gugahennyawaku.blogspot.com : rumasa mélu handarbèni, wajib mélu haṅruṅkĕbi, mulat sarira haṅrasa wani. bĕcik kĕtitik, ala kĕtara.

panaṅgalan jawa

Jumat, 20 Agustus 2021

panaṅgalan jawa.

étuṅan iᶇ panaṅgalan jawa luwiḥ rumit lan pĕpak baṅĕt manawa dibaṇḍiṅaké karo panaṅgalan liyané.

pĕpaké étuṅan mbuktèkaké sĕtitiné woᶇ jawa aṅgoné ñandra kahanan ṅalam doña mliginé iᶇ ƀūmi saṙŧa tumusé maraᶇ lalakon paṅuripané manuṅsa.

pĕpaké étuṅan tata panaṅgalan jawa bisa kapilaḥ maṅkéné :

1. pasaran (pañcawara) : étuṅan dina cacaḥ lima :
1. kliwon (kasiḥ), 2. lĕgi (manis), 3. pahiᶇ (jĕnar), 4. pon (palguna), 5. wagé (cĕmĕṅaṉ, krĕṣṇa, laṅkiᶇ).

2. pariṅkĕlan (ṣadwara) : étuṅan dina cacaḥ nĕnĕm̱ :
1. tuṅlé, 2. aṙyyaᶇ, 3. warukuᶇ, 4. paniṅroṉ, 5. uwas̱, 6. mawulu.

3. padinan (saptawara) : étuṅan dina cacaḥ pitu :
1. ahad utawa ṅahad (ḍité, raḍité, raḍitya), 2. sĕnèn (soma), 3. slasa (aṅgara), 4. ṛĕbo (buđa), 5. kĕmis (rèṣpati, wrahaṣpati), 6. jumuwaḥ (sukra), 7. sĕtu (tumpaḵ, saniścara).

4. padéwan (haṣṭawara) : étuṅan dina cacaḥ wolu :
1. sri, 2. indra, 3. guru, 4. yama, 5. rudra, 6. brama, 7. kala, 8. uma.

5. padaṅon (saṅawara / nawawara) : étuṅan dina cacaḥ saṅa :
1 daṅu, 2. jaguṟ, 3. gigis̱, 4. kéraṅaṉ, 5. nohaṉ, 6. wogaṉ, 7. tulus̱, 8. wuruᶇ, 9. dadi.

6. wuku (pituᶇ dinanan) ana 30 (tĕluᶇ puluḥ) :
1. sinta, 2. laṇḍĕp̱, 3. wukiṟ, 4. kuraṇṭiḻ, 5.tolu, 6. gumbrĕg̱, 7. warigaliṯ, 8. warigaguᶇ, 9. juluᶇwaṅi, 10. suṅsaᶇ, 11. galuṅaṉ, 12. kuniṅaṉ, 13. laṅkiṟ, 14. maṇḍasiya, 15. juluᶇpujuḏ, 16. pahaᶇ, 17. kuruwĕluṯ, 18. marakèḥ, 19. tambiṟ, 20. maḍaṅkuṅaṉ, 21. maktaḻ, 22. wuyé, 23. manahiḻ, 24. praᶇbakaṯ, 25. bala, 26. wugu, 27. wayaᶇ, 28. kulawu, 29. ḍukuṯ, 30. watugunuᶇ.

7. sasi ana rolas̱ :
1. sura, 2. sapaṟ, 3. muluḏ, 4. bakdamuluḏ, 5. jumadilawaḻ, 6. jumadilakiṟ, 7. ṛĕjĕḇ, 8. ruwaḥ, 9. pasa, 10. sawaḻ, 11. dulkaidaḥ, 12. bĕsaṟ.

8. tahun ana wolu :
1. alip̱, 2. éhé, 3. jimawaḻ, 4. jé, 5. daḻ, 6. bé, 7. wawu, 8. jimakiṟ.

9. windu (umur 8 tahun) cacahé ana 4 (papat) :
1. windu adi, 2. windu kuntara, 3. windu saṅara, 4. windu sañcaya. lakuniᶇ windu sahubĕṅan ana 32 tahuṉ. 

10. lambaᶇ (umur 8 tahun) cacahé ana 2. jĕnĕṅé urut jĕnĕṅé wuku manut tumibané taṅgal 1 sura tahun alip̱, ana iᶇ dina kaᶇ klĕbu iᶇ wuku siᶇ kaṅgo jĕnĕᶇ. lakuniᶇ lambaᶇ sahubĕṅan ana 16 tahuṉ. 

11. kurup (umur 15 windu = 120 tahun). jĕnĕṅé kurup ana pitu, manut tibané dina taṅgal 1 sura tahun.
alip̱ : tiba dina :
1. jumuwaḥ – jamṅiyaḥ,
2. kĕmis kamsiyaḥ,
3. ṛĕbo – arbaṅiyaḥ,
4. slasa – salasiyaḥ,
5. sĕnèn – iṣṇaniyaḥ,
6 akad – akadiyaḥ,
7 sĕtu – sabtiyaḥ.

12. maṅsa (sasi manut sūṙyyasaṅkala, tahun çaka) :
1. kasa = kaṙttika,
2. karo = pusa,
3. katĕlu = maṙggasri,
4. kapat = citra,
5. kalima = maṙggakala,
6. kanĕm = naya,
7. kapitu = ꝑalguna,
8. kawolu = wꜽsaka,
9. kasaṅa = jita,
10. kasapuluḥ = srawana,
11. ḍasta (kasĕwĕlas) = padrawana,
12. sadḍa (karolas) = asuji

panaṅgalan jawa candrasaṅkala.

panaṅgalan jawa candrasaṅkala utawa panaṅgalan kaᶇ anut lakuniᶇ ṛĕmbulan ṅanti saiki isiḥ lumaku, disĕbut tahun jawa.
pétuṅan tahun jawa wis dijumbuhaké karo tahun hijriyaḥ (arab) nalikané sultan aguᶇ jumĕnĕᶇ natha iᶇ mataram̱.
sanadyan maṅkono, pañjumbuhé ora nurun naṅiᶇ uga migunakaké étuṅan étuṅan kaᶇ ñjlimĕt déniᶇ para ahliné.
jalaran pañcèn ana bédané iᶇ antarané étuṅan candrasaṅkala jawa karo étuṅan tahun hijriyaḥ.
prabédané siᶇ cĕṭa ana iᶇ panĕtĕpan surupiᶇ dina nalika ganti sasi.
candrasaṅkala jawa nĕtĕpaké surupiᶇ dina gantiniᶇ sasi ajĕg iᶇ wañci surupiᶇ sūṙyya.
déné surupiᶇ dina gantiniᶇ sasi cara hijriyaḥ katamtokaké hilal lan rukyaḥ.
* hilal ya iku (kahanan dĕrajat ĕṇḍèk ḍuwuré ṛĕmbulan).
* rukyaḥ ya iku (ñawaᶇ kahanan) utawa hisab (ṅétuᶇ) bisa diṅrĕtèni hilal bañjur ditĕtĕpaké gantiniᶇ sasi.

cara maṅkono iku kaṅgoné jawa iᶇ jaman sultan aguᶇ, ora gampaᶇ. jalaran jawa iku mapan iᶇ wĕwĕṅkon siᶇ ora paḍa lan kahanan iᶇ ngari mĕkaḥ kaᶇ laṅité ṛĕsik kaya iᶇ ara ara.

manawa kudu mĕruhi hilal ṛĕmbulan dadi kaṅèlan manawa iᶇ masa ṛĕṇḍĕᶇ.
kajaba iku, jawa duwé étuṅan dina siᶇ luwiḥ pĕpak kaᶇ kudu kamot iᶇ panaṅgalané.
manawa ora kamoṯ, panaṅgalan siᶇ digawé añar mĕsṭi ora payu kaṅgoné babrayaṉ.
kaᶇ maṅkono iku ora dikĕṙṣakaké pañjĕnĕṅané sultan aguᶇ.

mula sanadyan dijumbuhaké karo panaṅgalan hijriyaḥ, candrasaṅkala jawa ora ṅowahi étuṅan étuṅan kaᶇ wis lumaku iᶇ babrayanjawa.

lakuné ṛĕmbulan kaᶇ ṅubĕṅi ƀūmi, sahubĕṅan suwéné 29,25 dina, mula umuré tahun candrasaṅkala ora bisa ajĕg pĕṙṣis 30 dina sabĕn wulané.
krana iku umuré tahun dipéraᶇ dadi waṙṇna loro. ya iku :
* tahun wastu (cĕṇḍak) umur 354 dina,
* tahun wuntu (dawa) umur 355 dina.

siᶇ kaṅgo mbédakaké wuntu utawa wastu ana iᶇ umuré sasi bĕsar (kaya tahun kabisat masèhi iᶇ sasi pébruwari).
sasi bĕsar iᶇ tahun wastu umuré 29 dina, déné tahun wuntu sasi bĕsar umuré 30 dina.
umuriᶇ sasi siji sijiné maṅkéné :
01. sura : 30 dina,
02. sapar 29 dina,
03. muluḏ : 30 dina,
04. bakdamuluḏ : 29 dina,
05. jumadilawaḻ : 29 dina,
06. jumadilakiṟ : 30 dina,
07. ṛĕjĕḇ : 29 dina,
08. ruwaḥ : 29 dina,
09. pasa : 30 dina,
10. sawaḻ : 29 dina,
11. dulkaidaḥ : 30 dina,
12. bĕsaṟ : 29 dina (tahun wastu) lan 30 dina (tahun wuntu).

tahun wuntu (355 dina) sabĕn sĕwinduné (8 tahun) ana 3.

étuṅan lawas (saduruṅé dijumbuhaké karo panaṅgalan hijriah/arab) tiba tahuṉ :
01. éhé,
02. daḻ,
03. jimakiṟ.

déné étuṅan añar (sawisé dijumbuhaké karo panaṅgalan hijriyah/arab) tiba tahuṉ :
01. éhé,
02. jé,
03. jimakiṟ.

jĕnĕṅé tahun jawa lan umuré sabĕn sĕwindu :
01. alip̱ : 354 dina,
02. éhé 355 dina (lawas) 354 dina (añar),
03. jimawaḻ :354 dina,
04. jé : 354 dina (lawas) 355 dina (añar),
05. daḻ : 355 dina,
06. bé : 354 dina,
07. wawu : 354 dina,
08. jimakiṟ : 355 dina.

sĕwindu umuré 2.835 dina, nalika dijumbuhaké karopawukon kaᶇ umuré 210 dina duruᶇ tumbuk.
bisané tumbuk yèn wis roᶇ windu, 5.670 dina.
tĕgĕsé sabĕn roᶇ windu, wuku lan wĕtoné tumbuk manèḥ.

bisa uga saka étuṅan iku, kaṅgoné jawa, matĕṅé manuṅsa diwiwiti nalika umur 2 windu.

panaṅgalan jawa duwé étuṅan kaᶇ disĕbut kurup̱.

umuré 15 windu utawa 120 tahuṉ.
pétuṅan kurup iki kaṅgo ñjumbuhaké candrasaṅkala jawa karo panaṅgalan hijriyaḥ.
carané sabĕn ganti kurup (120 tahun), tibané taṅgal 1 sura iᶇ tahun alip diajoké sĕdina.

diwiwiti iᶇ tahun jawa 1555, waktu pañjumbuhé candrasaṅkala jawa karo panaṅgalan hijriyaḥ.

wondéné katraṅan gantiniᶇ kurup kasĕbut iᶇ ṅisor iki :

tahun jawa jĕnĕṅé kurup taṅgal 1 sura alip.
01. 1555 – 1674 (120 tahun) jamṅiyaḥ jumuwaḥ lĕgi,
02. 1675 – 1748 (74 tahun) kamsiyaḥ kĕmis kliwon,
03. 1749 – 1866 (118 tahun) arbaṅiyaḥ ṛĕbo wagé,
04. 1867 – 1986 (120 tahun) salasiyaḥ slasa pon,
05. 1987 – 2106 (120 tahun) iṣṇaniyaḥ sĕnèn pahiᶇ,
06. 2107 – 2286 (120 tahun) akadiyaḥ ṅahad lĕgi,
07. 2227 – 2346 (120 tahun) sabtiyaḥ sĕtu kliwon

panaṅgalan sūṙyyasaṅkala.

