶇ sami, goḍoṅĕmasupiḥ mayaṅĕmas, ‍‌ĕmas sadaya jambéné, parikiᶇ ṅaṙṣanipun, ḍomas maliḥ kuṙmma masadi, tĕpuᶇ maṅgis pijĕtan, pan sami mās luru, jĕrukĕmas lan jambu mās, kĕnari mās cĕmara masiwèn sami, mésa masunta~ĕmas.
14. baṇṭèᶇ mĕñjaṅan kidaᶇ mās sami, sĕnuk kuldi bihal jawi mās, blĕgdaba mās lan mèmrèṅé, bañak sata mās luru, muᶇ manuké suṅgiṅan sami, rinaja wṛêdi~éndaḥ, nutiṅuḷĕsipun, sawaṙṇniné mamanukan, pĕpak saṅkĕpana~iᶇ taru masadi, aglar natariᶇ swaṙgga.
15. sinĕbaran pakaja widuri, miraḥ nila lan ṛĕtna cĕmpaka, pakaja~ijo lan jĕné, tuwin yakut jumĕrut, kaᶇ maligé~agĕᶇ pasagi, ‍‌ĕmas kori marapat, kanan kériṅipun, mataṅatus kaᶇ wiśma mās, pan sabilik bilik gyaniᶇ widadari, putri rāja minaṅka.
16. kaᶇ rumĕkṣa malékat kabiri, pataṅatusiku tuṅgonira, iᶇ suwaṙgga ṛĕṛĕkṣané, piṅgiran ḍuᶇ kumĕṇḍuᶇ, gĕḍaṅĕmas piṇḍa gumaḍiᶇ, dĕbog mās pupusira, sutra jo winiru, lan ciṇḍé jo tuwinabaᶇ, kĕlarasé tabur tabur lan majĕṭi, kakalèn botrawi mās.
17. aṅubĕṅi kaswaṙggan tulya śrī, toya~awĕniᶇ patiᶇ gaḷĕbyar, déné gotamajupaté, iṅkaᶇ mawi soripun, yèn wusañjogiᶇ laṅit wĕsi, iṅkaᶇ mawi karakab, laṅit ṅisoriku, kadya~irigaraṅaraᶇ, tinarañcaᶇ yèn kaṙyya~udananuli, karakabé binuka.
18. pambukané~apan putĕr giliᶇ, kaᶇ minaṅka méǥa kukusira, sor suwaṙgga narakané, gĕḍoᶇ wĕsi barukut, iṅisénanaṛĕᶇ kusambi, lamunububan ṅaṇḍap, ratu pituᶇ puluḥ, mati kaᶇ sabaraᶇ kaṙyya, aṅamuṅkĕn majĕgi~aṛĕᶇ kusambi, aṅisèni naraka.
19. ratu salawé mati ṅububi, pagiliran muᶇ sakañcanira, yèn wusabaᶇ ḍaḍasaré, wĕsi lan ḍasaripun, sami kèndĕl dènya ṅububi, yèn wus gĕpok tutupnya, moṅaḥ moṅahiku, dodosan patiᶇ kaṛĕñcaᶇ, sinèṇḍèkkĕn winĕtara dosanèki, cinĕmpluᶇ dosa kisas.
20. nora koṅsi saprapat jam maliḥ, pan dadyaṛĕᶇ lamun satĕṅaḥ jam, dadi~awu babaluṅé, samya~éram kaᶇ dulu, duk woṅaguᶇ samya lumaris, aniṅali naraka, putĕr giliṅipun, binuka tutup naraka, gĕni mubaléram dènira niṅali, sultan kamidilṅalam.
21. para ratu sadayébat sami, gya woṅaguᶇ waṅsul mriᶇ kaswaṙggan, kèndĕliᶇ balé maligé, iᶇ tuṇḍa mās maṅuntur, kinèn nacaḥ kaᶇ widadari, maraᶇ patiḥ sapaṙddan, kaᶇ paṅajĕṅipun, kaᶇ sami putriniᶇ rāja, pataᶇ samas kawanèwu kaᶇ pawiṅkiᶇ, roᶇ ḷĕkṣa wuri pisan.
22. winĕdalkĕn saguᶇ widadari, kinèn nitik para ratu~iṅkaᶇ, limaṅatus tri dasané, manawa na puniku, widadari putriné sami, ratu kaᶇ ḍiṅinislam, ratu limaṅatus, lan puñjulé tigaᶇ daśa, yèn putriné~ana mañjiᶇ widadari, pinariṅakĕn samya.
23. samya suka pañcatus para ji, patiḥ sapaṙddan ṅatuṙkĕn surat, cacaḥ para ratu kabèḥ, iṅkaᶇ sāmpunanuṅkul, kaliḥ ḷĕkṣa kaᶇ sāmpun prāpti, woṅaguᶇ lon ṅandika, kabèḥ para ratu, iya paḍa sadatĕna, widadari sadaya ƀinĕkta mijil, taṅisumyaᶇ gumĕraḥ.
24. muᶇ kaᶇ limaṅatus tri dasèki, pinariṅkĕn mriᶇ suđaṙmmanira, patiḥ sapaṙddan sĕgahé, aṅgili~iṅgahipun, wus tinata~iᶇ laṅit rukmi, sultan kamidilṅalam, pan makṣiḥ dudulu, lawan saguᶇ para nata, aniṅali~iᶇ sūṙyya kalawan sasi, ṭaṭit lintaᶇ lan kilat.
