2. caritané manuk ĕmprit gantil
kacarita ana sawijiniŋ manuk ĕmprit sĕnĕŋ sĕnĕŋ aṅumbara iŋ awaŋ awaŋ, andĕḷĕŋ talatahiŋ nagarané, sakiŋ buṅahé atiné, tĕmahan sirṇa kaprayitnané, lakuné kĕblasuk tĕkan iŋ tanaḥ sabraŋ. manuk ĕmprit baṅĕt susahiŋ ati, amarga lagi sapisan iku ṅambaḥ iŋ kono, dadi duruŋ wĕruḥ prĕnaḥ prĕnahané sarta duruŋ duwé mitra karuḥ, apa manèḥ kĕṛĕp kĕluwèn jalaran iŋ kono laraŋ pari. maṅka aṛĕp muliḥ mĕñaŋ tanaḥ jawa ora wani sarta ora kèliṅan dalané. wasana añĕkukruk, mlaṅkriŋ iŋ ĕpaṅiŋ kayu gĕḍé ora luṅa luṅa.
iŋ kono ana manuk ĕmprit gantil siji pinuju sasaba, baṛĕŋ wĕruḥ ana manuk séjé nuli dicĕḍaki alon alon sarta diwaspadakaké. osikiŋ atiné, manuk iki mĕṣṭi dudu baṅsané manuk iŋ kéné, naṅiŋ yèn dak sawaŋ wujudé kaya kaya mèmpĕr baṅsaku, hèḥ, mĕsakaké tĕmĕn, yagéné ṅanti kĕsasar tĕkan iŋ kéné. manuk ĕmprit kaŋ lagi liyĕr liyĕr ṅantuk, kasilir iŋ aṅin anuli mĕlèk. sanalika kagèt déné iŋ saṇḍiṅé ana manuk liya, banjur takon kambi aṅasiḥ asiḥ, tĕmbuṅé : (ḍuḥ kisanak, muga aja andadèkaké sĕrikiŋ atimu, aku takon iŋ kowé, kowé iku baṅsané manuk apa, karodéné manèḥ manuk adi, muṅguḥ pulo iki pulo apa arané).
kaŋ tinakonan amaṅsuli : (o, kowé takon aku, iya aku iki kaŋ aran ĕmprit gantil, déné pulo iki diarani pulo prĕcaḥ, iya pulo sumatraḥ. laḥ balik kowé baṅsané manuk apa, sarta saka iŋ ĕndi pinaṅkamu).
waṅsulané : (andadèkna sumurupmu, aku iki baṅsané ĕmprit, asalku saka iŋ tanaḥ jawa, mulané aku ṅanti tĕkan iŋ kéné sababé maṅkéné : anjuju sawijiniŋ waktu aku sĕnĕŋ sĕnĕŋ aṅéṅgar éṅgar ati, kalaṅan ana iŋ awaŋ awaŋ andĕḷĕŋ kaanané nagara tuwin alas alas, wasana sakiŋ kuraŋ wéwékaku aku kĕsasar tĕkan iŋ kéné iki).
ĕmprit gantil kaṇḍa : (o, mĕsakaké tĕmĕn kowé ĕmprit. wis ta, maṅkéné bahé, sarèhné kowé ana iŋ kéné ora duwé sanak kadaŋ, yèn kowé gĕḷĕm dak ĕpèk sadulur, manjiṅa dadi kadaŋ sinarawèdi, ḍasar rupamu iya wus mèmpĕr karo rupaku, bĕgja cilaka maṅan ora maṅan karo aku).
ĕmprit amaṅsuli manis : (o, iya baṅĕt andadèkaké buṅahiŋ atiku déné kowé duwé ṛĕmbug maṅkono, prasasat kajugrugan gunuŋ mĕñan manawa kowé sudi ṅaku sadulur maraŋ aku. naṅiŋ sumurupa, yèn aku kowajak brayan urip ana iŋ tanaḥ kéné ora bisa, amarga iŋ kéné dak sawaŋ sawaŋ laraŋ paṅan, séjé karo tanahku kana. tanaḥ jawa iku loḥ jinawi, tulus kaŋ sarwa tinandur. ṛĕmbugku yèn kowé pancèn tĕmĕn tĕmĕn ḍĕmĕn sasaduluran karo aku, ayo paḍa ṅaliḥ maraŋ tanaḥ jawa bahé. ana iŋ kana aṛĕp anjaluk siŋ kaya apa kowé bésuk bisa kasĕmbadan. apa aṛĕp maṅaṅgo kaŋ sarwa adi, apa aṛĕp maṅan kaŋ sarwa énak. cĕkaké bésuk kowé bakal bisa aṅrasakaké mukti wibawa, urip aruntuŋ runtuŋ karo aku).
ĕmprit gantil kakĕnan iŋ ati kruṅu ṛĕmbugé si ĕmprit, ḍasar ḍèwèké wus kĕṛĕp kruṅu pawarta yèn tanaḥ jawa iku ṛĕja lan muraḥ paṅan. mulané sanalika amiturut, gĕḷĕm kaboyoŋ mĕñaŋ tanaḥ jawa. satĕmĕné kaṇḍané manuk ĕmprit mahu ñata bĕnĕr, iŋ tanaḥ jawa muraḥ bĕras pari, naṅiŋ muṅguhiŋ ĕmprit gantil ora kĕna diarani muraḥ paṅan, amarga ḍèwèké paṅané uḷĕr, dudu pari. mulané baṛĕŋ wus kalakon ana iŋ tanaḥ jawa baṅĕt kaduwuṅé, manuk ĕmprit diaṅgĕp anjalomproṅaké. rina wĕṅi ĕmprit gantil aṅgolèki ĕmprit kambi aṅuwuḥ uwuḥ : (ĕndi bocahé, ĕndi bocahé. prit, prit, pritṭir .... ). maṅkono uniné manuk ĕmprit gantil ṅanti sapréné. malaḥ saka caritané woŋ siŋ wis paḍa anitèni ĕmprit gantil iku koṅsi sapréné ora bisa gawé susuḥ, amarga ora wĕruḥ cara carané iŋ kéné.
wasana carita iŋ ḍuwur iki ĕmbuḥ bĕnĕr ĕmbuḥ ora aku muŋ sadĕrma animbalaké.
**********