wiwitané panaṅgalan jawa ana siᶇ anut lakuné srĕṅéṅé (panaṅgalan çaka) lan ana siᶇ anut lakuniᶇ ṛĕmbulaṉ.

loro loroné paḍa diaṅgo déniᶇ woᶇ jawa.
bañjur kalĕbon panaṅgalan hijriyaḥ (arab) siᶇ uga digunakaké déniᶇ masyarakat jawa muslim̱.

mula déniᶇ kañjĕᶇ sultan aguᶇ bañjur disawijèkaké muriḥ rukuṉ.
siᶇ ṛĕsmi bañjur panaṅgalan siᶇ anut lakuniᶇ ṛĕmbulaṉ.
déné panaṅgalan siᶇ anut lakuniᶇ srĕṅéṅé sĕtĕṅaḥ dilalèkaké.

naṅiᶇ gaṇḍèᶇ panaṅgalan siᶇ anut lakuniᶇ srĕṅéṅé dadi pandomiᶇ masyarakat kaṅgo ṅrĕtèni maṅsa (musim / kahanan iklim) mula ya tĕtĕp lĕstari diaṅgo déniᶇ babrayan aguᶇ.

paṅrĕtèné maṅsa mono béda karo sasi iᶇ panaṅgalan siᶇ anut lakuniᶇ ṛĕmbulaṉ. umuré maṅsa béda béda.

sĕtahun umuré 365 dina yèn tiba tahun wastu (cĕṇḍak), lan 366 yèn tiba tahun wuntu (dawa).
déné siᶇ diaṅgo ḍasar ya iku prĕnahé srĕṅéṅé.

iᶇ wĕktu sĕtahuṉ. srĕṅéṅé mapan pĕnĕr garis khatulistiwa kapiᶇ piṇḍo ya iku iᶇ taṅgal 21 marĕt lan taṅgal 23 sèptèmbĕṟ.
nalika taṅgal 2 juni, srĕṅéṅé pantog lor déné pantog kidulé iᶇ taṅgal 21 désèmbĕṟ.

krana nusa jawa mapan iᶇ sisiḥ kidulé garis katulistiwa, mula prĕnahé srĕṅéṅé sabĕn sĕtahuné luwiḥ akèḥ siᶇ ana sisiḥ lor katimbaᶇ kiduḻ.
jumbuḥ karo owaḥ owahan prĕnahé srĕṅéṅé iᶇ dalĕm sĕtahun iku siᶇ diaṅgo ḍasar nĕmtokaké umuré maṅsa.

pratélané maṅkéné :
1. maṅsa kasa (1) = kaṙtttika,
umuré iᶇ tahun wastu : 41 dina, tahun wuntu : 41 dina.
candrané : sĕsotya muṙcꞓa iᶇ ĕmbanaṉ.
maṅsané gĕgoḍoṅan paḍa gogrog̱, kayu kayu paḍa pruṭiḻ.
wiwitané maṅsa kĕtiga.

2. maṅsa karo (2) = pusa,
umuré iᶇ tahun wastu : 23 dina, tahun wuntu : 23 dina.
candrané : bantala ṛĕṅka.
maṅsané lĕmaḥ lĕmaḥ nĕla (bĕṇṭèt) sajroné maṅsa kĕtiga.

3. maṅsa katĕlu (3) = marggasri,
umuré iᶇ tahun wastu : 24 dina, tahun wuntu : 24 dina.
candrané : suta manut iᶇ bapa.
maṅsané wit luᶇ luṅan nurut lañjaraṉ.
wĕkasané maṅsa kĕtiga.

4. maṅsa kapat (4) = citra,
umuré iᶇ tahun wastu : 25 dina, tahun wuntu : 25 dina.
candrané : waṣpa kumĕmbĕᶇ jroniᶇ kalbu.
maṅsané sumbĕr pĕpĕṯ, wiwit ana udan naṅiᶇ duruᶇ akèḥ,
sawènèhiᶇ wit witan paḍa sĕmi, woḥ raṇḍu paḍa gariᶇ kapuké mabuḻ, palawija paḍa tuwa, manuk glaṭik nĕba iᶇ tĕgalaṉ.

5. maṅsa kalima (5) = marggakala,
umuré iᶇ tahun wastu :27 dina, tahun wuntu : 27 dina.
candrané : pañcuran mas sumawur iᶇ jagaḏ.
maṅsané akèḥ udaṉ, akèḥ laron mĕtu saka lèṅé, ṭukulé jamur tĕriḵ, lĕmpuyaᶇ saṙŧa kuñci mĕtu buṅé.
manuk sriguntiᶇ (jaṭiṭot) paḍa muni saduruṅé srĕṅéṅé mlĕṭèḵ.

6. maṅsa kanĕm (6) = naya,
umuré iᶇ tahun wastu : 43 dina, tahun wuntu :43 dina.
candrané : rasa mulya kasuciyaṉ.
maṅsané woḥ wohan nĕḍĕᶇ matĕᶇ.
wañciné ñĕbar winiḥ, uṅsum udan dĕrĕs lan ĕmbun upas̱.

7. maṅsa kapitu (7) = ꝑalguna,
umuré iᶇ tahun wastu : 43 dina, tahun wuntu :43 dina.
candrané : wisa kéntir iᶇ maruta.
maṅsané akèḥ lĕlara, wañciné ṇḍahut lan nandur pari.

8. maṅsa kawolu (8) = wꜽsaka,
umuré iᶇ tahun wastu : 26 dina, tahun wuntu : 27 dina.
candrané : añjraḥ jroniᶇ kayuṉ.
maṅsané kuciᶇ gaṇḍik (kawin), uṅsum bañjiṟ, glagaḥ paḍa kĕmbaᶇ.

9. maṅsa kasaṅa (9) = jita,
umuré iᶇ tahun wastu : 25 dina, tahun wuntu : 25 dina.
candrané : wĕḍariᶇ wacana mulya.
maṅsané gaṅsir ṅéṇṭir lan garèṅpuᶇ muni, bañjir wĕkasaṉ, kĕmbaᶇ glagaḥ ṛĕntaḥ.

10. maṅsa kasapuluḥ (10) = srawana,
umuré iᶇ tahun wastu : 24 dina, iᶇ tahun wuntu :24 dina.
candrané : gĕḍoᶇ minĕb jroniᶇ kalbu.
maṅsané kéwan paḍa mĕtĕᶇ, wiwit panèn géñjaḥ.

11. maṅsa ḍasta (11) = padrawana,
umuré iᶇ tahun wastu :23 dina, tahun wuntu : 23 dina.
candrané : sĕsotya sinarawèdi.
maṅsané manuk paḍa ṅloloḥ anaké, wañci panèn géñjaḥ, woḥ raṇḍu paḍa mlĕṭèk sigaṟ.

12. maṅsa sadḍa (12) = asuji,
umuré iᶇ tahun wastu : 41 dina, tahun wuntu :41 dina.
candrané : tiṙŧa saḥ sakiᶇ sasana.
maṅsané bĕḍiḍiᶇ aḍĕm sahéṅga araᶇ woᶇ kriṅĕtĕṉ.
wañciné nandur kĕḍĕlé, jaraḵ, kapas̱, lan wiwit ṅgarap tĕgal kaṅgo nandur jaguᶇ.

panaṅgalan sūṙyyasaṅkala diuripaké manèḥ iᶇ tahun masèhi 1855.

wiwité maṅsa kasa (1) tiba taṅgal 22 juni 1855 masèhi, ṅanti puṅkasané masa saḍa (12) tiba taṅgal 20 juni 1856 masèhi.

ana iᶇ panaṅgalan sūṙyyasaṅkala tahun wuntu (dawa) ditĕmtokaké sabĕn 4 tahun sapisaṉ.

paṅĕtuṅé manawa aṅkané tahun dipara 4 kĕtĕmu pas̱, tiba tahun wuntu (dawa).
déné supaya pétuṅan tahun sūṙyyasaṅkala mahu lĕstari cocog karo lakuné srĕṅéṅé, katĕmtokaké sabĕn 400 tahun sapisan tahuné wuntu dibuaᶇ 3.

déné mbuwaṅé manawa aṅkané tahun tiba atusan siᶇ dudu kĕlipatané 400.
siᶇ pĕnĕr kĕlipatané 400 ora ana tahun wuntuné siᶇ dibuwaᶇ.

iᶇ panaṅgalan sūṙyyasaṅkala iki, jawa katon “pintĕr” manèḥ.
ya iku ṅlĕbokaké pawukon lan wĕtonan iᶇ étuṅan panaṅgalan kaᶇ anut lakuné ƀūmi ṅubĕṅi srĕṅéṅé.
contoné wis kasĕbut iᶇ tulisané p. j. zoĕtmuldĕṟ.

mulané sanadyan diaṅgĕp panaṅgalan sūṙyyasaṅkala lan candrasaṅkala iku nurun saka india lan araḇ, kañatané malaḥ bisa diarani luwiḥ “pintĕr”.

bisa uga, malaḥ sĕjatiné siᶇ dijumbuhaké iku panaṅgalan çaka lan hijriyaḥ.
jalaran diaṅgĕp isiḥ mĕntaḥ manawa diaṅgo kĕpĕntiṅan jawa.
tĕgĕsé, panaṅgalan çaka lan hijriyaḥ amuᶇ mligi nĕmtokaké wĕktu.
ora kĕna kaṅgo maṅrĕtèni kahanan alam lan pĕṅaruhé maraᶇ uripé manuṅsa urip̱.

jawa pañcèné luwiḥ uṅgul ana iᶇ paṅrĕtèn sĕsambuṅané jagad gĕḍé (alam sĕmĕsta) lan jagad cilik (manuṅsa).
tĕgĕsé, kañatané jawa luwiḥ nduwèni kĕsadaran kosmis katimbaᶇ liyané.

pawukon – wĕtonan lan warigagĕmĕt. 

panaṅgalan gĕḍé baṅĕt kagunané iᶇ falsafaḥ uripé woᶇ jawa, ora muᶇ kaṅgo ṅrĕtèni wĕktu, naṅiᶇ uga ana pĕṅaruhé maraᶇ tata urip lan paṅuripané manuṅsa.

paṅaṅgĕp siᶇ maṅkono pañcèn klĕbu nalaṟ, jalaran tata urip lan paṅuripané manuṅsa maṅgon iᶇ planèt ƀūmi.
kañatané planèt ƀūmi iku ora mĕnĕᶇ antĕᶇ, naṅiᶇ mubĕᶇ anut jantrané, sahéṅga aḍĕpé maraᶇ srĕṅéṅé mahanani anané awan (raina) lan wĕṅi.

kajaba mubĕᶇ pribadi, ƀūmi uga lumaku ṅubĕṅi srĕṅéṅé siᶇ mahanani étuṅan tahuṉ.
sĕmono uga ṛĕmbulan rak ya ṅubĕṅi ƀūmi anut jantrané.
tĕrus tata sūṙyya iᶇ ṅĕndi planèt ƀūmi maṅgoṉ, bĕbarĕṅan lumaku manut jantrané.

lumakuné kabèḥ kaᶇ iᶇ ṅaṅkasa cĕṭa manawa sabĕn wĕktu ndadèkaké owaḥ owahan aḍĕpé siji lan sijiné.
owaḥ owahan aḍĕp iku siᶇ bañjur dititèni lan digolèki (diobsèrvasi) sawabé (pĕṅaruhé) maraᶇ tataniᶇ urip lan paṅuripané manuṅsa.

anané tĕṅĕr utawa jĕnĕᶇ dina, pasaraṉ, wuku lan sapituruté ya iku kaṅgo mbédak mbédakaké pĕṅaruhé sawijiniᶇ wĕktu maraᶇ tata urip lan paṅuripaṉ.

déné ḍasar pamikiré, manawa sabĕn wĕktu kahanan “médan kosmis” sĕmèsta alam kaᶇ ṅliṅkupi planèt ƀūmi owaḥ giṅsir kaṇṭi dinamis̱.
sabĕn owaḥ owahan médan kosmis ana daya paṅaribawané ḍéwé ḍéwé maraᶇ isiniᶇ doña (planèt ƀūmi).

paṅaribawané ora muᶇ iᶇ tata lair wujud gilir gumantiné maṅsa (iklim), naṅiᶇ uga maraᶇ kahanan kosmis kaᶇ ana pĕṅaruhé maraᶇ tumitaḥ urip siᶇ maṅgon iᶇ doña (planèt ƀūmi).