25. balabaganintĕn kaᶇ kinaṙddi, sinara wèdi kinaṇṭa taṅgal, sapisan kapiᶇ kalihé, piᶇ tri kapiᶇ patipun, saturuté pinatar putiḥ, kadya siliriᶇ bawaᶇ, kinaṭok jronipun, iṅisénanĕmas tuwa, iṅañcuran dadya hèré sorot kuniᶇ, kadya gĕbyariᶇ wulan.
26. waṙṇni tigaᶇ daśa mās kinaṙddi, linapisanintĕn miyar miyar, iñcĕr kaᶇ maṅka lakuné, putĕr giliᶇ lumaku, iṅaliṅan sutra tan kèkṣi, kadya simbariᶇ méǥa, putĕr tan kadulu, sadaya dédé~istidrat, amuṅakal sūṙyyané~iṅkaᶇ kinaṙddi, intĕn piniṇḍa ḍulaᶇ.
27. kinipiṅanubĕṅé pipiṅgir, binoloṅan kadya tinarañcaᶇ, dèn kras kaliṅan lakuné, ginoyaᶇ lampahipun, guᶇ sinĕṇḍal sĕṇḍal tinarik, hèré~agĕbyar gĕbyar, soroté sumawur, lintaṅintĕn sinundukkan, intĕn siji yènalit kapraḥ kaᶇ mañjiᶇ, intĕné salawé praḥ.
28. agĕᶇ lintaᶇ ḍompol satus sami, ginantuṅaniᶇ laṅit sadaya, tambuḥ cacahé~intĕné, tuhu sugiḥ pinuñjul, soriᶇ wiyat tanana taṇḍiᶇ, liya nabi suléman, iᶇ jaman rumuhun, bisa lamunaṅaṙṣakna, sawuriné tanana bisa ṅlakoni, kaᶇ kadya sahésalam.
29. kaᶇ kinaṙyya kilat lawan ṭaṭit, iya~intĕn boloᶇ tinarañcaᶇ, amuᶇ kakalihiñcĕré, sinĕṇḍal ṅalor ṅidul, papalayon soroté sami, mila kaṭaḥ kaᶇ wadya, anèᶇ laṅit luhur, winastanan malahékat, pakaṙyyané binĕbahan siki siki, ana woᶇ pituᶇ ḷĕkṣa.
30. cinarita roᶇ dina roᶇ bĕṅi, mubĕᶇ mubĕᶇ saguᶇ para rāja, niniṅali~iᶇ laṅité, ya ta wahu woṅaguᶇ, iᶇ kaswaṙggan kèndĕlé sami, jroniᶇ laṅit kañcana, balé ṅarasipun, iṅkaṅasĕsaka ḍomas, ‍‌ĕmas dèn lis pinatikiᶇ sosotya di, hèr lahut lan hèr kĕmbaᶇ.
31. miraḥ pakaja nila widuri, saguᶇ ṛĕtna ṛĕtna kaᶇ mulyéndaḥ, banèji sosoka kabèḥ, milanipuniᶇ dalu, tanpa dilaḥ paḍaᶇ nĕlahi, apan datan karuwan, rina wĕṅinipun, paḍaṅé~iᶇ balé ṅaras, wawatoné balé binèji ṛĕtna di, intĕnaṅroniᶇ kamal.

44. woṅaguᶇ tindak ḍatĕᶇ jamintoran. 

44. sinom 
1. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, ƀojana lan para~aji, muṅgèṅiᶇ laṅit kañcana, iᶇ balé ṅaras rinukmi, suka saguᶇ para ji, tanana~iṅkaᶇ winuwus, muṅébat paṅuṅunnya, duruᶇ tumon para~aji, iṅkaᶇ kadya pakaṙttiné sahésalam.
2. nĕmu pati siya siya, doñané datanpa kaṙddi, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, paṅandikanira~aris, hèḥ sapaṙddan sirèki, iṅkaᶇ jumĕnĕṅa ratu, iᶇ nagri jaminambar, sapaṙddan tur sĕmbaḥ naṅis, aḍuḥ gusti byatawratiᶇ siḥ pāduka.
3. owĕl prayogi jĕᶇ tuwan, kaᶇ madĕga narapati, nagri~agĕᶇ tanpa sama, jajahané kaliḥ waṙṣi, para ratu sakĕṭi, tigaᶇ ḷĕkṣa kaᶇ sumuyud, sultan kamidilṅalam, mèsĕmaṅandika~aris, sira bahé~iᶇ kéné madĕga rāja.
4. wotsari patiḥ sapaṙddan, yèn tan ṅaṙṣakkĕn jĕᶇ gusti, muṅiṅgiḥ putra pāduka, jĕᶇ gusti~iᶇ paraṅakik, jumĕnĕṅa~iᶇ ṅriki, kawula~ĕmbananipun, pĕkik lir hyaᶇ hyaᶇ jagad, ṅéntaṙkĕn laṅĕniᶇ ƀumi, kaᶇ sumĕṛĕp madĕg nāŧèᶇ jaminambar.
5. lir hyaᶇ kumarèᶇ ƀuwana, sinĕmbaḥ ratu sakĕṭi, mandaḥ suyudé kaᶇ wadya, woᶇ jaminambar siḥ ƀĕkti, daṙbbé ratu rasĕkṣi, samantĕn siḥ suyudipun, sultan kamidilṅalam, paṅandikanira~aris, nora kĕna jayusman samsumurijal.
6. prajané kaᶇ wus batuwaḥ, caṅkoké~iᶇ paraṅakik, ibuné maṅsa~awèha, santanané kaᶇ para ji, kabèḥ maṣṭi goṇḍèli, tan kĕna sāmbat sirèku, matur patiḥ sapaṙddan, iᶇ kaṙṣa pāduka gusti, yèn makatĕn ḷĕhĕṅiṅgiḥ pinarapat.
7. sutané patiḥ duljalal, jalu prāpta~aṅaƀĕkti, kahatura~iᶇ pāduka, pun makrubiṅgiḥ sisiwi, pun makrubatmajèki, jalu prāpta sāmpun nuṅkul, anutagama tuwan, labĕtiᶇ rèḥ ṅuni~uni, titilaré para mukarab sakawan.
8. jabrahil patiḥ duljalal, abuburham sutanèki, makrub sutané tasliman, makrub sutanipun pĕkik, risṅalam kaᶇ wawaṅi, alon ṅandika woṅaguᶇ, gawanĕn ṅaṙṣaniᶇwaᶇ, iṅawé katiga prāpti, suka miyat jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
9. ḍapuré sami prayoga, umadĕg śrī narapati, woṅaguṅalon ṅandika, lahiya~iṅsun turuti, sapañjalukirèki, sunadĕgkĕn kabèhiku, sira dadiya tuwa, pandumé kaᶇ para~aji, sira mèta roṅèwu kacèk naréndra.
10. lan woluṅatus miliha, prāja gĕḍé gĕḍé sami, sāmpun pinacĕk ṅéstrénan, déniᶇ saguṅiᶇ naṙppati, tinarik tuṅgal liṅgiḥ, lan para ratu guṅaguᶇ, rāja sapaṙddan tuwa, aṅrèḥ kaᶇ naréndra katri, rāja~abuburham lan rāja risṅalam.
11. katriné rāja tasliman, pinarapat kaᶇ nagari, maṅkana~apĕparéntaḥ, yèn baḍé~ambubraḥ laṅit, iya sadina béñjiᶇ, wiwita pambubrahipun, pinatahiᶇ paréntaḥ, sikĕpé ƀupati mantri, sajagulé pinariṅan laṅitĕmas.
12. gamĕl sĕrati sadaya, sikĕp dèn pariṅi sami, sikĕpé kaᶇ para nata, sikĕpé ƀupati mantri, sikĕpiᶇ pra prajurit, laṅit mās pariṅanipun, umaṅsaḥ kaᶇ jajaraḥ, gumuruḥ swaraniᶇ janmi, abubuhan paṅuṅsuṅiᶇ rajabrana.
13. woṅaguᶇ sāmpun tumĕḍak, kaᶇ jaraḥ rajabrana ji, kinumpulakĕn punika, iṅkaᶇ sayoga di~adi, myaᶇ saguᶇ widadari, ya ta wit laṅit binrubuḥ, woᶇ ƀumi jaminambar, cucuk ḍaᶇḍaᶇé sakĕṭi, pituᶇ kĕṭi maliḥ ṅagĕm palu gĕṭak.
14. pituᶇ kĕṭi maliḥ kampak, waduᶇ gaṇḍèn pituᶇ kĕṭi, tiniru déniᶇ woṅarab, gagamanambubraḥ laṅit, gumuruḥ tanpa siriᶇ, gara gara gĕntur kĕtug, swara rèḥ mabaruṅan, panaṇḍo gamĕl sĕrati, sakaṭahé sikĕp pipikul woṅarab.
15. bagéyan laṅit kañcana, laṅité salaka putiḥ, sakèḥ kaᶇ patiṅgi déśa, punika kaᶇ dèn bubuhi, dadya sikĕpiᶇ mantri, yèn laṅit mās daṙbbèkipun, patiṅgi pan maṅkana, siṅa kaᶇ duwé patiṅgi, iya~apan binagi laṅit salaka.
16. déné kaᶇ laṅit suwasa, patayar kaᶇ dèn bubuhi, siṅa kaᶇ duwé patayar, laṅit suwasa daṙbbèni, gora kagiri giri, tanpa paruṅyan rinuṅu, cinatur tigaᶇ candra, laminé~ambubraḥ laṅit, makṣiḥ kaṭaḥ tuṅgakan dèrèᶇ sampuṙṇna.
17. jĕᶇ sultan kamidilṅalam, jarahan sāmpun binagi, kadi ṅadat kalampahan, tuwin boyoṅan pawèstri, sadaya wus binagi, warata kaᶇ para ratu, sultaniᶇ jamintoran, pinuṇḍutan kaᶇ para ji, kaᶇ tinuduḥ rumiyin mriᶇ jamintoran.
18. saṛĕᶇ para ratu kélan, paṅirid rājèᶇ sambaji, ƀĕkta jarahan boyoṅan, ratu jamintoran nĕṅgiḥ, kaᶇ tinuduḥ ḍiṅini, sipulṅalam kaṇṭinipun, para ratu sadaśa, buḍalan rāja sambaji, bala kélan wontĕn kawan wĕlas yuta.