krana pamĕsu budiné para luluhur jawa iᶇ jaman biyèṉ, bañjur bisa pariᶇ pandom (pĕdoman) muṅguḥ sawabé (pĕṅaruhé) wĕktu maraᶇ tata urip lan paṅuripané manuṅsa.
pĕṅaruhé wĕktu maraᶇ tata urip lan paṅuripané manuṅsa diarani kawruḥ pawukon lan wĕtonaṉ.

paṅrĕtèn maṅkéné iki pañcèn ora gampaᶇ ditampa.
naṅiᶇ manawa kĕṙṣa mĕṅgaliḥ siᶇ jĕro, kañatané manawa manuṅsa karo gusti kaᶇ murbèᶇ dumadi dipapanaké ana iᶇ planèt ƀūmi siᶇ muᶇ péraṅan cilik saka anané jagad raya iki.

lha rak ya nalar manawa kahanan owaḥ giṅsiré (dinamikané) jagad raya iki ana daya paṅaribawané maraᶇ uripé manuṅsa?
pawukon lan wĕtonan iᶇ bĕbrayan jawa baku baṅĕṯ, amaṙgga tansaḥ ajĕg umuré. béda karo panaṅgalan (sasi lan tahun) siᶇ ana owaḥ owahan umuré.
pawukon lan wĕtonan ora pĕduli karo owaḥ owahaṉ, tansaḥ ajĕg̱.
– 1 dina = 24 jam̱,
– 1 wuku = 7 dina wiwit ṅahad (akad) tĕkan sĕtu.
– sahubĕṅan (sak dor) wuku ana 210 dina.

sabĕn dina iᶇ étuṅan wuku ṅĕmot pĕpak sawaṙṇnané étuṅan dina :
1). padinan (ubĕṅan dina cacaḥ 7),
2). pasaran (ubĕṅan dina cacaḥ 5),
3). pariṅkĕlan (ubĕṅan dina cacaḥ 6).

wondéné gunané pawukon lan wĕtonan ora muᶇ kaṅgo nĕmtokaké wĕktu, naṅiᶇ uga digunakaké :

1. kaṅgo ñumurupi ala lan bĕciké wĕktu tumrap woᶇ siᶇ arĕp duwé prĕlu, kayadéné : mantu, supitaṉ, ṅĕdĕgaké omaḥ, piṇḍahaṉ, luluṅan adoḥ, lan liya liyané.

2. kaṅgo ñumurupi watĕk lan kaḍar nasibé siji sijiniᶇ pawoṅan miturut wĕktu lairé.
bisa diarani kayadéné astrologi utawa horoścoop̱, aṇḍarané dawa lan muyĕk baṅĕṯ.
kaṅgo ñumurupi kaprĕluwan roᶇ prakara iku, pawukon lan wĕtonan dipĕpaki manèḥ praboté.

kajaba iṅkaᶇ wujud arané wĕktu (padinaṉ, pasaraṉ, lan pariṅkĕlan), uga ditambahi étuṅan ubĕṅan dina kaᶇ dudu panaṅgalaṉ, ya iku kaᶇ disĕbuṯ :
01. padéwan (ubĕṅan dina cacaḥ 8),
02. padaṅon (ubĕṅan dina cacaḥ 9).

ubĕṅan dina waṙṇna loro iki dudu panaṅgalaṉ, naṅiᶇ dibutuhaké kaṅgo maṅrĕtèni watakiᶇ dina.
mula aṅgoné ṅlĕbokaké iᶇ étuṅan pawukon lan wĕtonan kaᶇ cacahé 210 dina, dijumbuhaké karo watakiᶇ wuku.

kaṅgo maṅrĕtèni watakiᶇ dina isiḥ ana tambahan praboté pawukon lan wĕtonaṉ :
1. pétuᶇ biñcilaṉ, cacahé ana 3 :
1). biñcil pañcasuda,
2). biñcil rakam̱,
3). biñcil paarasaṉ.

2. luluri, cacahé ana 6 :
1). sampar waṅké,
2). taliwaṅké,
3). sarik aguᶇ,
4). kalaḍité,
5). ḍĕṇḍan kukudaṉ,
6). séṅkan turunaṉ.

saka kabèḥ praboté wuku kaᶇ ana, siji sijiné diwènèhi wataḵ.
kaṇṭi ṅgabuṅaké kabèḥ watakiᶇ prabot pawukon mahu bañjur bisa ditĕmtokaké watak siji sijiné dina iᶇ dalĕm sahubĕṅan pawukon lan wĕtonan iṅkaᶇ disĕbut wariga gĕmĕṯ.

ana iᶇ bali kaᶇ ñtané uga ‘tuṅgal pĕradaban” karo jawa, wariga gĕmĕt iku disĕbut pĕwarigaaṉ.

candra saṅkala

candra saṅkala

tĕmbuᶇ “saṅkalan” asalé saka tĕmbuᶇ “saka” lan “kala”.
saka utawa çaka iku jĕnĕṅé baṅsa iṇḍu, kala atĕgĕs wĕktu. sakakala ya iku kalané ana ratu goloṅan çaka kaᶇ jumĕnĕᶇ iᶇ tanaḥ iṇḍu sisiḥ kiduḻ, lan waktu iku wiwitané tahun çaka, ya iku tahun 1 çaka utawa tahun 78 masèhi.
muṅguḥ kaᶇ dikarĕpaké “saṅkalan”, ya iku unèn unèn kaᶇ nduwèni tĕgĕs aṅkaniᶇ tahuṉ. 


jaman biyèn kaᶇ kaṅgo pétuṅan iᶇ tanaḥ jawa tahun çaka.
naṅiᶇ saiki ana kaᶇ migunakaké tahun ṛĕmbulaṉ, ya iku kaᶇ pétuṅan sasiné manut lakuniᶇ ṛĕmbulaṉ, diarani : “candrasaṅkala”.
saṅkala kaᶇ aḍaḍasar tahun srĕṅéṅé, diarani : “sūṙyyasaṅkala

aḍaḍasar wujud lan ḍapukané, saṅkalan kapérᶇ dadi waṙṇna loro;

1. saṅkalan lamba,
ya iku saṅkalan kaᶇ awujud kumpulaniᶇ tĕmbuᶇ utawa wujud ukara.

2. saṅkalan mĕmĕṯ,
ya iku saṅkalan kaᶇ awujud gagambaran utawa pĕpĕṭaṉ.

muṅguḥ carané ñurasa utawa maca saṅkalan iku kawiwitan saka ékané, bañjur dasaṉ, bañjur atusan puṅkasan éwonané.
 
tulaḍa : rupa siṙṇna ṛĕtuniᶇ rumi.
rupa = 1 (ékan),
siṙṇna = 0 (dasan),
rĕtu = 6 (atusan),
ƀūmi = 1 (éwon) dadi tahuṉ : 1601.

muṅguḥ carané ṅgoléki aji utawa watakiᶇ tĕmbuᶇ miturut candrasaṅkala karaṅané ki bratakésawa, kĕna migunakaké wawaton sawĕtara, ya iku :

1. guru dasa nama,
tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ paḍa tĕgĕsé diaṅgĕp paḍa ajiné.
upamané : ratu, naréndra, nata, katoᶇ, pamasé, aji, iki kabèḥ watak siji.

2. guru sastra,
tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ sastrané utawa panulisé paḍa, ajiniᶇ uga paḍa.
upamané : ĕsṭi, kaᶇ atĕgĕs gajaḥ, èsṭi kaᶇ atĕgĕs sĕdya utawa pikir ajiné paḍa ya iku : wolu.

3. guru wanda,
tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ nduwèni wanda kaᶇ paḍa, ajiné diaṅgĕp paḍa.
upamané : wanita, ajiné paḍa karo tĕmbuᶇ wani, tĕmbuᶇ buja ajiné paḍa karo tĕmbuᶇ bujana, lan sapituruté.

4. guru waṙgga,
tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ mratélakaké jĕnĕᶇ kaᶇ nuṅgal baṅsa utawa waṙgga, ajiné paḍa,
upamané : ula, baya, bulus̱, tĕkèḵ, cĕcaḵ, kaḍal iku kabèḥ kalĕbu kéwan iṅkaᶇ rumaṅkaᶇ, dadi paḍa ajiné, ya iku : wolu.

5. guru kaṙyya,
tandukiᶇ sawijiniᶇ tĕmbuᶇ, kaaṅgĕp paḍa ajiné karo tĕmbuᶇ iku.
upamané : taṅan ajiné paḍa karo ñĕkĕḻ, mripat paḍa ajiné karo tĕmbuᶇ ndĕlĕᶇ utama mandĕᶇ, lan sapituruté.

6. guru saraṇa,
jĕnĕṅé piranti kaᶇ kaṅgo nindakaké sawijiniᶇ kriyané, kaaṅgĕp paḍa ajiné karo tĕmbuᶇ iku.
upamané : ilat karo rasa, paḍa ajiné ya iku nĕnĕm̱.

7. guru daṙwwa,

tĕmbuᶇ kahanaṉ, kaaṅgĕp paḍa ajiné karo tĕmbuᶇ kaᶇ kadunuṅan kaanan iku.
upamané : tĕmbuᶇ galak paḍa ajiné karo tĕmbuᶇ danawa, bĕntèr paḍa karo latu, lan sapituruté.

8. guru jaṙwwa,

tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ jaṙwwané paḍa utawa mèḥ paḍa ajinĕ uga paḍa.
upamané : tĕmbuᶇ rasa paḍa karo raras̱, basu paḍa karo sawĕṟ, lan sapituruté.

watakiᶇ tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ utawa ajiniᶇ wilaṅaṉ :

a. kaᶇ awatak siji.

1. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ cacahé muᶇ siji :
nabi, wudĕḻ, ƀūmi, buntuṯ, iku, siraḥ, ratu, aji, nata, wiji, ati, tyas̱, badaṉ, lan sapituruté.

2. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ araniᶇ baraᶇ kaᶇ waṅuné bundĕṟ :
rĕmbulaṉ, ƀūmi, jagaḏ, rupa, srĕṅéṅé, rai, lèḵ, candra, wulaṉ, lan sapituruté.

3. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ atĕgĕs siji :
tuṅgaḻ, éka, iji, juga, lan sapituruté.

4. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyanĕ :
urip̱, gusti, janma, kĕña, prawaṉ, ñata, putra, sunu, lan sapituruté.

b. kaᶇ awatak loro :

1. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ cacahé loro :
mripaṯ, kupiᶇ, taṅaṉ, asta, suku, drĕsṭi, buja, aṭi aṭi, swiwi, lan sapituruté.

2. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ nuduhaké kriyané tĕmbuᶇ iᶇ ṇḍuwuṟ :
ndĕlĕᶇ, ṅruṅu, ndulu, nĕmbaḥ, myaṯ, lan sapituruté.

3. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ tĕgĕs loro :
dwi, kaliḥ, lan sapituruté.

4. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyané : gaṇḍèᶇ, kaṇṭi, kaṇṭèṯ, lan sapituruté.

c. kaᶇ awatak tĕlu :

1. kaᶇ nduwèni sĕsipatan tĕlu :
gĕni, bahni, pawaka, sikiᶇ, dahana, anala, utawaka, puji, lan sapituruté.

2. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ kaṅgo wanda tri utawa tĕgĕs tĕlu :
mantri, tiga, hantĕlu, lan sapituruté.

3. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ : ula, lintaḥ, ujĕḻ, wĕluṯ, naliñciᶇ, liṟ, kaya, wigña, wriṉ, guna, kukus̱, panas̱, lan sapituruté.

d. kaᶇ awatak papaṯ :

1. baṅsané bañu utawa kaᶇ ṅĕmu bañu :
hèṟ, sindaᶇ, suci, tiṙŧa, wédaᶇ, buṉ, udaṉ, sagara, wahudadi, jalaniḍi, bĕniᶇ, nadi, sumbĕṟ, sumuṟ, wasuḥ, lan sapituruté.

2. tĕmbuᶇ kaᶇ atĕgĕs papaṯ, catuṟ, paṯ, lan sapituruté.

3. tĕmbuᶇ kaᶇ atĕgĕs gawé :  kaṙŧa, kaṙyya, kiṙtti, lan sapituruté.

e. kaᶇ awatak lima :

1. araniᶇ baraᶇ kaᶇ cacaḥ lima
indri, indriya, ḍawa, lan sapituruté.