19. kaᶇ kantun nèᶇ jaminambar, woṅaguᶇ ṅrata~agami, lawan bébasakĕn samya, dènira~ambubraḥ laṅit, kalihaniṅkaᶇ rayi, jamintoran sultanaguᶇ, sira praƀu sapaṙddan, taslimanabuburhami, sakawané saᶇ mahapraƀu risṅalam.
20. kaᶇ maṅka ratu wadana, sakawanaṅrèḥ para ji, sapaṙddan wadana ṅaṙṣa, sadaya wus samya prāpti, ratu~iṅkaᶇ sakĕṭi, kaliḥ ḷĕkṣa prāpta nuṅkul, sugata dina dina, mĕntaḥ matĕᶇ prāpta gili, laṅkuᶇ suyud mriᶇ sultan kamidilṅalam.
21. dènira~akaṙyya kuṭa, ratu kaᶇ papatanuṅgil, anèᶇ prāja jaminambar, baḍéné kaᶇ dèn kuṭani, sakidul kiṭa lami, maṅkana kaᶇ para ratu, kaᶇ karèḥ jaminambar, kandĕlagamané sami, wus maṅkana jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
22. pamit mriᶇ rāja sapaṙddan, sunaṙṣa buḍal tumuli, mariᶇ nagri jamintoran, ginawa mriᶇ yayi~aji, sapaṙddanawotsari, pukulunamba~anuhun, aṇḍèrèkiᶇ pāduka, akĕdahamba ṅaƀĕkti, iᶇ padané jĕᶇ gusti paṅéran kélan.
23. sapaliḥ kawula ƀĕkta, sapaliḥ tĕṅga nagari, para ratu jaminambar, satriya kaᶇ pra đipati, amba ƀĕkta sapaliḥ, alon ṅandika woṅaguᶇ, yènana kajatira, iṅsun tan bisa malaṅi, dyan ṅandika sultanaguᶇ jamintoran.
24. hèḥ yayi praƀu sapaṙddan, ya bĕnĕr kajatirèki, ṅiras wriniᶇ prajaniᶇwaᶇ, rāja sapaṙddan wotsari, nuwun sapaṅatiṅgiḥ, raka pāduka pukulun, lawan sapaṅat tuwan, sakṣana ṅuṇḍaṅi dasiḥ, buḍaléñjaᶇ sakiᶇ kiṭa jaminambar.
25. kadya samodra balabar, wutaḥ ṅalabi wanadri, śrī bagéṇḍa jamintoran, lampahé samaṙggi maṙggi, datan pisaḥ sahèṣṭi, abayak turaṅganipun, sultan kamidilṅalam, lanari śrī narapati, sadarṅalam śrī bagéṇḍa jamintoran.
26. wahu kaᶇ ṅriyini lampaḥ, sipulṅalam lan sambaji, ṅirid para ratu kélan, lan boyoṅan para putri, kaᶇ kawanatus sami, paṛĕkané kalihèwu, tawaniᶇ jaminambar, miwaḥ wastra barana di, kaᶇ ƀinĕkta rumiyin maṅka śasrahan.
27. prāpta pamiṅgir jajahan, sipulṅalamaṇḍiṅini, umaturiᶇ naṙppatmaja, tuṇḍukumatur wotsari, pukulun turudani, jaminambar bĕḍahipun, déniᶇ rama pāduka, ratu kaᶇ ṅakĕn hyaᶇ widđi, sāmpun pĕjahanèṅasmaradilaga.
28. mila kaliḥ rama tuwan, anuntĕn kondur mariki, sawĕgaṅradinagama, lawanaṙṣa bubraḥ laṅit, kaᶇ tinĕdaḥ ṅriyini, punuwa kudaṙyya praƀu, kaᶇ para ratu kélan, kérid saᶇ rāja sambaji, duk miyaṙṣa paṅéran jaswadiputra.
29. gĕpahamĕṭukiṅuwa, nak sanaké~ibunèki, iṅkaᶇ maṅka kamituwa, para ratu kahélani, wahu rāja sambaji, sakañcané para ratu, prāpta jawiniᶇ kiṭa, sipulṅalam ḍèrèk wuri, rājaputra ginaṛĕbĕg pra dipatya.
30. wus paṅgiḥ jawiniᶇ kiṭa, tuṇḍukiṅuwa ṅaƀĕkti, rinaṅkul tur tinaṅisan, mriṅuwa rāja sambaji, kérid paṛĕṅumañjiᶇ, jro kiṭa sabalanipun, oṛĕg woᶇ jamintoran, prāptané rāja sambaji, panaṙkkané jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
31. wus tétéla~iᶇ pawaṙŧa, yèn pra ratu~iᶇ kélani, balané saᶇ rājaputra, caṅkokasliné bunèki, nagari kahélani, kaᶇ kawĕṅku naṙppasunu, kaᶇ para ratu ḍomas, woᶇ kélan santana sami, pra ratuné pra đipati satriyanya.
32. sadaya sami santana, maṅkana prāptanirèki, wahu para ratu kélan, boyoṅan wastra brana di, kabèḥ mañjiᶇ jro puri, déné ta kaᶇ para ratu, makuwon tanatĕbaḥ, kanan kériᶇ pañcaniti, sinaruḍaḥ sinuṅga sinuba suba.
33. woᶇ jamintoran wus lama, samĕkta ṛĕṅganiᶇ kaṙddi, kunĕᶇ maliḥ winuṙṣita, iṅkaᶇ lalampaḥ nèᶇ maṙggi, jaminambar kawiṅkiᶇ, sāmpunaṅañcik wana guᶇ, prāpta~uṅgyan muwara, iṅkaṅiṅubĕṅan bèji, karamaté~iṅuni sultaniskandar.
34. ya~iṅkaᶇ sitiné pĕṭak, labĕté kaᶇ dèn nadari, déniᶇ putri jamintoran, ṛĕtna julusulasikin, tan pisaḥ dènya guliᶇ, jamintoran sultanaguᶇ, kalawaniṅkaᶇ raka, sultan kamidilṅalami, ṅalap baṙkkaḥ karamat sultaniskandar.
35. aṅraṇḍatakĕniᶇ lampaḥ, kèndĕl sabĕn mĕnara di, sami~aminumasiram, sawadya para naṙppati, tuwin wadya guṅalit, iṅuṇḍaṅan saṅu bañu, bèji sultaniskandar, pan ratu ratu sa ƀumi, kaᶇ daṙbbèni darajad piṇḍa~asmara.

45. paṅéran kélan ḍahup lan dèwi sulasikin. 

45. asmaradana 
1. wus laju lampahirèki, saḥ sakiᶇ bèji mĕnara, aṅétan ragi~aṅalèr, alami dènya lalampaḥ, kaᶇ wana wana bébas, paḍa kambahiᶇ wadya guᶇ, tan wruḥ sakiṙṇna sawaṙṇna.
2. maṅkana prāptanirèki, iᶇ talataḥ jamintoran, kadya suwak brak prajané, kambaḥ guṅé kaᶇ wadya rab, dadya~iᶇ jamintoran, kaᶇ ṅriyini lir susuluᶇ, kadya girindra~awĕndran.
3. oṛĕgiᶇ prāja mĕnuhi, prāptané bala nata rab, wus sawulanantarané, andina ratu kaᶇ prāpta, sèkĕt sèkĕt sadina, tanpa pétuṅan wadya guᶇ, kontrag saguṅiᶇ talataḥ.
4. déśa déśa~iṅkaᶇ prāpti, pagunuṅan paṅalasan, akèḥ prāpta lanaᶇ wadon, kaṅaṙṣa mulat woṅarab, jĕjĕl sajroniᶇ kiṭa, myaᶇ jawi kiṭa supĕnuḥ, kadya wutahiᶇ samodra.
5. maṅkana woṅaguᶇ prāpti, mañjiᶇ kiṭa saha bala, makṣihasarèḥ lampahé, lan kaᶇ rayi jamintoran, kèḷĕs wadya niniṅal, lampahé lajĕᶇ ṅaḍatun, jĕᶇ sultan kamidilṅalam.
6. kaᶇ putra mĕṭuk wus paṅgiḥ, tuṇḍuk rinaṅkuliᶇ rama, aḍuḥ wodiᶇ nalaniṅoᶇ, kaᶇ maṅka lajĕriᶇ driya, lajĕᶇ maḷĕbèᶇ pura, iṅaturanaṅaḍatun, kaᶇ raka saᶇ kakuṅiṅrat.
7. amakuwoniᶇ sitiṅgil, mahapraƀu jamintoran, kalawan pramèśwariné, kaḍaton katuriᶇ raka, sultan kamidilṅalam, saguᶇ naréndra guṅaguᶇ, makuwon wismèᶇ bupatya.
8. saguᶇ kaᶇ ratu pamiṅkiᶇ, makuwon jawiniᶇ kiṭa, lir wanaṙgga gora tinon, maṅkana kaṅanèᶇ pura, laṅkuᶇ sinuṅga suṅga, ‍éñjaᶇ soré marakipun, sarimbit śrī sadarṅalam.
9. ‍éñjaṅé ƀojana sami, sakaṭahé para nata, iṅandikan mriᶇ kaḍaton, ramé ƀojana jro pura, sultan kamidilṅalam, amanuḥkĕn para ratu, jaminambar jamintoran.
10. sadaya siḥ mamaṅun siḥ, para ratu jaminambar, lulut linulut sakabèḥ, maraᶇ ratu jamintoran, mantun taha tinaha, maṅkana~iᶇ cĕṇḍakipun, rājaputra wusaniṅkaḥ.
11. datan winuwusiᶇ kawi, ṛĕṛĕṅganiᶇ mawi krama, wiwaha maṅun karamèn, suka sukané kalintaᶇ, saguᶇ kaᶇ para nata, tuwin jamintoran praƀu, ṅĕntiᶇ suka parisuka.
12. saᶇ putri sapramèśwari, sasĕntana jamintoran, laminé~amoᶇ karamèn, jĕᶇ sultan kamidilṅalam, nèᶇ nagri jamintoran, pituᶇ wulan laminipun, putra putri moṅasmara.
13. anutug sukaniᶇ galiḥ, gĕṅiᶇ raras karasikan, sawiji dina saᶇ katoᶇ, śrī ƀupati jamintoran, pinarak lan kaᶇ raka, yayi~aṙṣa mulihiṅsun, mriᶇ kupaṙmman lilanira.