2. baṅsané ƀūta : danawa, jakṣa, diyu, wiḻ, rasĕkṣa, lan sapituruté.

3. baṅsané gagamaṉ : panaḥ, warajaᶇ, bana, sara, lan sapituruté.

4. baṅsané aṅiṉ : bayu, samirana, maruta, anila, sinduᶇ, lan sapituruté.

5. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyané : wisikaṉ, wisaya, pañcawara, luṅiṯ, laṇḍĕp̱, galaḵ, lan sapituruté.

6. tĕmbuᶇ kaᶇ tĕgĕs lima : gaṅsaḻ, pañca, lan sapituruté.

f. kaᶇ awatak ĕnĕm̱ :

1. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ mratélakaké rasa :
pĕḍĕs̱, amla, kĕcuṯ, tikta, paiṯ, kyasa, guriḥ, dura, asiṉ, lĕgi, lan sapituruté.

2. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ nduwèni sipat kaᶇ gagayuhan tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ mratélakaké bab rasa : 
gĕṇḍis̱, gula, uyaḥ, lan sapituruté.

3. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ jĕnĕᶇ kéwan kaᶇ asikil ĕnĕm̱ : 
tawoṉ, bramara, kombaᶇ, aṅgaᶇ aṅgaᶇ sĕmuṯ, lan sapituruté.

4. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyané : 
raras̱, ṛĕtu, ojag̱, obaḥ, prabataᶇ, wayaᶇ, sĕḍiḥ, ilaṯ, kilaṯ, lan sapituruté.

g. kaᶇ awatak pitu :

1. baṅsané kaᶇ amaratapa : wiku, bikṣu, ṛĕsi, dwija, ḍita, yogiswara, muni, suyati.

2. dasanamané jaraṉ : kuda, wajiḵ, aswa, turaṅga, lan sapituruté.

3. dasanamané gunuᶇ : aṙddi, prawata, giri, añcala, wukiṟ, lan sapituruté.

4. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyané : aṅsa, gora, swara, wulaᶇ, wĕliᶇ, sabda, suka, lan sapituruté.

h. kaᶇ awatak wolu :

1. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ kagoloᶇ kéwan rumaṅkaᶇ : 
baya, bajuḻ, slira, mĕñawaḵ, tanu, buṅloṉ, muṙtti, basu, tĕkèḵ, cĕcaḵ, ula, naga, bujaṅga, takṣaka, lan sapituruté.

2. daṣṇananiᶇ gajaḥ : dwipaṅga, limaṉ, èsṭi, dirada, matĕṅga, kuñjara, lan sapituruté.

3. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyané : samadya, brahmaṉ, maṅgala, lan sapituruté.

i. kaᶇ awatak saṅa :

1. baraᶇ baraᶇ kaᶇ wujudé boloᶇ
gapura, guwa, dwara, wiwara, gatra, wilasita, roᶇ, trusta, trusṭi, soᶇ, babahaṉ, lan sapituruté.2. tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ liyané : ganda muka, butuḻ, déwa, ambuka, waṅi, lan sapituruté.

j. kaᶇ awatak sapuluḥ utawa das̱ :

ya iku tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ kaᶇ ṅĕmu tĕgĕs ora ana utawa suwuᶇ : suña, boma, gagana, wijaṯ, niṟ, tanpa, ilaᶇ, mlĕtiḵ, siṙṇna, muṣṇa, adoḥ, antarikṣa, rusaḵ, luhuṟ, ḍuwuṟ, mukṣa, ṅumbara, muluḵ, mumbuḻ, das̱, awaᶇ awaᶇ, aṅlĕs̱, méntaṟ, oñcaṯ, asaṯ, suruṯ, sĕmpaḻ, tumĕṅa, mĕsaṯ, lan sapituruté.

warṇnaniᶇ saṅkalan.

a. saṅkalan lamba.

kaᶇ diarani saṅkalan lamba ya iku saṅkalan kaᶇ awujud ukara utawa kumpulaniᶇ tĕmbuᶇ, saṅkalan lamba kaᶇ akèḥ tinĕmu iᶇ layaᶇ layaᶇ.
ana manèḥ kaᶇ tinĕmu iᶇ yayasaṉ, pasarĕyaṉ, padusaṉ, gapura, lan sapituruté.

tulaḍa :
1. yama suña sūṙyya = tahun 1202.
2. sapta yana sūṙyya = tahun 1217.
3. indu bana dwi rupa = tahun 1254.
4. dwi gaya rawi = tahun 1282.
5. dwara adri pana indu = tahun 1279.
6. saṅa kuda cudḍa candrama = tahun 1079. tinĕmu iᶇ layaᶇ bharatayuḍa déniᶇ mpu sĕḍaḥ, mpu panuluḥ.
7. panĕrus tiṅal tataniᶇ nabi = tahun 1529. tinĕmu iᶇ layaᶇ suluk wujil – sunan bonaᶇ.

ḇ. saṅkala mĕmĕṯ.

1. iᶇ tratag rambat kraton ṅayogyakaṙŧa sisiḥ lor ana gambar tawon cacahé lima lan slira (mĕñawak) siji, iku kĕna diwaca : pañca gana salira tuṅgal = tahun 1865.

2. iᶇ magaṅan kraton ṅayogyakaṙŧa, ana pĕpĕṭan wujud ula naga loro, pĕṭité paḍa pupulĕtaṉ, iku kĕna diwaca : dwi naga ṅrasa tuṅgal = tahun 1682.




3. iᶇ kraton surakaṙŧa ana pĕpĕṭan naga kaᶇ ditumpaki manuṅsa, iku kĕna diwaca : naga muluk tinitihan janma = tahun 1708.

4. ana uga warana kaᶇ digawé saka walulaᶇ kĕbo kaᶇ dirĕṅga rĕṅga, iku kĕna diwaca : walulaᶇ kĕbo siji utawa wolu ilaᶇ kĕbo siji = tahun 1708.

5. ana pĕpĕṭan wujdé bundĕran pipiṇḍaniᶇ jagad kaᶇ dicĕkĕli déniᶇ ƀūta cacahé tĕlu, iku kĕna diwaca : ƀūta tĕlu ṅojag jagad utawa tri jakṣa ṅojag buwana = tahun 1635.

6. ana gagambaran wujud sula cacahé tĕlu lan iᶇ tĕṅaḥ ana gambar kĕmbaᶇ, iku kĕna diwaca : tri sula kĕmbaᶇ lata = tahun 1953,

c. paṅrakitiᶇ ukara.

tĕmbuᶇ sapada kudu kaaṅkaḥ mujudaké ukara wutuḥ, isi paṅrĕtèn ganĕp̱.
aja ṅanti wujud ukara kaᶇ duruᶇ rampuᶇ.
manawa gatra wĕkasan isiḥ kudu disambuᶇ ukara iᶇ pada caṇḍaké ana iᶇ rasa ora kĕpénaḵ.

tĕmbuᶇ kaᶇ bĕciḵ, sabĕn sagatra kudu mĕṅku surasa wutuḥ, lan rakitaniᶇ gatra siji lan sijiné dalĕm tĕmbaᶇ sapada, mĕṅku isi wutuḥ. manawa arĕp ṅaraᶇ tĕmbaᶇ saduruṅé prĕlu ṅéliṅi prakara prakara kaᶇ prĕlu, kayata :

1. prĕlu migatèkaké dasanamaniᶇ tĕmbuᶇ tĕmbuᶇ. upama tĕmbuᶇ : ratu iku duwé dasanama : katoᶇ, nata, naṙppati, pamasé, ḍatu, raja, aji, lan sapituruté.iku prĕlu baṅĕt kaṅgo nĕmtokaké tibaniᶇ swara iᶇ puṅkasaniᶇ gatra.

2. kĕna ṅowahi susunaniᶇ ukara, lumraḥ kasĕbut baliswara.
tulaḍa : anoman sampun malumpaṯ, diowahi : anoman malumpat sampuṉ.

3. kĕna ṅowahi swara, kayata :
braṅta dadi kaṙtti,
prapta dadi prapti,
braṅta dadi braṅti,
maraᶇ dadi mariᶇ,
dipati dadi dipatya, lan sapituruté.

4. kaṅgo ṅoyak guru wilaṅaṉ :

1. kĕna ṅulur utawa ṅuṅkrĕt wanda :
sru dadi asru,
praᶇ dadi pĕraᶇ,
tan dadi datan,
trus dadi tĕrus,
lumaku dadi mlaku,
gĕlĕbyar dadi glĕbyar,
kĕrĕlip dadi krĕlip,
sinĕraᶇ dadi sinraᶇ, lan sapituruté.

2. kĕna mañcaḥ tĕmbuᶇ :
puniku dadi niku,
pijĕr dadi jĕr,
déné dadi dé,
iṅkaᶇ dadi kaᶇ,

3. kĕna ṅgarba tĕmbuᶇ loro utawa luwiḥ :
ana + iᶇ dadi anèᶇ,
lagi + antuk dadi lagyantuk,
kadya + iku dadi kadyèku,
sira + aṙṣa dadi siraṙṣa.

watak kalamaṅsa

Kamis, 19 Agustus 2021

watak pasaran utåwå påñcåwårå

kliwon.
nĕptuné 8, rupané klawu utåwå måñcå warṇå, paṅgonané ånå tĕṅaḥ, bañuné madu, kayuné gurdå, manuké gogik, déwané guru.
ukårå pasĕmoné : wiså martå durjånå tĕṅah, ånå bĕciké lan ånå alané, pintĕr micårå, tĕgĕsé biså ṅaṅgit båså, titis panitèné maraᶇ ålå lan bĕcik.
pasĕmon watakiᶇ kéwan : muñuk lan asu.
wataké muñuk : ḍĕmĕn pènèkan, riṅgas ora biså tutut, biså såbå ḍaratan, kakayon utåwå bañu, sanadyan wis dipakani isih gĕḷĕm ñakot lan ṅiwi iwi siᶇ makani, ora kĕnå dicĕḍaki lan dibĕciki, ora lali nindakaké piyålå.
wataké asu : sĕtyå tuhu maraᶇ bandarané naṅiᶇ crobo paṅané, nalaré ajĕg sukåwiryå, gĕḍé kakaṛĕpané, akèh slamĕt lan pujiné.

ḷĕgi.
nĕptuné 5, rupané putiḥ, paṅgonané wétan, bañuné santĕn, kayuné kayu putiḥ, manuké kontul, déwané naradå.
wataké mĕṅku, tĕgĕsé kumudu kudu saguḥ lan ṅuwasani sabaraᶇ patrap, kalawan ḷĕgå ṅaṛĕp atiné, bojåkramané praḍaḥ.mikir ålå bĕcik.
wataké kalahiran ḷĕgi :
ukårå pasĕmoné : sumĕnḍi ṅibaraté råjå utåwå bhupati, pasĕmon watakiᶇ kéwan : kuciᶇ lan tikus.
wataké kuciᶇ : awas, tutut, buṅaḥ atiné tan duwé saṅgaruṅgi, bilahiné dipahékå, sawisé dipahékå lagi mĕtu curigané, biså amor sugiḥ lan mlarat.
wataké tikus : yèn bĕṅi mĕlèk, awas, akèḥ paṅati atiné, biṅuᶇ atiné såkå awaké ḍéwé, saṭiṭik paṅané, mandi cakotané, samubaraᶇ siᶇ dicakot gĕlis mati, nitèni paṅgawé ålå lan bĕcik, sok diwisåyå (disalahi) liyan, gĕḍé bĕgjané naṅiᶇ yå gĕḍé bilahiné.

pahiᶇ.
nĕptuné 9, rupané abaᶇ, paṅgonané ånå kidul, bañuné gĕtiḥ, kayuné iṅas, manuké ĕṅkuk, déwané bråmå.
wataké mélikan, tĕgĕsé kumudu ḍĕmĕn maraᶇ sabaraᶇ kaᶇ katon, ḍĕmĕn praḍaḥ, tĕmĕné muriḥ misil.
wataké kalahiran pahiᶇ :
ukårå pasĕmoné : cĕnḍånå, mélikan baraᶇ, praḍah, tĕmĕné muriḥ misil (éntuk baṭi/untuᶇ).
pasĕmon watakiᶇ kéwan : macan.
wataké macan : adoḥ sabané, luṅguḥ ḍéwé, turu ḍéwé, araᶇ maṅané (bĕtaḥ luwé) kajåbå yèn dadi iṅon iṅoné ratu, akèḥ satruné, yèn diḍisiki (dijalari) mbilahèni, yèn nḍisiki ora dadi åpå, yèn duwé gagaman ṛĕsikan, nĕpsuné såkå woᶇ wadon, kĕṛĕp diapusi, baraṅé kaᶇ ilaᶇ araᶇ kaᶇ biså bali.