14. lan putranta yayi~aji, iṅsun gawa mriᶇ kupaṙmman, yayi~aja walaṅatos, ḍĕku nāŧèᶇ jamintoran, sukuralkamdulillaḥ, botĕnaṅrahos susunu, iᶇ siyaᶇ dalu sumaṅga.
15. ṅuṇḍaṅi wadya para ji, sanéṅga samĕkta buḍal, gumĕr gumuruḥ punaᶇ woᶇ, kadya ṛĕbaḥ sumarambaḥ, solaṙgga satus śasra, gora gra graḥ gumaṛĕgut, guṙṇnita tanpa paruṅyan.
16. ƀaṭāra~añakrawati, sadarṅalam jamintoran, ṅatĕr lan pramèśwariné, nĕdya waṅsul nagri ṅrokam, lalakon kaliḥ candra, wus saḥ sakiᶇ kuṭanipun, iᶇ prāja di jamintoran.
17. iᶇ maṙgga datan winaṙṇni, lampahé kaᶇ balakuswa, wus kaliḥ wulan laminé, ṅañcik talatahiᶇ rokam, kaᶇ pra đipati ṅrokam, sadaya kinèn rumuhun, rakit ṛĕṅganiᶇ nāgara.
18. pan kadya~amaṅun maliḥ, mawi wiwahaniᶇ krama, ambayaṅkaré tĕgĕsé, saᶇ praƀu gulaṅgé ṅrokam, iᶇ batinamutraṅkat, pra đipati kaᶇ rumuhun, lajĕᶇ papréntaḥ mamataḥ.
19. sahupaṛĕṅganiᶇ kaṙddi, asri būṣaṇaniᶇ praja, aṅĕntiṅiᶇ pakaṙyyané, rawuḥ saguᶇ para nata, sultan kamidilṅalam, sabalakuswa wus rawuḥ, aṅaḍaton jroniᶇ pura.
20. cinatur raméniᶇ kaṙddi, luwiḥ duk pajamintoran, saᶇ naṙppaputra paṅgihé, ginaṇḍok paṅgénanira, saᶇ praƀu jamintoran, makuwoniᶇ sitiluhur, déné saᶇ praƀu~iᶇ ṅrokam.
21. makuwonanèᶇ paṅapit, para ratu wusatata, wismèᶇ pra đipati kabèḥ, miwaḥ sultan jaminambar, sapaṙddan sinuᶇ pṛênaḥ, pikantuk sawadyanipun, sadina dina ƀojana.
22. asuka suka~aṅĕntiᶇ, tuwin sultan jamintoran, lawan saguᶇ santanané, pan nutug sukaniᶇ driya, miwaḥ sagaṙwwa putra, anèᶇ ṅrokam saṅapraƀu, sāmpun jaṅkĕp tigaᶇ wulan.
23. wus pamit śrī narapati, sultanaguᶇ jamintoran, aṛĕraṅkulanaṅkaté, lan sultan kamidilṅalam, miwaḥ ḍatĕᶇ kaᶇ putra, tuwin saguᶇ para ratu, wus samya halal bahalal.
24. aṅatĕr gulaṅgé~aji, nĕṅgihaṅsal lalampahan, sadaśa dina lampahé, maṅkana kèndĕl śrī ṅrokam, woṅaguᶇ saha bala, mèḥ supé pakaṙyyanipun, dènira~aṅguladrawa. 

46. woṅaguᶇ ṅlurug ḍatĕᶇ muka ƀumi. 

46. ḍaṇḍaᶇgula 
1. ‍éca kahécan rarasan ṅèlmi, lawan praƀu gulaṅgé~iᶇ rokam, ijraḥ sajaraḥ lakuné, iᶇ babaré jĕᶇ rasul, kaᶇ minaṅka niyakèᶇ ƀumi, jroniᶇ kitab sirulbak, kaṅaṅguᶇ winuwus, yèn sultan kamidilṅalam, tan mĕniṅi nèᶇ prāja sawadya sami, makṣiḥ nèᶇ palurugan.
2. kunĕᶇ wontĕn dṛêwis lagya prāpti, nĕṅgihanèᶇ nagri banu ṅajam, midĕr saparan parané, aḷĕlana~aṅlaṅut, prāptèᶇ nagri ṅrokam ki dṛêwis, sultan kamidilṅalam, amiyaṙṣa wuwus, lamunana dṛêwis prāpta, sakiṅajam śīǥra kinènanimbali, prāptèᶇ jro pura ṅrokam.
3. rājèᶇ ṅrokam kaᶇ kinèn nakoni, punaᶇ dṛêwis kinèn cacarita, dènira praƀu gulaṅgé, hèḥ pawoᶇ sanakiṅsun, siḍĕkaha kabar kaᶇ yakin, muṅguhiᶇ tanaḥ ṅarab, iᶇ mĕkaḥ puniku, iᶇ maṅké sawĕg punapa, ya ta maṇṭukalon sumahur ki dṛêwis, iṅuni lagya~amba.
4. prāptèᶇ mĕkahamba~andadṛêwis, iṅgiḥ sāmpun babar kabibullaḥ, niyakèᶇ rat sahèstuné, naṅiᶇ dèrèᶇ ginugu, mriᶇ woṅahli mĕkaḥ gĕṅalit, tuwin kaᶇ para paman, iᶇ maṅké yaṅipun, ađipati mĕkaḥ séda, aṙṣa~aturuniṅa kaṅandon jurit, sultan kamidilṅalam.
5. aṙyya bétaljĕmur kaᶇ mambĕṅi, dadya sandé~iṅkaᶇ para putra, datan lumampaḥ dutané, liṅira bétaljĕmur, iᶇ kupaṙmmaniᶇ maṅké sĕpi, nadyan sira susula, sagoné katĕmu, ṅiᶇ sultan kamidilṅalam, lagya sinuᶇ pakaṙyyan déra hyaᶇ widđi, ṅrusakiᶇ jaminambar.
6. lajĕᶇ kinèn ṅrisak muka ƀumi, watĕs laṅit kulon kaᶇ rinuraḥ, numpĕs panĕluhan kabèḥ, pan pṛêlu lampahipun, aṅlakoni pakon hyaᶇ widđi, makatĕnamba myaṙṣa, gulaṅgé liᶇnya rum, aṙyya bétaljĕmurana, nagri mĕkaḥ pun dṛêwisumaturiṅgiḥ, mila prāpta~iᶇ mĕkaḥ.
7. rāja~iṙmman maṅkya muṙŧat maliḥ, bétaljĕmurapan sinikara, cinukil kaliḥ nétrané, déniᶇ saṅiṙmman praƀu, dadya wuta nétrané kaliḥ, saṅađipati mĕkaḥ, amiyaṙṣa gupuḥ, pinoṇḍoṅan ḍatĕᶇ mĕkaḥ, ḍèrèk momoᶇ timuré~andika nabi, nétrané~iṅusapan.
8. déniᶇ tuṅkakira kaṅjĕᶇ nabi, cocꞓa mĕdal nétranya waluya, mulya lir wiṅi~uniné, ki~aṙyya bétaljĕmur, pan mĕniṅi sawĕlas sasi, amomoᶇ rasulullaḥ, nuntĕn sédanipun, paniṅgihanuṅgil waṙṣa, lan sédané ki~aṙyya ṅabdul muntalip, sami sinaré mĕkaḥ.
9. maṅkya kaṅjĕᶇ niyakaniᶇ ƀumi, tansahawawan maraᶇ kaᶇ paman, radènaris bulahabé, bujahal rowaṅipun, aṅajani kabèḥ kaᶇ muṅkir, tanana kaᶇ naṇḍaṅa, kaṅanut jĕᶇ rasul, rahadènaris bulahab, woᶇ kaṅanut sadaya dèn jĕmalani, dadya kèḥ sisiliban,, 10. malaḥ ramé~apraᶇ siliḥ joḍi, kaṅjĕᶇ rasul lan radèn bulahab, muᶇ kaṅjĕᶇ nabi kaṇṭiné, muᶇ raré pataᶇ puluḥ, tan wruhatut tan wrin praᶇ maliḥ, sami ṛĕbatagama, kala sédanipun, abutalipiṅkaᶇ paman, panañjaké bulahabaṅaḍĕp sami, lawan jĕᶇ niyakèᶇ rat.
11. andikiṙkĕn lawan kaṅjĕᶇ nabi, miwaḥ kaᶇ paman radèn bulahab, saṙyya sru~iᶇ pamĕtiké, aḍi~aja~aṅgugu, si mukamad paniku sikir, bocaḥ kudu kumĕṭak, aṅaku rinusul, aniwasi jroniᶇ pĕjaḥ, kaṅanañjak kapiran ki~abutalip, tambuḥ kaᶇ dènaṅgéya.
12. iṅkaᶇ raka bulahab ṅaḍaṅi, aḍi~aja ṅaṅgo ṅèlmu~añar, ṅèlmunira lawas bahé, poma~aḍi dènémut, anakira pan tukaᶇ sikir, tiwas sira guguwa, jĕᶇ nabi liᶇnya rum, paman butalip nĕbuta, sāmpun makṣiḥ ṅaṅgé~agama kaᶇ lami, dédé sikir manira.
13. pamanabulahab ta puniki, ṅèlmu waṅkot tanamyaṙṣa kojaḥ, saréṅaturuturuté, bulahabasru muwus, aja~aḍi~aṅgugu sikir, kapiraniṅkaᶇ pĕjaḥ, butalip puniku, tambuḥ tibowa~iṅislam, tambuḥ kapir ṛĕbutan para musanip, tibané kapirislam.
14. maṙmma~ana~aṅarani kapir, déné rosané radèn bulahab, jĕliḥ jĕliḥ pamĕtiké, jĕᶇ nabi liᶇnya~arum, lajĕᶇ séda radèn butalip, maṙmma ṅarani~islam, iṅkaᶇ para jamhur, ṅitikitik rasulullaḥ, iᶇ putrané ḍéwé sihira kinari, iᶇ sihé kaponakan.
15. koṅsi ṅumur salawé jĕᶇ nabi, kinawinkĕn lan dèwi katijaḥ, abutalip laṅkuᶇ sihé, ṅuguṅé mriᶇ jĕᶇ rasul, mila wani para musanip, aṅaranana~islam, nĕṅgiḥ kaṅjĕᶇ rasul, maṅsa tégowa mriᶇ paman, akèḥ paman muṅiku siḥ ṅitikitik, mriᶇ saᶇ niyakaniᶇ rat.