pon.
nĕptuné 7, rupané kuniᶇ, paṅgonané ånå kulon, bañuné sarkårå, kayuné kĕmuniᶇ, manuké poḍaᶇ, déwané kåmåjåyå.
wataké pamèr, tĕgĕsé kumudu ṅatonaké doñané, ambĕgé ḍiri kaᶇ ṅutuḥ.
wataké kalahiran pon :
ukårå pasĕmoné : samahitå lakuniᶇ nabi, budiné tutut, pituturé akèḥ digugu, ṅuṭuh.
pasĕmon watakiᶇ kéwan : wĕḍus.
wataké wĕḍus : sabané ora adoh, siᶇ dipaṅan hamuᶇ tanduran, tĕgĕsé muᶇ darbèké ḍéwé, asriᶇ muriṅ muriᶇ maraᶇ bojo lan anak batihé, nalaré kuwur, sĕnĕᶇ bijikan, wani maraᶇ siᶇ ṅiṅu, yèn wani ora kĕnå dipĕṅgak, sabaraᶇ basané kumudu diéndahaké, ora kĕnå cinĕgaḥ lamun wani, sĕḍĕṅan kasugihané., 

wagé.
nĕptuné 4, rupané iṛĕᶇ, paṅgonané ånå lor, bañuné nilå, kayuné tlasiḥ, manuké gagak, déwané wiṣṇu.
wataké kĕñcĕᶇ, tĕgĕsé kĕñcĕᶇ wicarané, luwĕs, kakon atèn.
wataké kalahiran wagé :
ukårå pasĕmoné : prabhu anom lakuniᶇ ḍaṇḍaᶇ : siṅgih naṅiᶇ aṅkuh.
pasĕmon watakiᶇ kéwan : sapi.
wataké sapi : tutut sakaṛĕpé siᶇ ṅĕrèḥ dadi, paṅané kudu diiṅoni, yèn dipĕcut sok ṅamuk, sabaraᶇ tinubruk, saṭiṭik amburu paṅan, yèn mamaṅan lali woᶇ tuwå lan sanak saduluré, pĕtĕᶇ pikiré, asriᶇ kĕnå pitĕnah.

pårå luluhur biyèn aṅgoné mariṅi tĕṅĕr watak pasaran ṅaṅgo pasĕmon wujud tĕmbuᶇ utåwå ukara ṅĕmu suråså.
utåwå ṅaṅgo pasĕmon wataké kéwan. kanṭi maṅkono aṅgoné biså mĕruhi watak wantuné pasaran kudu biså ñuråså tĕmbuᶇ lan ṅirå irå watak wantuné kéwan siᶇ diaṅgo ñĕmoni.

watak pariṅkĕlan utåwå ṣadwårå.

1. tuṅlé (ujuṅan), wataké sagaḥ lan kumbi, miraṅaké, sirikané åja nanandur kaᶇ dèn alap goḍoṅé.

2. aryaᶇ (manuṅså), wataké lalèn, pigunané kaṅgo gawé upas, sirikané åjå ṅanti pålåkråmå lan ṅĕdĕgagé omaḥ.

3. warukuᶇ (kéwan), wataké lénan pigunané ambubujuᶇnå, sirikané åjå ṅanti babad alas, akèḥ mamalané.

4. paniṅron (iwak), wataké kĕnå upas, mèlikan, pigunané gawé wiyåyå iwak, sirikané åjå ṅanti ṅiṅu iwak.

5. uwas (manuk), wataké takabur, pigunané maraṅi utåwå gawé gagaman utåwå mikat manuk, sirikané åjå ṅanti gawé kuruṅan manuk åpå déné kaṇḍaᶇ kéwan sikil loro.

6. mawulu (wiji), wataké ṅirå irå, pigunané maluku lan aṅgaru åpådéné ṅgarap sawaḥ, sirikané åjå ṅanti nanandur wiji utåwå ṅurit pari.

watak padinan utåwå saptåwårå.

1. akad / ṅahad
nĕptuné 5, rupané klawu, paṅgonané ånå lor wétan, bañuné sagårå, kayuné wriṅin, manuké tuhu, nabiné adam.
dåså namané: radité, dité, dinå sṛĕṅéṅe,
sasmitå båså kawiné : mawi såtå kadaluwarså waluyålåyå, 
tĕgĕsé : woᶇ luluṅan kaluṅsé iᶇ taun muliḥ mati.
wataké : uripiᶇ jagad, ajĕg, maḍaṅi, panas, marbawani, ṅuripi. samudånå, bĕcik muᶇ iᶇ lahir bahé, kalayu ilå ilå, ambĕgé nuwå.

watak kalahiran ṅahad.
lakuné sṛĕṅéṅé, wataké paḍaᶇ atiné, tur sukå rilå sabaraᶇ darbèké maraᶇ sanak saduluré, wantĕr budiné, asiḥ maraᶇ abdiné, lamun ṅiṅu sakèhiᶇ iṅon iṅon ḍĕmĕn sarwå ṛĕsik, pintĕr micårå, biså préntaḥ maraᶇ woᶇ tuwå.

2. sĕnèn
nĕptuné 4, rupané kuniᶇ, paṅgonané ånå lor kulon, bañuné wédaᶇ, kayuné kunir, manuké kuniran, nabiné ibrahim.
dåså namané : somå, dinå ṛĕmbulan.
sasmitå båså kawiné : waktrå kanisanri nétrå awindé budåyå.
tĕgĕsé : mukå kélaṅan mripat ṅéliṅi budi.
wataké : mlumpat, owaḥ giṅsir, éndaḥ gawé sĕṅsĕm. samuwå, kudu bĕcik sabaraᶇ gawé naṅiᶇ émané kĕṛĕp kaluputan patrapé, 

watak kalahiran sĕnèn.
lakuniᶇ lintaᶇ, ora kĕnå digagampaᶇ wicarané, tur baṅĕt panas, rikat cukat sakèhiᶇ pakartiné, sukå rilå iᶇ daḷĕm batin, ḍĕmĕn maraᶇ paṅgawé kaᶇ bĕnĕr. 

3. slåså
nĕptuné 3, rupané biru, paṅgonané ånå kidul kulon, bañuné biru amis, kayuné taṅan, manuké bubud, nabiné isa.
dåså namané : aṅgårå, dinå gĕni, 
sasmitå båså kawiné : séwå ritayé sogåtå babaṅgånå urå,
tĕgĕsé : sakabat kélaṅan guru pancabakaḥ dadi urå.
wataké : babagan pati, maṅalad alad panas, mbĕsmi, sujånå tegesé prayitnå iᶇ batin, ora låmbå pikiré, ora andĕlan, butaṛĕpan aṅguᶇ kagètan, 

watak kalahiran slåså.
lakuniᶇ ṛĕmbulan, durjånå roᶇ prakårå, kĕṛĕp siniṅĕtan déniᶇ sapapaḍané woᶇ, lamun mimitran muᶇ woᶇ loro bahé kaᶇ biså dadi mitrå sajati, wataké julig, ḍaḥwèn, panastèn, sukå rilå naṅiᶇ ånå kalané ora antĕpan.

4. ṛĕbo
nĕptuné 7, rupané dadu, paṅgonané ånå kulon, bañuné udan, kayuné någåsari, manuké uluᶇ, nabiné muså.
dåså namané : buđå, dinå bhumi,
sasmitå båså kawiné : sakaṭanirå darukipaṅirå dalayun,
tĕgĕsé : pĕḍati tanpå kusir paṅiriṅé salèwèṅan.
wataké : uripiᶇ roḥ ( ṛĕjĕki), rådå sĕmbrånå naṅiᶇ momot, antĕᶇ, nrimå. sĕmbådå, kudu pantĕs sabaraᶇ gawé.

watak kalahiran ṛĕbo.
lakuniᶇ bhumi, lamun bĕcik ṅanti kaluwiḥ luwiḥ bĕciké, yèn ålå kaliwat alané, ora kakuraṅan saṇḍaᶇ paṅané, budiné mĕnĕᶇ antĕᶇ, lamun micårå mlantraᶇ, awit pikirané mĕṅku bĕcik lan ålå.

5. kĕmis
nĕptuné 8, rupané abaᶇ, paṅgonané kidul wétan, manuké galugå, kayuné sĕcaᶇ, manuké kutut, nabiné idris.
dåså namané wrahaṣpati, ṛĕṣpati, dinå gĕlap / ṭaṭit, 
sasmitå båså kawiné : mamiṅkå ṛĕṅgådikårå karanånyå tunå,
tĕgĕsé :woᶇ niṅgal pagawéyan baku iku dadi dalané atunan.
wataké : purbaniᶇ roḥ ( katurutan sĕdyané), gawé giris suråså, kumudu kudu ṅrasakaké sabaraᶇ prakårå, lumuḥ kahuṅkulan kaṛĕpé, 

watak kalahiran kĕmis.
lakuniᶇ gĕni, såpå siᶇ dadi bojoné sok mati ḍisik, akèḥ kaᶇ wĕdi maraᶇ sakèhiᶇ paṅucapé, lamun duwé abdi ora kuwat suwé sabab sarwå panas, såkå paṅaṛĕpan budiné luwiḥ bĕcik tur ḷĕmbut, ḍĕmĕn diguṅguᶇ iᶇ woᶇ, wasånå biså kĕnå binaliṭuk lan iṅakalan. 

6. jumuwaḥ
nĕptuné 6, rupané iṛĕᶇ, paṅgonané ånå lor, bañuné maṅsi, kayuné aṛĕᶇ, manuké bèṭèt, nabiné muhammad.
dåsånamané : sukrå, dinå bañu,
sasmitå båså kawiné : katènti nuti jugåyå murkå må durhåkå,
tĕgĕsé : anuruti karså iku murkå.
wataké : råså tuṅgal, awèḥ kasĕgĕran lan kasuburan, mbanḍaᶇ samubaraᶇ, suci, kumudu ṛĕsik sasolaḥ bawané, gumuṅguᶇ amriḥ ginuguwå.

watak kalahiran jumuwaḥ.
lakuniᶇ paṇḍitå, wataké ḍĕmĕn mlarat, lamun duwé baraᶇ darbé rilå ḷĕgåwå nalikå dijaluk sanak kadaᶇ, ḍĕmĕn ulaḥ kapintĕran, budiné alus, sukå rilå, sĕnĕᶇ amimitran, ḍĕmĕn ṅaṅgĕp woᶇ liyan drayan kåyå sanak saduluré, duwé sĕdyå lalaku pintĕr.

7. sĕtu
nĕptuné 9, rupané putiḥ, bañuné ḷĕri, kayuné widårå, namuké waṅan, nabiné sis.
dåsånamané : saniṣcårå, tumpak, dinå aṅin,
sasmitå båså kawiné : samadi måså såyå lano palaksåṇå,
tĕgĕsé : sĕmaya maṅsané tĕkan jaṅji tĕtĕp kalakon.
wataké : dalaniᶇ pati, sumilir sĕgĕr naṅiᶇ ṅgåwå lalårå, kasumbuᶇ, ḍĕmĕn ṅaḷĕm kaᶇ sarwå bĕcik lan mamådå kaᶇ sarwå ålå, srakaḥ,

watak kalahiran sĕtu.
lakuniᶇ agin, kĕṛĕp sinatru woᶇ akèḥ, diwĕdèni woᶇ naṅiᶇ ånå kasugihané, sĕnĕᶇ ṅlarani atiné liyan, yèn laku dol tinuku gampaᶇ payu, gampaᶇ saṇḍaᶇ paṅané.

watak padéwan utåwå haṣṭåwårå.

1. sri, wataké wĕlasan, akèḥ kaᶇ asiḥ, bĕciké nandurå pari kaᶇ tumuju iᶇ pariṅkĕlan warukuᶇ, åjå motaṅaké utåwå ñilihaké baraᶇ sabab akèḥ sulayané.

2. indrå, wataké nastiti, aṅkuḥ, bĕcik kaṅgo ṅaji kawruḥ.