16. duk miyaṙṣa waspanya dṛês mijil, wahu jĕᶇ sultan kamidilṅalam, umatur praƀu gulaṅgé, ḍatĕᶇ pundi pukulun, ṛĕntĕᶇ tuwanaris nahuri, maraᶇ kalihé~awlas, kakaᶇ kalihipun, abutalipabulahab, kuraᶇ kojaḥ prakosa kudu ṅukuhi, mriṅagamané lawas.
17. sami ṅuṅun kaᶇ para naṙppati, amiyaṙṣa dṛêwis tuturira, sinĕlan sakĕḍap lèrèn, praƀu gulaṅgé muwus, tutugĕna laḥ kaki dṛêwis, sira kaᶇ sinuᶇ bĕgja, wus mulat jĕᶇ rasul, iya pira pira rahmat, wruhiᶇ ḍapur pasarirané jĕᶇ nabi, dṛêwis lonaturira.
18. datan kĕni pinaṙddi~iᶇ budđi, suwaṙṇnané saᶇ nayakaniᶇ rat, ṅasoṙkĕn lintaᶇ sotyané, déné wadananipun, aṅasoṙkĕnujwalèᶇ sasi, awilisiṅkaᶇ réma, prasasat jumĕrut, kadi tapak wawayaṅan, driji papak ṅuṅuwuṅambaḷĕṛĕṅi, śasranduniᶇ sarira.
19. dukiᶇ ṅuni késaḥ pituṅari, gahib maras kaᶇ para sakabat, miwaḥ para paman kabèḥ, anulya prāptanipun, pakumpulan woᶇ mĕkaḥ sami, radènaris bulahab, paṅgénané ṅumpul, jĕᶇ rasul prāpta dènundaᶇ, mriᶇ kaᶇ paman para sakabataṅiriᶇ, prāptèᶇ wiśma bulahab.
20. sawusira sami tata liṅgiḥ, anèᶇ wiśmané radèn bulahab, pĕpak kabèḥ santanané, myaᶇ wadya wadyanipun, abulahab tataña~aris, sira tan katiṅalan, tanpa réwaṅiku, iya dukiᶇ késahira, kaṅjĕᶇ rasul nahuri śabda~amanis, ‍‌ĕkak tan kidib śabda.
21. kula paman ṅandikan mriᶇ laṅit, kinèn miyatisiné sadaya, iṅgiḥ laṅit kapituné, bulahab dukaṅruṅu, tĕbaḥ jaja saṙwwi~añjĕliḥ, laḥ ṅĕndi~ana~uga, maṅkono sahuṙmmu, ṅaku ṅandikan hyaᶇ sukṣma, goroḥ gĕḍé ratuniᶇ goroḥ sa ƀumi, apa sun tambakĕna.
22. déné salaḥ paṅucap sirèki, iṅsun wajib kaṅanambakĕna, jĕᶇ rasul maliḥ sahuré, botĕn paman satuhu, pan kawula sakiṅiᶇ laṅit, bulahab paparéntaḥ, maraṅiᶇ wadya guᶇ, hèḥ payo paḍa suraka, surakira muni goroḥ goroḥ sami, gumuruḥ swaranira.
23. wanti wanti goroḥ suraknèki, wontĕn sakabat juga bubakar, añjĕliḥ sora swarané, pan sidik kaṅjĕᶇ rasul, sawaṙŧané panora kidib, kañcané tumut surak, sidik surakipun, ramé panambalambalan, surak sidik lan goroḥ suraké sami, balané~abujahal.
24. datan wontĕn mahido~iᶇ kapti, muᶇ kaᶇ paman kaṅaran bulahab, lawan paman misanané, abujahal puniku, iṅkaṅina kapati pati, dṛêwis śīǥra pamitan, muᶇ dugi~iᶇ ṅriku, iṅaṇḍĕg panora kĕna, prāptèᶇ jawi pun dṛêwis wus tan kahèkṣi, kaᶇ kantun ṅuṅun samya.
25. lanaṅrasa wus sinuṅan kaṙddi, nutugakĕniᶇ pakaṙyyanira, muwus sukuriᶇ titahé, pinaṣṭi pisahipun, lawan kadaᶇ suwaṅsa sami, piniji~iᶇ hyaᶇ sukṣma, sinuṅiᶇ kaṙyya guᶇ, andaṅu mriᶇ nāŧèᶇ rokam, ṅĕndi yayi prāja liyané~iᶇ ṅriki, tanaḥ mukaƀantala.
26. śrī gulaṅgé~aturira~aris, iṅgiḥ gusti nagari~iᶇ rokam, apan wontĕn sisihané, ratu sasar pukulun, ratu baṙwwar kiṭané daṙddis, kaᶇ witanĕḍa janma, punika tiniru, ṅuni gajimandalika, rājèᶇ daṙddis baṙwwar witiᶇ maṅan janmi, ratu laṅkuṅanasar.
27. wontĕn maliḥ kiṭa pildandani, lan jadalsaḥ sami maṅsa janma, iṅgiḥ gusti saturuté, paniṅgiḥ tanahipun, iṅgiḥ tanahiᶇ muka ƀumi, naṅiᶇ gawat kaᶇ maṙgga, sami~urut gunuᶇ, tan kĕni lamuniṅambaḥ, wadya kaṭahurutaṙddi juraᶇ baᶇbiᶇ, tanaḥ kiṭaniᶇ sétan.
salajĕṅipun : ménak talsamat.

iti

gugahĕnnyawaku

Share this article :