3. guru, wataké ñébå, gañjar, ḷĕmĕr, bĕciké masaṅå tutumbal.

4. yåmå, wataké lumuḥ aguᶇ maklumé, bĕciké kaṅgo dagaᶇ.

5. rudrå, wataké galak , saṅar mrabawani. bĕciké kaṅgo andèrès, gawé sumur lan waṅan.

6. bråmå, wataké panasbaran, bĕcik kaṅgo babad alas, maluku lan ṅgarap sawaḥ.

7. kålå, wataké caṇḍålå murkå, ṅamandåkå, goroḥ, bĕciké gawéyå pacåkå.

8. umå, wataké wĕlasan, susaḥ, jahil atiné, bĕciké gawéyå pagĕr utåwå régol.

watak padaṅon utåwå såṅåwårå.

1 . daṅu tĕgĕsé watu
wataké: mĕnĕᶇ naṅiᶇcubluk , abot atos . apĕsé ora narimå, mupaṅaté sirå aminimbulå, ṅèṣṭi pambuṅkusan, pasiropan, palèṅkètan, gawéyå tutuṅgul lan wawaḍaḥ.

2 . jagur tĕgĕsé macan
wataké: galak , awas , luwĕs , roså, apĕsé aṅutuḥ, mupaṅaté ṅèṣṭiyå pétak, babayu karosan, gawéyå kĕlan gawaᶇ, macakå kajinĕman.

3 .gigis tĕgĕsé ƀūmi
wataké : jĕmbar , ṅṛĕkṣå , momot, apĕsé yèn tan anarimå, mupaṅaté amaḍaknå ålå nĕnuᶇ laku ålå lan sapanuṅgalané, åjå gagawéyan.

4 . kéraṅan tĕgĕsé sṛĕṅéṅé ,
wataké : kĕras , titi , ajĕg , ṅawruhi ålå lan bĕcik , paḍaᶇ, lumuḥ kahuṅkulan, apĕsé yèn tan adil, mupaṅaté ṅèṣṭiyå panrawaṅan, paṅlĕṛĕban lan paṅgĕṇḍaman, ṅĕdĕgnå priyayi utåwå maśjid.

5 . nohan tĕgĕsé ṛĕmbulan
wataké : sukå buṅaḥ lan sĕṅsĕm , ṅèman wĕlasan , asriᶇ kĕnå pitĕnaḥ amargå kaṛĕpé sinĕbutan tutuwå, apĕsé tan laṅgĕᶇ, tan asiḥ, tan adil, mupaṅaté ṅèṣṭiyå paṅasihan, gawé baraᶇ dagaṅan bakal akèḥ woᶇ sĕnĕᶇ.

6 . wogan tĕgĕsé uḷĕr ,
wataké : mugĕn , antĕpan, apĕsé cubriyå, mupaṅaté sirå ṅadanan uwas lan gawéyå gagaman.

7 . tulus tĕgĕsé bañu
wataké : tĕmĕn , rosa , jĕmbar kaṛĕpé, diérami sapåḍå påḍå, ḷĕmbut paṅarahé , apĕsé yèn kakèhan kaṛĕp, tumuli dèn susupi woᶇ, mulaṅaté sirå macakå woᶇ tampiṅan, ḍuḍukuhå gĕlis ṛĕjå, aṅĕdĕgbå påså ñĕmbadani.

8 . wuruᶇ tĕgĕsé gĕni
wataké : panasbaran iᶇ sabaraᶇ kaṛĕpé, apĕsé kĕnå pahékå, dikalahi, 

9 . dadi tĕgĕsé kayu
wataké : lumuḥ kahuṅkulan, apĕsé yèn aṅiyup kaluputan, mupaṅaté ṅèṣṭiyå kasumbagan, paṅĕmbaran, aṅĕdĕgnå paṇḍåpå utåwå kaṇḍaᶇ, gagawéyan sabaraᶇ luwiḥ awèt, mawacakå ṅĕdĕgnå luraḥ iku bĕcik.

watak  påñcå sudå asli.

1. waséså sagårå
wataké jĕmbar budiné naṅiᶇ asor drajadé.

2. tuṅgak sĕmi, 
wataké bĕcik atiné naṅiᶇ saṭiṭik ṛĕjĕkiné.

3. satriyå wibhåwå
wataké ambĕgé luhur naṅiᶇ tan lånå atiné.

4. satriyå wiraᶇ, 
wataké kĕṛĕp kĕsusahan naṅiᶇ kalis iᶇ wiså, rahayu darbèké.

5. ƀūmi kapĕtak, 
wataké bĕcik atiné naṅiᶇ cugĕtan.

6. ḷĕbu kĕtiyup aṅin, 
wataké mawut rusak, kĕṛĕp susaḥ tur asor drajadé.

watak påñcåsudå pawukon.

1. waséså sagårå.
wataké sugiḥ paṅapurå , praḍaḥ , jĕmbar budiné , mrabawani .

2. tuṅgak sĕmi.
wataké lumintu ṛĕjĕkiné, ḍĕmĕn gĕṛĕjĕgan nadyan pinapas adrĕᶇ.

3. satriyå wiƀåwå.
wataké nåmpå kamulyan, kaluhuran lan kawibhawan.

4. sumur sinåbå.
wataké sugiḥ kawruḥ biså dadi paṅuṅsèn lan diguroni, balåbå iᶇ doñané.

5 . satriyå wiraᶇ.
wataké tansaḥ nĕmu pakéwuḥ lan kĕwiraṅan lan kisinan, sanadyan budi kaᶇ bĕcik dadi ålå.

6 . ƀūmi Kapĕtak.
wataké tabĕri ñambut gawé , kuwat naṇḍaᶇ gĕlå lan lårå låpå , ṛĕsikan , putuṅan ati .

7. ḷĕbu kĕtiyub aṅin.
watakénaṇḍaᶇ susaḥ tan jĕnakan , siᶇ digayuḥ ora klakon , aṅèl bisané klumpuk klumpuk.

watak påñcå riṅkĕs (kamarokam).

1. nuju padu.
wataké ålå, mupaṅaté ṅĕdĕgnå pawon.

2. kålå tinantaᶇ.
wataké ålå, mupaṅaté ṅĕdĕgnå kaṇḍaᶇ lan gĕḍogan.

3. saṅgar wariṅin.
wataké bĕcik, biså ṅayomi kawulå sawaṅsané, mupaṅaté ṅĕdĕgnå masjid lan saṅgar pamĕḷĕṅan, becik ugå kaṅgo niṅkahan, wataké paḍaᶇ atiné lan kaṛĕm maraᶇ ṅèlmu.

4. mantri sinarojå.
wataké bĕcik, déné mantri ganĕp, déné kaṅgo niṅkahan ugå bĕcik, wataké ora kakuraṅan saṇḍaᶇ paṅan, yèn maṅgahotå pakolèḥ lan sugiḥ anak.

5. macan kĕrawan.
wataké sĕḍĕᶇ, watak kèriṅan, mupaṅaté ṅĕdĕgnå paṇḍåpå lan ṛégol.

6. nuju pati.
wataké ålå, mupaṅaté gawéyå pagĕr bhumu lan jabuᶇ utåwå numnumbalå.

watak paṅarasan.

1. nĕptu 7, lakuniᶇ bhumi. 
wataké amĕm mĕnĕᶇ, cugĕtan atèn, tan darbé sanak, kĕṭul pamikiré, rådå kaṅgonan ḍĕmĕn sĕmbranan lan woᶇ èstri / lanaᶇ.

2. nĕptu 8, lakuniᶇ gĕni.
wataké panas baranan, ambaṅun praᶇ, panastèn, drĕṅki, akèḥ kaᶇ pinagut, yèn wadon sok aṅguᶇ gawé bilahi.

3. nĕptu 9, lakuniᶇ aṅin utåwå aras pĕkṣi.
wataké mĕnĕᶇ, maṇḍitå, omaḥ omaḥ aṅguᶇ alihan, ḍĕmĕn ginuṅguᶇ, yèn duwé jåpå ora mandi, tĕrañjalan nora jĕñjĕm atiné.

4. nĕptu 10, lakuniᶇ paṇḍitå sĕkti utåwå aras pĕpĕt.
wataké mĕnĕᶇ, aṅgitan, yèn winuruk nuli biså, jĕro nĕpsuné, sok kĕnå tinakonan, biså mĕñaᶇ paḍukunan, pamuwasé sok umuk, jĕnĕṅé misuwur lantaran sastrå.

5. nĕptu 11, aras tudiᶇ utåwå lakuniᶇ sétan.
wataké wani ṅambaḥ iᶇ wayaḥ wĕṅi, kĕndĕl, yèn duwé baraᶇ kumudu didol, calimut, mélikan darbèké liyan.

6. nĕptu 12, lakuniᶇ jojoḍowan utåwå aras kĕmbaᶇ.
wataké tan éman, akèḥ sanaké, linulutan maraᶇ jalmå éstri lan kakuᶇ, gampaᶇ lamun aṅgrahitå lan maṅgahotå. 

7. nĕptu 13, lakuniᶇ lintaᶇ.
wataké mĕnĕᶇ, ḷĕmbaḥ manaḥ, naṅiᶇ tan darbé sadulur, tan duwé napsu, bĕtaḥ mĕlèk, adol basané, takdiré dagaᶇ, yèn duwé kaṛèp tan biså dipalaṅi. 

8. nĕptu 14, lakuniᶇ ṛĕmbulan.
wataké samubaraᶇ pagawéyan baṅkit, lan saḍélå biså mukti, yèn winuruk éṅgal biså, linulutan maraᶇ jalmå, jĕmbar budiné, naṅiᶇ suṅkanan lan nora sugiḥ.

9. nĕptu 15, lakuniᶇ srĕṅéṅé.
wataké manis pamicarané, akèḥ maklumé, asor yèn duwé padu, biså ñiptå baraᶇ åpå åpå, yèn mamaṅan tan kĕnå iṅawĕran, klĕbu cacad.

10. nĕptu 16. lakuniᶇ bañu.
wataké sok muᶇ dadi koṅkonané woᶇ, kĕras budi lan paduné, ora bĕtaḥ luwé, yèn omaḥ omaḥ hamuᶇ tukaran, lamun wahdad jimawi.

11. nĕptu 17. lakuniᶇ jagad (ƀūmi gĕḍé).
wataké maṅgahotå sok niwasi, ṛĕṇḍaḥ paṅucapé, yèn tutur sok wuruᶇ, sok ṅĕkul papaḍané jalmå, tan duwé sanak, kaṅiᶇ kaṇḍané sayĕkti ñåtå.

12. nĕptu 18. lakuniᶇ dahånå (gĕni gĕḍé).
wataké panas baranan, calaṭuné sok ñĕrikaké woᶇ, ora ñawaᶇ polatané woᶇ, juwĕt guyuné, yèn nĕpsu ora lånå, rådå jiriḥ.

watak dinå taliwaṅké.

tĕgĕsé nalèni waṅké (mayit , baṭaᶇ).
wataké iᶇ dinå iku akèḥ babåyåå kaᶇ gĕḍé, muṅguḥ iᶇ wataké manuṅså : mbrĕṅkélé lan ñlĕkit omoṅané satĕmaḥ gampaᶇ gawé prakårå lan påñcåkårå.

cacahé ånå 6 :
1. sĕnèn iᶇ wuku wuyé,
2. slåså iᶇ wuku wayaᶇ,
3. ṛĕbo iᶇ wuku landĕp,
4. kĕmis iᶇ wuku warigalit,
5. jumuwaḥ iᶇ wuku kuniṅan,
6. sĕtu iᶇ wuku kuruwĕlut.

kabèḥ prayogå disirik.

watak dinå sampar saṅké.

tĕgĕsé ñampar waṅké (mayit, baṭaᶇ).
wataké iᶇ dinå iku akèḥ nĕmoni kasusahan kaᶇ ora ṅĕpénakaké ati. muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså : asriᶇ nĕmoni kasusahan kaᶇ ora kañånå ñånå.

cacahé ånå 5 :
1. sĕnèn iᶇ wuku sintå,
2. sĕnèn iᶇ wuku warigalit,
3. sĕnèn iᶇ wuku laṅkir,
4. sĕnèn iᶇ wuku tambir,
5. sĕnèn iᶇ wuku bålå.

kabèḥ prayogå disirik.

watak dinå sarik aguᶇ.

tĕgĕsé sirikan gĕḍé.
wataké iᶇ dinå iku kudu disirik,
kåyådéné wawalĕr (laraṅan). muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså: aṅèl srawuᶇ karo woᶇ liyå.

cacahé ånå 4 :
1. ṛĕbo iᶇ wuku kurantil,
2. ṛĕbo iᶇ wuku galuṅan,
3. ṛĕbo iᶇ wuku marakèḥ,
4. ṛĕbo iᶇ wuku bålå.

kabèḥ prayogå disirik.

watak dinå kålå dité.

tĕgĕsé babåyå kaᶇ ṅĕṅgoni dinå akad (raḍité).
wataké iᶇ dinå iku akèḥ sambékålå. muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså nduwèni watak wantu sĕnĕᶇ ñusahaké liyan.

cacahé ånå 3:
1. akad iᶇ wuku warigaguᶇ,
2. akad iᶇ wuku kuruwĕlut,
3. akad iᶇ wuku ḍukut.

kabèḥ prayogå disirik.

watak dinå ḍĕṇḍan kukudan / ḍuṅulan.

tĕgĕsé anané ḍĕṇḍå kaᶇ bisa marakaké kukud luḍĕs.
wataké iᶇ dinå iku akèḥ kaᶇ kaḍĕṇḍå lan kukud iᶇ samubaraṅé. muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså : nduwèni watak sĕnĕᶇ mĕṛĕs maraᶇ liyan.
cacahé ånå 3 dinå mahurut ṅahad tumĕkané sĕnèn iᶇ wuku galuṅan.

1. ṅahadiᶇ wuku galuṅan.
2. sĕnèn,  iᶇ wuku galuṅan.
3. slåsåiᶇ wuku galuṅan.

(tĕgĕsé dinå ḍĕṇḍan kukudan iku kabèḥ iᶇ wuku galuṅan).

watak dinå séṅkan turunan.

tĕgĕsé sumĕṅkå (luṅané) lan tumurun (tumĕkané) kahanan ålå utåwå bĕciké dinå manut warṇané séṅkan turunan iku.
cacahé warṇå 5, iᶇ sajroné 30 dinå siji sijiné sumĕṅkå sapisan, tumurun sapisan, ajĕg lĕt 15 dinå. kaṇṭi maṅkono sumĕṅka lan tumuruné mĕsṭi påḍå pasarané.
iᶇ sajroné sahubĕṅan wuku (210 dina) siji sijiné sumĕṅkå kapiᶇ 7, tumuruné ugå kapiᶇ 7, pratélané maṅkéné :

1. asu ajag.

pralambaᶇ kahanan babåyåå maraᶇ kasarasan lan kaslamĕtané jiwå rågå.

manåwå sumĕṅkå atĕgĕs babayané wis luṅå, kaṅgo wataké manuṅså : bisa kasinuṅan mrantasi babåyå.

manåwå tumurun babayané iku tumĕkå, kaṅgo wataké manuṅså : kaṇṭi ora sĕṅåjå nuwuhaké babåyå maraᶇ liyané.

sumĕṅka iᶇ dinå : pasaran pahiᶇ pariṅkĕlan mawulu.

tumurun iᶇ dinå : pasaran pahiᶇ pariṅkĕlan warukuᶇ.

2. sapi gumaraᶇ.

pralambaᶇ dåyå kabirahèn.

manåwå sumĕṅkå kahanan iᶇ dinå iku lĕsu luṅkraḥ, muṅguh kaṅgo wataké manuṅså : kuraᶇ nduwèni grĕgĕt iᶇ kabirahèn.

manåwå tumurun kahanan iᶇ dinå iku ñĕṅsĕmaké lan gawé grĕgĕt, muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså: gĕḍé kabirahèné.

sumĕṅkå iᶇ dinå : pasaran pon pariṅkĕlan paniṅron.

tumurun iᶇ dinå pasaran pon pariṅkĕlan tuṅlé.

3. cèlèᶇ dumaluᶇ.

pralambaᶇ anané gaṅguwan woᶇ golèk ṛĕjĕki saṇḍaᶇ paṅan.

manåwå sumĕṅkå kahanan dinå iku slamĕt tulus kaṅgo golèk rĕjĕki saṇḍaᶇ paṅan, kaṅgoné wataké manuṅså : tansaḥ gampaᶇ saṇḍaᶇ paṅané ora ånå siᶇ ṅrĕribĕti.

manåwå tumurun kahanan iᶇ dinå iku akèḥ sambékålå kaṅgo golék ṛĕjĕki saṇḍaᶇ paṅan, manåwå kaṅgo wataké manuṅså: aṅgoné golèk ṛĕjĕki sandaᶇ paṅan tansaḥ nĕmu rubédå.

sumĕṅka iᶇ dinå pasaran wagé pariṅkĕlan tuṅlé.

tumurun iᶇ dina : pasaran wagé pariṅkĕlan paniṅron,

4. kuṭilapas.

pralambaᶇ kahanan kaᶇ gumyak ñĕnĕṅaké naṅiᶇ asriᶇ salaḥ kadadèn dadi ribut.

manåwå sumĕṅkå kahanan iᶇ dinå iku ayĕm tĕntrĕm sĕpi,muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså : aṅèl srawuᶇ naṅiᶇ ya ora nåtå ṅrusuhi liyan.

manåwå tumurun kahanan iᶇ dinå iku gumyak naṅiᶇ akèh kadadéyan sĕliᶇ surup, muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså : akèḥ kañcané naṅiᶇ ugå asriᶇ digaṅgu karo mitrå kañcané iku.

sumĕṅka iᶇ dinå: pasaran kliwon pariṅkĕlan uwas.

tumurun iᶇ dinå : pasaran kliwon pariṅkĕlan aryaᶇ.

5. sri (srigati)

pralambaᶇ laraᶇ murahé ṛĕjĕki lan kabĕgjan.

manåwå sumĕṅka kahanan iᶇ dinå iku laraᶇ ṛĕjĕki lan akèh kapitunan, muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså : aṅèl ṛĕjĕkiné lan tansaḥ apĕs.

manåwå tumurun kahanan iᶇ dinå iku akèḥ ṛĕjĕki lan kabĕgjan, muṅguḥ kaṅgo wataké manuṅså : gampaᶇ ṛĕjĕki lan kabĕgjané.

sumĕṅkå iᶇ dinå : pasaran ḷĕgi pariṅkĕlan warukuᶇ.

tumurun iᶇ dinå : (pasaran, pariṅkĕlan, dinå 7).

1. ḷĕgi mawulu ṅahad tumurun iᶇ taman.
2. ḷĕgi mawulu śĕnèn tumurun iᶇ pawon.
3. ḷĕgi mawulu slåså tumurun iᶇ kaṇḍaᶇ.
4. ḷĕgi mawulu ṛĕbo tumurun iᶇ paturon.
5. ḷĕgi mawulu kĕmis tumurun iᶇ lumbuᶇ.
6. ḷĕgi mawulu jumuwaḥ tumurun iᶇ pĕdariṅan.
7. ḷĕgi mawulu sĕtu tumurun iᶇ lĕsuᶇ.

siᶇ prĕlu disirik ånå 5, yå iku :
1. asu ajag tumurun,
2. sapi gumaraᶇ tumurun,
3. cèlèᶇ dumaluᶇ tumurun,
4. kuṭilapas sumĕṅkå,
5. srigati sumĕṅkå.

watak måså wuku aṅgårå kasiḥ.

(taṅgal kapétuᶇ iᶇ kurup salasiyaḥ)

1. måså kaså.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 14 maṇḍasiyå, taṅgal kapiᶇ 8 sasi surå tahun alip windu adi.
wataké rahayu.

2. måså wuku karo, 
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 19 tambir, taṅgal kapiᶇ 13 sasi sapar tahun alip windu adi.
wataké ålå sirå.

3. måså wuku katĕlu.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 24 praᶇbakat, taṅgal kapiᶇ 19 sasi mulud tahun alip windu adi.
wataké antuk tunå kĕmaliṅan.

4. måså wuku kapat.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 29 ḍukut, taṅgal kapiᶇ 24 sasi bakdåmulud tahun alip windu adi.
wataké rahayu.

5. måså wuku kalimå.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 3. kurantil, taṅgal kapiᶇ 30 sasi jumadilawal tahun alip windu adi.
wataké muᶇ alaṅan kaᶇ tinĕmu.

6. måså wuku kanĕm.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 9 juluᶇwaṅi, taṅgal kapiᶇ 6 sasi ṛĕjĕb tahun alip windu adi.
sinambĕr iᶇ gĕlap.

7. måså wuku kapitu.
‍kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 14 måndåsiyå, taṅgal 11 kapiᶇ sasi ruwaḥ tahun alip windu adi.
wataké muraḥ ṛĕjĕki, slamĕt.

8. måså wuku kawolu.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 19 tambir, taṅgal 17 kapiᶇ sasi påså tahun alip windu adi.
wataké mukti wibhåwå salawasé sirå.

9. måså wuku kasåṅå.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 24 praᶇ bakat, taṅgal kapiᶇ 22 sasi sawal tahun alip windu adi.
wataké susaḥ salawasé.

10. måså wuku kasapuluḥ.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 29 ḍukut, taṅgal kapiᶇ 28 sasi duqaṅidaḥ tahun alip windu adi.
wataké luwiḥ bĕcik salawasé sirå.

11. måså wuku ḍèstå.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 3 kurantil, taṅgal kapiᶇ 4 sasi surå tahun éhé windu adi.
wataké mati tumpĕs.

12. måså wuku saḍå.
kawiwitan dinå aṅgårå kasiḥ wuku 9 juluᶇwaṅi, taṅgal kapiᶇ 9 sasi sapar tahun éhé windu adi.
wataké wuruᶇ kaṛĕpé kaᶇ ålå.

tumbuké manèḥ måså wuku, wuku, taṅgal lan pasaran lan warigå gĕmĕt sakabèhané bali manèḥ sabĕn iᶇ wuku 14 maṇḍasiyå, taṅgal kapiᶇ 8 sasi surå tahun alip windu adi.

wawatakaniᶇ manuṅså miturut nĕptu dinå lan pasaran.

nĕptu 7, 
wataké narimå iᶇ pandum, ḍĕmĕn ulaḥ kapaṇḍitan naṅiᶇ wicarané tan kĕnå kasoran, ḍĕmĕn luluṅan adoḥ.
nabiné yunus : wataké sugiḥ anak, ṅaṛĕpaké awaᶇ uwuᶇ, akèḥ goḍané.
palintaṅan : lintaᶇ mijan.
balané,lintaᶇ kudå, satruné lintaᶇ jadi,
wataké aguᶇ bĕgjané, akèḥ goḍané. lĕkṣaṇané aṅin, tan kĕnå gogoñjakan.
larané siraḥ, 
jayané dinå ṛĕbo sasi bĕsar, 
apĕsé dinå jumuwaḥ sasi ṛĕjĕb, yèn lårå iᶇ dinå iku, ṅalamat wus cĕpak umuré.

nĕptu 8, 
wataké braṅasan lan panasbaran, drĕṅki kuraᶇ martå kaᶇ ati, akèḥ woᶇ kaᶇ dèn braṅus, ḍĕmĕn padu, yèn napsu sok mBilahèni.
nabiné ayub : wataké gĕḍé paṅané, asriᶇ tukaran.

nĕptu 9, 
wataké brañjalan omaḥ omaḥ asriᶇ ṅaliḥ, adoḥ sabané, yèn duwé jåpå ora mandi, malaḥ gawé karusakan.
nabiné muså : wataké akèḥ paṅarahé, mĕnaᶇ pĕraṅé, ṅaṛĕpaké kabĕcikan, ambabaraké wiraᶇ maraᶇ brayat, panastèn.
palintaṅan : lintaᶇ arab.
balané lintaᶇ sur, satruné lintaᶇ kuda.
wataké : ṅawulå kinasihan, goḍané woᶇ wadon, sugih båṇḍå, murah taṅan olèḥ krakaḥ, duwé satru ṅaliḥ paṅgonan, tan ĕnå laku ṅiwå, sasanakané akèḥ begjané , anak anaké ånå kaᶇ mati, ånå kaᶇ urip, paṅgawéne bĕnĕr bĕnĕr, diapusi (diracun) déniᶇ satruné séjé nagårå, kériṅan sugiḥ baraᶇ. larané gĕrok, ṅĕlu lan ḷĕsu.
jayane dina ṛĕbo sasi ruwaḥ. apĕsé dinå slåså sasi muud, yèn lårå dinå lan sasi iku, ṅalamat wus cepak umuré.

nĕptu 10, 
wataké antĕᶇ sĕmbådå, yèn diwulaᶇ lantip, jĕro napsuné, bahud lan biså mĕñaᶇ parḍukunan, ora gĕḷĕm tinakonan, juwèḥ, trĕṣṇå maraᶇ sanak sadulur.
nabiné nuḥ : wataké dadi woᶇ dagaᶇ lan tani.
palintaṅan : lintaᶇ jadi.
balané lintaᶇ surtan, satruné lintaᶇ sådå.
wataké : ḷĕkasanané gunuᶇ cilik tumañcĕp iᶇ bhumi, pawakané mBambaᶇ aawak wataké akèḥ bĕgjané, kalané jaran, baṇṭèᶇ, kidaᶇ, meñjaṅan, wĕḍus lan macan, kĕras atiné.
jayané dina ṛĕbo sasi mulud, apĕsé dina sĕtu sasi sawal, yèn lårå dinå lan sasi iku ṅalamat wus cĕpak umuré.

nĕptu 11
wataké mapan barès tur pralayan, kĕndĕl wani ṅambaḥ iᶇ wayaḥ wĕṅi, wani mati, ḍĕmĕṇ wèwèḥ lan loma maraᶇ sapåḍå påḍå, alané yèn naṇḍaᶇ miṣkin, asriᶇ climut lan gĕḷĕm coloᶇ jupuk baraṅé tåṅgå.
nabiné idris : wataké adoḥ såkå bilahi, kĕṛĕp agawé kabĕcikan, ṅaṛĕpaké nikmat, kĕnå cacad.

nĕptu 12,
wataké kuraᶇ narimå iᶇ titaḥ, akèḥ pañjaṅkané, kasmaran mriᶇ kasiṅgihan, gampaᶇ saṇḍaᶇ paṅané, asriᶇ kélaṅan, tĕtĕpuṅané kuraᶇ manis.
nabiné ibrahim : wataké tan kĕnå adoḥ såkå maśjid, olèḥ artå tiṅgal artå, yèn dudu artané ḍéwé andadékaké rubédå.

nĕpttu 13,
wataké lañaḥ pamicarané, guṅané kĕpati pati naṅiᶇ bĕcik atiné, rukun runtut mriᶇ saduluré, yèn napsu ndrawasi, bĕtaḥ mĕlèk tiṅgal kalbu (mĕlèk tanpå kaprĕluwan), tabĕri iᶇ babagan dagaᶇ.
nabiné adam : wataké bĕgjå olèḥ kanugrahan, akèḥ atiné, sugiḥ anak lan bĕcik bĕcik, asriᶇ dipitĕnaḥ woᶇ, wañci umur satĕṅaḥ tuwuḥ pisaḥ lan anak rabiné.

nĕptu 14,
wataké lantip lan biså sabaraᶇ gawé, yèn diwulaᶇ ṅéram éramaké, cacadé rådå suṅkanan lan aṅèl sugiḥ, naṅiᶇ lĕmbaḥ manaḥ.
nabiné soléman : wataké sugiḥ artå arti, kèḍĕp kériṅan, naṅiᶇ awis putrå, asriᶇ mumuṅsuhan.

nĕptu 15. 
wataké gĕjaraḥ biså mréntaḥ woᶇ tuwå, kĕras tatas atiné, cukup pambudiné, ora kuraᶇ saṇḍaᶇ paṅané, akèḥ mitrané kaᶇ påḍå asiḥ, cacadé asriᶇ padu bab tåtåkråmå lan akråmå.
nabiné ḍawud : wataké akèḥ putrané, artiné akèḥ ilaᶇ, aguᶇ prihtiné, sukå sukå muᶇ saanak rabiné.

nĕptu 16.
wataké sĕḍĕp maraᶇ silakråmå, sugiḥ, juwèḥ, sabaraᶇ kaᶇ ciniptå nora luput mĕṣṭi dadi, yèn mamaṅan ora kĕnå pinalaṅan.
nabiné ṅisa : wataké olèḥ kanugrahan, bobot atiné, akèḥ woᶇ påḍå asiḥ.

nĕptu 17,
wataké mĕnĕᶇ lan cugĕtan atèn, yèn ñambut gawé asriᶇ niwasi, kĕṛĕp dipahékå woᶇ, tan kĕnå pinaḍaṅan iᶇ sapåḍå påḍå.
nabiné muhammad : wataké ora duwé artå, nuhoni kabĕcikan, tĕguḥ paṅabĕktiné, ora kĕnå sukå sukå, akèḥ satruné, kanugrahané aguᶇ.

nĕptu 18.
kaladuk wani kuraᶇ dudugå, yèn dinulu paduné sĕmbaraṅan, yèn tukaran diwanèni bañjur ṅalaḥ.
nabiné yusup : wataké akèḥ bĕgjané, sugiḥ artå.

watak manuṅså miturut dinå lan pasaran.

1. ṅahad kliwon.
wataké bĕnĕr, sĕḍĕṅan sabaraᶇ pikiré, kĕnå didadèkaké tutuwå, orå rĕṇå lamun kaḍisikan.

2. sĕnèn ḷĕgi.
wataké yèn lanaᶇ kuraᶇ pikiré, yèn wadon sĕḍĕṅan pikiré, bĕcik lumraḥ, kakon atèn naṅiᶇ bañjur liliḥ.

3. slåså pahiᶇ.
wataké bĕtèt sugiḥ léléwå, prasåjå pikiré, lamun wadon bĕrèt ḍĕmĕn ṅrĕṅgå awak, yèn kuraᶇ paṅajaran dadi ucul nuruti kaṛĕpé ḍéwé.

4. ṛĕbo pon.
watake bĕrèt isinan, tumrap laki rabi biså awèḥ paṅan siji påḍå sijiné.

5. kĕmis wagé.
wataké mĕnĕᶇ pracåyå, yèn juwèḥ tliti maraᶇ samubaraᶇ kaᶇ makéwuhi, pintĕr maraᶇ kawruḥ kaᶇ tĕraᶇ, rådå kuraᶇ prayitnå, rilan.

6. jumuwaḥ kliwon.
wataké yèn lanaᶇ ora sugiḥ wicårå, muᶇ sĕḍĕṅan bahé, lamun wadon wani maraᶇ lakiné

7. sĕtu ḷĕgi.
wataké cukĕᶇ ṅuculaké wĕwĕnaṅé, akèḥ kapintĕrané kaṅgo ṅupåyå råjå darbé, bèrbudi minåṅkå rékådayané, iᶇ daḷĕm batiné ora gĕḷĕm kaloᶇloṅan.

8. ṅahad pahiᶇ.
wataké wĕgig pikiré, ṅati ati iᶇ kaprayitnan naṅiᶇ rådå nandukaké léléwå aṅkuhé, kåyå déné woᶇ aguᶇ.

9. sĕnèn pon.
wataké manis arum wicarané, biså ṅĕpénakaké atiné woᶇ, lamun wadon muḷĕt pikiré.

10. slåså wagé.
wataké yèn lanaᶇ lumuḥ maraᶇ sabaraᶇ pitutur, ora micårå, ḍĕmĕn añjajaluk, lamun wadon awatak bĕcik.

11. ṛĕbo kliwon.
wataké pintĕr micårå, sugiḥ pikir, rådå kaṛĕm madon, lamun wadon sok biṅuᶇ pikiré.

12. kĕmis ḷĕgi.
wataké bèrbudi lumuḥ kahuṅkulan, lamun wadon nakal lan rusuḥ maraᶇ lakiné.

13. junuwaḥ pahiᶇ.
wataké mĕnĕᶇ, yèn busuk baṅĕt boḍoné, yèn pintĕr biså dadi panutané woᶇ akèḥ sabab awatak pujåṅgå.

14. sĕtu pon.
wataké kriyå paṅgawéyan, lamun wĕgig duwé watak kuraᶇ ṛĕnå maraᶇ patrap pratiṅkahé woᶇ liyå, lamun wadon biså golèk saṇḍaᶇ paṅan.

15. ṅahad wagé.
wataké gĕḍé kaṛĕpé, yèn ṭukul pikiré ora kĕnå dipalaṅi, lamun wadon sansåyå ṅluwihi.

16. sĕnèn kliwon.
wataké antĕᶇ pikiré, nom nomané rusuḥ, baṛĕᶇ tuwa alus pikiré, antĕᶇ tåtå lan aṅratani.

17, slåså ḷĕgi.
wataké kuraᶇ micårå, lamun juwèḥ wĕgig sabaraᶇ gawéné, bĕcik alus lan sarèḥ pikiré.

18. ṛĕbo pahiᶇ.
wataké gumĕḍé, pupak ati, aṅkuḥ, lumuḥ kahuṅkulan, kaku aṅkuhé, kåyå déné woᶇ aguᶇ.

19. kĕmis pon.
wataké gĕḍé pikiré, aṅkuḥ, mĕnĕᶇ, bĕrèt sakabèhané, ora kĕtårå aṅkuhé déniᶇ woᶇ liyå.

20. jumuwaḥ wagé.
wataké wĕgig micårå, juwèḥ tĕraᶇ, kĕras trĕp, kaṛĕm madon, rilan sĕḍĕṅan.

21. sĕtu kliwon.
wataké boḍo ṅaku pintĕr, yèn gĕḷĕm madon baṅĕt ora lunraḥ, rusuḥ, ora duwé isin, kĕṭul pikiré, wani caṅkrakan.

22. ṅahad ḷĕgi.
wataké lalèn kuraᶇ pikir, sĕnĕᶇ maraᶇ woᶇ wadon, lamun wadon ugå maṅkono, kuraᶇ tåtå kråmå.

23. sĕnèn pahiᶇ.
wataké murkå maraᶇ paṅgawéyan, sĕḍĕᶇ pikiré, yèn wadon luwiḥ bĕcik.

24. slåså pon.
wataké lumuḥ pikiré maraᶇ samubaraᶇ prakårå, cukĕᶇ, lamun wadon luwiḥ bĕcik.

25. ṛĕbo wagé.
wataké sĕḍĕṅan sabaraᶇ pikiré, maju maraᶇ pagawéyan, lamun wadon wani nakal maraᶇ lakiné.

26. kĕmis kliwon.
wataké kuraᶇ pikir, tabĕri maraᶇ paṅgawéyan, lamun wadon sĕḍĕṅan budiné bĕcik.

27. jumuwaḥ ḷĕgi.
wataké ilon ora duwé krĕntĕg ḍéwé, kĕñcĕᶇ wicarané sok noñjol noñjol, lamun wadon luwiḥ bĕcik.

28. sĕtu pahiᶇ.
wataké sugiḥ ṛĕjĕki, sugiḥ jañji, wicarané sok kasar sok alus.

29. ṅahad pon.
wataké kuraᶇ pikir, pracåyå lilå, mĕnĕᶇ prasåjå, lamun wadon luwiḥ bĕcik.

30. sĕnèn wagé.
wataké kuraᶇ pikiré, manut kaṛĕpé ḍéwé, wani mati, aṅkuḥ, lamun wadon luwiḥ bĕcik.

31. slåså kliwon.
yèn boḍo busuk babar pisan, yèn pintĕr biså dadi pujåṅgå, lamun wadon sĕḍĕṅan pikiré.

32. ṛĕbo ḷĕgi.
wataké bĕcik lumraḥ prasåjå, ḍĕmĕn añjajaluk, ḍijaluki ugå lomå, lamun wadon luwiḥ bĕcik.

33. kĕmis pahiᶇ.
wataké burus ati watak tani, antĕᶇ pikir maju maraᶇ pakaryan, biså dadi priyayi, gunawan cinakĕt woᶇ aguᶇ.

34. jumuwaḥ pon.
wataké wĕgig pikiré, yèn ora kadugå ora andadèkaké sĕnĕṅé, lumuḥ kahuṅkulan sapapaḍané.

35. sĕtu wagé.
wataké lalèn naṅiᶇ luwĕs, ḍĕmĕn ginuṅguᶇ, lamun wadon braṅasan naṅiᶇ gĕlis liliḥ, manis pasĕmoné.